Surah Al-Munafiqun
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا جَاۤءَكَ الْمُنٰفِقُوْنَ قَالُوْا نَشْهَدُ اِنَّكَ لَرَسُوْلُ اللّٰهِ ۘوَاللّٰهُ يَعْلَمُ اِنَّكَ لَرَسُوْلُهٗ ۗوَاللّٰهُ يَشْهَدُ اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ لَكٰذِبُوْنَۚ١
Iżā jā'akal-munāfiqūna qālū nasyhadu innaka larasūlullāh(i), wallāhu ya‘lamu innaka larasūluh(ū), wallāhu yasyhadu innal-munāfiqīna lakāżibūn(a).
[1]
Angger wong-wong lamis (munapék) teka maring sliramu (Muhammad), dhéwéké padha ngucap, “Inyong kabéh ngakoni, lamon sliramu Utusané Gusti Allah.” Lan Gusti Allah ngawuningani lamon sliramu nyata-nyata utusané Penjenengané; lan Gusti Allah nyekséni lamon wong-wong lamis (munapék) kuwé temen-temen tukang apus-apus.
اِتَّخَذُوْٓا اَيْمَانَهُمْ جُنَّةً فَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗاِنَّهُمْ سَاۤءَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢
Ittakhażū aimānahum junnatan faṣaddū ‘an sabīlillāh(i), innahum sā'a mā kānū ya‘malūn(a).
[2]
Dhéwéké padha ndadékna sumpah-sumpahé minangka taméng, 841 banjur dhéwéké ngalang-alangi (menungsa) sekang dalané Gusti Allah. Temen, banget alané apa sing dhéwéké padha pergawé.
841) Wong-wong kuwé padha sumpah lamon dhéwéké padha precaya nggo njaga bandha lan awaké supayané aja dépaténi utawa détawan utawa derampas bandhané.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ اٰمَنُوْا ثُمَّ كَفَرُوْا فَطُبِعَ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَهُمْ لَا يَفْقَهُوْنَ٣
Żālika bi'annahum āmanū ṡumma kafarū faṭubi‘a ‘alā qulūbihim fahum lā yafqahūn(a).
[3]
Sing mengkana kuwé merga setemené dhéwéké wis padha precaya, banjur dadi kapir, mangka atiné dhéwéké kabéh dekunci, saéngga dhéwéké padha ora bisa mengerténi.
۞ وَاِذَا رَاَيْتَهُمْ تُعْجِبُكَ اَجْسَامُهُمْۗ وَاِنْ يَّقُوْلُوْا تَسْمَعْ لِقَوْلِهِمْۗ كَاَنَّهُمْ خُشُبٌ مُّسَنَّدَةٌ ۗيَحْسَبُوْنَ كُلَّ صَيْحَةٍ عَلَيْهِمْۗ هُمُ الْعَدُوُّ فَاحْذَرْهُمْۗ قَاتَلَهُمُ اللّٰهُ ۖاَنّٰى يُؤْفَكُوْنَ٤
Wa iżā ra'aitahum tu‘jibuka ajsāmuhum, wa iy yaqūlū tasma‘ liqaulihim, ka'annahum khusyubum musannadah(tun), yaḥsabūna kulla ṣaiḥatin ‘alaihim, humul-‘aduwwu faḥżarhum, qātalahumullāh(u), annā yu'fakūn(a).
[4]
Lan angger sliramu weruh wong-wong kuwé, awaké gawé gumun sliramu. Lan angger dhéwéké padha ngucap, sliramu ngrungokna ucapané. Dhéwéké kabéh kaya-kaya kayu sing desendhehna. 842 Dhéwéké padha ngira lamon saben klorongan detujokna maring dhéwéké. Wong-wong kuwé mungsuh (sing sebeneré), mangka padha sing waspada maring dhéwéké kabéh; moga-moga Gusti Allah numpes wong-wong kuwé. Kepriwé dhéwéké padha bisa depléngosna (sekang bebener)?
842) Dhéwéké deumpamakna kaya kayu sing semendheh, maksudé nggo nyebutna sipaté sing ala, senajan awaké bagus-bagus lan dhéwéké pinter ngomong, tapi sebeneré uteké kosong ora bisa mahami bebener.
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ تَعَالَوْا يَسْتَغْفِرْ لَكُمْ رَسُوْلُ اللّٰهِ لَوَّوْا رُءُوْسَهُمْ وَرَاَيْتَهُمْ يَصُدُّوْنَ وَهُمْ مُّسْتَكْبِرُوْنَ٥
Wa iżā qīla lahum ta‘ālau yastagfir lakum rasūlullāhi lawwau ru'ūsahum wa ra'aitahum yaṣuddūna wa hum mustakbirūn(a).
[5]
Lan angger déucapna maring wong-wong kuwé, “Ayuh (padha precaya), supaya Rasulullah nyuwunaken ampura nggo ko kabéh,” dhéwéké padha mbuwang rai lan sliramu weruh wong-wong kuwé mléngos kanthi ngagul-agulna awaké dhéwék.
سَوَاۤءٌ عَلَيْهِمْ اَسْتَغْفَرْتَ لَهُمْ اَمْ لَمْ تَسْتَغْفِرْ لَهُمْۗ لَنْ يَّغْفِرَ اللّٰهُ لَهُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ٦
Sawā'un ‘alaihim astagfarta lahum am lam tastagfir lahum, lay yagfirallāhu lahum, innallāha lā yahdil-qaumal-fāsiqīn(a).
[6]
Padha baé tumrap dhéwéké kabéh, sliramu (Muhammad) suwunaken ampura nggo dhéwéké utawa ora suwunaken ngapura nggo dhéwéké. Gusti Allah ora bakal ngampurani wong-wong kuwé; setemené Gusti Allah ora bakal paring pituduh maring wong-wong sing dosa (fasék).
هُمُ الَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ لَا تُنْفِقُوْا عَلٰى مَنْ عِنْدَ رَسُوْلِ اللّٰهِ حَتّٰى يَنْفَضُّوْاۗ وَلِلّٰهِ خَزَاۤىِٕنُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۙ وَلٰكِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ لَا يَفْقَهُوْنَ٧
Humul-lażīna yaqūlūna lā tunfiqū ‘alā man ‘inda rasūlillāhi ḥattā yanfaḍḍū, wa lillāhi khazā'inus-samāwāti wal-arḍ(i), wa lākinnal-munāfiqīna lā yafqahūn(a).
[7]
Wong-wong sing padha ngucap (maring warga asli Medinah), “Aja pisan-pisan ko padha awéh maring wong-wong (warga boyongan) sing ana neng sisihé Rasulullah nganti dhéwéké padha bubar (ninggalna Rasulullah).” Mangkané kagungané Gusti Allah gudhangé langit lan bumi, ning wong-wong lamis (munapék) kuwé ora padha ngaweruhi.
يَقُوْلُوْنَ لَىِٕنْ رَّجَعْنَآ اِلَى الْمَدِيْنَةِ لَيُخْرِجَنَّ الْاَعَزُّ مِنْهَا الْاَذَلَّ ۗوَلِلّٰهِ الْعِزَّةُ وَلِرَسُوْلِهٖ وَلِلْمُؤْمِنِيْنَ وَلٰكِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٨
Yaqūlūna la'ir raja‘nā ilal-madīnati layukhrijannal-a‘azzu minhal-ażall(a), wa lillāhil-‘izzatu wa lirasūlihī wa lil-mu'minīna wa lākinnal-munāfiqīna lā ya‘lamūn(a).
[8]
Dhéwéké padha ngucap, “Temen, angger inyong kabéh bali maring Medinah (bali sekang perang Bani Mustalik), mestiné wong-wong sing kuwat bakal ngurak wong-wong sing ringkih sekang kana.” Mangkané kekuwatan kuwé mung kagungané Gusti Allah, Rasul-É lan tumrap wong-wong mukmin, ning wong-wong lamis (munapék) kuwé ora padha ngaweruhi.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُلْهِكُمْ اَمْوَالُكُمْ وَلَآ اَوْلَادُكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ ۚوَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tulhikum amwālukum wa lā aulādukum ‘an żikrillāh(i), wa may yaf‘al żālika fa ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[9]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja pisan-pisan bandhamu lan anak-anakmu ngelalenaken ko kabéh sekang éling maring Gusti Allah. Lan sapa wongé sing nglakoni kaya kuwé, mangka dhéwéké kuwé kelebu wong-wong sing padha kapitunan.
وَاَنْفِقُوْا مِنْ مَّا رَزَقْنٰكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ فَيَقُوْلَ رَبِّ لَوْلَآ اَخَّرْتَنِيْٓ اِلٰٓى اَجَلٍ قَرِيْبٍۚ فَاَصَّدَّقَ وَاَكُنْ مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ١٠
Wa anfiqū mimmā razaqnākum min qabli ay ya'tiya aḥadakumul-mautu fa yaqūla rabbi lau lā akhkhartanī ilā ajalin qarīb(in), fa aṣṣaddaqa wa akum minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[10]
Lan sumbangna (infak) sebagéan sekang apa sing wis Ingsun paringna maring ko kabéh seurungé pati teka maring salah siji wong neng antarané ko kabéh; banjur dhéwéké ngucap (ngajogi), “Dhuh Pengéran kula, sekintené Penjenengan kersa nundha (pejahé) kula sekedhik wekdal malih, mangka kula saged merwéwéh lan kula bakal kelebet tiyang-tiyang ingkang sami saé.”
وَلَنْ يُّؤَخِّرَ اللّٰهُ نَفْسًا اِذَا جَاۤءَ اَجَلُهَاۗ وَاللّٰهُ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ ࣖ١١
Wa lay yu'akhkhirallāhu nafsan iżā jā'a ajaluhā, wallāhu khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[11]
Lan Gusti Allah ora bakal nundha (matiné) sewijiné wong angger wektu matiné wis butul. Lan Gusti Allah Mahanastiti ingatasé apa sing ko padha pergawé.