Surah Ar-Rahman

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلرَّحْمٰنُۙ١
Ar-raḥmān(u).
[1] (Gusti Allah) sing Mahaasih,

عَلَّمَ الْقُرْاٰنَۗ٢
‘Allamal-qur'ān(a).
[2] Sing wis mulangna Al-Qur’an.

خَلَقَ الْاِنْسَانَۙ٣
Khalaqal-insān(a).
[3] Penjenengané nyiptakna menungsa,

عَلَّمَهُ الْبَيَانَ٤
‘Allamahul-bayān(a).
[4] Penjenengané nyiptakna menungsa,

اَلشَّمْسُ وَالْقَمَرُ بِحُسْبَانٍۙ٥
Asy-syamsu wal-qamaru biḥusbān(in).
[5] Srengéngé lan wulan ngiter miturut prétungan,

وَّالنَّجْمُ وَالشَّجَرُ يَسْجُدَانِ٦
Wan-najmu wasy-syajaru yasjudān(i).
[6] lan thethukulan lan wit-witan, sekloroné tundhuk (maring Penjenengané).

وَالسَّمَاۤءَ رَفَعَهَا وَوَضَعَ الْمِيْزَانَۙ٧
Was-samā'a rafa‘ahā wa waḍa‘al-mīzān(a).
[7] Lan langit wis Penjenengané dhuwurna lan Penjenengané nyiptakna keseimbangan,

اَلَّا تَطْغَوْا فِى الْمِيْزَانِ٨
Allā taṭgau fil-mīzān(i).
[8] supayané ko aja padha ngrusak keseimbangan kuwé,

وَاَقِيْمُوا الْوَزْنَ بِالْقِسْطِ وَلَا تُخْسِرُوا الْمِيْزَانَ٩
Wa aqīmul-wazna bil-qisṭi wa lā tukhsirul-mīzān(a).
[9] lan jejegna keseimbangan kuwé kanthi adil lan ko aja padha ngurangi keseimbangan kuwé.

وَالْاَرْضَ وَضَعَهَا لِلْاَنَامِۙ١٠
Wal-arḍa waḍa‘ahā lil-anām(i).
[10] Lan bumi wis Penjenengané gelar nggo titahé (mahluk-E),

فِيْهَا فَاكِهَةٌ وَّالنَّخْلُ ذَاتُ الْاَكْمَامِۖ١١
Fīhā fākihatuw wan-nakhlu żātul-akmām(i).
[11] Neng sejeroné ana woh-wohan lan wit korma sing duwé mancung manggar,

وَالْحَبُّ ذُو الْعَصْفِ وَالرَّيْحَانُۚ١٢
Wal-ḥabbu żul-‘aṣfi war-raiḥān(u).
[12] lan wiji-wijian sing ana kulité lan kembang-kembang sing wangi ambuné

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ١٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[13] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

خَلَقَ الْاِنْسَانَ مِنْ صَلْصَالٍ كَالْفَخَّارِ١٤
Khalaqal-insāna min ṣalṣālin kal-fakhkhār(i).
[14] Penjenengané nyiptakna menungsa sekang lemah garing kaya paruk,

وَخَلَقَ الْجَاۤنَّ مِنْ مَّارِجٍ مِّنْ نَّارٍۚ١٥
Wa khalaqal-jānna mim mārijim min nār(in).
[15] lan Penjenengané nyiptakna jin sekang urubé geni tanpa kukus.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ١٦
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[16] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

رَبُّ الْمَشْرِقَيْنِ وَرَبُّ الْمَغْرِبَيْنِۚ١٧
Rabbul-masyriqaini wa rabbul-magribain(i).
[17] Pengéran (sing ngupakara) wétan loro lan Pengéran (sing ngupakara)kulon loro. 818
818) Nggon mlethék lan surupé srengéngé neng mangsa panas lan mangsa adhem.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ١٨
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[18] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

مَرَجَ الْبَحْرَيْنِ يَلْتَقِيٰنِۙ١٩
Marajal-baḥraini yaltaqiyān(i).
[19] Penjenengané ngejorna segara loro padha mili sing (sebanjuré) sekloroné ketemu.

بَيْنَهُمَا بَرْزَخٌ لَّا يَبْغِيٰنِۚ٢٠
Bainahumā barzakhul lā yabgiyān(i).
[20] Neng antarané sekloroné ana wates sing ora deliwati déning saben-sabené. 819
819) Neng antarané mufasir ana sing nduwé penemu setemené La yabghiyan maksudé saben-sabené ora padha ngepéngini. Kanthi mengkana maksud ayat 19 lan 20, yakuwé ana rong segara sing loroné misah dewatesi kambi lemah genting kuwé ora dekarepna (ora deperlukena), mula neng akhiré, lemah genting kuwé debuang (dekeruk nggo keperluan liwate prahu), mula ketemu rong segara kuwé mau. Kaya Terusan Suez lan Terusan Panama.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٢١
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[21] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

يَخْرُجُ مِنْهُمَا اللُّؤْلُؤُ وَالْمَرْجَانُۚ٢٢
Yakhruju minhumal-lu'lu'u wal-marjān(u).
[22] Sekang sekloroné metu mutiara lan merjan.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٢٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[23] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

وَلَهُ الْجَوَارِ الْمُنْشَاٰتُ فِى الْبَحْرِ كَالْاَعْلَامِۚ٢٤
Wa lahul-jawāril-munsya'ātu fil-baḥri kal-a‘lām(i).
[24] Kagungan Penjenengané prahu-prahu sing mlaku nglayar neng segara kaya gunung-gunung.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ ࣖ٢٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[25] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

كُلُّ مَنْ عَلَيْهَا فَانٍۖ٢٦
Kullu man ‘alaihā fān(in).
[26] Kabéh sing ana neng bumi kuwé arep ancur,

وَّيَبْقٰى وَجْهُ رَبِّكَ ذُو الْجَلٰلِ وَالْاِكْرَامِۚ٢٧
Wa yabqā wajhu rabbika żul-jalāli wal-ikrām(i).
[27] ning pesuryané Pengéranmu sing ndarbeni keagungan lan kemulyan tetep langgeng.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٢٨
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[28] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

يَسْـَٔلُهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ كُلَّ يَوْمٍ هُوَ فِيْ شَأْنٍۚ٢٩
Yas'aluhū man fis-samāwāti wal-arḍ(i), kulla yaumin huwa fī sya'n(in).
[29] Apa sing neng langit lan neng bumi tansah terus padha nyuwun maring Penjenengané. Saben wektu Penjenengané neng sejeroné kegiatan. 820
820) Gusti Allah terus nyiptakna, nguripaken, matiaken, ngrumat, paring rejeki lan liya-liyané.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٠
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[30] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

سَنَفْرُغُ لَكُمْ اَيُّهَ الثَّقَلٰنِۚ٣١
Sanafrugu lakum ayyuhaṡ-ṡaqalān(i).
[31] Ingsun bakal paring kawigatén secukupé maring ko kabéh, hé (golongan) menungsa lan jin!

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٢
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[32] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

يٰمَعْشَرَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ اِنِ اسْتَطَعْتُمْ اَنْ تَنْفُذُوْا مِنْ اَقْطَارِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ فَانْفُذُوْاۗ لَا تَنْفُذُوْنَ اِلَّا بِسُلْطٰنٍۚ٣٣
Yā ma‘syaral-jinni wal-insi inistaṭa‘tum an tanfużū min aqṭāris-samāwāti wal-arḍi fanfużū, lā tanfużūna illā bisulṭān(in).
[33] Hé golongan jin lan menungsa! Angger ko padha kewawa nrobos (ngliwati) adohé langit lan bumi, mangka trobosa. Ko ora bakal padha kewawa nrobos kejaba kanthi daya (sekang Gusti Allah).

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٤
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[34] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

يُرْسَلُ عَلَيْكُمَا شُوَاظٌ مِّنْ نَّارٍۙ وَّنُحَاسٌ فَلَا تَنْتَصِرَانِۚ٣٥
Yursalu ‘alaikumā syuwāẓum min nār(in), wa nuḥāsun falā tantaṣirān(i).
[35] Maring ko kabéh (jin lan menungsa), bakal dekirim urubé geni lan jer-jeran tembaga (panas) saéngga ko ora padha bisa nylametna awakmu dhéwék (sekang kuwé).

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٦
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[36] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

فَاِذَا انْشَقَّتِ السَّمَاۤءُ فَكَانَتْ وَرْدَةً كَالدِّهَانِۚ٣٧
Fa iżansyaqqatis-samā'u fa kānat wardatan kad-dihān(i).
[37] Mangka rikala langit wis semigar lan dadi abang (kaya kembang) mawar kaya (kileng-kilengé) lenga.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٨
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[38] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

فَيَوْمَئِذٍ لَّا يُسْـَٔلُ عَنْ ذَنْۢبِهٖٓ اِنْسٌ وَّلَا جَاۤنٌّۚ٣٩
Fa yauma'iżil lā yus'alu ‘an żambihī insuw wa lā jānn(un).
[39] Mangka neng dina kuwé menungsa lan jin ora détakoni ngenani dosané. 821
821) Neng wektuné arep déjaluki tanggungjawabé ingatasé sekabéhé amal penggawéné.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٤٠
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[40] Mula nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

يُعْرَفُ الْمُجْرِمُوْنَ بِسِيْمٰهُمْ فَيُؤْخَذُ بِالنَّوَاصِيْ وَالْاَقْدَامِۚ٤١
Yu‘raful-mujrimūna bisīmāhum fa yu'khażu bin-nawāṣī wal-aqdām(i).
[41] Wong-wong sing padha dosa kuwé deketarani kanthi tandha-tandhané, banjur desenteg mbun-mbuné lan sikilé.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٤٢
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[42] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

هٰذِهٖ جَهَنَّمُ الَّتِيْ يُكَذِّبُ بِهَا الْمُجْرِمُوْنَۘ٤٣
Hāżihī jahannamul-latī yukażżibu bihal-mujrimūn(a).
[43] Kiyé neraka Jahanam sing dégorohna déning wong-wong sing padha dosa.

يَطُوْفُوْنَ بَيْنَهَا وَبَيْنَ حَمِيْمٍ اٰنٍۚ٤٤
Yaṭūfūna bainahā wa baina ḥamīmin ān(in).
[44] Wong-wong kuwé mubeng-mubeng neng kana lan neng antarané banyu sing umeb.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ ࣖ٤٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[45] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha goroha?

وَلِمَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهٖ جَنَّتٰنِۚ٤٦
Wa liman khāfa maqāma rabbihī jannatān(i).
[46] Lan tumrap sapa sing padha wedi maring wektu ngadhep maring Pengérané, ana suwarga loro. 822
822) Suwarga nggo menungsa lan suwarga nggo jin. Ana uga mufasir duwé penemu suwarga dunya lan suwarga akhérat.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۙ٤٧
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[47] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

ذَوَاتَآ اَفْنَانٍۚ٤٨
Żawātā afnān(in).
[48] sekloroné suwarga kuwé duwé werna-werna wit-witan lan woh-wohan.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٤٩
Fabi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[49] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

فِيْهِمَا عَيْنٰنِ تَجْرِيٰنِۚ٥٠
Fīhimā ‘aināni tajriyān(i).
[50] Neng njeroné suwarga loro kuwé ana tuk banyu loro sing mancur.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٥١
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[51] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

فِيْهِمَا مِنْ كُلِّ فَاكِهَةٍ زَوْجٰنِۚ٥٢
Fīhimā min kulli fākihatin zaujān(i).
[52] Nang njeroné suwarga loro kuwé ana pirang-pirang woh-wohan sing pasang-pasangan.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٥٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[53] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

مُتَّكِـِٕيْنَ عَلٰى فُرُشٍۢ بَطَاۤىِٕنُهَا مِنْ اِسْتَبْرَقٍۗ وَجَنَا الْجَنَّتَيْنِ دَانٍۚ٥٤
Muttaki'īna ‘alā furusyim baṭā'inuhā min istabraq(in), wa janal-jannataini dān(in).
[54] Wong-wong kuwé padha séndhéhan neng ndhuwur babut sing bagéan njeroné (dégawé) sekang sutra kandel. Lan woh-wohan neng suwarga loro kuwé bisa (depethik) sekang pérekan.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٥٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[55] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

فِيْهِنَّ قٰصِرٰتُ الطَّرْفِۙ لَمْ يَطْمِثْهُنَّ اِنْسٌ قَبْلَهُمْ وَلَا جَاۤنٌّۚ٥٦
Fīhinna qāṣirātuṭ-ṭarf(i), lam yaṭmiṡhunna insun qablahum wa lā jānn(un).
[56] Neng njero suwarga kuwé ana widadari-widadari sing ngreksa penyawangé, sing ora nglakon desénggol neng menungsa utawa jin seurungé.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٥٧
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[57] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

كَاَنَّهُنَّ الْيَاقُوْتُ وَالْمَرْجَانُۚ٥٨
Ka'annahunnal-yāqūtu wal-marjān(u).
[58] Kaya-kaya dhéwéké (widadari kuwé) prelikan yakut lan merjan.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٥٩
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[59] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

هَلْ جَزَاۤءُ الْاِحْسَانِ اِلَّا الْاِحْسَانُۚ٦٠
Hal jazā'ul-iḥsāni illal-iḥsān(u).
[60] Ora nana piwales kanggo kebecikan seliyané kebecikan (uga).

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٦١
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[61] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

وَمِنْ دُوْنِهِمَا جَنَّتٰنِۚ٦٢
Wa min dūnihimā jannatān(i).
[62] Lan seliyané suwarga loro kuwé ana suwarga loro maning. 823
823) Seliyané suwarga loro sing kesebut mau ana maning suwarga nggo wong-wong mukmin sing kurang drajaté tenimbang wong-wong mukmin sing mlebu maring suwarga sing dhisit.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۙ٦٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[63] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

مُدْهَاۤمَّتٰنِۚ٦٤
Mudhāmmatān(i).
[64] Suwarga loro kuwé (keton) ijo tua wernané.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٦٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[65] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

فِيْهِمَا عَيْنٰنِ نَضَّاخَتٰنِۚ٦٦
Fīhimā ‘aināni naḍḍākhatān(i).
[66] Nang njeroné suwarga loro kuwé ana tuk banyu loro sing mancur.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٦٧
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[67] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko gorohna?

فِيْهِمَا فَاكِهَةٌ وَّنَخْلٌ وَّرُمَّانٌۚ٦٨
Fīhimā fākihatuw wa nakhluw wa rummān(un).
[68] Neng njero suwarga kuwé ana woh-wohan, korma lan delima.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٦٩
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[69] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

فِيْهِنَّ خَيْرٰتٌ حِسَانٌۚ٧٠
Fīhinna khairātun ḥisān(un).
[70] Neng njeroné suwarga-suwarga kuwé ana widadari-widadari sing apik-apik lan ayu pisan.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٧١
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[71] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

حُوْرٌ مَّقْصُوْرٰتٌ فِى الْخِيَامِۚ٧٢
Ḥūrum maqṣūrātun fil-khiyām(i).
[72] Widadari-widadari sing deréksa neng sejeroné sanggrah-sanggrah (tendha).

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٧٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[73] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

لَمْ يَطْمِثْهُنَّ اِنْسٌ قَبْلَهُمْ وَلَا جَاۤنٌّۚ٧٤
Lam yaṭmiṡhunna insun qablahum wa lā jānn(un).
[74] Dhéwéké (para widadari) seurungé ora nglakon desénggol déning menungsa utawa déning jin.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٧٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[75] Mula nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

مُتَّكِـِٕيْنَ عَلٰى رَفْرَفٍ خُضْرٍ وَّعَبْقَرِيٍّ حِسَانٍۚ٧٦
Muttaki'īna ‘alā rafrafin khuḍriw wa ‘abqariyyin ḥisān(in).
[76] Dhéwéké padha séndhéhan neng kampil-kampil sing ijo lan babut sing maén.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٧٧
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[77] Mangka nékmaté Pengéranmu sing endi sing ko padha gorohna?

تَبٰرَكَ اسْمُ رَبِّكَ ذِى الْجَلٰلِ وَالْاِكْرَامِ ࣖ٧٨
Tabārakasmu rabbika żil-jalāli wal-ikrām(i).
[78] Mahasuci asmané Pengéranmu Sing Kagungan Keluhuran lan Kemulyan.