Surah Al-Mumtahanah
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوْا عَدُوِّيْ وَعَدُوَّكُمْ اَوْلِيَاۤءَ تُلْقُوْنَ اِلَيْهِمْ بِالْمَوَدَّةِ وَقَدْ كَفَرُوْا بِمَا جَاۤءَكُمْ مِّنَ الْحَقِّۚ يُخْرِجُوْنَ الرَّسُوْلَ وَاِيَّاكُمْ اَنْ تُؤْمِنُوْا بِاللّٰهِ رَبِّكُمْۗ اِنْ كُنْتُمْ خَرَجْتُمْ جِهَادًا فِيْ سَبِيْلِيْ وَابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِيْ تُسِرُّوْنَ اِلَيْهِمْ بِالْمَوَدَّةِ وَاَنَا۠ اَعْلَمُ بِمَآ اَخْفَيْتُمْ وَمَآ اَعْلَنْتُمْۗ وَمَنْ يَّفْعَلْهُ مِنْكُمْ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاۤءَ السَّبِيْلِ١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżū ‘aduwwī wa ‘aduwwakum auliyā'a tulqūna ilaihim bil-mawaddati wa qad kafarū bimā jā'akum minal-ḥaqq(i), yukhrijūnar-rasūla wa iyyākum an tu'minū billāhi rabbikum, in kuntum kharajtum jihādan fī sabīlī wabtigā'a marḍātī tusirrūna ilaihim bil-mawaddah(ti), wa ana a‘lamu bimā akhfaitum wa mā a‘lantum, wa may yaf‘alhu minkum faqad ḍalla sawā'as-sabīl(i).
[1]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja pisan-pisan ko padha ndadékna mungsuhé Ingsun lan mungsuhmu minangka dadi batir-batir raket, saéngga ko padha mbutulna maring dhéwéké (werta-wertané Muhammad), merga rasa welas asih; mangkané dhéwéké wis padha ingkar sekang bebener sing debutulna maring ko kabéh. Dhéwéké wis padha ngurak Rasul lan ko dhéwék merga ko padha precaya maring Gusti Allah, Pengéranmu. Angger ko padha temen-temen metu nggo lelabuh (jihad) neng dalané Ingsun lan nggolét karenané Ingsun (aja pisan-pisan ko padha temindak kaya kuwé). Ko padha awéh ngerti kanthi sidhem-sidheman (werta-wertané Muhammad) maring dhéwéké kabéh merga rasa welas asih, lan Ingsun lewih ngawuningani apa sing ko padha umpetna lan apa sing ko padha edhéngna. Lan sapa wongé neng antarané ko kabéh sira nglakoni kuwé, mangka temen, dhéwéké wis kesasar sekang dalan sing jejeg.
اِنْ يَّثْقَفُوْكُمْ يَكُوْنُوْا لَكُمْ اَعْدَاۤءً وَّيَبْسُطُوْٓا اِلَيْكُمْ اَيْدِيَهُمْ وَاَلْسِنَتَهُمْ بِالسُّوْۤءِ وَوَدُّوْا لَوْ تَكْفُرُوْنَۗ٢
Iy yaṡqafūkum yakūnū lakum a‘dā'aw wa yabsuṭū ilaikum aidiyahum wa alsinatahum bis-sū'i wa waddū lau takfurūn(a).
[2]
Angger wong-wong kuwé nangkep ko kabéh, mesthi dhéwéké padha temindak minangka mungsuh tumrap ko kabéh, banjur ngumbar tangan lan lésané ingatasé ko kabéh seperlu nglarani lan dhéwéké padha kepéngin supaya ko padha (bali) kapir.
لَنْ تَنْفَعَكُمْ اَرْحَامُكُمْ وَلَآ اَوْلَادُكُمْ ۛيَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۛيَفْصِلُ بَيْنَكُمْۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٣
Lan tanfa‘akum arḥāmukum wa lā aulādukum yaumal-qiyāmati yafṣilu bainakum, wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[3]
Sanak-sedulurmu lan anak-anakmu ora bakal migunani tumrap ko kabéh neng dina Kiyamat. Penjenengané bakal misahna antarané ko kabéh. Lan Gusti Allah Maha Mriksani apa sing ko kabéh pergawé.
قَدْ كَانَتْ لَكُمْ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ فِيْٓ اِبْرٰهِيْمَ وَالَّذِيْنَ مَعَهٗۚ اِذْ قَالُوْا لِقَوْمِهِمْ اِنَّا بُرَءٰۤؤُا مِنْكُمْ وَمِمَّا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۖ كَفَرْنَا بِكُمْ وَبَدَا بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةُ وَالْبَغْضَاۤءُ اَبَدًا حَتّٰى تُؤْمِنُوْا بِاللّٰهِ وَحْدَهٗٓ اِلَّا قَوْلَ اِبْرٰهِيْمَ لِاَبِيْهِ لَاَسْتَغْفِرَنَّ لَكَ وَمَآ اَمْلِكُ لَكَ مِنَ اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍۗ رَبَّنَا عَلَيْكَ تَوَكَّلْنَا وَاِلَيْكَ اَنَبْنَا وَاِلَيْكَ الْمَصِيْرُ٤
Qad kānat lakum uswatun ḥasanatun fī ibrāhīma wal-lażīna ma‘ah(ū), iż qālū liqaumihim innā bura'ā'u minkum wa mimmā ta‘budūna min dūnillāh(i), kafarnā bikum wa badā bainanā wa bainakumul-‘adāwatu wal-bagḍā'u abadan ḥattā tu'minū billāhi waḥdahū illā qaula ibrāhīma li'abīhi la'astagfiranna laka wa mā amliku laka minallāhi min syai'(in), rabbanā ‘alaika tawakkalnā wa ilaika anabnā wa ilaikal-maṣīr(u).
[4]
Temen, wis ana tepa-tuladha sing apik nggo ko kabéh neng (pribadine) Ibrahim lan wong-wong sing padha bareng karo dhéwéké, nalika dhéwéké ngucap maring kaumé, “Setemené inyong padha kipat sekang ko kabéh lan sekang apa sing ko padha sembah seliyané Gusti Allah, inyong kabéh ngingkari (kekapiran)mu lan wis genah antarané inyong lan ko kabéh ana mungsuhan lan wewadhéhan nggo selawas-lawasé nganti ko padha precaya mung maring Gusti Allah,” Kejaba ucapané Ibrahim maring ramané, 837 “Temen, inyong arep nyuwunaken ngampura nggo rika, ning inyong babar pisan ora bisa nolak (siksané) Gusti Allah tumrap rika.” (Ibrahim matur), “Dhuh Pengéran kula sami, namung dhateng Penjenengan kula sedaya pasrah lan namung dhateng Penjenengan kula sami mertobat lan namung dhateng Penjenengan kula sami wangsul.
837) Nabi Ibrahim wis nglakon nyuwunaken ampura nggo ramané sing musrik maring Gusti Allah, kiyé ora kena détiru merga Gusti Allah ora mbenerna wong mukmin njalukna ampura nggo wong kapir (An-Nisa ayat 48).
رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا فِتْنَةً لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَاغْفِرْ لَنَا رَبَّنَاۚ اِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٥
Rabbanā lā taj‘alnā fitnatal lil-lażīna kafarū wagfir lanā rabbanā, innaka antal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[5]
Dhuh Pengéran kula sami, mugi ampun Penjenengan dadosaken kula sedaya (inceran) pitnah tumrap tiyang-tiyang kapir. Lan mugi ngampurani kula sami, dhuh Pengéran kula sedaya. Sejatosipun Penjenengan Ingkang Mahadigdaya, Mahawicaksana.
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْهِمْ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَۗ وَمَنْ يَّتَوَلَّ فَاِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ ࣖ٦
Laqad kāna lakum fīhim uswatun ḥasanatul liman kāna yarjullāha wal-yaumal-ākhir(a), wa may yatawalla fa'innallāha huwal-ganiyyul-ḥamīd(u).
[6]
Temen neng wong-wong kuwé (Ibrahim lan umaté) ana tepa-tuladha sing apik tumrap ko kabéh; (yakuwé) tumrap wong-wong sing padha ngarep-arep (ganjarané) Gusti Allah lan (keslametan neng) dina akhir, lan sapa wongé mléngos, mangka setemené Gusti Allah, Penjenengané Sing Mahasugih, Maha Pinuji.
۞ عَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّجْعَلَ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَ الَّذِيْنَ عَادَيْتُمْ مِّنْهُمْ مَّوَدَّةًۗ وَاللّٰهُ قَدِيْرٌۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٧
‘Asallāhu ay yaj‘ala bainakum wa bainal-lażīna ‘ādaitum minhum mawaddah(tan), wallāhu qadīr(un), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[7]
Moga-moga Gusti Allah nuwuhna welas asih neng antarané ko kabéh karo wong-wong sing nglakon ko padha mungsuhi neng antarané dhéwéké kabéh. Gusti Allah Mahakewasa. Lan Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.
لَا يَنْهٰىكُمُ اللّٰهُ عَنِ الَّذِيْنَ لَمْ يُقَاتِلُوْكُمْ فِى الدِّيْنِ وَلَمْ يُخْرِجُوْكُمْ مِّنْ دِيَارِكُمْ اَنْ تَبَرُّوْهُمْ وَتُقْسِطُوْٓا اِلَيْهِمْۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِيْنَ٨
Lā yanhākumullāhu ‘anil-lażīna lam yuqātilūkum fid-dīni wa lam yukhrijūkum min diyārikum an tabarrūhum wa tuqsiṭū ilaihim, innallāha yuḥibbul-muqsiṭīn(a).
[8]
Gusti Allah ora nglarang ko padha temindhak apik lan adil maring wong-wong sing ora padha merangi ko kabéh neng urusan agama lan ora ngurak ko kabéh sekang désamu. Setemené Gusti Allah nresnani wong-wong sing padha temindhak adil.
اِنَّمَا يَنْهٰىكُمُ اللّٰهُ عَنِ الَّذِيْنَ قَاتَلُوْكُمْ فِى الدِّيْنِ وَاَخْرَجُوْكُمْ مِّنْ دِيَارِكُمْ وَظَاهَرُوْا عَلٰٓى اِخْرَاجِكُمْ اَنْ تَوَلَّوْهُمْۚ وَمَنْ يَّتَوَلَّهُمْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٩
Innamā yanhākumullāhu ‘anil-lażīna qātalūkum fid-dīni wa akhrajūkum min diyārikum wa ẓāharū ‘alā ikhrājikum an tawallauhum, wa may yatawallahum fa'ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[9]
Gusti Allah mung nglarang ko padha ndadékna dhéwéké minangka batirmu wong-wong sing padha merangi ko kabéh neng urusan agama lan ngurak ko kabéh sekang désamu lan ngrewangi (wong liya) nggo ngurak ko kabéh. Sapa wongé ndadékna dhéwéké minangka batir, dhéwéké kuwé klebu wong-wong sing padha aniaya (dolim).
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا جَاۤءَكُمُ الْمُؤْمِنٰتُ مُهٰجِرٰتٍ فَامْتَحِنُوْهُنَّۗ اَللّٰهُ اَعْلَمُ بِاِيْمَانِهِنَّ فَاِنْ عَلِمْتُمُوْهُنَّ مُؤْمِنٰتٍ فَلَا تَرْجِعُوْهُنَّ اِلَى الْكُفَّارِۗ لَا هُنَّ حِلٌّ لَّهُمْ وَلَا هُمْ يَحِلُّوْنَ لَهُنَّۗ وَاٰتُوْهُمْ مَّآ اَنْفَقُوْاۗ وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اَنْ تَنْكِحُوْهُنَّ اِذَآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّۗ وَلَا تُمْسِكُوْا بِعِصَمِ الْكَوَافِرِ وَسْـَٔلُوْا مَآ اَنْفَقْتُمْ وَلْيَسْـَٔلُوْا مَآ اَنْفَقُوْاۗ ذٰلِكُمْ حُكْمُ اللّٰهِ ۗيَحْكُمُ بَيْنَكُمْۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ١٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā jā'akumul-mu'minātu muhājirātin famtaḥinūhunn(a), allāhu a‘lamu bi'īmānihinna fa'in ‘alimtumūhunna mu'minātin falā tarji‘ūhunna ilal-kuffār(i), lā hunna ḥillul lahum wa lā hum yaḥillūna lahunn(a), wa ātūhum mā anfaqū, wa lā junāḥa ‘alaikum an tankiḥūhunna iżā ātaitumūhunna ujūrahunn(a), wa lā tumsikū bi‘iṣamil-kawāfiri was'alū mā anfaqū, żālikum ḥukmullāh(i), yaḥkumu bainakum, wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[10]
Hé wong-wong sing padha precaya! Angger wong-wong wadon mukmin teka boyong maring ko kabéh, mangka preyoga ujinen (keprecayaané) dhéwéké. Gusti Allah lewih ngawuningani ngenani keprecayaané dhéwéké; angger ko wis padha ngaweruhi lamon dhéwéké padha (nyata-nyata) precaya, mangka aja ko balékna dhéwéké maring wong-wong kapir (para lanangé). Wong-wong wadon mau ora halal tumrap wong-wong kapir kuwé lan wong-wong kapir kuwé ora halal tumrap wong-wong wadon mau. Lan wéhna maring (lanangé) wong-wong wadon kuwé mas kawin (mahar) sing wis lanangé kuwé padha bayar. Lan ora nana dosa tumrap ko kabéh mbojo wong-wong wadon kuwé angger ko padha mbayarna maring dhéwéké mas kawiné (maharé). Lan aja pisan-pisan ko padha tetep nyekeli tali (jejodhoan) karo wong-wong wadon kapir, lan preyogané ko padha jaluk maning mas kawin (mahar) sing wis ko kabéh wéhna; lan (angger sing lanang tetep kapir) jorna dhéwéké padha njaluk mahar sing wis dhéwéké padha bayarna (maring randhané sing wis precaya). Mengkana kuwé hukumé Gusti Allah si(...)
وَاِنْ فَاتَكُمْ شَيْءٌ مِّنْ اَزْوَاجِكُمْ اِلَى الْكُفَّارِ فَعَاقَبْتُمْ فَاٰتُوا الَّذِيْنَ ذَهَبَتْ اَزْوَاجُهُمْ مِّثْلَ مَآ اَنْفَقُوْاۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْٓ اَنْتُمْ بِهٖ مُؤْمِنُوْنَ١١
Wa in fātakum syai'um min azwājikum ilal-kuffāri fa‘āqabtum fa'ātul-lażīna żahabat azwājuhum miṡla mā anfaqū, wattaqullāhal-lażī antum bihī mu'minūn(a).
[11]
Lan angger ana sewijiné (paribalen mahar) sing urung ko padha rampungna ingatasé bojo-bojomu sing mlayu maring wong-wong kapir, banjur ko kabéh bisa ngalahena dhéwéké, mangka wéhna (sekang bandha rampasan) maring wong-wong sing bojoné padha mlayu kuwé seakéhé mahar sing wis dhéwéké wéhna. 838 Lan padha semaraha (takwa) ko kabéh maring Gusti Allah sing maring Penjenengané ko padha precaya.
838) Seurungé ghanimah debagékna maring lprecayag golongan sing duwé hak, debayarna lewih dhisit mahar-mahar maring wong lanang sing bojo-bojoné padha mlayu maring daérah kaum kapir.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اِذَا جَاۤءَكَ الْمُؤْمِنٰتُ يُبَايِعْنَكَ عَلٰٓى اَنْ لَّا يُشْرِكْنَ بِاللّٰهِ شَيْـًٔا وَّلَا يَسْرِقْنَ وَلَا يَزْنِيْنَ وَلَا يَقْتُلْنَ اَوْلَادَهُنَّ وَلَا يَأْتِيْنَ بِبُهْتَانٍ يَّفْتَرِيْنَهٗ بَيْنَ اَيْدِيْهِنَّ وَاَرْجُلِهِنَّ وَلَا يَعْصِيْنَكَ فِيْ مَعْرُوْفٍ فَبَايِعْهُنَّ وَاسْتَغْفِرْ لَهُنَّ اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٢
Yā ayyuhan-nabiyyu iżā jā'akal-mu'minātu yubāyi‘naka ‘alā allā yusyrikna billāhi syai'aw wa lā yasriqna wa lā yaznīna wa lā yaqtulna aulādahunna wa lā ya'tīna bibuhtāniy yaftarīnahū baina aidīhinna wa arjulihinna wa lā ya‘ṣīnaka fī ma‘rūfin fabāyi‘hunna wastagfir lahunnallāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[12]
Hé Nabi! Angger wong-wong wadon mukmin padha teka maring sliramu nggo nganakna prasetia (bai’at), lamon dhéwéké padha ora arep nyekuthokena sewiji apa karo Gusti Allah, ora arep nyolong, ora arep royal (jinah), ora arep maténi bocah-bocah, ora arep temindhak apus-apus sing dhéwéké padha gawé-gawé antarané tangan lan sikilé dhéwéké 839 lan ora ndurakani sliramu sejero-né urusan sing apik, mangka tampanana janji setiané lan nyuwunaken ngampura nggo dhéwéké maring Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
839) Penggawéan sing dhéwéké gawé-gawé antarané tangan lan sikilé dhéwéké kuwé maksudhé nganakna akon-akon palsu prekara beciké antarané wong lanang lan wong wadon kaya pendakwa jinah, pendakwa lamon anaké si Fulan udu anaké lanangé lan liya-liyané.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَوَلَّوْا قَوْمًا غَضِبَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ قَدْ يَىِٕسُوْا مِنَ الْاٰخِرَةِ كَمَا يَىِٕسَ الْكُفَّارُ مِنْ اَصْحٰبِ الْقُبُوْرِ ࣖ١٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tatawallau qauman gaḍiballāhu ‘alaihim qad ya'isū minal-ākhirati kamā ya'isal-kuffāru min aṣḥābil-qubūr(i).
[13]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja pisan-pisan ko padha ndadékna wong-wong sing debendoni déning Gusti Allah minang-ka penulungmu, temen, dhéwéké wis pungkas (pedhot pengarep-arepé) maring akhérat, kayadéné pungkasé wong-wong kapir sing wis ana neng sejeroné kubur.