Surah Al-Mujadilah

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قَدْ سَمِعَ اللّٰهُ قَوْلَ الَّتِيْ تُجَادِلُكَ فِيْ زَوْجِهَا وَتَشْتَكِيْٓ اِلَى اللّٰهِ ۖوَاللّٰهُ يَسْمَعُ تَحَاوُرَكُمَاۗ اِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌۢ بَصِيْرٌ١
Qad sami‘allāhu qaulal-latī tujādiluka fī zaujihā wa tasytakī ilallāh(i), wallāhu yasma‘u taḥāwurakumā, innallāha samī‘um baṣīr(un).
[1] Temen, Gusti Allah wis midhanget ucapané wong wadon sing ngajokna gugatan maring sliramu (Muhammad) ngenani lanangé, lan madulna (pekewuhé) maring Gusti Allah, lan Gusti Allah midhanget pewicarané sliramu sekloroné. Setemené Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Mriksani. 832
832) Sebab temuruné ayat kiyé gandhéng karo masalah wong wadon sing jenengé Khaulah binti Tsa’labah sing wis dejihar neng lanangé Aus bin Samit, yakuwé kanthi ngucap maring bojoné, “Ko kuwé kanggoné Inyong wis kaya gigiré biyungku”; kanthi maksud dhéwéké ora olih maning nyampuri bojoné, kayadéné dhéwéké ora ulih nyampuri biyungé. Miturut adat Jahiliyah kalimah jihar kaya kuwé wis padha karo megat bojo. Mangka Khaulah madulna masalahé maring Kanjeng Rasul s.a.w. Rasulullah njawab, neng masalah kiyé urung ana putusané Gusti Allah. Lan neng riwayat liya Rasulullah ngendhika: “Ko wis délarang nyampuri bojomu.” Banjur Khaulah ngucap: “Bojoku urung ngucap tembung talak”. Banjur Khualah bola-bali ndhesek Rasulullah supayané netepna putusan neng prekara kiyé, mangka banjur temurun ayat kiyé lan ayat-ayat sebanjuré.

اَلَّذِيْنَ يُظٰهِرُوْنَ مِنْكُمْ مِّنْ نِّسَاۤىِٕهِمْ مَّا هُنَّ اُمَّهٰتِهِمْۗ اِنْ اُمَّهٰتُهُمْ اِلَّا الّٰۤـِٔيْ وَلَدْنَهُمْۗ وَاِنَّهُمْ لَيَقُوْلُوْنَ مُنْكَرًا مِّنَ الْقَوْلِ وَزُوْرًاۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَعَفُوٌّ غَفُوْرٌ٢
Allażīna yuẓāhirūna minkum min nisā'ihim mā hunna ummahātihim, in ummahātuhum illal-lā'ī waladnahum, wa innahum layaqūlūna munkaram minal-qauli wa zūrā(n), wa innallāha la‘afuwwun gafūr(un).
[2] Wong-wong neng antarané ko kabéh sing njihar bojoné (nganggep bojoné kayadéné biyungé dhéwék, mangkané) si bojo kuwé udu biyungé. Biyung-biyungé dhéwéké kabéh mung wong sing mbabarna dhéwéké. Lan setemené dhéwéké (sing padha njihar) nyata-nyata ngucapnatembung sing ngrusak (mungkar) lan dosa. Lan setemené Gusti Allah Mahaaris, Maha Ngampura.

وَالَّذِيْنَ يُظٰهِرُوْنَ مِنْ نِّسَاۤىِٕهِمْ ثُمَّ يَعُوْدُوْنَ لِمَا قَالُوْا فَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّتَمَاۤسَّاۗ ذٰلِكُمْ تُوْعَظُوْنَ بِهٖۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ٣
Wal-lażīna yuẓāhirūna min nisā'ihim ṡumma ya‘ūdūna limā qālū fa taḥrīru raqabatim min qabli ay yatamāssā, żālikum tū‘aẓūna bih(ī), wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[3] Lan wong-wong sing padha njihar bojoné banjur njabel apa sing wis déucapna, mangka (dhéwéké padha déwajibna) mbébasna rewang tukon (budak) siji, seurungé selaki-rabi kuwé padha campur. Mengkana kuwé sing dewulangna maring ko kabéh, lan Gusti Allah Mahanastiti maring apa sing ko padha pergawé.

فَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ شَهْرَيْنِ مُتَتَابِعَيْنِ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَّتَمَاۤسَّاۗ فَمَنْ لَّمْ يَسْتَطِعْ فَاِطْعَامُ سِتِّيْنَ مِسْكِيْنًاۗ ذٰلِكَ لِتُؤْمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۗ وَتِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ ۗوَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٤
Famal lam yajid faṣiyāmu syahraini mutatābi‘aini min qabli ay yatamāssā, famal lam yastaṭi‘ fa iṭ‘āmu sittīna miskīnā(n), żālika litu'minū billāhi wa rasūlih(ī), wa tilka ḥudūdullāh(i), wa lil-kāfirīna ‘ażābun alīm(un).
[4] Mangka sapa wongé sing ora bisa (mbébasna rewang tukon), mangka (dhéwéké wajib) puasa rong wulan dhur-dhuran seurungé sekloroné padha campur. Ning sapa wongé ora kuwat, mangka (wajib) awéh pangan (maring) wong miskin sewidak. Mengkana kuwé supayané ko padha precaya maring Gusti Allah lan Utusan-Né. Kuwé hukum-hukumé Gusti Allah, lan tumrap wong-wong sing padha ngingkari kuwé bakal nampa siksa sing banget perihé.

اِنَّ الَّذِيْنَ يُحَاۤدُّوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ كُبِتُوْا كَمَا كُبِتَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ وَقَدْ اَنْزَلْنَآ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍۗ وَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ مُّهِيْنٌۚ٥
Innal-lażīna yuḥāddūnallāha wa rasūlahū kubitū kamā kubital-lażīna min qablihim wa qad anzalnā āyātim bayyināt(in), wa lil-kāfirīna ‘ażābum muhīn(un).
[5] Setemené wong-wong sing padha nglawan Gusti Allah lan Utusan-É mesthi nampa kenisthan kayadéné kenisthan sing wis détampa déning wong-wong seurungé dhéwéké kabéh. Lan temen, Ingsun wis nurunaken bukti-bukti sing nyata. Lan tumrap wong-wong sing padha ngingkari kuwé bakal nampa siksa sing gawé ina.

يَوْمَ يَبْعَثُهُمُ اللّٰهُ جَمِيْعًا فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوْاۗ اَحْصٰىهُ اللّٰهُ وَنَسُوْهُۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ ࣖ٦
Yauma yab‘aṡuhumullāhu jamī‘an fa yunabbi'uhum bimā ‘amilū, aḥṣāhullāhu wa nasūh(u), wallāhu ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[6] Neng dina kuwé wong-wong mau padha détangékna déning Gusti Allah, banjur dewertakna maring dhéwéké kabéh apa sing wis padha dhéwéké pergawé. Gusti Allah ngétung kuwé (sekabéh lakon penggawéan kuwé), senajan dhéwéké wis padha kelalén. Lan Gusti Allah Maha Mriksani samubarang kabéh.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ مَا يَكُوْنُ مِنْ نَّجْوٰى ثَلٰثَةٍ اِلَّا هُوَ رَابِعُهُمْ وَلَا خَمْسَةٍ اِلَّا هُوَ سَادِسُهُمْ وَلَآ اَدْنٰى مِنْ ذٰلِكَ وَلَآ اَكْثَرَ اِلَّا هُوَ مَعَهُمْ اَيْنَ مَا كَانُوْاۚ ثُمَّ يُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوْا يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ اِنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ٧
Alam tara annallāha ya‘lamu mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), mā yakūnu min najwā ṡalāṡatin illā huwa rābi‘uhum wa lā khamsatin illā huwa sādisuhum wa lā adnā min żālika wa lā akṡara illā huwa ma‘ahum aina mā kānū, ṡumma yunabbi'uhum bimā ‘amilū yaumal-qiyāmah(ti), innallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[7] Apa ko ora padha nggatékena, lamon Gusti Allah ngawuningani apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi? Ora nana pewicaran wewadi antarané wong telu, anging Penjenengané sing kapaté. Lan ora nana wong lima, anging Penjenengané sing kanemé. Lan ora nana sing kurang sekang kuwé utawa lewih akéh, anging Penjenengané mesthi ana bareng karo dhéwéké kabéh neng ngendi baé dhéwéké padha mapan. Banjur Penjenengané bakal paring werta maring dhéwéké kabéh neng dina Kiyamat apa sing wis dhéwéké padha pergawé. Setemené Gusti Allah Maha Ngawuningani samubarang kabéh.

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ نُهُوْا عَنِ النَّجْوٰى ثُمَّ يَعُوْدُوْنَ لِمَا نُهُوْا عَنْهُ وَيَتَنٰجَوْنَ بِالْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَمَعْصِيَتِ الرَّسُوْلِۖ وَاِذَا جَاۤءُوْكَ حَيَّوْكَ بِمَا لَمْ يُحَيِّكَ بِهِ اللّٰهُ ۙوَيَقُوْلُوْنَ فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ لَوْلَا يُعَذِّبُنَا اللّٰهُ بِمَا نَقُوْلُۗ حَسْبُهُمْ جَهَنَّمُۚ يَصْلَوْنَهَاۚ فَبِئْسَ الْمَصِيْرُ٨
Alam tara ilal-lażīna nuhū ‘anin-najwā ṡummā ya‘ūdūna limā nuhū ‘anhu wa yatanājauna bil-iṡmi wal-‘udwāni wa ma‘ṣiyatir-rasūl(i), wa iżā jā'ūka ḥayyauka bimā lam yuḥayyika bihillāh(u), wa yaqūlūna fī anfusihim lau lā yu‘ażżibunallāhu bimā naqūl(u), ḥasbuhum jahannam(u), yaṣlaunahā, fa bi'sal-maṣīr(u).
[8] Apa ko ora padha nggatékna wong-wong sing wis délarang nganakna pewicaran sidheman (rahasia), banjur dhéwéké padha mbaléni (nglakoni) larangan kuwé lan dhéwéké padha nganakna pewicaran sidheman nggo nglakoni dosa, mungsuhan lan duraka maring Rasul. Lan angger wong-wong kuwé teka maring sliramu (Muhammad) dhéwéké padha ngucapna salam kanthi cara sing ora kaya détemtokna déning Gusti Allah nggo sliramu. Lan dhéwéké padha ngucap maring awaké dhéwék, “Kenangapa Gusti Allah ora nyiksa inyong kabéh ingatasé apa sing inyong padha ucapna kiyé?” Cukup tumrap wong-wong kuwé neraka Jahanam sing bakal dhéwéké padha leboni. Mangka neraka kuwé seala-alané panggonan bali.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا تَنَاجَيْتُمْ فَلَا تَتَنَاجَوْا بِالْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَمَعْصِيَتِ الرَّسُوْلِ وَتَنَاجَوْا بِالْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā tanājaitum falā tatanājau bil-iṡmi wal-‘udwāni wa ma‘ṣiyatir-rasūli wa tanājau bil-birri wat-taqwā, wattaqullāhal-lażī ilaihi tuḥsyarūn(a).
[9] Hé wong-wong sing padha precaya! Rikala ko padha nganakna pewicaran sidheman, aja pisan-pisan ko padha ngrembug penggawéyan dosa, mungsuhan lan durhaka maring Rasul. Ning padha ngrembuga panggawéan becik lan semarah. Lan padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah sing maring Penjenengané ko bakal padha dékumpulna maning.

اِنَّمَا النَّجْوٰى مِنَ الشَّيْطٰنِ لِيَحْزُنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَلَيْسَ بِضَاۤرِّهِمْ شَيْـًٔا اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ١٠
Innaman-najwā minasy-syaiṭāni liyaḥzunal-lażīna āmanū wa laisa biḍārrihim syai'an illā bi'iżnillāh(i), wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[10] Setemené pewicaran sidheman kuwé kelebu (penggawéané) sétan, supaya wong-wong sing precaya padha susah atiné, mangkané (rembugan) kuwé ora dadi bebaya babar pisan tumrap dhéwéké kabéh kejaba kanthi idiné Gusti Allah. Lan maring Gusti Allah peryogané wong-wong sing precaya padha pasrah.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا قِيْلَ لَكُمْ تَفَسَّحُوْا فِى الْمَجٰلِسِ فَافْسَحُوْا يَفْسَحِ اللّٰهُ لَكُمْۚ وَاِذَا قِيْلَ انْشُزُوْا فَانْشُزُوْا يَرْفَعِ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْۙ وَالَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ دَرَجٰتٍۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ١١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā qīla lakum tafassaḥū fil-majālisi fafsaḥū yafsaḥillāhu lakum, wa iżā qīlansyuzū fansyuzū yarfa‘illāhul-lażīna āmanū minkum, wal-lażīna ūtul-‘ilma darajāt(in), wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[11] Hé wong-wong sing padha precaya! Angger déucapna maring ko kabéh, “Wéhna kelonggaran neng sejeroné sesamuan-sesamuan (majlis),” mangka longgarana, mesthi Gusti Allah bakal paring kelonggaran nggo ko kabéh. Lan angger déucapna, “Padha ngadega ko kabéh,” mangka ngadega, mesthi Gusti Allah bakal ngangkat (drajaté) wong-wong sing padha precaya neng antarané ko kabéh lan wong-wong sing déparingi ilmu sewetara drajat. Lan Gusti Allah Mahanastiti (ingatasé) apa sing ko padha pergawé.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا نَاجَيْتُمُ الرَّسُوْلَ فَقَدِّمُوْا بَيْنَ يَدَيْ نَجْوٰىكُمْ صَدَقَةً ۗذٰلِكَ خَيْرٌ لَّكُمْ وَاَطْهَرُۗ فَاِنْ لَّمْ تَجِدُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā nājaitumur-rasūla fa qaddimū baina yaday najwākum ṣadaqah(tan), żālika khairul lakum wa aṭhar(u), fa'illam tajidū fa innallāha gafūrur raḥīm(un).
[12] Hé wong-wong sing padha precaya! Angger ko padha nganakna rembugan mligi karo Rasul preyogané ko padha ngetokna perwéwéh (maring wong mlarat) seurungé nganakna rembugan kuwé. Sing mengkana kuwé lewih apik tumrap ko kabéh tur lewih brésih. Ning anger ko padha ora mekolih (sing arep dewéwéhna) mangka temen Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.

ءَاَشْفَقْتُمْ اَنْ تُقَدِّمُوْا بَيْنَ يَدَيْ نَجْوٰىكُمْ صَدَقٰتٍۗ فَاِذْ لَمْ تَفْعَلُوْا وَتَابَ اللّٰهُ عَلَيْكُمْ فَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۗوَاللّٰهُ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ ࣖ١٣
A'asyfaqtum an tuqaddimū baina yaday najwākum ṣadaqāt(in), fa iż lam taf‘alū wa tāballāhu ‘alaikum fa'aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta wa aṭī‘ullāha wa rasūlah(ūwallāhu khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[13] Apa ko padha wedi bakal (dadi mlarat) merga ko padha ngawéhna perwéwéh seurungé (temindak) rembugan karo Rasul? Ning angger ko padha ora nglakoni kuwé lan Gusti Allah wis paring pengampura maring ko, mangka padha lakonana sembayang, lan lunasi jakat uga padha manuta maring Gusti Allah lan Rasul-E! Lan Gusti Allah Mahanastiti ingatasé apa sing ko padha pergawé.

۞ اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ تَوَلَّوْا قَوْمًا غَضِبَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْۗ مَا هُمْ مِّنْكُمْ وَلَا مِنْهُمْۙ وَيَحْلِفُوْنَ عَلَى الْكَذِبِ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ١٤
Alam tara ilal-lażīna tawallau qauman gaḍiballāhu ‘alaihim, mā hum minkum wa lā minhum, wa yaḥlifūna ‘alal-każibi wa hum ya‘lamūn(a).
[14] Apa ko ora padha nggatékna wong-wong lamis (munapék) sing ndadékna sewijiné kaum sing wis debendoni déning Gusti Allah dadi batiré? Wong-wong kuwé udu sekang (kaumé) ko kabéh lan udu sekang (kaumé) dhéwéké kabéh. Lan dhéwéké padha sumpah ingatasé apus-apus, mangkané dhéwéké padha mengerténi.

اَعَدَّ اللّٰهُ لَهُمْ عَذَابًا شَدِيْدًاۗ اِنَّهُمْ سَاۤءَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٥
A‘addallāhu lahum ‘ażāban syadīdā(n), innahum sā'a mā kānū ya‘malūn(a).
[15] Gusti Allah wis nyedhiakna siksa sing banget kerasé tumrap dhéwéké kabéh. Temen banget alané apa sing wis dhéwéké padha pergawé.

اِتَّخَذُوْٓا اَيْمَانَهُمْ جُنَّةً فَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ فَلَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ١٦
Ittakhażū aimānahum junnatan fa ṣaddū ‘an sabīlillāhi falahum ‘ażābum muhīn(un).
[16] Dhéwéké kabéh ndadékna sumpah-sumpahé nggo tameng, banjur dhéwéké padha ngalang-ngalangi (menungsa) sekang dalané Gusti Allah, mangka tumrap dhéwéké siksa sing gawé ina.

لَنْ تُغْنِيَ عَنْهُمْ اَمْوَالُهُمْ وَلَآ اَوْلَادُهُمْ مِّنَ اللّٰهِ شَيْـًٔاۗ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۗ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ١٧
Lan tugniya ‘anhum amwāluhum wa lā aulāduhum minallāhi syai'ā(n), ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[17] Dunya brana lan anak-anaké ora nana pigunané semendhing-mendhinga (nggo nulungi) dhéwéké sekang siksané Gusti Allah. Dhéwéké padha manggoni neraka, dhéwéké kabéh langgeng neng njeroné.

يَوْمَ يَبْعَثُهُمُ اللّٰهُ جَمِيْعًا فَيَحْلِفُوْنَ لَهٗ كَمَا يَحْلِفُوْنَ لَكُمْ وَيَحْسَبُوْنَ اَنَّهُمْ عَلٰى شَيْءٍۗ اَلَآ اِنَّهُمْ هُمُ الْكٰذِبُوْنَ١٨
Yauma yab‘aṡuhumullāhu jamī‘an fa yaḥlifūna lahū kamā yaḥlifūna lakum wa yaḥsabūna annahum ‘alā syai'(in), alā innahum humul-kāżibūn(a).
[18] (Élinga) neng dina (rikala) wong-wong kabéh détangékna déning Gusti Allah, banjur dhéwéké padha sumpah maring Penjenengané (lamon dhéwéké udu wong sing padha musrik) kayadéné sing dhéwéké sumpah maring ko kabéh; lan dhéwéké padha ngira lamon dhéwéké bakal mekolih sewijiné (manpangat). Kawruhana, lamon dhéwéké kabéh wong tukang apus-apus.

اِسْتَحْوَذَ عَلَيْهِمُ الشَّيْطٰنُ فَاَنْسٰىهُمْ ذِكْرَ اللّٰهِ ۗ اُولٰۤىِٕكَ حِزْبُ الشَّيْطٰنِۗ اَلَآ اِنَّ حِزْبَ الشَّيْطٰنِ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ١٩
Istaḥważa ‘alaihimusy-syaiṭānu fa'ansāhum żikrallāh(i), ulā'ika ḥizbusy-syaiṭān(i), alā inna ḥizbasy-syaiṭāni humul-khāsirūn(a).
[19] Sétan wis ngewasani wong-wong kuwé, banjur ndadékna dhéwéké padha kelalén ngéling-éling Gusti Allah; dhéwéké kuwé golongané sétan. Kawruhana, lamon golongané sétan kuwé golongan sing kapitunan.

اِنَّ الَّذِيْنَ يُحَاۤدُّوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗٓ اُولٰۤىِٕكَ فِى الْاَذَلِّيْنَ٢٠
Innal-lażīna yuḥāddūnallāha wa rasūlahū ulā'ika fil-ażallīn(a).
[20] Setemené wong-wong sing padha nglawan maring Gusti Allah lan Rasul-É, dhéwéké padha klebu wong-wong sing banget inané.

كَتَبَ اللّٰهُ لَاَغْلِبَنَّ اَنَا۠ وَرُسُلِيْۗ اِنَّ اللّٰهَ قَوِيٌّ عَزِيْزٌ٢١
Kataballāhu la'aglibanna ana wa rusulī, innallāha qawiyyun ‘azīz(un).
[21] Gusti Allah wis netepna, “Ingsun lan utusan-utusané Ingsun mesthi menang.” Temen, Gusti Allah Mahakuwat, Mahadigdaya.

لَا تَجِدُ قَوْمًا يُّؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ يُوَاۤدُّوْنَ مَنْ حَاۤدَّ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَلَوْ كَانُوْٓا اٰبَاۤءَهُمْ اَوْ اَبْنَاۤءَهُمْ اَوْ اِخْوَانَهُمْ اَوْ عَشِيْرَتَهُمْۗ اُولٰۤىِٕكَ كَتَبَ فِيْ قُلُوْبِهِمُ الْاِيْمَانَ وَاَيَّدَهُمْ بِرُوْحٍ مِّنْهُ ۗوَيُدْخِلُهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ رَضِيَ اللّٰهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُۗ اُولٰۤىِٕكَ حِزْبُ اللّٰهِ ۗ اَلَآ اِنَّ حِزْبَ اللّٰهِ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ ࣖ٢٢
Lā tajidu qaumay yu'minūna billāhi wal-yaumil ākhiri yuwāddūna man ḥāddallāha wa rasūlahū wa lau kānū ābā'ahum au abnā'ahum au ikhwānahum au ‘asyīratahum, ulā'ika kataba fī qulūbihimul-īmāna wa ayyadahum birūḥim minh(u), wa yudkhiluhum jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, raḍiyallāhu ‘anhum wa raḍū ‘anh(u), ulā'ika ḥizbullāh(i), alā inna ḥizballāhi humul-mufliḥūn(a).
[22] Sliramu (Muhammad) ora bakal nemu sewijiné kaum sing precaya maring Gusti Allah lan dina akhérat, padha andum ketresnan karo wong-wong sing padha nglawan maring Gusti Allah lan Rasul-É, senajan wong-wong kuwé ramané, anaké, seduluré utawa kulawargané. Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing neng atiné wis detanduri déning Gusti Allah keprecayaan lan Gusti Allah wis neguhna dhéwéké kanthi pitulungan 833 sing teka sekang Penjenengané. Banjur déning Penjenengané dhéwéké padha délebokna maring suwarga sing neng ngisoré mili bengawan-bengawan, wong-wong kuwé langgeng neng sejeroné. Gusti Allah karenan maring dhéwéké lan dhéwéké (uga) padha krasa marem ingatasé (lubéran kewelasan)-É. Wong-wong kuwé golongané Gusti Allah, Padha élinga, setemené golongané Gusti Allah kuwé sing begya.
833) Kekarepan lan kekuwatan batin, bresihé ati, kemenangan ingatasé mungsuh lan liya-liyané.