Surah Al-Ikhlas

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قُلْ هُوَ اللّٰهُ اَحَدٌۚ١
Qul huwallāhu aḥad(un).
[1] Dhawuha (Muhammad), ”Penjenengané Gusti Allah, Sing Mahatunggal”.

اَللّٰهُ الصَّمَدُۚ٢
Allāhuṣ-ṣamad(u).
[2] Gusti Allah paran penyuwunan samubarang kabéh.

لَمْ يَلِدْ وَلَمْ يُوْلَدْۙ٣
Lam yalid wa lam yūlad.
[3] (Gusti Allah) ora peputra lan ora députrakna.

وَلَمْ يَكُنْ لَّهٗ كُفُوًا اَحَدٌ ࣖ٤
Wa lam yakul lahū kufuwan aḥad(un).
[4] lan ora nana siji-sijia sing madhani Penjenengané.