Surah Qaf

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قۤ ۗوَالْقُرْاٰنِ الْمَجِيْدِ ۖ١
Qāf, wal-qur'ānil-majīd(i).
[1] Qaaf. Sekawit (sekawit) Al-Qur’an sing mulya.

بَلْ عَجِبُوْٓا اَنْ جَاۤءَهُمْ مُّنْذِرٌ مِّنْهُمْ فَقَالَ الْكٰفِرُوْنَ هٰذَا شَيْءٌ عَجِيْبٌ ۚ٢
Bal ‘ajibū an jā'ahum munżirum minhum faqālal-kāfirūna hāżā syai'un ‘ajīb(un).
[2] (Wong-wong mau padha ora precaya maring kuwé) malah dhéwéké padha gumun merga wis teka maring dhéwéké wong sing awéh pengéling-éling sekang (golongané) dhéwéké kabéh, mangka wong-wong kapir padha ngucap, “Kiyé sewiji-wiji sing banget anéhé.

ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا ۚ ذٰلِكَ رَجْعٌۢ بَعِيْدٌ٣
A'iżā mitnā wa kunnā turābā(n), żālika raj‘um ba‘īd(un).
[3] Apa angger inyong wis padha mati lan wis dadi lemah (bakal déuripna maning)? kuwé sewijiné paribalen sing dopara pisan (ora gadhang kelakon).”

قَدْ عَلِمْنَا مَا تَنْقُصُ الْاَرْضُ مِنْهُمْ ۚوَعِنْدَنَا كِتٰبٌ حَفِيْظٌ٤
Qad ‘alimnā mā tanquṣul-arḍu minhum, wa ‘indanā kitābun ḥafīẓ(un).
[4] Temen, Ingsun ngawuningani apa sing deuntal déning bumi sekang (awaké) dhéwéké, merga neng (sisihé) Ingsun ana kitab (cathetan) sing rineksa kanthi apik.

بَلْ كَذَّبُوْا بِالْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهُمْ فَهُمْ فِيْٓ اَمْرٍ مَّرِيْجٍ٥
Bal każżabū bil-ḥaqqi lammā jā'ahum fahum fī amrim marīj(in).
[5] Malah wong-wong kuwé wis padha nggorohna bebener rikala (bebener kuwé) teka maring dhéwéké, mangka dhéwéké padha neng sejeroné kahanan morak-marik.

اَفَلَمْ يَنْظُرُوْٓا اِلَى السَّمَاۤءِ فَوْقَهُمْ كَيْفَ بَنَيْنٰهَا وَزَيَّنّٰهَا وَمَا لَهَا مِنْ فُرُوْجٍ٦
Afalam yanẓurū ilas-samā'i fauqahum kaifa banaināhā wa zayyanāhā wa mā lahā min furūj(in).
[6] Mangka apa wong-wong kuwé padha ora nggatékna langit sing ana neng ndhuwuré dhéwéké, kepriwé carané Ingsun mbangun langit kuwé lan depaési lan ora nana renteng-rentengé semendhing-mendhinga?

وَالْاَرْضَ مَدَدْنٰهَا وَاَلْقَيْنَا فِيْهَا رَوَاسِيَ وَاَنْۢبَتْنَا فِيْهَا مِنْ كُلِّ زَوْجٍۢ بَهِيْجٍۙ٧
Wal-arḍa madadnāhā wa alqainā fīhā rawāsiya wa ambatnā fīhā min kulli zaujim bahīj(in).
[7] Lan bumi sing Ingsun gelar lan Ingsun tancebna neng ndhuwuré (bumi) gunung-gunung sing kukuh lan Ingsun thukulna neng ndhuwuré tanduran-tanduran sing semanger,

تَبْصِرَةً وَّذِكْرٰى لِكُلِّ عَبْدٍ مُّنِيْبٍ٨
Tabṣirataw wa żikrā likulli ‘abdim munīb(in).
[8] nggo dadi piwulangan lan pengéling-éling tumrap saben kewula sing padha bali (manut-miturut maring Gusti Allah).

وَنَزَّلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً مُّبٰرَكًا فَاَنْۢبَتْنَا بِهٖ جَنّٰتٍ وَّحَبَّ الْحَصِيْدِۙ٩
Wa nazzalnā minas-samā'i mā'am mubārakan fa'ambatnā bihī jannātiw wa ḥabbal-ḥaṣīd(i).
[9] Lan sekang langit Ingsun nurunaken banyu sing nggawa berkah, banjur Ingsun thukulna kanthi (banyu) kuwé wit-witan sing rungkud lan wiji-wijian sing kena depanéni.

وَالنَّخْلَ بٰسِقٰتٍ لَّهَا طَلْعٌ نَّضِيْدٌۙ١٠
Wan-nakhla bāsiqātil lahā ṭal‘un naḍīd(un).
[10] Lan wit korma sing dhuwur-dhuwur lan duwé mayang sing sungsun-sungsun,

رِّزْقًا لِّلْعِبَادِۙ وَاَحْيَيْنَا بِهٖ بَلْدَةً مَّيْتًاۗ كَذٰلِكَ الْخُرُوْجُ١١
Rizqal lil-‘ibād(i), wa aḥyainā bihī baldatam maitā(n), każālikal-khurūj(u).
[11] (minangka) dadi rejekiné para kewula-kewulané (Ingsun), lan Ingsun uripna kanthi (banyu) kuwé negari sing mati (cengkar). Kaya kuwé kedadéané menyaté (wong sekang kubur).

كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ وَّاَصْحٰبُ الرَّسِّ وَثَمُوْدُ١٢
Każżabat qablahum qaumu nūḥiw wa aṣḥābur-rassi wa ṡamūd(u).
[12] Seurungé wong-wong kuwé, kaumé Nuh, warga Rass lan Samud wis padha nggorohna (rasul-rasul),

وَعَادٌ وَّفِرْعَوْنُ وَاِخْوَانُ لُوْطٍۙ١٣
Wa ‘āduw wa fir‘aunu wa ikhwānu lūṭ(in).
[13] Lan (mengkana uga) kaumé 'Ad, kaumé Fir’aun lan kaumé Lut,

وَّاَصْحٰبُ الْاَيْكَةِ وَقَوْمُ تُبَّعٍۗ كُلٌّ كَذَّبَ الرُّسُلَ فَحَقَّ وَعِيْدِ١٤
Wa aṣḥābul-aikati wa qaumu tubba‘(in), kullun każżabar-rusula faḥaqqa wa‘īd(i).
[14] lan (uga) warga Aikah karo kaum Tubba'. Kabéh wis padha nggorohna para utusan mangka nyata kelakon ancamané Ingsun (ingatasé dhéwéké kabéh).

اَفَعَيِيْنَا بِالْخَلْقِ الْاَوَّلِۗ بَلْ هُمْ فِيْ لَبْسٍ مِّنْ خَلْقٍ جَدِيْدٍ ࣖ١٥
Afa ‘ayīna bil-khalqil-awwal(i), bal hum fī labsim min khalqin jadīd(in).
[15] Mangka apa Ingsun kesel (sayah) déning penciptanan sing kawitan? (Babar pisan ora), malah dhéwéké padha neng sejeroné kahanan mamang ngenani penciptanan sing anyar.

وَلَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ وَنَعْلَمُ مَا تُوَسْوِسُ بِهٖ نَفْسُهٗ ۖوَنَحْنُ اَقْرَبُ اِلَيْهِ مِنْ حَبْلِ الْوَرِيْدِ١٦
Wa laqad khalaqnal-insāna wa na‘lamu mā tuwaswisu bihī nafsuh(ū), wa naḥnu aqrabu ilaihi min ḥablil-warīd(i).
[16] Lan temen, Ingsun wis nyiptakna menungsa lan ngawuningani apa sing dekrisikna neng atiné, lan Ingsun lewih pérek maring dhéwéké tenimbang otot guluné.

اِذْ يَتَلَقَّى الْمُتَلَقِّيٰنِ عَنِ الْيَمِيْنِ وَعَنِ الشِّمَالِ قَعِيْدٌ١٧
Iż yatalaqqal-mutalaqqiyāni ‘anil-yamīni wa ‘anisy-syimāli qa‘īd(un).
[17] (Élinga) rikala malaékat loro nyatet (penggawéané), sing siji njagong neng sisih tengen lan sing liyané njangong neng sisih kiwé.

مَا يَلْفِظُ مِنْ قَوْلٍ اِلَّا لَدَيْهِ رَقِيْبٌ عَتِيْدٌ١٨
Mā yalfiẓu min qaulin illā ladaihi raqībun ‘atīd(un).
[18] Ora nana sewiji tembung sing déucapna déning dhéwéké anging neng sisihé malaékat sing ngawasi sing tansah siyaga (nyathet).

وَجَاۤءَتْ سَكْرَةُ الْمَوْتِ بِالْحَقِّ ۗذٰلِكَ مَا كُنْتَ مِنْهُ تَحِيْدُ١٩
Wa jā'at sakratul-mauti bil-ḥaqq(i), żālika mā kunta minhu taḥīd(u).
[19] Lan banjur teka sekaraté pati kanthi sebener-beneré. Kuwé sing gemiyén ko padha kepéngin indhani.

وَنُفِخَ فِى الصُّوْرِۗ ذٰلِكَ يَوْمُ الْوَعِيْدِ٢٠
Wa nufikha fiṣ-ṣūr(i), żālika yaumul-wa‘īd(i).
[20] Lan banjur desemprong slomprét. Kuwé dina sing deancamna.

وَجَاۤءَتْ كُلُّ نَفْسٍ مَّعَهَا سَاۤىِٕقٌ وَّشَهِيْدٌ٢١
Wa jā'at kullu nafsim ma‘ahā sā'iquw wa syahīd(un).
[21] Saben-saben wong bakal teka bareng karo (malaékat) sing ngiring-iring lan (malaékat) seksi.

لَقَدْ كُنْتَ فِيْ غَفْلَةٍ مِّنْ هٰذَا فَكَشَفْنَا عَنْكَ غِطَاۤءَكَ فَبَصَرُكَ الْيَوْمَ حَدِيْدٌ٢٢
Laqad kunta fī gaflatim min hāżā fakasyafnā ‘anka giṭā'aka fabaṣarukal-yauma ḥadīd(un).
[22] Temen, ko kabéh gemiyén padha ora mikir ngenani (kedadéan) kiyé, Ingsun singkab tutup (sing nutupi) matamu, saéngga pendelengmu neng dina kiyé banget awasé.

وَقَالَ قَرِيْنُهٗ هٰذَا مَا لَدَيَّ عَتِيْدٌۗ٢٣
Wa qāla qarīnuhū hāżā mā ladayya ‘atīd(un).
[23] Lan (malaékat) sing mbarengi dhéwéké ngucap, “Kiyé (cathetan lakon) sing ana neng inyong.”

اَلْقِيَا فِيْ جَهَنَّمَ كُلَّ كَفَّارٍ عَنِيْدٍ٢٤
Alqiyā fī jahannama kulla kaffārin ‘anīd(in).
[24] (Gusti Allah dhawuh), “Balangna déning ko sekloron maring neraka Jahanam kabéh wong kapir sing banget ingkaré tur wangkot,

مَنَّاعٍ لِّلْخَيْرِ مُعْتَدٍ مُّرِيْبٍۙ٢٥
Mannā‘il lil-khairi mu‘tadim murīb(in).
[25] sing banget ora seneng mergawé becik, padha ngliwati wates lan (duwé ati) mamang,

ۨالَّذِيْ جَعَلَ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَاَلْقِيٰهُ فِى الْعَذَابِ الشَّدِيْدِ٢٦
Allażī ja‘ala ma‘allāhi ilāhan ākhara fa'alqiyāhu fil-‘ażābisy-syadīd(i).
[26] sing padha nyekuthokna Gusti Allah karo sembahan liya, mangka balangna dhéwéké maring njero siksa sing keras.”

۞ قَالَ قَرِيْنُهٗ رَبَّنَا مَآ اَطْغَيْتُهٗ وَلٰكِنْ كَانَ فِيْ ضَلٰلٍۢ بَعِيْدٍ٢٧
Qāla qarīnuhū rabbanā mā aṭgaituhū wa lākin kāna fī ḍalālim ba‘īd(in).
[27] (Sétan) sing mbarengi dhéwéké uga ngucap, “Dhuh Pengéran kula sami, kula mboten pisan-pisan nyasaraken kiyambeké ning kiyambeké dhéwék ingkang wonten selebeté kesasar ingkang tebih.”

قَالَ لَا تَخْتَصِمُوْا لَدَيَّ وَقَدْ قَدَّمْتُ اِلَيْكُمْ بِالْوَعِيْدِ٢٨
Qāla lā takhtaṣimū ladayya wa qad qaddamtu ilaikum bil-wa‘īd(i).
[28] (Gusti Allah) dhawuh, “Aja pisan-pisan padha padu neng ngarsané Ingsun, lan temen, gemiyén Ingsun wis paring pengancam maring ko kabéh.”

مَا يُبَدَّلُ الْقَوْلُ لَدَيَّ وَمَآ اَنَا۠ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِ ࣖ٢٩
Mā yubaddalul-qaulu ladayya wa mā ana biẓallāmil lil-‘abīd(i).
[29] Keputusané Ingsun ora bisa deowahi lan Ingsun ora ngapitunani (dolim) maring kewula-kewulané Ingsun.”

يَوْمَ نَقُوْلُ لِجَهَنَّمَ هَلِ امْتَلَـْٔتِ وَتَقُوْلُ هَلْ مِنْ مَّزِيْدٍ٣٠
Yauma naqūlu lijahannama halimtala'ti wa taqūlu hal mim mazīd(in).
[30] (Élinga) maring dina (rikala) Ingsun mundhut priksa maring neraka Jahanam: “Apa siki wis kebek?” Jahanam matur, “Napa téksih wonten tambahan?”

وَاُزْلِفَتِ الْجَنَّةُ لِلْمُتَّقِيْنَ غَيْرَ بَعِيْدٍ٣١
Wa uzlifatil-jannatu lil-muttaqīna gaira ba‘īd(in).
[31] Éwadéné suwarga wis depérekna maring wong-wong sing padha semarah (takwa) neng panggonan sing ora adoh (sekang dhéwéké kabéh).

هٰذَا مَا تُوْعَدُوْنَ لِكُلِّ اَوَّابٍ حَفِيْظٍۚ٣٢
Hāżā mā tū‘adūna likulli awwābin ḥafīẓ(in).
[32] (Maring dhéwéké kabéh déucapna), “Kiyé kenékmatan sing déjanjékna maring ko kabéh, (yakuwé) maring saben-saben kewula sing tansah mertobat (maring Gusti Allah) lan ngreksa (kabéh aturan-aturané Penjenengané).

مَنْ خَشِيَ الرَّحْمٰنَ بِالْغَيْبِ وَجَاۤءَ بِقَلْبٍ مُّنِيْبٍۙ٣٣
Man khasyiyar-raḥmāna bil-gaibi wa jā'a biqalbim munīb(in).
[33] (Yakuwé) wong sing wedi maring Gusti Allah Sing Mahaasih, senajan ora keton (déning dhéwéké) lan dhéwéké teka kanthi ati sing mertobat,

ۨادْخُلُوْهَا بِسَلٰمٍ ۗذٰلِكَ يَوْمُ الْخُلُوْدِ٣٤
Udkhulūhā bisalām(in), żālika yaumul-khulūd(i).
[34] (padha) mlebua maring (njero suwarga) kanthi slamet lan tentrem. Kuwé dina sing langgeng.”

لَهُمْ مَّا يَشَاۤءُوْنَ فِيْهَا وَلَدَيْنَا مَزِيْدٌ٣٥
Lahum mā yasyā'ūna fīhā wa ladainā mazīd(un).
[35] Wong-wong kuwé neng njeroné padha nampa apa sing dhéwéké kepéngini, lan neng ngarsané Ingsun ana tambahané.

وَكَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْنٍ هُمْ اَشَدُّ مِنْهُمْ بَطْشًا فَنَقَّبُوْا فِى الْبِلَادِۗ هَلْ مِنْ مَّحِيْصٍ٣٦
Wa kam ahlaknā qablahum min qarnin hum asyaddu minhum baṭsyan fanaqqabū fil-bilād(i), hal mim maḥīṣ(in).
[36] Lan sepira akéhé umat sing wis Ingsun tumpes seurungé wong-wong kuwé, (mangkané) umat-umat kuwé lewih hébat kekuwatané tenimbang (umat sing keri) kiyé. Dhéwéké padha nglakon njajah neng pirang-pirang negari. Apa ana papan pengungsén (nggo ngindhani tumpesé dhéwéké kabéh)?

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَذِكْرٰى لِمَنْ كَانَ لَهٗ قَلْبٌ اَوْ اَلْقَى السَّمْعَ وَهُوَ شَهِيْدٌ٣٧
Inna fī żālika lażikrā liman kāna lahū qalbun au alqas-sam‘a wa huwa syahīd(un).
[37] Temen, neng sing mengkana kuwé mesthi ana pengéling-éling tumrap wong sing padha duwé ati utawa sing padha nganggo pengrungoné, tur dhéwéké padha nyekséni (nampa lan ngakoni).

وَلَقَدْ خَلَقْنَا السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍۖ وَّمَا مَسَّنَا مِنْ لُّغُوْبٍ٣٨
Wa laqad khalaqnas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā fī sittati ayyām(in), wa mā massanā mil lugūb(in).
[38] Lan temen, Ingsun wis nyiptakna langit lan bumi lan apa sing ana neng antarané sekloroné sejeroné nem mangsa, lan Ingsun babar pisan ora krasa kesel (sayah).

فَاصْبِرْ عَلٰى مَا يَقُوْلُوْنَ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ قَبْلَ طُلُوْعِ الشَّمْسِ وَقَبْلَ الْغُرُوْبِ ۚ٣٩
Faṣbir ‘alā mā yaqūlūna wa sabbiḥ biḥamdi rabbika qabla ṭulū‘isy-syamsi wa qablal-gurūb(i).
[39] Mangka sing sabar sliramu (Muhammad) ingatasé apa sing wong-wong kuwé padha ucapna lan maha-nyucekna (maca tasbéh) kanthi ngalembana Pengérané sliramu seurungé srengéngé mlethék lan seurungé srengéngé surup.

وَمِنَ الَّيْلِ فَسَبِّحْهُ وَاَدْبَارَ السُّجُوْدِ٤٠
Wa minal-laili fasabbiḥhu wa adbāras-sujūd(i).
[40] Lan padha tasbéha maring Penjenengané neng wayah wengi lan saben-saben rampung sembayang.

وَاسْتَمِعْ يَوْمَ يُنَادِ الْمُنَادِ مِنْ مَّكَانٍ قَرِيْبٍ٤١
Wastami‘ yauma yunādil-munādi mim makānin qarīb(in).
[41] Lan padha rungokna (wara-wara) neng dina (rikala) juru wara-wara (malaékat) ngundang sekang panggonan sing pérek.

يَوْمَ يَسْمَعُوْنَ الصَّيْحَةَ بِالْحَقِّ ۗذٰلِكَ يَوْمُ الْخُرُوْجِ٤٢
Yauma yasma‘ūnaṣ-ṣaiḥata bil-ḥaqq(i), żālika yaumul-khurūj(i).
[42] (Yakuwé) dina (rikala) wong-wong padha krungu sewara nggilani sing sebeneré. Kuwé dinané (wong-wong) padha metu (sekang kubur).

اِنَّا نَحْنُ نُحْيٖ وَنُمِيْتُ وَاِلَيْنَا الْمَصِيْرُۙ٤٣
Innā naḥnu nuḥyī wa numītu wa ilainal-maṣīr(u).
[43] Temen, Ingsun sing nguripna lan sing matékna. Lan maring Ingsun panggonan baliné (sekabéh titah).

يَوْمَ تَشَقَّقُ الْاَرْضُ عَنْهُمْ سِرَاعًا ۗذٰلِكَ حَشْرٌ عَلَيْنَا يَسِيْرٌ٤٤
Yauma tasyaqqaqul-arḍu ‘anhum sirā‘ā(n), żālika ḥasyrun ‘alainā yasīr(un).
[44] (Yakuwé) neng dina (rikala) bumi kesigar, dhéwéké padha metu gagiyanan. Sing mengkana kuwé pengumpulan sing gampang mungguh Ingsun.

نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَقُوْلُوْنَ وَمَآ اَنْتَ عَلَيْهِمْ بِجَبَّارٍۗ فَذَكِّرْ بِالْقُرْاٰنِ مَنْ يَّخَافُ وَعِيْدِ ࣖ٤٥
Naḥnu a‘lamu bimā yaqūlūna wa mā anta ‘alaihim bijabbār(in), fażakkir bil-qur'āni may yakhāfu wa‘īd(i).
[45] Ingsun lewih ngawuningani ngenani apa sing dhéwéké padha ucapna, lan sliramu (Muhammad) udu wong sing meksa-meksa maring dhéwéké. Mangka wéhna pengéling-éling kanthi Al-Qur’an maring sapa baé sing wedi maring pengancamé Ingsun.