Surah Al-Hasyr
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَبَّحَ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۚ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ١
Sabbaḥa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[1]
Apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi padha maha-nyucekna (maca tasbéh) maring Gusti Allah; lan Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.
هُوَ الَّذِيْٓ اَخْرَجَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ مِنْ دِيَارِهِمْ لِاَوَّلِ الْحَشْرِۗ مَا ظَنَنْتُمْ اَنْ يَّخْرُجُوْا وَظَنُّوْٓا اَنَّهُمْ مَّانِعَتُهُمْ حُصُوْنُهُمْ مِّنَ اللّٰهِ فَاَتٰىهُمُ اللّٰهُ مِنْ حَيْثُ لَمْ يَحْتَسِبُوْا وَقَذَفَ فِيْ قُلُوْبِهِمُ الرُّعْبَ يُخْرِبُوْنَ بُيُوْتَهُمْ بِاَيْدِيْهِمْ وَاَيْدِى الْمُؤْمِنِيْنَۙ فَاعْتَبِرُوْا يٰٓاُولِى الْاَبْصَارِ٢
Huwal-lażī akhrajal-lażīna kafarū min ahlil-kitābi min diyārihim li'awwalil-ḥasyr(i), mā ẓanantum ay yakhrujū wa ẓannū annahum māni‘atuhum ḥuṣūnuhum minallāhi fa atāhumullāhu min ḥaiṡu lam yaḥtasibū wa qażafa fī qulūbihimur-ru‘ba yukhribūna buyūtahum bi'aidīhim wa aidil-mu'minīn(a), fa‘tabirū yā ulil-abṣār(i).
[2]
Penjenengané sing ngetokna wong-wong kapir neng antarané Ahli Kitab sekang désané, rikala urak-urakan sing kawitan. 834 Ko kabéh ora padha ngira, lamon wong-wong kuwé arep padha metu lan dhéwéké uga padha precaya, bénténg-bénténgé bakal bisa ngayomi dhéwéké kabéh sekang (siksané) Gusti Allah; mangka Gusti Allah nekakna (pesiksan) maring dhéwéké sekang prenah sing ora dhéwéké nyana-nyana. Lan Gusti Allah nuwuhna rasa wedi maring atiné; saéngga dhéwéké padha ngajurna umah-umahé karo tangané dhéwék lan tangané wong-wong mukmin. Mangka padha ngalapa (kedadéan kuwé) nggo piwulang, hé wong-wong sing padha duwé pandhangan!
834) Wong-wong Yahudi bani Nadir, dhéwéké sing awal-awal dékumpulna kanggo déurak metu sekang Medinah.
وَلَوْلَآ اَنْ كَتَبَ اللّٰهُ عَلَيْهِمُ الْجَلَاۤءَ لَعَذَّبَهُمْ فِى الدُّنْيَاۗ وَلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابُ النَّارِ٣
Wa lau lā an kataballāhu ‘alaihimul-jalā'a la‘ażżabahum fid-dun-yā, wa lahum fil-ākhirati ‘ażābun-nār(i).
[3]
Lan sekirané ora merga Gusti Allah wis netepna pengurakan tumrap wong-wong kuwé, mesthi Gusti Allah nyiksa dhéwéké kabéh neng dunya. Lan neng akhérat dhéwéké bakal padha nampa siksa neraka.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ شَاۤقُّوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۖوَمَنْ يُّشَاۤقِّ اللّٰهَ فَاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٤
Żālika bi'annahum syāqqullāha wa rasūlah(ū), wa may yusyāqqillāha fa'innallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[4]
Sing mengkana kuwé merga setemené wong-wong mau padha nglawan Gusti Allah lan Rasul-É. Sapa wongé sing nglawan Gusti Allah, mangka setemené Gusti Allah banget keras ukuman-É.
مَا قَطَعْتُمْ مِّنْ لِّيْنَةٍ اَوْ تَرَكْتُمُوْهَا قَاۤىِٕمَةً عَلٰٓى اُصُوْلِهَا فَبِاِذْنِ اللّٰهِ وَلِيُخْزِيَ الْفٰسِقِيْنَ٥
Mā qaṭa‘tum mil līnatin au taraktumūhā qā'imatan ‘alā uṣūlihā fa bi'iżnillāhi wa liyukhziyal-fāsiqīn(a).
[5]
Apa sing ko padha tegor neng antarané wit-wit korma (duwéké wong-wong kapir) utawa sing ko padha jorna (tuwuh) ngadeg neng sendhuwur bedhogolé, mangka (kuwé demadi) kanthi idiné Gusti Allah; lan merga Penjenengané kersa paring kenisthan maring wong-wong pasék ( dosa).
وَمَآ اَفَاۤءَ اللّٰهُ عَلٰى رَسُوْلِهٖ مِنْهُمْ فَمَآ اَوْجَفْتُمْ عَلَيْهِ مِنْ خَيْلٍ وَّلَا رِكَابٍ وَّلٰكِنَّ اللّٰهَ يُسَلِّطُ رُسُلَهٗ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٦
Wa mā afā'allāhu ‘alā rasūlihī minhum famā aujaftum ‘alaihi min khailiw wa lā rikābiw wa lākinnallāha yusalliṭu rusulahū ‘alā may yasyā'(u), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[6]
Lan bandha rampasan fai’ 835 sekang wong-wong kuwé sing déparingna déning Gusti Allah maring Rasul-É, ko ora padha merlokna jaran utawa onta nggo mekolih kuwé, ning Gusti Allah paring kewasa maring para utusan-utusan-É tumrap sapa sing Penjenengané kersakna. Lan Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
835) Banda rampasan sing déjikot sekang mungsuh kanthi ora nganggo perang, pembagéané béda karo pembagéan ghanimah. Ghanimah kuwé bandha rampasan sing déjikot sekang mungsuh sewisé perang. Pembagéan fai’ kaya sing désebut neng ayat 7, déné pembagéan ghanimah désebut neng ayat 41 surat Al-Anfal.
مَآ اَفَاۤءَ اللّٰهُ عَلٰى رَسُوْلِهٖ مِنْ اَهْلِ الْقُرٰى فَلِلّٰهِ وَلِلرَّسُوْلِ وَلِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَابْنِ السَّبِيْلِۙ كَيْ لَا يَكُوْنَ دُوْلَةً ۢ بَيْنَ الْاَغْنِيَاۤءِ مِنْكُمْۗ وَمَآ اٰتٰىكُمُ الرَّسُوْلُ فَخُذُوْهُ وَمَا نَهٰىكُمْ عَنْهُ فَانْتَهُوْاۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِۘ٧
Mā afā'allāhu ‘alā rasūlihī min ahlil-qurā fa lillāhi wa lir-rasūli wa liżil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīni wabnis-sabīl(i), kailā yakūna dūlatam bainal-agniyā'i minkum, wa mā ātākumur-rasūlu fa khużūhu wa mā nahākum ‘anhu fantahū, wattaqullāh(a), innallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[7]
Bandha rampasan (fai’) sekang wong-wong kuwé sing déparingna déning Gusti Allah maring Utusan-É (sing asalé) sekang warga pirang-pirang negari yakuwé nggo Gusti Allah, Rasul, sanak-kadangé (Rasul), bocah-bocah yatim, wong-wong miskin lan nggo wong-wong sing lagi neng lelungan, supaya bandha kuwé aja mung mubeng mung neng antarané wong-wong sugih neng antarané ko kabéh. Apa sing déwéhna déning Rasul maring ko kabéh preyoga détampani. Lan apa sing délarang déning dhéwéké tumrap ko kabéh peryoga tinggalna. Lan padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah. Temen, Gusti Allah banget keras ukuman-É.
لِلْفُقَرَاۤءِ الْمُهٰجِرِيْنَ الَّذِيْنَ اُخْرِجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ وَاَمْوَالِهِمْ يَبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانًا وَّيَنْصُرُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الصّٰدِقُوْنَۚ٨
Lil-fuqarā'il-muhājirīnal-lażīna ukhrijū min diyārihim wa amwālihim yabtagūna faḍlam minallāhi wa riḍwānaw wa yanṣurūnallāha wa rasūlah(ū), ulā'ika humuṣ-ṣādiqūn(a).
[8]
(Bandha rampasan kuwé uga) nggo wong-wong butuh (fakir) sing padha boyong 836 sing déurak sekang désané lan ninggalna dunya branané seperlu nggoléti kanugrahan sekang Gusti Allah lan karenan-É lan seperlu nulungi agamané) Gusti Allah lan utusan-É. Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing bener.
836) Kerabat Nabi, bocah-bocah yatim, wong-wong mlarat, lan wong sing neng lelungan lan kabéh wong pekir (butuh) lan padha boyongan.
وَالَّذِيْنَ تَبَوَّءُو الدَّارَ وَالْاِيْمَانَ مِنْ قَبْلِهِمْ يُحِبُّوْنَ مَنْ هَاجَرَ اِلَيْهِمْ وَلَا يَجِدُوْنَ فِيْ صُدُوْرِهِمْ حَاجَةً مِّمَّآ اُوْتُوْا وَيُؤْثِرُوْنَ عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ وَلَوْ كَانَ بِهِمْ خَصَاصَةٌ ۗوَمَنْ يُّوْقَ شُحَّ نَفْسِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَۚ٩
Wal-lażīna tabawwa'ud-dāra wal-īmāna min qablihim yuḥibbūna man hājara ilaihim wa lā yajidūna fī ṣudūrihim ḥājatam mimmā ūtū wa yu'ṡirūna ‘alā anfusihim wa lau kāna bihim khaṣāṣah(tun), wa may yūqa syuḥḥa nafsihī fa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[9]
Lan wong-wong (warga Medinah) sing wis manggoni kota Medinah lan wis padha precaya seurungé (tekané) wong-wong (boyongan), dhéwéké nresnani wong-wong sing padha boyong maring panggonané dhéwéké. Lan dhéwéké ora padha duwé kepénginan neng njero atiné ingatasé apa sing déwéhna maring wong-wong (boyongan kuwé), lan dhéwéké ngutamakna (wong boyongan) tenimbang awaké dhéwék, senajan dhéwéké uga padha mbutuhna. Lan sapa sing dereksa awaké sekang (sipat) medhit, mangka dhéwéké kuwé klebu wong-wong sing padha begya.
وَالَّذِيْنَ جَاۤءُوْ مِنْۢ بَعْدِهِمْ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْاِيْمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا رَبَّنَآ اِنَّكَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ ࣖ١٠
Wal-lażīna jā'ū mim ba‘dihim yaqūlūna rabbanagfir lanā wa li'ikhwāninal-lażīna sabaqūnā bil-īmāni wa lā taj‘al fī qulūbinā gillal lil-lażīna āmanū rabbanā innaka ra'ūfur raḥīm(un).
[10]
Lan wong-wong sing teka sewisé dhéwéké (wong boyongan lan warga pribumi), dhéwéké padha nyenyuwun, “Duh Pengéran kula sami, mugi ngampunteni kula lan sedhérék-sedhérék kula ingkang empun sami precaya sedéréngé kula, lan mugi ampun Penjenengan nuwuhakén raos drengki selebetipun manah kula sedaya ingatasé tiyang-tiyang ingkang sami precaya. dhuh Pengéran kula sami, éstu, Penjenengan Mahaaris, Mahaasih.”
۞ اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ نَافَقُوْا يَقُوْلُوْنَ لِاِخْوَانِهِمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ لَىِٕنْ اُخْرِجْتُمْ لَنَخْرُجَنَّ مَعَكُمْ وَلَا نُطِيْعُ فِيْكُمْ اَحَدًا اَبَدًاۙ وَّاِنْ قُوْتِلْتُمْ لَنَنْصُرَنَّكُمْۗ وَاللّٰهُ يَشْهَدُ اِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ١١
Alam tara ilal-lażīna nāfaqū yaqūlūna li'ikhwānihimul-lażīna kafarū min ahlil-kitābi la'in ukhrijtum lanakhrujanna ma‘akum wa lā nuṭī‘u fīkum aḥadan abadā(n), wa in qūtiltum lananṣurannakum, wallāhu yasyhadu innahum lakāżibūn(a).
[11]
Apa ko ora padha nggatékena wong-wong lamis (munapék) sing ngucap maring sedulur-seduluré sing kapir neng antarané Ahli Kitab, “Temen, angger ko padha déurak mesthi inyong kabéh uga bakal metu bareng karo ko kabéh; lan inyong selawasé ora bakal manut maring sapa baé seperlu (mbélani) ko kabéh, lan angger ko deperangi mesthi inyong padha bakal mbantu ko kabéh.” Lan Gusti Allah mriksani lamon wong-wong kuwé nyata-nyata tukang apus-apus.
لَىِٕنْ اُخْرِجُوْا لَا يَخْرُجُوْنَ مَعَهُمْۚ وَلَىِٕنْ قُوْتِلُوْا لَا يَنْصُرُوْنَهُمْۚ وَلَىِٕنْ نَّصَرُوْهُمْ لَيُوَلُّنَّ الْاَدْبَارَۙ ثُمَّ لَا يُنْصَرُوْنَ١٢
La'in ukhrijū lā yakhrujūna ma‘ahum, wa la'in qūtilū lā yanṣurūnahum, wa la'in naṣarūhum layuwallunnal-adbār(a), ṡumma lā yunṣarūn(a).
[12]
Temen, angger wong-wong (kapir Ahli Kitab) déurak, wong-wong munapék kuwé ora bakal metu bareng karo dhéwéké kabéh, lan angger wong-wong kuwé deperangi, wong-wong (munapék uga) ora bakal nulungi; lan umpamané wong-wong (munapék) kuwé nulungi, mesthi dhéwéké bakal padha mléngos maring mburi, banjur dhéwéké ora bakal padha olih pitulungan.
لَاَنْتُمْ اَشَدُّ رَهْبَةً فِيْ صُدُوْرِهِمْ مِّنَ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَفْقَهُوْنَ١٣
La'antum asyaddu rahbatan fī ṣudūrihim minallāh(i), żālika bi'annahum qaumul lā yafqahūn(a).
[13]
Setemené neng njero atiné wong-wong kuwé, ko kabéh (muslimin) lewih dewedéni tenimbang Gusti Allah. Sing mengkana kuwé merga dhéwéké wong-wong sing padha ora ngreti.
لَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ جَمِيْعًا اِلَّا فِيْ قُرًى مُّحَصَّنَةٍ اَوْ مِنْ وَّرَاۤءِ جُدُرٍۗ بَأْسُهُمْ بَيْنَهُمْ شَدِيْدٌ ۗ تَحْسَبُهُمْ جَمِيْعًا وَّقُلُوْبُهُمْ شَتّٰىۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَعْقِلُوْنَۚ١٤
Lā yuqātilūnakum jamī‘an illā fī quram muḥaṣṣanatin au miw warā'i judur(in), ba'suhum bainahum syadīd(un), taḥsabuhum jamī‘aw wa qulūbuhum syattā, żālika bi'annahum qaumul lā ya‘qilūn(a).
[14]
Dhéwéké ora bakal padha merangi ko kabéh (kanthi cara) bareng-bareng, kejaba neng negari-negari sing ana bénténgé utawa neng semburiné témbok. Memungsuhan neng antarané wong-wong kuwé banget nemené. Ko padha ngira wong-wong kuwé dadi siji, mangkané atiné dhéwéké padha crah-bubrah. Sing mengkana kuwé merga dhéwéké wong-wong sing ora padha ngreti.
كَمَثَلِ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ قَرِيْبًا ذَاقُوْا وَبَالَ اَمْرِهِمْۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌۚ١٥
Kamaṡalil-lażīna min qablihim qarīban żāqū wabāla amrihim, wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[15]
(Dhéwéké) kaya wong-wong seurungé dhéwéké (Yahudi) sing urung suwé keliwat, wis ngrasakna akibat sing ala (kebirat) jalaran polahé dhéwéké kabéh. Lan dhéwéké bakal padha nampa siksa sing perih.
كَمَثَلِ الشَّيْطٰنِ اِذْ قَالَ لِلْاِنْسَانِ اكْفُرْۚ فَلَمَّا كَفَرَ قَالَ اِنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّنْكَ اِنِّيْٓ اَخَافُ اللّٰهَ رَبَّ الْعٰلَمِيْنَ١٦
Kamaṡalisy-syaiṭāni iż qāla lil-insānikfur, falammā kafara qāla innī barī'um minka innī akhāfullāha rabbal-‘ālamīn(a).
[16]
(Pengarih-arihé wong-wong munapék kuwé) kayadéné pengarih-arihé sétan rikala dhéwéké ngucap maring menungsa, “Padha kapira ko kabéh!” Banjur rikala menungsa dadi padha kapir, dhéwéké (sétan) ngucap, “Setemené inyong ora cawé-cawé karo ko kabéh, merga setemené inyong wedi maring Gusti Allah, Pengérané sekabéh ngalam.”
فَكَانَ عَاقِبَتَهُمَآ اَنَّهُمَا فِى النَّارِ خٰلِدَيْنِ فِيْهَاۗ وَذٰلِكَ جَزٰۤؤُا الظّٰلِمِيْنَ ࣖ١٧
Fa kāna ‘āqibatahumā annahumā fin-nāri khālidaini fīhā, wa żālika jazā'uẓ-ẓālimīn(a).
[17]
Mangka wekasané tumrap sekloroné, lamon karo-karoné padha mlebu maring neraka, langgeng neng sejeroné. Mengkana kuwé piwalesé tumrap wong-wong sing padha aniaya (dolim).
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ١٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha waltanẓur nafsum mā qaddamat ligad(in), wattaqullāh(a), innallāha khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[18]
Hé wong-wong sing padha precaya! Padha semaraha maring Gusti Allah lan preyogané saben-saben wong nggatékna apa sing wis dépergawé nggo dina ngésuk (akhérat) lan padha semaraha maring Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Mahanastiti ingatasé apa sing ko kabéh pergawé.
وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ نَسُوا اللّٰهَ فَاَنْسٰىهُمْ اَنْفُسَهُمْۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ١٩
Wa lā takūnū kal-lażīna nasullāha fa'ansāhum anfusahum, ulā'ika humul-fāsiqūn(a).
[19]
Lan aja pisan-pisan ko padha kaya wong-wong sing kelalén maring Gusti Allah, saéngga Gusti Allah ndadékna dhéwéké padha kelalén maring awaké dhéwék. Dhéwéké kuwé wong-wong sing padha dosa (fasek).
لَا يَسْتَوِيْٓ اَصْحٰبُ النَّارِ وَاَصْحٰبُ الْجَنَّةِۗ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ هُمُ الْفَاۤىِٕزُوْنَ٢٠
Lā yastawī aṣḥābun-nāri wa aṣḥābul-jannah(ti), aṣḥābul-jannati humul-fā'izūn(a).
[20]
Ora padha para warga neraka karo para warga suwarga; para warga suwarga kuwé wong-wong sing padha olih kemenangan.
لَوْ اَنْزَلْنَا هٰذَا الْقُرْاٰنَ عَلٰى جَبَلٍ لَّرَاَيْتَهٗ خَاشِعًا مُّتَصَدِّعًا مِّنْ خَشْيَةِ اللّٰهِ ۗوَتِلْكَ الْاَمْثَالُ نَضْرِبُهَا لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُوْنَ٢١
Lau anzalnā hāżal-qur'āna ‘alā jabalil lara'aitahū khāsyi‘am mutaṣaddi‘am min khasy-yatillāh(i), wa tilkal-amṡālu naḍribuhā lin-nāsi la‘allahum yatafakkarūn(a).
[21]
Sekirané Ingsun turunaken Al-Qur’an kiyé maring sewijiné gunung, mesthi ko bakal padha weruh (gunung kuwé) ndhengkluk pecah-brah merga wedi maring Gusti Allah. Lan peumpaman-peumpaman kuwé Ingsun gawé nggo menungsa supaya dhéwéké padha mikir.
هُوَ اللّٰهُ الَّذِيْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِۚ هُوَ الرَّحْمٰنُ الرَّحِيْمُ٢٢
Huwallāhul-lażī lā ilāha illā huw(a), ‘ālimul-gaibi wasy-syahādah(ti), huwar-raḥmānur-raḥīm(u).
[22]
Penjenengané Gusti Allah, ora nana sembahan seliyané Penjenengané. Sing Ngawuningani prekara sing ora keton (gaib) lan sing nyata. Penjenengané Sing Mahawelas, Mahaasih.
هُوَ اللّٰهُ الَّذِيْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۚ اَلْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلٰمُ الْمُؤْمِنُ الْمُهَيْمِنُ الْعَزِيْزُ الْجَبَّارُ الْمُتَكَبِّرُۗ سُبْحٰنَ اللّٰهِ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٢٣
Huwallāhul-lażī lā ilāha illā huw(a), al-malikul-quddūsus-salāmul-mu'minul-muhaiminul-‘azīzul-jabbārul-mutakabbir(u), subḥānallāhi ‘ammā yusyrikūn(a).
[23]
Penjenengané Gusti Allah, ora nana sembahan seliyané Penjenengané. Maharaja Sing Mahasuci, Sing Maharaharja, Sing Mbaureksa Keamanan, Sing Nguri-uri Keslametan, Sing Mahagigdaya, Sing Mahakewasa, Sing Ngasta Sekabéh Keagungan, Mahasuci Gusti Allah sekang apa sing dhéwéké padha sekuthokna.
هُوَ اللّٰهُ الْخَالِقُ الْبَارِئُ الْمُصَوِّرُ لَهُ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰىۗ يُسَبِّحُ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ٢٤
Huwallāhul-khāliqul-bāri'ul-muṣawwiru lahul-asmā'ul-ḥusnā, yusabbiḥu lahū mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[24]
Penjenengané Gusti Allah Sing Maha Nyiptakna, Sing Ndadekna Ana, Sing Gawé Rupa, Penjenengané kagungan asma-asma sing éndah. Apa sing ana neng langit lan neng bumi padha maha-nyucekna (maca tasbéh) maring Penjenengané. Lan Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.