Surah At-Talaq
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اِذَا طَلَّقْتُمُ النِّسَاۤءَ فَطَلِّقُوْهُنَّ لِعِدَّتِهِنَّ وَاَحْصُوا الْعِدَّةَۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ رَبَّكُمْۚ لَا تُخْرِجُوْهُنَّ مِنْۢ بُيُوْتِهِنَّ وَلَا يَخْرُجْنَ اِلَّآ اَنْ يَّأْتِيْنَ بِفَاحِشَةٍ مُّبَيِّنَةٍۗ وَتِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ ۗوَمَنْ يَّتَعَدَّ حُدُوْدَ اللّٰهِ فَقَدْ ظَلَمَ نَفْسَهٗ ۗ لَا تَدْرِيْ لَعَلَّ اللّٰهَ يُحْدِثُ بَعْدَ ذٰلِكَ اَمْرًا١
Yā ayyuhan-nabiyyu iżā ṭallaqtumun-nisā'a fa ṭalliqūhunna li‘iddatihinna wa aḥṣul-‘iddah(ta), wattaqullāha rabbakum, lā tukhrijūhunna mim buyūtihinna wa lā yakhrujna illā ay ya'tīna bifāḥisyatim mubayyinah(tin), wa tilka ḥudūdullāh(i), wa may yata‘adda ḥudūdallāhi faqad ẓalama nafsah(ū), lā tadrī la‘allallāha yuḥdiṡu ba‘da żālika amrā(n).
[1]
Hé Nabi! Angger sliramu megat garwa-garwamu mangka preyogané sliramu megat dhéwéké neng wektu dhéwéké bisa (ngadhepi) idahé (sing pantes), lan étunga wektu idah kuwé, lan uga tawakala maring Gusti Allah Pengéranmu. Aja pisan-pisan sliramu tokna dhéwéké sekang umahé lan aja (desekolihi) metu kejaba dhéwéké nglakoni penggawé clemer (kotor) sing genah. Kuwé hukum-hukumé Gusti Allah, lan sapa wongé nerak hukumé Gusti Allah, mangka temen, dhéwéké wis temindak aniaya (dolim) maring awaké dhéwék. Sliramu ora mengerténi mbok menawa sewisé kuwé Gusti Allah gawé sewijiné aturan sing anyar.
فَاِذَا بَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ فَاَمْسِكُوْهُنَّ بِمَعْرُوْفٍ اَوْ فَارِقُوْهُنَّ بِمَعْرُوْفٍ وَّاَشْهِدُوْا ذَوَيْ عَدْلٍ مِّنْكُمْ وَاَقِيْمُوا الشَّهَادَةَ لِلّٰهِ ۗذٰلِكُمْ يُوْعَظُ بِهٖ مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ ەۗ وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مَخْرَجًا ۙ٢
Fa iżā balagna ajalahunna fa amsikūhunna bima‘rūfin au fāriqūhunna bima‘rūfiw wa asyhidū żawai ‘adlim minkum wa aqīmusy-syahādata lillāh(i), żālikum yū‘aẓu bihī man kāna yu'minu billāhi wal-yaumil-ākhir(i), wa may yattaqillāha yaj‘al lahū makhrajā(n).
[2]
Mangka angger dhéwéké wis padha méh rampung idahé, mangka rujuka (baléna maring) dhéwéké kanthi apik utawa culna dhéwéké kanthi apik lan perseksékna kanthi seksi loro sing adil neng antarané sliramu lan preyogané sliramu jejegna perseksén kuwé krana Gusti Allah. Mengkana piwulangan kuwé déwéhna tumrap wong sing padha precaya maring Gusti Allah lan dina wekasan. Sapa wongé sing semarah (takwa) maring Gusti Allah mesthi Penjenengané bakal mbukakna dalan metu (pembengkas) maring dhéwéké,
وَّيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُۗ وَمَنْ يَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ فَهُوَ حَسْبُهٗ ۗاِنَّ اللّٰهَ بَالِغُ اَمْرِهٖۗ قَدْ جَعَلَ اللّٰهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا٣
Wa yarzuqhu min ḥaiṡu lā yaḥtasib(u), wa may yatawakkal ‘alallāhi fa huwa ḥasbuh(ū), innallāha bāligu amrih(ī), qad ja‘alallāhu likulli syai'in qadrā(n).
[3]
lan Penjenengané paring rejeki sekang prenah sing ora désangka-sangka. Lan sapa wongé sing pasrah (tawakal) maring Gusti Allah, mesthi Gusti Allah bakal nyukupna (keperluan)é. Setemené Gusti Allah ngleksanakna urusan-É. Temen, Gusti Allah wis gawé aturan tumrap saben samubarang.
وَالّٰۤـِٔيْ يَىِٕسْنَ مِنَ الْمَحِيْضِ مِنْ نِّسَاۤىِٕكُمْ اِنِ ارْتَبْتُمْ فَعِدَّتُهُنَّ ثَلٰثَةُ اَشْهُرٍۙ وَّالّٰۤـِٔيْ لَمْ يَحِضْنَۗ وَاُولٰتُ الْاَحْمَالِ اَجَلُهُنَّ اَنْ يَّضَعْنَ حَمْلَهُنَّۗ وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ اَمْرِهٖ يُسْرًا٤
Wal-lā'ī ya'isna minal-maḥīḍi min nisā'ikum inirtabtum fa ‘iddatuhunna ṡalāṡatu asyhur(in), wal-lā'ī lam yaḥiḍn(a), wa ulātul-aḥmāli ajaluhunna ay yaḍa‘na ḥamlahunn(a), wa may yattaqillāha yaj‘al lahū min amrihī yusrā(n).
[4]
Wong-wong wadon sing ora héd maning (menopause) neng antarané bojo-bojomu, angger sliramu mamang (ngenani jangka idahé) mangka idahé kuwé telung wulan, lan mengkana (uga) idahé wong-wong wadon sing ora héd. Éwadéné wong-wong wadon sing mbobot wektu idahé kuwé nganti dhéwéké mbabarna wetengané. Lan sapa wongé semarah (takwa) maring Gusti Allah mesthi Penjenengané ndadékna gampang tumrap dhéwéké neng njero urusané.
ذٰلِكَ اَمْرُ اللّٰهِ اَنْزَلَهٗٓ اِلَيْكُمْۗ وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّاٰتِهٖ وَيُعْظِمْ لَهٗٓ اَجْرًا٥
Żālika amrullāhi anzalahū ilaikum, wa may yattaqillāha yukaffir ‘anhu sayyi'ātihī wa yu‘ẓim lahū ajrā(n).
[5]
Kuwé dhawuhé Gusti Allah sing déparingna maring ko kabéh, sapa wongé sing semarah (takwa) maring Gusti Allah, mesthi Gusti Allah bakal mbusek kesalahan-kesalahané lan bakal nikel-tekukna ganjaran tumrap dhéwéké.
اَسْكِنُوْهُنَّ مِنْ حَيْثُ سَكَنْتُمْ مِّنْ وُّجْدِكُمْ وَلَا تُضَاۤرُّوْهُنَّ لِتُضَيِّقُوْا عَلَيْهِنَّۗ وَاِنْ كُنَّ اُولٰتِ حَمْلٍ فَاَنْفِقُوْا عَلَيْهِنَّ حَتّٰى يَضَعْنَ حَمْلَهُنَّۚ فَاِنْ اَرْضَعْنَ لَكُمْ فَاٰتُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّۚ وَأْتَمِرُوْا بَيْنَكُمْ بِمَعْرُوْفٍۚ وَاِنْ تَعَاسَرْتُمْ فَسَتُرْضِعُ لَهٗٓ اُخْرٰىۗ٦
Askinūhunna min ḥaiṡu sakantum miw wujdikum wa lā tuḍārrūhunna lituḍayyiqū ‘alaihinn(a), wa in kunna ulāti ḥamlin fa anfiqū ‘alaihinna ḥattā yaḍa‘na ḥamlahunn(a), fa in arḍa‘na lakum fa ātūhunna ujūrahunn(a), wa'tamirū bainakum bima‘rūf(in), wa in ta‘āsartum fasaturḍi‘u lahū ukhrā.
[6]
Panggonaken dhéwéké kabéh (para bojo) neng endi ko padha manggon miturut kekuwatanmu lan ko aja nyusahna dhéwéké nggo gawé rupek (atiné) dhéwéké. Lan angger dhéwéké kabéh (bojo-bojo sing wis dépegat) kuwé lagi mbobot, mangka wéhna maring dhéwéké napkahé nganti dhéwéké mbabarna wetengané, banjur angger dhéwéké nyusoni (anak-anak)mu mangka wéhna upahé maring dhéwéké; lan padha rembugana neng antarané ko kabéh (samubarang) kanthi apik; lan angger ko padha nemoni kesusahan, mangka wong wadon liya kena nyusoni (bocah kuwé) nggo dhéwéké.
لِيُنْفِقْ ذُوْ سَعَةٍ مِّنْ سَعَتِهٖۗ وَمَنْ قُدِرَ عَلَيْهِ رِزْقُهٗ فَلْيُنْفِقْ مِمَّآ اٰتٰىهُ اللّٰهُ ۗ لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا اِلَّا مَآ اٰتٰىهَاۗ سَيَجْعَلُ اللّٰهُ بَعْدَ عُسْرٍ يُّسْرًا ࣖ٧
Liyunfiq żū sa‘atim min sa‘atih(ī), wa man qudira ‘alaihi rizquhū falyunfiq mimmā ātāhullāh(u), lā yukallifullāhu nafsan illā mā ātāhā, sayaj‘alullāhu ba‘da ‘usriy yusrā(n).
[7]
Preyogané wong sing duwé kombéran awéh napkah miturut kekuwatané, lan wong sing cekak rejekiné, preyogané awéh napkah sekang bandha sing déparingna déning Gusti Allah maring dhéwéké. Gusti Allah ora ngebot-bot sewijiné wong kejaba (laras) karo apa sing déparingna déning Gusti Allah maring dhéwéké. Gusti Allah bakal paring kombéran sewisé kerupekan.
وَكَاَيِّنْ مِّنْ قَرْيَةٍ عَتَتْ عَنْ اَمْرِ رَبِّهَا وَرُسُلِهٖ فَحَاسَبْنٰهَا حِسَابًا شَدِيْدًاۙ وَّعَذَّبْنٰهَا عَذَابًا نُّكْرًا٨
Wa ka'ayyim min qaryatin ‘atat ‘an amri rabbihā wa rusulihī fa ḥāsabnāhā ḥisāban syadīdā(n), wa ‘ażżabnāhā ‘ażāban nukrā(n).
[8]
Lan banget akéhé (warga) negari sing ndurakani dhawuhé Pengérané dhéwéké lan utusan-utusan-É, mangka Ingsun gawé prétungan maring warga negari kuwé kanthi prétungan sing tliti, lan Ingsun siksa dhéwéké kabéh kanthi siksa sing nggegirisi (neng akhérat),
فَذَاقَتْ وَبَالَ اَمْرِهَا وَكَانَ عَاقِبَةُ اَمْرِهَا خُسْرًا٩
Fa żāqat wabāla amrihā wa kāna ‘āqibatu amrihā khusrā(n).
[9]
saéngga dhéwéké padha ngrasakna akibat sing ala sekang penggawéané, lan akibat penggawéané dhéwéké kabéh kuwé (dadi) kapitunan sing gedhé.
اَعَدَّ اللّٰهُ لَهُمْ عَذَابًا شَدِيْدًا فَاتَّقُوا اللّٰهَ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِۛ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۛ قَدْ اَنْزَلَ اللّٰهُ اِلَيْكُمْ ذِكْرًاۙ١٠
A‘addallāhu lahum ‘ażāban syadīdan fattaqullāha yā ulil-albāb(i) - allażīna āmanū - qad anzalallāhu ilaikum żikrā(n).
[10]
Gusti Allah nyedhiakna siksa sing keras tumrap dhéwéké kabéh, mangka padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah hé wong-wong sing padha duwé nalar! (Yakuwé) wong-wong sing padha precaya. Temen, Gusti Allah wis nurunaken pengéling-éling maring ko kabéh,
رَّسُوْلًا يَّتْلُوْا عَلَيْكُمْ اٰيٰتِ اللّٰهِ مُبَيِّنٰتٍ لِّيُخْرِجَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ مِنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِۗ وَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ وَيَعْمَلْ صَالِحًا يُّدْخِلْهُ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ قَدْ اَحْسَنَ اللّٰهُ لَهٗ رِزْقًا١١
Rasūlay yatlū ‘alaikum āyātillāhi mubayyinātil liyukhrijal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti minaẓ-ẓulumāti ilan-nūr(i), wa may yu'mim billāhi wa ya‘mal ṣāliḥay yudkhilhu jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), qad aḥsanallāhu lahū rizqā(n).
[11]
(kanthi ngutus) sewijiné Rasul sing macakna ayat-ayat-É Gusti Allah maring ko kabéh, sing nerangna (pirang-pirang hukum), supaya Penjenengané ngetokna wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan sekang pepeteng maring cahya (pepadhang). Lan sapa wongé sing precaya maring Gusti Allah lan nglakoni kebecikan, mesthi Penjenengané bakal nglebokna dhéwéké maring suwarga-suwarga sing mili neng ngisoré bengawan-bengawan; dhéwéké langgeng neng njeroné selawas-lawasé. Temen, Gusti Allah paring rejeki sing apik maring dhéwéké.
اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَ سَبْعَ سَمٰوٰتٍ وَّمِنَ الْاَرْضِ مِثْلَهُنَّۗ يَتَنَزَّلُ الْاَمْرُ بَيْنَهُنَّ لِتَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ەۙ وَّاَنَّ اللّٰهَ قَدْ اَحَاطَ بِكُلِّ شَيْءٍ عِلْمًا ࣖ١٢
Allāhul-lażī khalaqa sab‘a samāwātiw wa minal-arḍi miṡlahunn(a), yatanazzalul-amru bainahunna lita‘lamū annallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un), wa annallāha qad aḥāṭa bikulli syai'in ‘ilmā(n).
[12]
Gusti Allah sing nyiptakna langit pitu lan sekang penciptanan bumi sing uga serupa. Dhawuhé Gusti Allah lemaku nggo dhéwéké, supaya ko padha ngaweruhi lamon Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh, lan ilmuné Gusti Allah temen-temen nglingkupi samubarang kabéh.