Surah An-Najm

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالنَّجْمِ اِذَا هَوٰىۙ١
Wan-najmi iżā hawā.
[1] Sekawit (sekawit) lintang rikala surup,

مَا ضَلَّ صَاحِبُكُمْ وَمَا غَوٰىۚ٢
Mā ḍalla ṣāḥibukum wa mā gawā.
[2] Batiré skiramu (Muhammad) ora kesasar (uga) ora keliru,

وَمَا يَنْطِقُ عَنِ الْهَوٰى٣
Wa mā yanṭiqu ‘anil-hawā.
[3] lan ora-orané sing déucapna déning dhéwéké (AL-Qur’an) kuwé miturut kepénginané.

اِنْ هُوَ اِلَّا وَحْيٌ يُّوْحٰىۙ٤
In huwa illā waḥyuy yūḥā.
[4] Ora liya (Al-Qur’an kuwé) wahyu sing déwahyokna (maring dhéwéké),

عَلَّمَهٗ شَدِيْدُ الْقُوٰىۙ٥
‘Allamahū syadīdul-quwā.
[5] sing dewulangna maring dhéwéké déning (Jibril) sing banget kuwaté,

ذُوْ مِرَّةٍۗ فَاسْتَوٰىۙ٦
Żū mirrah(tin), fastawā.
[6] sing duwé keteguhan; mangka (Jibril kuwé) ngeton kanthi rupa sing sejati (rupa sing bagus lan gagah).

وَهُوَ بِالْاُفُقِ الْاَعْلٰىۗ٧
Wa huwa bil-ufuqil-a‘lā.
[7] Éwadéné dhéwéké ana neng wates langit (ufuk) sing dhuwur.

ثُمَّ دَنَا فَتَدَلّٰىۙ٨
Ṡumma danā fa tadallā.
[8] Banjur dhéwéké mérek (maring Muhammad), terus tambah perék,

فَكَانَ قَابَ قَوْسَيْنِ اَوْ اَدْنٰىۚ٩
Fa kāna qāba qausaini au adnā.
[9] Saéngga jangkahé (kurang lewih) rong gendhewa panah utawa lewih pérek (maning).

فَاَوْحٰىٓ اِلٰى عَبْدِهٖ مَآ اَوْحٰىۗ١٠
Fa auḥā ilā ‘abdihī mā auḥā.
[10] Banjur dhéwéké butulna wahyu maring kawula-Né (Muhammad) apa sing wis déwahyokna déning Gusti Allah.

مَا كَذَبَ الْفُؤَادُ مَا رَاٰى١١
Mā każabal-fu'ādu mā ra'ā.
[11] Atiné ora ngapusi apa sing wis dhéwéké priksani.

اَفَتُمٰرُوْنَهٗ عَلٰى مَا يَرٰى١٢
Afa tumārūnahū ‘alā mā yarā.
[12] Mula apa ko kabéh (wong musrik Mekah) arep mbantah ngenani apa sing dhéwéké (Muhammad) priksani kuwé?

وَلَقَدْ رَاٰهُ نَزْلَةً اُخْرٰىۙ١٣
Wa laqad ra'āhu nazlatan ukhrā.
[13] Lan temen, dhéwéké (Muhammad) wis mriksani (rupané Jibril sing sejati) neng wektu liya,

عِنْدَ سِدْرَةِ الْمُنْتَهٰى١٤
‘Inda sidratil-muntahā.
[14] (yakuwé) neng Sidratilmuntaha, 816
816) Sidratilmuntaha yakuwé nggon sing paling dhuwur neng langit kepitu, sing wis detekani neng Nabi Muhammad rikala Mi’raj.

عِنْدَهَا جَنَّةُ الْمَأْوٰىۗ١٥
‘Indahā jannatul-ma'wā.
[15] neng péreké ana suwarga papan manggon,

اِذْ يَغْشَى السِّدْرَةَ مَا يَغْشٰىۙ١٦
Iż yagsyas-sidrata mā yagsyā.
[16] (Muhammad mriksani Jibril) rikala Sidratilmuntaha délingkupi déning sewiji-wiji sing nglingkupi kuwé,

مَا زَاغَ الْبَصَرُ وَمَا طَغٰى١٧
Mā zāgal-baṣaru wa mā ṭagā.
[17] peningalé (Muhammad) ora nyimpang sekang sing depriksani lan ora (uga) ngliwati kuwé.

لَقَدْ رَاٰى مِنْ اٰيٰتِ رَبِّهِ الْكُبْرٰى١٨
Laqad ra'ā min āyāti rabbihil-kubrā.
[18] Temen, dhéwéké wis mriksani sebagéan tandha-tandha (agungé) Pengérané sing paling gedhé.

اَفَرَءَيْتُمُ اللّٰتَ وَالْعُزّٰى١٩
Afa ra'aitumul-lāta wal-‘uzzā.
[19] Mangka apa pantes ko kabéh (wong-wong sing musrik) nganggep (brehala) Al-lata lan Al-‘Uzza,

وَمَنٰوةَ الثَّالِثَةَ الْاُخْرٰى٢٠
Wa manātaṡ-ṡāliṡatal-ukhrā.
[20] lan Manat, sing ketelu (sing) banjur (sekawitnangkakna anak wadoné Gusti Allah).

اَلَكُمُ الذَّكَرُ وَلَهُ الْاُنْثٰى٢١
Alakumuż-żakaru wa lahul-unṡā.
[21] Apa (pantes) nggo ko kabéh sing lanang lan konjuk Penjenengané sing wadon?

تِلْكَ اِذًا قِسْمَةٌ ضِيْزٰى٢٢
Tilka iżan qismatun ḍīzā.
[22] Sing mengkana kuwé mesthiné sewiji pembagéan sing ora adil.

اِنْ هِيَ اِلَّآ اَسْمَاۤءٌ سَمَّيْتُمُوْهَآ اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمْ مَّآ اَنْزَلَ اللّٰهُ بِهَا مِنْ سُلْطٰنٍۗ اِنْ يَّتَّبِعُوْنَ اِلَّا الظَّنَّ وَمَا تَهْوَى الْاَنْفُسُۚ وَلَقَدْ جَاۤءَهُمْ مِّنْ رَّبِّهِمُ الْهُدٰىۗ٢٣
In hiya illā asmā'un sammaitumūhā antum wa ābā'ukum mā anzalallāhu bihā min sulṭān(in), iy yattabi‘ūna illaẓ-ẓanna wa mā tahwal-anfus(u), wa laqad jā'ahum mir rabbihimul-hudā.
[23] Kuwé ora liya mung jeneng-jeneng sing ko kabéh lan kaki-ninimu padha gawé-gawé; Gusti Allah ora nurunaken sewiji keterangan apa-apa nggo (nyembah) dhéwéké. Wong-wong kuwé mung padha nuruti pengira-ira, lan apa sing dekarepna déning kepénginané. Mangkané temen, wis teka pituduh sekang Pengérané dhéwéké kabéh.

اَمْ لِلْاِنْسَانِ مَا تَمَنّٰىۖ٢٤
Am lil-insāni mā tamannā.
[24] Utawa apa menungsa bakal mekolih sekabéhé apa sing deangen-angen déning dhéwéké?

فَلِلّٰهِ الْاٰخِرَةُ وَالْاُوْلٰى ࣖ٢٥
Fa lillāhil-ākhiratu wal-ūlā.
[25] (Ora!) Mangka temen kagungané Gusti Allah penguripan akhérat lan penguripan dunya.

۞ وَكَمْ مِّنْ مَّلَكٍ فِى السَّمٰوٰتِ لَا تُغْنِيْ شَفَاعَتُهُمْ شَيْـًٔا اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ اَنْ يَّأْذَنَ اللّٰهُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَرْضٰى٢٦
Wa kam mim malakin fis-samāwāti lā tugnī syafā‘atuhum syai'an illā mim ba‘di ay ya'żanallāhu limay yasyā'u wa yarḍā.
[26] Lan banget akéhé malaékat neng langit, sapangaté (pitulungan) dhéwéké kabéh, ora migunani babar pisan kejaba rikala Gusti Allah wis paring idin (lan mung) nggo sapa sing Penjenengané kersakna lan Penjenengané renani.

اِنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ لَيُسَمُّوْنَ الْمَلٰۤىِٕكَةَ تَسْمِيَةَ الْاُنْثٰى٢٧
Innal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati layusammūnal-malā'ikata tasmiyatal-unṡā.
[27] Setemené wong-wong sing ora precaya maring penguripan akhérat, temen dhéwéké padha njenengi para malaékat karo jenengan wadon.

وَمَا لَهُمْ بِهٖ مِنْ عِلْمٍۗ اِنْ يَّتَّبِعُوْنَ اِلَّا الظَّنَّ وَاِنَّ الظَّنَّ لَا يُغْنِيْ مِنَ الْحَقِّ شَيْـًٔاۚ٢٨
Wa mā lahum bihī min ‘ilm(in), iy yattabi‘ūna illaẓ-ẓann(a), wa innaẓ-ẓanna lā yugnī minal-ḥaqqi syai'ā(n).
[28] Lan wong-wong kuwé padha ora duwé kawruh ngenani kuwé. Dhéwéké ora liya mung padha nuruti persangkan, lan setemené kanthi (pesangkan) kuwé ora nana gunané semendhing-mendhinga tumrap bebener.

فَاَعْرِضْ عَنْ مَّنْ تَوَلّٰىۙ عَنْ ذِكْرِنَا وَلَمْ يُرِدْ اِلَّا الْحَيٰوةَ الدُّنْيَاۗ٢٩
Fa a‘riḍ ‘am man tawallā, ‘an żikrinā wa lam yurid illal-ḥayātad-dun-yā.
[29] Mangka tinggalna (Muhammad) wong sing mléngos sekang pengéling-élingé Ingsun, lan dhéwéké mung ngepéngini penguripan dunya.

ذٰلِكَ مَبْلَغُهُمْ مِّنَ الْعِلْمِۗ اِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنْ ضَلَّ عَنْ سَبِيْلِهٖۙ وَهُوَ اَعْلَمُ بِمَنِ اهْتَدٰى٣٠
Żālika mablaguhum minal-‘ilm(i), inna rabbaka huwa a‘lamu biman ḍalla ‘an sabīlih(ī), wa huwa a‘lamu bimanihtadā.
[30] Kuwé ukuran ilmuné dhéwéké kabéh. Temen, Pengéranmu, Penjenengané lewih ngawuningani sapa sing kesasar sekang dalan-É, lan Penjenengané uga sing lewih ngawuningani sapa sing olih pituduh.

وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ لِيَجْزِيَ الَّذِيْنَ اَسَاۤءُوْا بِمَا عَمِلُوْا وَيَجْزِيَ الَّذِيْنَ اَحْسَنُوْا بِالْحُسْنٰىۚ٣١
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), liyajziyal-lażīna asā'ū bimā ‘amilū wa yajziyal-lażīna aḥsanū bil-ḥusnā.
[31] Lan kagungané Gusti Allah apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi. (Kanthi mengkana) Penjenengané bakal paring piwales maring wong-wong sing padha temindak jahat sepadhan karo apa sing wis dhéwéké pergawé lan Penjenengané bakal paring piwales maring wong-wong sing padha temindak becik kanthi ganjaran sing lewih apik (suwarga).

اَلَّذِيْنَ يَجْتَنِبُوْنَ كَبٰۤىِٕرَ الْاِثْمِ وَالْفَوَاحِشَ اِلَّا اللَّمَمَۙ اِنَّ رَبَّكَ وَاسِعُ الْمَغْفِرَةِۗ هُوَ اَعْلَمُ بِكُمْ اِذْ اَنْشَاَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ وَاِذْ اَنْتُمْ اَجِنَّةٌ فِيْ بُطُوْنِ اُمَّهٰتِكُمْۗ فَلَا تُزَكُّوْٓا اَنْفُسَكُمْۗ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنِ اتَّقٰى ࣖ٣٢
Allażīna yajtanibūna kabā'iral-iṡmi wal-fawāḥisya illal-lamam(a), inna rabbaka wāsi‘ul-magfirah(ti), huwa a‘lamu bikum iż ansya'akum minal-arḍi wa iż antum ajinnatun fī buṭūni ummahātikum, falā tuzakkū anfusakum, huwa a‘lamu bimanittaqā.
[32] (Yakuwé) wong-wong sing padha ngedohi dosa-dosa gedhé lan penggawé lacut (clemer), kejaba kesalahan-kesalahan sing cilik. Temen, Pengéranmu Mahajembar pengampura-Né. Penjenengané ngawuningani kahanané ko kabéh, kawit Penjenengané nyiptakna ko kabéh sekang lemah banjur rikala ko padha ésih widhungan neng wetengé biyungmu. Mangka aja pisan-pisan ko padha nganggep awakmu suci. Penjenengané ngawuningani ngenani wong sing semarah (takwa).

اَفَرَءَيْتَ الَّذِيْ تَوَلّٰىۙ٣٣
Afa ra'aital-lażī tawallā.
[33] Mangka apa sliramu ora weruh wong sing mléngos (sekang Al-Qur’an)?

وَاَعْطٰى قَلِيْلًا وَّاَكْدٰى٣٤
Wa a‘ṭā qalīlaw wa akdā.
[34] Lan dhéwéké awéh semendhing (sekang apa sing déjanjékna) banjur ngganduli selewihé.

اَعِنْدَهٗ عِلْمُ الْغَيْبِ فَهُوَ يَرٰى٣٥
A‘indahū ‘ilmul-gaibi fahuwa yarā.
[35] Apa dhéwéké duwé ilmu ngenani sing ora keton (gaib) saéngga dhéwéké bisa ngaweruhi (kuwé)?

اَمْ لَمْ يُنَبَّأْ بِمَا فِيْ صُحُفِ مُوْسٰى٣٦
Am lam yunabba' bimā fī ṣuḥufi mūsā.
[36] Utawa apa urung dewertakna (maring dhéwéké) apa sing neng sejeroné lembaran-lembaran (Kitab Suci sing déturunaken maring) Musa?

وَاِبْرٰهِيْمَ الَّذِيْ وَفّٰىٓ ۙ٣٧
Wa ibrāhīmal-lażī waffā.
[37] Lan (lembaran-lembarané) Ibrahim sing tansah nyempurnakna janji?

اَلَّا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰىۙ٣٨
Allā taziru wāziratuw wizra ukhrā.
[38] (yakuwé) lamon sewiji wong sing dosa ora bakal mikul dosané wong liya,

وَاَنْ لَّيْسَ لِلْاِنْسَانِ اِلَّا مَا سَعٰىۙ٣٩
Wa al laisa lil-insāni illā mā sa‘ā.
[39] lan lamon menungsa mung nampa apa sing deusahakna,

وَاَنَّ سَعْيَهٗ سَوْفَ يُرٰىۖ٤٠
Wa anna sa‘yahū saufa yurā.
[40] lan setemené usahané kuwé mbésuk bakal dedhéngna (maring dhéwéké),

ثُمَّ يُجْزٰىهُ الْجَزَاۤءَ الْاَوْفٰىۙ٤١
Ṡumma yujzāhul-jazā'al-aufā.
[41] banjur bakal déparingi piwales nggo dhéwéké kanthi piwales sing paling sempurna,

وَاَنَّ اِلٰى رَبِّكَ الْمُنْتَهٰىۙ٤٢
Wa anna ilā rabbikal-muntahā.
[42] lan setemené maring Pengéranmu pungkasané (samubarang kabéh),

وَاَنَّهٗ هُوَ اَضْحَكَ وَاَبْكٰى٤٣
Wa annahū huwa aḍḥaka wa abkā.
[43] lan setemené Penjenengané sing ndadékna wong gemuyu lan nangis,

وَاَنَّهٗ هُوَ اَمَاتَ وَاَحْيَاۙ٤٤
Wa annahū huwa amāta wa aḥyā.
[44] lan setemené Penjenengané sing matékna lan nguripna,

وَاَنَّهٗ خَلَقَ الزَّوْجَيْنِ الذَّكَرَ وَالْاُنْثٰىۙ٤٥
Wa annahū khalaqaz-zaujainiż-żakara wal-unṡā.
[45] lan setemené Penjenengané sing nyiptakna pasangan lanang lan wadon,

مِنْ نُّطْفَةٍ اِذَا تُمْنٰىۙ٤٦
Min nuṭfatin iżā tumnā.
[46] sekang banyu mani, rikala depancurna,

وَاَنَّ عَلَيْهِ النَّشْاَةَ الْاُخْرٰىۙ٤٧
Wa anna ‘alaihin nasy'atal-ukhrā.
[47] lan setemené Penjenengané sing netepna penciptanan sing liya (tangi sakwisé mati),

وَاَنَّهٗ هُوَ اَغْنٰى وَاَقْنٰىۙ٤٨
Wa annahū huwa agnā wa aqnā.
[48] lan setemené Penjenengané sing maringi kesugihan lan kecukupan,

وَاَنَّهٗ هُوَ رَبُّ الشِّعْرٰىۙ٤٩
Wa annahū huwa rabbusy-syi‘rā.
[49] lan setemené Penjenengané Pengéran (sing kagungan) lintang Syira’, 817
817) Lintang sing désembah déning wong-wong Arab wektu zaman Jahiliyah.

وَاَنَّهٗٓ اَهْلَكَ عَادًا ۨالْاُوْلٰىۙ٥٠
Wa annahū ahlaka ‘ādanil-ūlā.
[50] lan setemené Penjenengané sing wis numpes kaum ‘Ad gemiyén,

وَثَمُوْدَا۟ فَمَآ اَبْقٰىۙ٥١
Wa ṡamūda famā abqā.
[51] lan kaum Samud, ora sijia wong sing détinggalna déning Penjenengané (urip),

وَقَوْمَ نُوْحٍ مِّنْ قَبْلُۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا هُمْ اَظْلَمَ وَاَطْغٰىۗ٥٢
Wa qauma nūḥim min qabl(u), innahum kānū hum aẓlama wa aṭgā.
[52] lan (uga) kaumé Nuh seurungé kuwé. Temen, dhéwéké kabéh kuwé wong sing padha aniaya lan paling duraka.

وَالْمُؤْتَفِكَةَ اَهْوٰىۙ٥٣
Wal-mu'tafikata ahwā.
[53] Lan grubugan angin wis ngambrukna (negari kaumé Lut),

فَغَشّٰىهَا مَا غَشّٰىۚ٥٤
Fa gasysyāhā mā gasysyā.
[54] banjur ngurugi negari kuwé (minangka dadi siksa) karo (runtukan) sing ngurugi dhéwéké.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكَ تَتَمَارٰى٥٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbika tatamārā.
[55] Mangka maring nékmat Pengéranmu endi sing ésih ko padha mamangna?

هٰذَا نَذِيْرٌ مِّنَ النُّذُرِ الْاُوْلٰى٥٦
Hāżā nażīrum minan-nużuril-ūlā.
[56] Kiyé (Muhammad) salah sijiné wong sing awéh pengéling-éling neng antarané wong sing padha awéh pengéling-éling gemiyén.

اَزِفَتِ الْاٰزِفَةُ ۚ٥٧
Azifatil-āzifah(tu).
[57] Sing pérek (dina kiyamat) wis tambah mérek.

لَيْسَ لَهَا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ كَاشِفَةٌ ۗ٥٨
Laisa lahā min dūnillāhi kāsyifah(tun).
[58] Sing pérek (dina kiyamat) wis tambah mérek.

اَفَمِنْ هٰذَا الْحَدِيْثِ تَعْجَبُوْنَۙ٥٩
Afamin hāżal-ḥadīṡi ta‘jabūn(a).
[59] Mangka apa ko padha krasa gumun maring pewartan kiyé?

وَتَضْحَكُوْنَ وَلَا تَبْكُوْنَۙ٦٠
Wa taḍḥakūna wa lā tabkūn(a).
[60] lan ko padha perguyu lan ora nangis,

وَاَنْتُمْ سٰمِدُوْنَ٦١
Wa antum sāmidūn(a).
[61] éwadéné ko padha ngemprah (sekang kuwé).

فَاسْجُدُوْا لِلّٰهِ وَاعْبُدُوْا ࣖ ۩٦٢
Fasjudū lillāhi wa‘budū.
[62] Mangka padha sujuda maring Gusti Allah lan sembaha (Penjenengané).