Surah Al-Humazah
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَيْلٌ لِّكُلِّ هُمَزَةٍ لُّمَزَةٍۙ١
Wailul likulli humazatil-lumazah(tin).
[1]
Cilaka temen tumrap kabéh tukang ngumpa-umpa lan tukang nacad,
ۨالَّذِيْ جَمَعَ مَالًا وَّعَدَّدَهٗۙ٢
Allażī jama‘a mālaw wa ‘addadah(ū).
[2]
sing ngumpulna kambi ngétung-étung bandhané, 923
923) Ngumpulna lan ngitung-itung bandha sing ndadékaken dhéwéké dadi medit lan ora gelem nginfakna neng dalané Gusti Allah.
يَحْسَبُ اَنَّ مَالَهٗٓ اَخْلَدَهٗۚ٣
Yaḥsabu anna mālahū akhladah(ū).
[3]
dhéwéké (menungsa) ngira lamon bandhané kuwé bisa nglanggengna.
كَلَّا لَيُنْۢبَذَنَّ فِى الْحُطَمَةِۖ٤
Kallā layumbażanna fil-ḥuṭamah(ti).
[4]
Babar pisan ora kaya kuwé! Mesthi dhéwéké bakal débalangna maring njeroné (neraka) Hutamah.
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْحُطَمَةُ ۗ٥
Wa mā adrāka mal-ḥuṭamah(tu).
[5]
Lan apa ko ngerti apa (neraka) Hutamah kuwé?
نَارُ اللّٰهِ الْمُوْقَدَةُۙ٦
Nārullāhil-mūqadah(tu).
[6]
(Yakuwé) geni (siksané) Gusti Allah sing déurubna,
الَّتِيْ تَطَّلِعُ عَلَى الْاَفْـِٕدَةِۗ٧
Allatī taṭṭali‘u ‘alal-af'idah(ti).
[7]
sing (mbakar) butul maring ati.
اِنَّهَا عَلَيْهِمْ مُّؤْصَدَةٌۙ٨
Innahā ‘alaihim mu'ṣadah(tun).
[8]
Temen, geni kuwé détutup rapet tumrap (awaké) dhéwéké,
فِيْ عَمَدٍ مُّمَدَّدَةٍ ࣖ٩
Fī ‘amadim mumaddadah(tin).
[9]
(selaginé dhéwéké kuwé) déjiret neng saka-saka sing dawa.