Surah Al-Fath

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِنَّا فَتَحْنَا لَكَ فَتْحًا مُّبِيْنًاۙ١
Innā fataḥnā laka fatḥam mubīnā(n).
[1] Temen, Ingsun wis paring kemenangan maring sliramu kanthi menang sing nyata.

لِّيَغْفِرَ لَكَ اللّٰهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْۢبِكَ وَمَا تَاَخَّرَ وَيُتِمَّ نِعْمَتَهٗ عَلَيْكَ وَيَهْدِيَكَ صِرَاطًا مُّسْتَقِيْمًاۙ٢
Liyagfira lakallāhu mā taqaddama min żambika wa mā ta'akhkhara wa yutimma ni‘matahū ‘alaika wa yahdiyaka ṣirāṭam mustaqīmā(n).
[2] Supaya Gusti Allah paring ngampura maring sliramu (Muhammad) sekang dosamu sing wis liwat lan sing arep teka uga supaya nyempurnakna nékmat Penjeneng-ané maring sliramu lan nidhokna sliramu maring dalan sing jejeg,

وَّيَنْصُرَكَ اللّٰهُ نَصْرًا عَزِيْزًا٣
Wa yanṣurakallāhu naṣran ‘azīzā(n).
[3] lan supaya Gusti Allah nulung sliramu kanthi pitulung sing kuwat (akéh).

هُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ السَّكِيْنَةَ فِيْ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ لِيَزْدَادُوْٓا اِيْمَانًا مَّعَ اِيْمَانِهِمْ ۗوَلِلّٰهِ جُنُوْدُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًاۙ٤
Huwal-lażī anzalas-sakīnata fī qulūbil-mu'minīna liyazdādū īmānam ma‘a īmānihim, wa lillāhi junūdus-samāwāti wal-arḍ(i), wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[4] Penjenengané sing nurunaken ketentreman maring atiné wong-wong mukmin nggo nambah precaya ingatasé precayae dhéwéké (sing wis ana). Lan Gusti Allah kagungan wadya bala tentara neng langit lan bumi. 805 Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana;
805) Sing nulung sing dédadékna Gusti Allah kanggo wong-wong mukmin kayadéné malaékat, kéwan-kéwan, lisus, lan seliyané.

لِّيُدْخِلَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا وَيُكَفِّرَ عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْۗ وَكَانَ ذٰلِكَ عِنْدَ اللّٰهِ فَوْزًا عَظِيْمًاۙ٥
Liyudkhilal-mu'minīna wal-mu'mināti jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā wa yukaffira ‘anhum sayyi'ātihim, wa kāna żālika ‘indallāhi fauzan ‘aẓīmā(n).
[5] Supaya Pengérané nglebokna wong-wong mukmin lanang lan wadon maring njero suwarga sing ana bengawané mili neng ngisoré. Dhéwéké kabéh langgeng neng njeroné lan Penjenengané arep mbusek kesalahanané dhewéké kabéh, lan sing mengkana kuwé kebegyan gedhé sekang Gusti Allah,

وَّيُعَذِّبَ الْمُنٰفِقِيْنَ وَالْمُنٰفِقٰتِ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَالْمُشْرِكٰتِ الظَّاۤنِّيْنَ بِاللّٰهِ ظَنَّ السَّوْءِۗ عَلَيْهِمْ دَاۤىِٕرَةُ السَّوْءِۚ وَغَضِبَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ وَلَعَنَهُمْ وَاَعَدَّ لَهُمْ جَهَنَّمَۗ وَسَاۤءَتْ مَصِيْرًا٦
Wa yu‘ażżibal-munāfiqīna wal-munāfiqāti wal-musyrikīna wal-musyrikātiẓ-ẓānnīna billāhi ẓannas-sau'(i), ‘alaihim dā'iratus-sau'(i), wa gaḍiballāhu ‘alaihim wa la‘anahum wa a‘adda lahum jahannam(a), wa sā'at maṣīrā(n).
[6] lan Penjenengané nyiksa wong-wong munapék lanang lan wadon, lan (uga) wong-wong musrik lanang lan wadon sing duwé penyana ala maring Gusti Allah. Dhéwéké bakal padha olih giliran (siksa) sing ala, lan Gusti Allah bendu lan nyupatani dhéwéké kabéh lan nyedhiakna neraka Jahanam nggo wong-wong mau. Lan (neraka Jahanam) kuwé seala-alané panggonan bali.

وَلِلّٰهِ جُنُوْدُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَزِيْزًا حَكِيْمًا٧
Wa lillāhi junūdus-samāwāti wal-arḍ(i), wa kānallāhu ‘azīzan ḥakīmā(n).
[7] Lan kagungané Gusti Allah wadya bala langit lan bumi. Lan Gusti Allah Mahadigdaya, Mahawicaksana.

اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ شَاهِدًا وَّمُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًاۙ٨
Innā arsalnāka syāhidaw wa mubasysyiraw wa nażīrā(n).
[8] Setemené Ingsun ngutus sliramu (Muhammad) nggo seksi, sing nggawa werta bebungah lan awéh ancaman,

لِّتُؤْمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَتُعَزِّرُوْهُ وَتُوَقِّرُوْهُۗ وَتُسَبِّحُوْهُ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًا٩
Litu'minū billāhi wa rasūlihī wa tu‘azzirūhu wa tuwaqqirūh(u), wa tusabbiḥūhu bukrataw wa aṣīlā(n).
[9] supayané ko kabéh padha precaya maring Gusti Allah lan Rasul-E, nguwatna (agama)-Né¸ ngagungna Penjenengané, lan maha-nyecekna (maca tasbih) maring Penjenengané wektu ésuk lan soré.

اِنَّ الَّذِيْنَ يُبَايِعُوْنَكَ اِنَّمَا يُبَايِعُوْنَ اللّٰهَ ۗيَدُ اللّٰهِ فَوْقَ اَيْدِيْهِمْ ۚ فَمَنْ نَّكَثَ فَاِنَّمَا يَنْكُثُ عَلٰى نَفْسِهٖۚ وَمَنْ اَوْفٰى بِمَا عٰهَدَ عَلَيْهُ اللّٰهَ فَسَيُؤْتِيْهِ اَجْرًا عَظِيْمًا ࣖ١٠
Innal-lażīna yubāyi‘ūnaka innamā yubāyi‘ūnallāh(a), yadullāhi fauqa aidīhim, faman nakaṡa fa'innamā yankuṡu ‘alā nafsih(ī), wa man aufā bimā ‘āhada ‘alaihullāha fa sayu'tīhi ajran ‘aẓīmā(n).
[10] Anadene wong-wong sing padha janji setiya maring sliramu (Muhammad), temen dhéwéké mung janji setiya maring Gusti Allah. Asta-Ne Gusti Allah neng dhuwur tangané dhéwéké kabéh, mangka sapa wongé sing nglanggar janjiné, mangka setemené nglanggar maring (janjiné) awaké dhéwék; lan sapa wongé setiya janjiné maring Gusti Allah, mangka Penjenengané arep paring ganjaran sing gedhé.

سَيَقُوْلُ لَكَ الْمُخَلَّفُوْنَ مِنَ الْاَعْرَابِ شَغَلَتْنَآ اَمْوَالُنَا وَاَهْلُوْنَا فَاسْتَغْفِرْ لَنَا ۚيَقُوْلُوْنَ بِاَلْسِنَتِهِمْ مَّا لَيْسَ فِيْ قُلُوْبِهِمْۗ قُلْ فَمَنْ يَّمْلِكُ لَكُمْ مِّنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا اِنْ اَرَادَ بِكُمْ ضَرًّا اَوْ اَرَادَ بِكُمْ نَفْعًا ۗبَلْ كَانَ اللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا١١
Sayaqūlu lakal-mukhallafūna minal-a‘rābi syagalatnā amwālunā wa ahlūnā fastagfir lanā, yaqūlūna bi'alsinatihim mā laisa fī qulūbihim, qul famay yamliku lakum minallāhi syai'an in arāda bikum ḍarran au arāda bikum naf‘ā(n), bal kānallāhu bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[11] Wong-wong Badui sing kéri (ora mélu perang Hudaibiyah) bakal padha ngucap maring sliramu, “Inyong padha ora kober merga bandha lan kulawargané inyong kabéh. Mangka jalukna ngampura nggo inyong kabéh.” Dhéwéké padha ngucapna sewiji mung kanthi ana neng lambéné apa sing ora nana neng njero atiné. Dhawuha (Muhammad), “Mangka sapa sing bisa ngalang-alangi kersané Gusti Allah, rikala Penjenengané ngersakna marabaya maring ko utawa Penjenengané ngersakna kebegyan nggo ko kabéh? Temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani apa baé sing ko padha pergawé.

بَلْ ظَنَنْتُمْ اَنْ لَّنْ يَّنْقَلِبَ الرَّسُوْلُ وَالْمُؤْمِنُوْنَ اِلٰٓى اَهْلِيْهِمْ اَبَدًا وَّزُيِّنَ ذٰلِكَ فِيْ قُلُوْبِكُمْ وَظَنَنْتُمْ ظَنَّ السَّوْءِۚ وَكُنْتُمْ قَوْمًاۢ بُوْرًا١٢
Bal ẓanantum allay yanqalibar-rasūlu wal-mu'minūna ilā ahlīhim abadaw wa zuyyina żālika fī qulūbikum wa ẓanantum ẓannas-sau'(i), wa kuntum qaumam būrā(n).
[12] Malah (mauné) ko padha nyana lamon Rasul lan wong-wong mukmin ora pisan-pisan bakal bali maning maring kulawargané dhewéké kabéh selawas-lawasé, lan dédadékna kerasa éndah sing mengkana kuwé neng njero atimu, lan ko padha duwé penyana kanthi penyana sing ala, merga kuwé ko kabéh dadi kaum sing rusak.

وَمَنْ لَّمْ يُؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ فَاِنَّآ اَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ سَعِيْرًا١٣
Wa mal lam yu'mim billāhi wa rasūlihī fa'innā a‘tadnā lil-kāfirīna sa‘īrā(n).
[13] Lan sapa wongé ora precaya maring Gusti Allah lan Rasul-É, mangka setemené Penjenengané nyedhiakna nggo wong-wong kapir neraka sing mulab-mulab.

وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ يَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا١٤
Wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), yagfiru limay yasyā'u wa yu‘ażżibu may yasyā'(u), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[14] Lan mung kagungané Gusti Allah praja langit lan bumi. Gusti Allah paring ampura sapa baé sing Penjenengané kersakna. Lan Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih

سَيَقُوْلُ الْمُخَلَّفُوْنَ اِذَا انْطَلَقْتُمْ اِلٰى مَغَانِمَ لِتَأْخُذُوْهَا ذَرُوْنَا نَتَّبِعْكُمْ ۚ يُرِيْدُوْنَ اَنْ يُّبَدِّلُوْا كَلٰمَ اللّٰهِ ۗ قُلْ لَّنْ تَتَّبِعُوْنَا كَذٰلِكُمْ قَالَ اللّٰهُ مِنْ قَبْلُ ۖفَسَيَقُوْلُوْنَ بَلْ تَحْسُدُوْنَنَا ۗ بَلْ كَانُوْا لَا يَفْقَهُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًا١٥
Sayaqūlul-mukhallafūna iżanṭalaqtum ilā magānima lita'khużūhā żarūnā nattabi‘kum, yurīdūna ay yubaddilū kalāmallāh(i), qul lan tattabi‘ūnā każālikum qālallāhu min qabl(u), fasayaqūlūna bal taḥsudūnanā, bal kānū lā yafqahūna illā qalīlā(n).
[15] Angger ko padha mangkat arep njikot barang-barang rampasan, wong-wong Badui sing ketinggal (ora mangkat perang) kuwé bakal ngucap, “Sekolihna inyong padha melu ko kabéh.” Dhéwéké arep padha ngowahi janjiné maring Gusti Allah. Ucapna, “Ko kabéh ora pisan-pisan olih mélu inyong, mengkéné kiyé sing wis détetepna Gusti Allah sekang kawitan.” Mangka dhéwéké kabéh bakal ngucap, “Sebeneré ko padha drengki maring inyong.” Mangkan dhéwéké ora padha ngerti kejaba mung semendhing.

قُلْ لِّلْمُخَلَّفِيْنَ مِنَ الْاَعْرَابِ سَتُدْعَوْنَ اِلٰى قَوْمٍ اُولِيْ بَأْسٍ شَدِيْدٍ تُقَاتِلُوْنَهُمْ اَوْ يُسْلِمُوْنَ ۚ فَاِنْ تُطِيْعُوْا يُؤْتِكُمُ اللّٰهُ اَجْرًا حَسَنًا ۚ وَاِنْ تَتَوَلَّوْا كَمَا تَوَلَّيْتُمْ مِّنْ قَبْلُ يُعَذِّبْكُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا١٦
Qul lil-mukhallafīna minal-a‘rābi satud‘auna ilā qaumin ulī ba'sin syadīdin tuqātilūnahum au yuslimūn(a), fa'in tuṭī‘ū yu'tikumullāhu ajran ḥasanā(n), wa in tatawallau kamā tawallaitum min qablu yu‘ażżibkum ‘ażāban alīmā(n).
[16] Ucapna maring wong-wong Badui sing ketinggal, “Ko arep dejek nggo (merangi) kaum sing duwé kekuwatan sing gedhé, ko kudu padha merangi dhéwéké kejaba dhéwéké tundhuk (mlebu Islam). Angger ko padha nuruti maring (pengajek kiyé) Gusti Allah bakal paring maring ko ganjaran sing apik, ning angger ko mléngos kayadéné sing wis ko lakoni seurungé, Pengjenengané bakal paring siksa maring ko kanthi siksa sing perih.”

لَيْسَ عَلَى الْاَعْمٰى حَرَجٌ وَّلَا عَلَى الْاَعْرَجِ حَرَجٌ وَّلَا عَلَى الْمَرِيْضِ حَرَجٌ ۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ يُدْخِلْهُ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ۚ وَمَنْ يَّتَوَلَّ يُعَذِّبْهُ عَذَابًا اَلِيْمًا ࣖ١٧
Laisa ‘alal-a‘mā ḥarajuw wa lā ‘alal-a‘raji ḥarajuw wa lā ‘alal-marīḍi ḥaraj(uw), wa may yuṭi‘illāha wa rasūlahū yudkhilhu jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), wa may yatawalla yu‘ażżibhu ‘ażāban alīmā(n).
[17] Ora nana dosa tumrap wong-wong sing wuta, wong-wong dengklang, lan wong-wong sing lara (rikala ora mélu perang). Sapa wongé manut maring Gusti Allah lan Rasul-E. Penjenengané bakal nglebokna maring njero suwarga sing sengisoré ana bengawan sing mili. Lan sapa wongé mléngos Penjenengané (Gusti Allah) bakal nyiksa kanthi siksa sing perih.

۞ لَقَدْ رَضِيَ اللّٰهُ عَنِ الْمُؤْمِنِيْنَ اِذْ يُبَايِعُوْنَكَ تَحْتَ الشَّجَرَةِ فَعَلِمَ مَا فِيْ قُلُوْبِهِمْ فَاَنْزَلَ السَّكِيْنَةَ عَلَيْهِمْ وَاَثَابَهُمْ فَتْحًا قَرِيْبًاۙ١٨
Laqad raḍiyallāhu ‘anil-mu'minīna iż yubāyi‘ūnaka taḥtasy-syajarati fa‘alima mā fī qulūbihim fa'anzalas-sakīnata ‘alaihim wa aṡābahum fatḥan qarībā(n).
[18] Temen, Gusti Allah paring idin maring wong-wong mukmin rikala dhéwéké padha janji setiya maring sliramu (Muhammad) neng ngisor wit, Penjenengané ngawuning-ani apa sing ana neng njero atiné dhéwéké, banjur Penjenengané paring ketentreman maring dhéwéké lan paring piwales maring dhéwéké kanthi kemenangan sing pérek,

وَّمَغَانِمَ كَثِيْرَةً يَّأْخُذُوْنَهَا ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَزِيْزًا حَكِيْمًا١٩
Wa magānima kaṡīratay ya'khużūnahā, wa kānallāhu ‘azīzan ḥakīmā(n).
[19] lan bandha rampasan perang sing akéh sing bisa dhéwéké tampa. Lan Gusti Allah Mahadigdaya, Mahawicaksana.

وَعَدَكُمُ اللّٰهُ مَغَانِمَ كَثِيْرَةً تَأْخُذُوْنَهَا فَعَجَّلَ لَكُمْ هٰذِهٖ وَكَفَّ اَيْدِيَ النَّاسِ عَنْكُمْۚ وَلِتَكُوْنَ اٰيَةً لِّلْمُؤْمِنِيْنَ وَيَهْدِيَكُمْ صِرَاطًا مُّسْتَقِيْمًاۙ٢٠
Wa‘adakumullāhu magānima kaṡīratan ta'khużūnahā fa‘ajjala lakum hāżihī wa kaffa aidiyan-nāsi ‘ankum, wa litakūna āyatal lil-mu'minīna wa yahdiyakum ṣirāṭam mustaqīmā(n).
[20] Gusti Allah njanjékna maring ko kabéh bandha rampasan perang sing akéh sing bisa ko alap, mangka Penjenengané nggelisna (bandha rampasan perang) kiyé nggo ko kabéh 806, lan Penjenengané nahan tangan menungsa sekang (nyilakani) ko (supaya ko kesuwun maring Penjenengané) lan supaya kedadean kuwé dadi bukti nyata nggo wong-wong mukmin lan supaya Penjenengané nuntun ko kabéh maring dalan sing jejeg.
806) Gusti Allah njanjékna bandha rampasan perang sing akéh maring kaum muslimin. Sing kawitan, Gusti Allah paring neng Perang Khaibar.

وَّاُخْرٰى لَمْ تَقْدِرُوْا عَلَيْهَا قَدْ اَحَاطَ اللّٰهُ بِهَا ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرًا٢١
Wa ukhrā lam taqdirū ‘alaihā qad aḥāṭallāhu bihā, wa kānallāhu ‘alā kulli syai'in qadīrā(n).
[21] Lan (kemenangan-kemenangan) ingatasé negari-negari liyané sing ko ora padha bisa ngira, ning setemené Gusti Allah wis nemtokna. Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.

وَلَوْ قَاتَلَكُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوَلَّوُا الْاَدْبَارَ ثُمَّ لَا يَجِدُوْنَ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا٢٢
Wa lau qātalakumul-lażīna kafarū lawallawul-adbāra ṡumma lā yajidūna waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[22] Lan umpamané wong-wong kapir kuwé merangi ko kabéh, mesti wong-wong kapir kuwé padha mbalik maring mburi (kalah); banjur dhéwéké ora bakal olih pengayom lan pitulung.

سُنَّةَ اللّٰهِ الَّتِيْ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلُ ۖوَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّةِ اللّٰهِ تَبْدِيْلًا٢٣
Sunnatallāhil-latī qad khalat min qabl(u), wa lan tajida lisunnatillāhi tabdīlā(n).
[23] (Mengkana kuwé) hukumé Gusti Allah, sing wis ana kawit gemiyén, ko ora pisan-pisan bakal nemu owah-owahan neng hukumé Gusti Allah kuwé.

وَهُوَ الَّذِيْ كَفَّ اَيْدِيَهُمْ عَنْكُمْ وَاَيْدِيَكُمْ عَنْهُمْ بِبَطْنِ مَكَّةَ مِنْۢ بَعْدِ اَنْ اَظْفَرَكُمْ عَلَيْهِمْ ۗوَكَانَ اللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرًا٢٤
Wa huwal-lażī kaffa aidiyahum ‘ankum wa aidiyakum ‘anhum bibaṭni makkata mim ba‘di an aẓfarakum ‘alaihim, wa kānallāh bimā ta‘malūna baṣīrā(n).
[24] Lan Penjenengané sing nyegah tangané dhéwéké (wong kapir) olihe (nyilakani) ko, lan uga (nyegah) tanganmu sekang (nyilakani) wong kapir neng tengah (kota) Mekah sewisé Gusti Allah menangna ko sekang dhéwéké. LanGusti Allah Maha Mriksani apa baé sing ko padha pergawé.

هُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْكُمْ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَالْهَدْيَ مَعْكُوْفًا اَنْ يَّبْلُغَ مَحِلَّهٗ ۚوَلَوْلَا رِجَالٌ مُّؤْمِنُوْنَ وَنِسَاۤءٌ مُّؤْمِنٰتٌ لَّمْ تَعْلَمُوْهُمْ اَنْ تَطَـُٔوْهُمْ فَتُصِيْبَكُمْ مِّنْهُمْ مَّعَرَّةٌ ۢبِغَيْرِ عِلْمٍ ۚ لِيُدْخِلَ اللّٰهُ فِيْ رَحْمَتِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُۚ لَوْ تَزَيَّلُوْا لَعَذَّبْنَا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا٢٥
Humul-lażīna kafarū wa ṣaddūkum ‘anil-masjidil-ḥarāmi wal-hadya ma‘kūfan ay yabluga maḥillah(ū), wa lau lā rijālum mu'minūna wa nisā'um mu'minātul lam ta‘lamūhum an taṭa'ūhum fa tuṣībakum minhum ma‘arratum bigairi ‘ilm(in), liyudkhilallāhu fī raḥmatihī may yasyā'(u), lau tazayyalū la‘ażżabnal-lażīna kafarū minhum ‘ażāban alīmā(n).
[25] Wong-wong kapir padha ngalang-alangi ko kabéh mlebu maring Masjidilharam lan (ngalang-alangi) kéwan-kéwan kurban butul maring panggonané (sembeléhané). Lan angger ora merga ana wong-wong mukmin lanang lan wadon sing ko ora ngerti, mesti ko bakal maténi dhéwéké sing njalari ko olih rubéda sing ko ora ngerténi. Merga Gusti Allah bakal nglebokna sapa baé sing Penjenengané kersakna maring rahmat-É. Umpama dhéwéké padha kepisah, mesti Ingsun bakal nyiksa wong-wong kapir neng antarané dhéwéké kanthi siksa sing perih.

اِذْ جَعَلَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فِيْ قُلُوْبِهِمُ الْحَمِيَّةَ حَمِيَّةَ الْجَاهِلِيَّةِ فَاَنْزَلَ اللّٰهُ سَكِيْنَتَهٗ عَلٰى رَسُوْلِهٖ وَعَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ وَاَلْزَمَهُمْ كَلِمَةَ التَّقْوٰى وَكَانُوْٓا اَحَقَّ بِهَا وَاَهْلَهَا ۗوَكَانَ اللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا ࣖ٢٦
Iż ja‘alal-lażīna kafarū fī qulūbihimul-ḥamiyyata ḥamiyyatal-jāhiliyyati fa anzalallāhu sakīnatahū ‘alā rasūlihī wa ‘alal-mu'minīna wa alzamahum kalimatat-taqwā wa kānū aḥaqqa bihā wa ahlahā, wa kānallāhu bikulli syai'in ‘alīmā(n).
[26] Rikala wong-wong sing kapir nandur kesombongan neng njero atiné dhéwéké (yakuwé) kesombongan kebodhoan (jahiliyah), banjur Gusti Allah nurunaken ketentreman maring Rasul-E lan wong-wong mukmin; lan (Gusti Allah) majibna maring dhéwéké tetep tuhu nglakoni kalimat takwa 807 lan dhéwéké lewih ngehaki ingatasé kuwé lan patut nduwéni. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani samubarang kabéh.
807) “Kalimat takwa” yakuwé kalimat tauhid lan nyucékna lakon manut maring Gusti Allah.

لَقَدْ صَدَقَ اللّٰهُ رَسُوْلَهُ الرُّءْيَا بِالْحَقِّ ۚ لَتَدْخُلُنَّ الْمَسْجِدَ الْحَرَامَ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ اٰمِنِيْنَۙ مُحَلِّقِيْنَ رُءُوْسَكُمْ وَمُقَصِّرِيْنَۙ لَا تَخَافُوْنَ ۗفَعَلِمَ مَا لَمْ تَعْلَمُوْا فَجَعَلَ مِنْ دُوْنِ ذٰلِكَ فَتْحًا قَرِيْبًا٢٧
Laqad ṣadaqallāhu rasūlahur-ru'yā bil-ḥaqq(i), latadkhulunnal-masjidal-ḥarāma in syā'allāhu āminīn(a), muḥalliqīna ru'ūsakum wa muqaṣṣirīn(a), lā takhāfūn(a), fa‘alima mā lam ta‘lamū faja‘ala min dūni żālika fatḥan qarībā(n).
[27] Temen, Gusti Allah bakal mbuktékna maring Rasul-É ngenani benere impéné lamon sliramu mesthi bakal mlebu Masjidilharam, angger Gusti Allah kersa neng kahanan aman, kanthi nggundhuli rambut sirah lan nyendhekna kuwé, tur ko ora krasa wedi. Mangka Gusti Allah ngawuningani apa sing ko padha ora ngerténi lan seliyané kuwé Penjenengané wis paring kemenangan sing pérek. 808
808) Sewetara seurungé kedadéan Perdamaian Hudaibiyah, Nabi Muhammad s.a.w ngimpi lamon slirané bareng karo para sahabaté mlebu maring kota Mekah lan Masjidilharam senjeroné kahanan wong-wong kaé nggundhul rambut lan separoné maning nyindekna rambuté. Nabi dhawuh lamon ngimpiné kuwé bakalan kedadén. Banjur warta kiyé kesebar maring kaum muslimin, wong-wong munapék, lan wong-wong Yahudi lan Nasrani. Sewisé “Perdamaian Hudaibiyah” lan kaum muslimin neng wektu kuwé ora ngasi mlebu Mekah, mangka wong-wong munapék madani Nabi lan ngomongna lamon ngimpine nabi Muhammad s.a.w kuwé mung lomboan thok. Mangka temurun ayat kiyé sing nggenahna lamon ngimpi Nabi kuwé mesti arep kedadén nyata neng taun sing arep teka. Angger rikala taun kedadéné Perdamaian Hudaibiyah kuwé kaum muslimin melebu kota Mekah, mangka keslametané wong-wong sing ngumpetna precayaé sing manggon neng kota Mekah neng wektu kuwé bakal cilaka.

هُوَ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ رَسُوْلَهٗ بِالْهُدٰى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهٗ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهٖ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًا٢٨
Huwal-lażī arsala rasūlahū bil-hudā wa dīnil-ḥaqqi liyuẓhirahū ‘alad-dīni kullih(ī), wa kafā billāhi syahīdā(n).
[28] Penjenengané sing ngutus Rasul-É kanthi pituduh lan agama sing bener supaya Penjenengané menangna sekang kabéh agama (liyané). Lan temen cukup Gusti Allah sing dadi seksi.

مُحَمَّدٌ رَّسُوْلُ اللّٰهِ ۗوَالَّذِيْنَ مَعَهٗٓ اَشِدَّاۤءُ عَلَى الْكُفَّارِ رُحَمَاۤءُ بَيْنَهُمْ تَرٰىهُمْ رُكَّعًا سُجَّدًا يَّبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانًا ۖ سِيْمَاهُمْ فِيْ وُجُوْهِهِمْ مِّنْ اَثَرِ السُّجُوْدِ ۗذٰلِكَ مَثَلُهُمْ فِى التَّوْرٰىةِ ۖوَمَثَلُهُمْ فِى الْاِنْجِيْلِۚ كَزَرْعٍ اَخْرَجَ شَطْـَٔهٗ فَاٰزَرَهٗ فَاسْتَغْلَظَ فَاسْتَوٰى عَلٰى سُوْقِهٖ يُعْجِبُ الزُّرَّاعَ لِيَغِيْظَ بِهِمُ الْكُفَّارَ ۗوَعَدَ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ مِنْهُمْ مَّغْفِرَةً وَّاَجْرًا عَظِيْمًا ࣖ٢٩
Muḥammadur rasūlullāh(i), wal-lażīna ma‘ahū asyiddā'u ‘alal-kuffāri ruḥamā'u bainahum tarāhum rukka‘an sujjaday yabtagūna faḍlam minallāhi wa riḍwānā(n), sīmāhum fī wujūhihim min aṡaris-sujūd(i), żālika maṡaluhum fit-taurāh(ti), wa maṡaluhum fil-injīl(i), kazar‘in akhraja syaṭ'ahū fa āzarahū fastaglaẓa fastawā ‘alā sūqihī yu‘jibuz-zurrā‘a liyagīẓa bihimul-kuffār(a), wa‘adallāhul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti minhum magfirataw wa ajran ‘aẓīmā(n).
[29] Muhammad kuwé utusané Gusti Allah lan wong-wong sing bareng karo slirané duwé laku keras maring wong-wong kapir, ning padha welas-asih karo kancané dhéwéké. Delengen dhéwéké padha rukuk lan sujud nggolét kanugrahané Gusti Allah lan idin-É Pengérané. Neng rainé dhewéké padha keton tandha-tandha tilasé sujud. Mengkana kuwé sipat-sipaté dhéwéké kabéh (sing wis ketulis) neng njero Taurat lan sipat-sipaté dhéwéké kabéh (sing ketulis) neng njero Injil, yakuwé kaya winih sing ngetokna sinomé, banjur sinom kuwé dadi kuwat banjur dadi gedhé lan jejeg neng dhuwur watangé; tanduran kuwé nyenengna atiné wong-wong sing nandur merga Gusti Allah bakal njéngkélaken atiné wong-wong kapir (kanthi kekuwatané wong-wong mukmin). Gusti Allah njanjékna maring wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan neng antarané dhewéké, aampura lan ganjaran sing gedhé.