Surah Al-Jasiyah

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1] Haa miim.

تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ مِنَ اللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِ٢
Tanzīlul-kitābi minallāhil-‘azīzil-ḥakīm(i).
[2] Kitab (kiyé) déturunaken sekang Gusti Allah Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.

اِنَّ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ لَاٰيٰتٍ لِّلْمُؤْمِنِيْنَۗ٣
Inna fis-samāwāti wal-arḍi la'āyātil lil-mu'minīn(a).
[3] Temen, neng langit lan bumi nyata-nyata ana tandha-tandha (kewasané Gusti Allah) tumrap wong-wong sing precaya (mukmin).

وَفِيْ خَلْقِكُمْ وَمَا يَبُثُّ مِنْ دَاۤبَّةٍ اٰيٰتٌ لِّقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَۙ٤
Wa fī khalqikum wa mā yabuṡṡu min dābbatin āyātul liqaumiy yūqinūn(a).
[4] Lan neng penciptanané ko kabéh lan neng titah (mahluk) obah sing duwé nyawa sing semebar (neng bumi) ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) tumrap kaum sing precaya,

وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنَ السَّمَاۤءِ مِنْ رِّزْقٍ فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا وَتَصْرِيْفِ الرِّيٰحِ اٰيٰتٌ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٥
Wakhtilāfil-laili wan-nahāri wa mā anzalallāhu minas-samā'i mir rizqin fa aḥyā bihil-arḍa ba‘da mautihā wa taṣrīfir-riyāḥi āyātul liqaumiy ya‘qilūn(a).
[5] lan neng ganti-gemantiné awan lan wengi lan udan sing déturunaken déning Gusti Allah sekang langit banjur kanthi (banyu udan) kuwé déuripna déning Penjenengané bumi sewisé mati (garing) lan neng mubengé angin ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) tumrap kaum sing mengerténi.

تِلْكَ اٰيٰتُ اللّٰهِ نَتْلُوْهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّۚ فَبِاَيِّ حَدِيْثٍۢ بَعْدَ اللّٰهِ وَاٰيٰتِهٖ يُؤْمِنُوْنَ٦
Tilka āyātullāhi natlūhā ‘alaika bil-ḥaqq(i), fa bi'ayyi ḥadīṡim ba‘dallāhi wa āyātihī yu'minūn(a).
[6] Kuwé ayat-ayat-É Gusti Allah sing Ingsun wacakna maring sliramu kanthi sebeneré; mangka kanthi ucapan endi maning wong-wong kuwé bakal padha precaya sewisé Gusti Allah lan ayat-ayat-É.

وَيْلٌ لِّكُلِّ اَفَّاكٍ اَثِيْمٍۙ٧
Wailul likulli affākin aṡīm(in).
[7] Cilaka banget tumrap saben wong sing akéh gorohé lan akéh dosané,

يَّسْمَعُ اٰيٰتِ اللّٰهِ تُتْلٰى عَلَيْهِ ثُمَّ يُصِرُّ مُسْتَكْبِرًا كَاَنْ لَّمْ يَسْمَعْهَاۚ فَبَشِّرْهُ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ٨
Yasma‘u āyātillāhi tutlā ‘alaihi ṡumma yuṣirru mustakbiran ka'allam yasma‘hā, fa basysyirhu bi‘ażābin alīm(in).
[8] (yakuwé) wong sing ngrungokna ayat-ayat-É Gusti Allah rikala déwacakna maring dhéwéké, ning dhéwéké tetep ngagul-agulna awaké kaya-kaya dhéwéké ora ngrungokna kuwé. Mangka élingna dhéwéké kanthi siksa sing perih.

وَاِذَا عَلِمَ مِنْ اٰيٰتِنَا شَيْـًٔا ۨاتَّخَذَهَا هُزُوًاۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌۗ٩
Wa iżā ‘alima min āyātinā syai'anittakhażahā huzuwā(n), ulā'ika lahum ‘ażābum muhīn(un).
[9] Lan angger dhéwéké ngaweruhi semendhing ngenani ayat-ayat-É Ingsun, mangka (ayat ayat kuwé) dédadékna perguyon. Dhéwéké kabéh kuwé sing bakal nampa siksa sing nisthakna.

مِنْ وَّرَاۤىِٕهِمْ جَهَنَّمُ ۚوَلَا يُغْنِيْ عَنْهُمْ مَّا كَسَبُوْا شَيْـًٔا وَّلَا مَا اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَوْلِيَاۤءَۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌۗ١٠
Miw warā'ihim jahannam(u), wa lā yugnī ‘anhum mā kasabū syai'aw wa lā mattakhażū min dūnillāhi auliyā'(a), wa lahum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[10] Neng ngarepé dhéwéké kabéh (ana) neraka Jahanam lan ora bakal migunani semendhing-mendhinga tumrap dhéwéké kabéh apa sing wis dhéwéké padha pergawé lan uga ora (migunani) apa sing dhéwéké padha dadékna pengayom-pengayomé (dhéwéké) seliyané Gusti Allah. Lan dhéwéké bakal padha nampa siksa sing gedhé.

هٰذَا هُدًىۚ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ لَهُمْ عَذَابٌ مِّنْ رِّجْزٍ اَلِيْمٌ ࣖ١١
Hāżā hudā(n), wal-lażīna kafarū bi'āyāti rabbihim lahum ‘ażābum mir rijzin alīm(un).
[11] Kiyé (Al-Qur’an) dadi pitudhuh. Lan wong-wong sing padha ngingkari ayat-ayat-É Pengérané dhéwéké bakal padha nampa siksa sing banget perihé.

۞ اَللّٰهُ الَّذِيْ سَخَّرَ لَكُمُ الْبَحْرَ لِتَجْرِيَ الْفُلْكُ فِيْهِ بِاَمْرِهٖ وَلِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَۚ١٢
Allāhul-lażī sakhkhara lakumul-baḥra litajriyal-fulku fīhi bi'amrihī wa litabtagū min faḍlihī wa la‘allakum tasykurūn(a).
[12] Gusti Allah sing nundhukna segara nggo ko kabéh supaya prahu-prahu padha bisa mlaku neng nduwuré (segara) kanthi préntah-É, lan supaya ko kabéh bisa nggolét sebagéan kanugrahan-É lan supaya ko kabéh padha kesuwun (sukur).

وَسَخَّرَ لَكُمْ مَّا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا مِّنْهُ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ١٣
Wa sakhkhara lakum mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi jamī‘am minh(u), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yatafakkarūn(a).
[13] Lan Penjenengané nundhukna apa sing ana neng langit lan apa sing neng bumi nggo ko kabéh (minangka dadi kewelasan) sekang Penjenengané. Temen, neng njeroné prekara sing mengkana kuwé nyata-nyata ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) tumrap wong-wong sing padha nalar.

قُلْ لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يَغْفِرُوْا لِلَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ اَيَّامَ اللّٰهِ لِيَجْزِيَ قَوْمًا ۢبِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ١٤
Qul lil-lażīna āmanū yagfirū lil-lażīna lā yarjūna ayyāmallāhi liyajziya qaumam bimā kānū yaksibūn(a).
[14] Dhawuha (Muhammad) maring wong-wong sing padha precaya preyogané dhéwéké padha ngampurani wong-wong sing ora wedi maring dina-dinané Gusti Allah 799 merga Penjenengané bakal paring piwales maring sewiji kaum sepadhan karo apa sing wis dhéwéké padha pergawé.
799) Dina-dina rikala mangsané Gusti Allah nibakna siksan maring dhéwéké kabéh

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ اَسَاۤءَ فَعَلَيْهَا ۖ ثُمَّ اِلٰى رَبِّكُمْ تُرْجَعُوْنَ١٥
Man ‘amila ṣāliḥan fa linafsih(ī), wa man asā'a fa ‘alaihā, ṡumma ilā rabbikum turja‘ūn(a).
[15] Sapa wongé nglakoni kebecikan mangka kuwé nggo awaké dhéwék, lan sapa wongé nglakoni kejahatan mangka kuwé bakal nibani awaké dhéwék, banjur maring Pengéranmu ko kabéh bakal débalékna.

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ الْكِتٰبَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ وَرَزَقْنٰهُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ وَفَضَّلْنٰهُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ ۚ١٦
Wa laqad ātainā banī isrā'īlal-kitāba wal-ḥukma wan-nubuwwata wa razaqnāhum minaṭ-ṭayyibāti wa faḍḍalnāhum ‘alal-‘ālamīn(a).
[16] Lan temen, maring Bani Israil wis Ingsun paringna Kitab (Taurat), kekuwasan lan kenabian, Ingsun nugrahakna maring dhéwéké kabéh rejeki sing apik lan Ingsun punjulna dhéwéké ingatasé bangsa-bangsa (neng wektu kuwé).

وَاٰتَيْنٰهُمْ بَيِّنٰتٍ مِّنَ الْاَمْرِۚ فَمَا اخْتَلَفُوْٓا اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًاۢ بَيْنَهُمْ ۗاِنَّ رَبَّكَ يَقْضِيْ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ١٧
Wa ātaināhum bayyinātim minal-amr(i), fa makhtalafū illā mim ba‘di mā jā'ahumul-‘ilmu bagyam bainahum, inna rabbaka yaqḍī bainahum yaumal-qiyāmati fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[17] Lan Ingsun paringna maring dhéwéké kabéh keterangan-keterangan sing cetha ngenani urusan (agama); mangka dhéwéké ora pesulayan kejaba sewisé teka ilmu maring dhéwéké kabéh merga drengki (sing ana) neng antarané dhéwéké kabéh. Temen, Pengéranmu bakal paring putusan maring dhéwéké kabéh neng dina Kiyamat ingatasé prekara sing dhéwéké padha persulayakna.

ثُمَّ جَعَلْنٰكَ عَلٰى شَرِيْعَةٍ مِّنَ الْاَمْرِ فَاتَّبِعْهَا وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ١٨
Ṡumma ja‘alnāka ‘alā syarī‘atim minal-amri fattabi‘hā wa lā tattabi‘ ahwā'al-lażīna lā ya‘lamūn(a).
[18] Banjur Ingsun dadékna sliramu (Muhammad) mélu saréngat (aturan) sekang agama kuwé, mangka padha mélua (saréngat kuwé) lan aja pisan-pisan sliramu nuruti kepinginané wong-wong sing padha ora ngaweruhi.

اِنَّهُمْ لَنْ يُّغْنُوْا عَنْكَ مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا ۗوَاِنَّ الظّٰلِمِيْنَ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۚ وَاللّٰهُ وَلِيُّ الْمُتَّقِيْنَ١٩
Innahum lay yugnū ‘anka minallāhi syai'ā(n), wa innaẓ-ẓālimīna ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), wallāhu waliyyul-muttaqīn(a).
[19] Temen, dhéwéké ora bakal padha bisa ngindhakna sliramu semendhing-mendhinga sekang (siksané) Gusti Allah. Lan temen, wong-wong sing padha aniaya (dolim) kuwé sebagéan dadi pengayom tumrap sing liyané, aridené Gusti Allah dadi pengayomé wong-wong sing padha semarah (takwa).

هٰذَا بَصَاۤىِٕرُ لِلنَّاسِ وَهُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَ٢٠
Hāżā baṣā'iru lin-nāsi wa hudaw wa raḥmatul liqaumiy yūqinūn(a).
[20] (Al-Qur’an) kiyé dadi waton tumrap menungsa, pituduh lan kewelasan (rahmat) nggo wong-wong sing padha precaya.

اَمْ حَسِبَ الَّذِيْنَ اجْتَرَحُوا السَّيِّاٰتِ اَنْ نَّجْعَلَهُمْ كَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ سَوَاۤءً مَّحْيَاهُمْ وَمَمَاتُهُمْ ۗسَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ ࣖࣖ٢١
Am ḥasibal-lażīnajtaraḥus -sayyi'āti an naj‘alahum kal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti sawā'am maḥyāhum wa mamātuhum, sā'a mā yaḥkumūn(a).
[21] Apa wong-wong sing nindakna kejahatan kuwé padha ngira lamon Ingsun bakal nyadoni dhéwéké kabéh kaya wong-wong sing padha precaya lan sing nindakna kebecikan, yakuwé ora béda neng penguripan lan patiné dhéwéké kabéh? Banget alané pengira-irané dhéwéké kabéh kuwé.

وَخَلَقَ اللّٰهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّ وَلِتُجْزٰى كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٢٢
Wa khalaqallāhus-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqqi wa litujzā kullu nafsim bimā kasabat wa hum lā yuẓlamūn(a).
[22] Lan Gusti Allah ndadékna langit lan bumi kanthi tujuan sing sejati (hak) lan supaya saben awak-awakan déparingi piwales selaras karo apa sing wis dépergawé lan dhéwéké kabéh ora bakal dékapitunani.

اَفَرَءَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ اِلٰهَهٗ هَوٰىهُ وَاَضَلَّهُ اللّٰهُ عَلٰى عِلْمٍ وَّخَتَمَ عَلٰى سَمْعِهٖ وَقَلْبِهٖ وَجَعَلَ عَلٰى بَصَرِهٖ غِشٰوَةًۗ فَمَنْ يَّهْدِيْهِ مِنْۢ بَعْدِ اللّٰهِ ۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ٢٣
Afa ra'aita manittakhaża ilāhahū hawāhu wa aḍallahullāhu ‘alā ‘ilmiw wa khatama ‘alā sam‘ihī wa qalbihī wa ja‘ala ‘alā baṣarihī gisyāwah(tan), famay yahdīhi mim ba‘dillāh(i), afalā tażakkarūn(a).
[23] Mangka apa ko nglakon weruh wong sing ndadékna hawa nepsuné dadi sembahan lan Gusti Allah ngejorna dhéwéké kesasar kanthi sekawuningan-É, 800 lan Gusti Allah wis ngunci pengrungu lan atiné lan uga ndelah tutup ingatasé pendelengé dhéwéké? Mangka sapa sing kewawa awéh pituduh sewisé Gusti Allah (ngejorna dhéwéké kesasar?) Kenangapa ko kabéh padha ora ngalap piwulangan?
800) Gusti Allah ngejorna wong kuwé kesasar merga Gusti Allah wis ngawuningani lamon dhéwéké ora nrima pitudhuh-pitudhuh sing déparingna.

وَقَالُوْا مَا هِيَ اِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا نَمُوْتُ وَنَحْيَا وَمَا يُهْلِكُنَآ اِلَّا الدَّهْرُۚ وَمَا لَهُمْ بِذٰلِكَ مِنْ عِلْمٍۚ اِنْ هُمْ اِلَّا يَظُنُّوْنَ٢٤
Wa qālū mā hiya illā ḥayātunad-dun-yā namūtu wa naḥyā wa mā yuhlikunā illad-dahr(u), wa mā lahum biżālika min ‘ilmin in hum illā yaẓunnūn(a).
[24] Lan dhéwéké padha ngucap, “Penguripan kiyé mung penguripan neng ndunya thok, inyong kabéh padha mati lan inyong kabéh padha urip, lan ora nana sing ngrusak inyong kabéh kejaba mangsa.” Ning dhéwéké kabéh ora padha duwé ilmu ngenani kuwé, dhéwéké mung padha ngira-ira thok.

وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ مَّا كَانَ حُجَّتَهُمْ اِلَّآ اَنْ قَالُوا ائْتُوْا بِاٰبَاۤىِٕنَآ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٥
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātim mā kāna ḥujjatahum illā an qālu'tū bi'ābā'inā in kuntum ṣādiqīn(a).
[25] Lan angger maring dhéwéké kabéh déwacakna ayat-ayat-É Ingsun sing cetha, ora nana bantahané dhéwéké seliyané ngucap, “Uripna maning kaki-nininé inyong kabéh, angger ko wong sing padha bener.”

قُلِ اللّٰهُ يُحْيِيْكُمْ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يَجْمَعُكُمْ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَارَيْبَ فِيْهِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٢٦
Qulillāhu yuḥyīkum ṡumma yumītukum ṡumma yajma‘ukum ilā yaumil-qiyāmati lā raiba fīhi wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[26] Dhawuha, “Gusti Allah sing nguripna banjur matékna ko kabéh, sewisé kuwé ngumpulna ko kabéh neng dina Kiyamat sing ora demamangna maning; ning akéh-akéhé menungsa padha ora ngaweruhi.”

وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يَوْمَىِٕذٍ يَّخْسَرُ الْمُبْطِلُوْنَ٢٧
Wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), wa yauma taqūmus-sā‘atu yauma'iżiy yakhsarul-mubṭilūn(a).
[27] Lan kagungané Gusti Allah praja langit lan bumi. Lan neng dina kedadéané Kiyamat, bakal kapitunan neng dina kuwé wong-wong sing padha nglakoni keluputan (dosa).

وَتَرٰى كُلَّ اُمَّةٍ جَاثِيَةً ۗ كُلُّ اُمَّةٍ تُدْعٰٓى اِلٰى كِتٰبِهَاۗ اَلْيَوْمَ تُجْزَوْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٢٨
Wa tarā kulla ummatin jāṡiyah(tan), kullu ummatin tud‘ā ilā kitābihā, al-yauma tujzauna mā kuntum ta‘malūn(a).
[28] Lan (neng dina kuwé) sliramu bakal weruh saben umat padha sidheku. Saben umat detimbali nggo (ndeleng) buku cathetan lakoné. Neng dina kuwé ko padha déparingi piwales ingatasé apa sing wis ko kabéh padha pergawé.

هٰذَا كِتٰبُنَا يَنْطِقُ عَلَيْكُمْ بِالْحَقِّ ۗاِنَّا كُنَّا نَسْتَنْسِخُ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٢٩
Hāżā kitābunā yanṭiqu ‘alaikum bil-ḥaqq(i), innā kunnā nastansikhu mā kuntum ta‘malūn(a).
[29] (Gusti Allah dhawuh), “Kiyé Kitab (cathetan) Ingsun sing nyritakna maring ko kabéh kanthi sebener-beneré. Setemené Ingsun wis préntah nyathet apa sing wis ko kabéh pergawé.”

فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَيُدْخِلُهُمْ رَبُّهُمْ فِيْ رَحْمَتِهٖۗ ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْمُبِيْنُ٣٠
Fa'ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fayudkhiluhum rabbuhum fī raḥmatih(ī), żālika huwal-fauzul-mubīn(u).
[30] Mangka anadéné wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan, mangka Pengéran nglebokna dhéwéké kabéh maring njero kewelasané (rahmat) Penjenengané (suwarga). Mengkana kuwé kemenangan (kebegyan) sing nyata.

وَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ اَفَلَمْ تَكُنْ اٰيٰتِيْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَاسْتَكْبَرْتُمْ وَكُنْتُمْ قَوْمًا مُّجْرِمِيْنَ٣١
Wa ammal-lażīna kafarū, falam takun āyātī tutlā ‘alaikum fastakbartum wa kuntum qaumam mujrimīn(a).
[31] Lan anadéné (maring) wong-wong sing padha kapir (dédhawuhna), “Apa ora ayat-ayat-É Ingsun wis déwacakna maring ko kabéh ning ko padha ngagul-agulna awak lan ko kabéh dadi wong sing padha gawé dosa?”

وَاِذَا قِيْلَ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّالسَّاعَةُ لَا رَيْبَ فِيْهَا قُلْتُمْ مَّا نَدْرِيْ مَا السَّاعَةُۙ اِنْ نَّظُنُّ اِلَّا ظَنًّا وَّمَا نَحْنُ بِمُسْتَيْقِنِيْنَ٣٢
Wa iżā qīla inna wa‘dallāhi ḥaqquw was-sā‘atu lā raiba fīhā qultum mā nadrī mas-sā‘ah(tu), in naẓunnu illā ẓannaw wa mā naḥnu bimustaiqinīn(a).
[32] Lan angger déucapna (maring ko kabéh), “Temen janjiné Gusti Allah kuwé bener lan dina Kiyamat ora demamangna anané, ko padha semaur, “Inyong kabéh ora ngerti apa kuwé dina Kiyamat. Inyong mung padha ngira-ngira lan inyong kabéh ora precaya (yakin).”

وَبَدَا لَهُمْ سَيِّاٰتُ مَا عَمِلُوْا وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٣٣
Wa badā lahum sayyi'ātu mā ‘amilū wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[33] Lan dadi nyata nggo dhéwéké kabéh kealanan-kealanan sing dhéwéké padha pergawé lan (temen) kelakon (siksa) ingatasé dhéwéké kabéh sing gemiyén padha dhéwéké perguyokna.

وَقِيْلَ الْيَوْمَ نَنْسٰىكُمْ كَمَا نَسِيْتُمْ لِقَاۤءَ يَوْمِكُمْ هٰذَاۙ وَمَأْوٰىكُمُ النَّارُ وَمَا لَكُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ٣٤
Wa qīlal-yauma nansākum kamā nasītum liqā'a yaumikum hāżā, wa ma'wākumun nāru wa mā lakum min nāṣirīn(a).
[34] Lan maring dhéwéké kabéh dédhawuhna, “Neng dina kiyé Ingsun nglalékna ko kabéh kayadéné ko wis padha nglalékna sapatemon (karo) dinamu kiyé; lan panggonanmu bali kuwé neraka, lan ora pisan-pisan bakal ana sing tulung maring ko kabéh.

ذٰلِكُمْ بِاَنَّكُمُ اتَّخَذْتُمْ اٰيٰتِ اللّٰهِ هُزُوًا وَّغَرَّتْكُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا ۚفَالْيَوْمَ لَا يُخْرَجُوْنَ مِنْهَا وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُوْنَ٣٥
Żālikum bi'annakumuttakhażtum āyātillāhi huzuwaw wa garratkumul-ḥayātud-dun-yā, fal-yauma lā yukhrajūna minhā wa lā hum yusta‘tabūn(a).
[35] Sing mengkana kuwé, merga setemené ko wis padha ndadékna ayat-ayat-É Gusti Allah dadi perguyon, lan ko wis padha kapusan déning penguripan dunya.” Mangka neng dina kiyé dhéwéké padha ora détokna sekang neraka lan uga dhéwéké ora padha déparingi wektu nggo mertobat.

فَلِلّٰهِ الْحَمْدُ رَبِّ السَّمٰوٰتِ وَرَبِّ الْاَرْضِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٣٦
Fa lillāhil-ḥamdu rabbis-samāwāti wa rabbil-arḍi rabbil-‘ālamīn(a).
[36] Sekabéh pengalembana kagungané Gusti Allah, Pengéran (sing kagungan) langit lan bumi, Pengérané sekabéh ngalam.

وَلَهُ الْكِبْرِيَاۤءُ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ ۗوَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ ۔٣٧
Wa lahul-kibriyā'u fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[37] Lan mung kagem Penjenengané sekabéh keluhuran neng langit lan bumi. Lan Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.