Surah Al-Qari`ah

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْقَارِعَةُۙ١
Al-qāri‘ah(tu).
[1] Dina Kiyamat,

مَا الْقَارِعَةُ ۚ٢
Mal-qāri‘ah(tu).
[2] Apa dina Kiyamat kuwé?

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْقَارِعَةُ ۗ٣
Wa mā adrāka mal-qāri‘ah(tu).
[3] Lan apa ko ngerti dina Kiyamat kuwé?

يَوْمَ يَكُوْنُ النَّاسُ كَالْفَرَاشِ الْمَبْثُوْثِۙ٤
Yauma yakūnun-nāsu kal-farāsyil-mabṡūṡ(i).
[4] Neng dina kuwé menungsa kaya laron sing ambrungan,

وَتَكُوْنُ الْجِبَالُ كَالْعِهْنِ الْمَنْفُوْشِۗ٥
Wa takūnul-jibālu kal-‘ihnil-manfūsy(i).
[5] lan gunung-gunung kaya wulu sing déabrul-abrulna.

فَاَمَّا مَنْ ثَقُلَتْ مَوَازِيْنُهٗۙ٦
Fa ammā man ṡaqulat mawāzīnuh(ū).
[6] Mangka apadéné wong sing abot timbangan (kebecikané),

فَهُوَ فِيْ عِيْشَةٍ رَّاضِيَةٍۗ٧
Fa huwa fī ‘īsyatir rāḍiyah(tin).
[7] mangka dhéwéké manggon neng penguripan sing gawé marem (seneng).

وَاَمَّا مَنْ خَفَّتْ مَوَازِيْنُهٗۙ٨
Wa ammā man khaffat mawāzīnuh(ū).
[8] Lan apadené wong sing énthéng timbangan (kebecikané),

فَاُمُّهٗ هَاوِيَةٌ ۗ٩
Fa ummuhū hāwiyah(tun).
[9] mangka panggonané bali yakuwé neraka Hawiyah.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا هِيَهْۗ١٠
Wa mā adrāka mā hiyah.
[10] Lan apa ko ngerti neraka Hawiyah kuwé?

نَارٌ حَامِيَةٌ ࣖ١١
Nārun ḥāmiyah(tun).
[11] (Yakuwé) geni sing banget panasé.