Surah Al-Mulk
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
تَبٰرَكَ الَّذِيْ بِيَدِهِ الْمُلْكُۖ وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌۙ١
Tabārakal-lażī biyadihil-mulk(u), wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[1]
Maha Suci Gusti Allah sing ngewasani (sekabéh) praja, lan Penjenengané Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
ۨالَّذِيْ خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيٰوةَ لِيَبْلُوَكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلًاۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْغَفُوْرُۙ٢
Allażī khalaqal-mauta wal-ḥayāta liyabluwakum ayyukum aḥsanu ‘amalā(n), wa huwal-‘azīzul-gafūr(u).
[2]
Sing nyiptakna mati lan urip, nggo nguji ko kabéh, sapa neng antarané ko sing padha lewih apik lakuné. Lan Penjenengané Maha Digdaya, Maha Ngampura.
الَّذِيْ خَلَقَ سَبْعَ سَمٰوٰتٍ طِبَاقًاۗ مَا تَرٰى فِيْ خَلْقِ الرَّحْمٰنِ مِنْ تَفٰوُتٍۗ فَارْجِعِ الْبَصَرَۙ هَلْ تَرٰى مِنْ فُطُوْرٍ٣
Allażī khalaqa sab‘a samāwātin ṭibāqā(n), mā tarā fī khalqir-raḥmāni min tafāwut(in), farji‘il-baṣara hal tarā min fuṭūr(in).
[3]
Sing nyiptakna pitung langit lapis-lapis. Ora bakal ko padha weruh sewiji-wiji sing ora seimbang neng ciptanané Pengéran Sing Mahawelas. Mangka sawangen sepisan maning, apa ana sewiji-wiji sing cacad?
ثُمَّ ارْجِعِ الْبَصَرَ كَرَّتَيْنِ يَنْقَلِبْ اِلَيْكَ الْبَصَرُ خَاسِئًا وَّهُوَ حَسِيْرٌ٤
Ṡummarji‘il-baṣara karrataini yanqalib ilaikal-baṣaru khāsi'aw wa huwa ḥasīr(un).
[4]
Banjur baléni penyawang(mu) sepisan maning (lan) sepisan maning, mesthi penyawangmu bakal bali maring ko kabéh tanpa nemokna cacad lan dhéwéké (penyawangmu) neng kahanan kesel.
وَلَقَدْ زَيَّنَّا السَّمَاۤءَ الدُّنْيَا بِمَصَابِيْحَ وَجَعَلْنٰهَا رُجُوْمًا لِّلشَّيٰطِيْنِ وَاَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابَ السَّعِيْرِ٥
Wa laqad zayyannas-samā'ad-dun-yā bimaṣābīḥa wa ja‘alnāhā rujūmal lisy-syayāṭīni wa a‘tadnā lahum ‘ażābas-sa‘īr(i).
[5]
Lan temen, wis Ingsun paési langit sing pérek, kanthi lintang-lintang lan Ingsun dadékna (lintang-lintang kuwé) minangka srana nggo mbandhem sétan, lan Ingsun sedhiakna nggo dhéwéké kabéh siksa neraka sing mulab-mulab.
وَلِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْ عَذَابُ جَهَنَّمَۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ٦
Wa lil-lażīna kafarū birabbihim ‘ażābu jahannam(a), wa bi'sal-maṣīr(u).
[6]
Lan wong-wong sing padha ingkar maring Pengérané bakal nampa siksa Jahanam. Lan kuwé seala-alané panggonan bali.
اِذَآ اُلْقُوْا فِيْهَا سَمِعُوْا لَهَا شَهِيْقًا وَّهِيَ تَفُوْرُۙ٧
Iżā ulqū fīhā sami‘ū lahā syahīqaw wa hiya tafūr(u).
[7]
Angger dhéwéké kabéh debalangna maring njeroné dhéwéké padha krungu sewara neraka sing nggilani, selagine neraka kuwé mongah-mongah,
تَكَادُ تَمَيَّزُ مِنَ الْغَيْظِۗ كُلَّمَآ اُلْقِيَ فِيْهَا فَوْجٌ سَاَلَهُمْ خَزَنَتُهَآ اَلَمْ يَأْتِكُمْ نَذِيْرٌۙ٨
Takādu tamayyazu minal-gaiẓ(i), kullamā ulqiya fīhā faujun sa'alahum khazanatuhā alam ya'tikum nażīr(un).
[8]
meh njeblug saking jengkélé. Saben-saben ana sekumpulan (wong-wong kapir) debalangna maring njeroné, tukang-tukang jaga (neraka kuwé) padha takon maring dhéwéké, “Apa urung nglakon ana wong sing teka awéh pengéling-éling maring ko kabéh (neng dunya)?”
قَالُوْا بَلٰى قَدْ جَاۤءَنَا نَذِيْرٌ ەۙ فَكَذَّبْنَا وَقُلْنَا مَا نَزَّلَ اللّٰهُ مِنْ شَيْءٍۖ اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ كَبِيْرٍ٩
Qālū balā qad jā'anā nażīr(un), fa każżabnā wa qulnā mā nazzalallāhu min syai'(in), in antum illā fī ḍalālin kabīr(in).
[9]
Wong-wong kuwé padha semaur, “Bener, temen, sewijiné wong sing awéh pengéling-éling wis nglakon teka maring inyong kabéh, ning inyong padha nggorohna (dhéwéké) lan inyong padha ngucap, “Gusti Allah ora nurunaken sewiji apa, ko setemené neng sejeroné kesasar sing gedhé.”
وَقَالُوْا لَوْ كُنَّا نَسْمَعُ اَوْ نَعْقِلُ مَا كُنَّا فِيْٓ اَصْحٰبِ السَّعِيْرِ١٠
Wa qālū lau kunnā nasma‘u au na‘qilu mā kunnā fī aṣḥābis-sa‘īr(i).
[10]
Lan dhéwéké padha ngucap, “Sekirané (gemiyén) inyong padha ngrungokna utawa mikirna (pengéling-éling kuwé) mesthi inyong padha ora kelebu wong sing manggoni neraka sing mulab-mulab.”
فَاعْتَرَفُوْا بِذَنْۢبِهِمْۚ فَسُحْقًا لِّاَصْحٰبِ السَّعِيْرِ١١
Fa‘tarafū biżambihim, fasuḥqal li'aṣḥābis-sa‘īr(i).
[11]
Mangka dhéwéké padha ngakoni dosané. Ning adoh (sekang kewelasané Gusti Allah) tumrap wong sing manggoni neraka sing mulab-mulab kuwé.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَيْبِ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ كَبِيْرٌ١٢
Innal-lażīna yakhsyauna rabbahum bil-gaibi lahum magfiratuw wa ajrun kabīr(un).
[12]
Setemené wong-wong sing padha wedi maring Pengérané sing ora keton déning dhéwéké kabéh, dhéwéké padha mekolih pengampura lan ganjaran sing gedhé.
وَاَسِرُّوْا قَوْلَكُمْ اَوِ اجْهَرُوْا بِهٖۗ اِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ١٣
Wa asirrū qaulakum awijharū bih(ī), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[13]
Lan umpetna pengucapmu utawa nyatakna. Temen, Penjenengané Maha Ngawuningani sekabéh isiné ati.
اَلَا يَعْلَمُ مَنْ خَلَقَۗ وَهُوَ اللَّطِيْفُ الْخَبِيْرُ ࣖ١٤
Alā ya‘lamu man khalaq(a), wa huwal-laṭīful-khabīr(u).
[14]
Apa (pantes) Gusti Allah sing nyiptakna kuwé ora ngawuningani? Lan Penjenengané Mahaalus, Maha Ngawuningani.
هُوَ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ ذَلُوْلًا فَامْشُوْا فِيْ مَنَاكِبِهَا وَكُلُوْا مِنْ رِّزْقِهٖۗ وَاِلَيْهِ النُّشُوْرُ١٥
Huwal-lażī ja‘ala lakumul-arḍa żalūlan famsyū fī manākibihā wa kulū mir rizqih(ī), wa ilaihin-nusyūr(u).
[15]
Penjenengané sing ndadékna bumi nggo ko kabéh sing gampang dejlajahi, mangka jlajahi neng sekabéh prenahé lan panganen sebagéan sekang rejeki-Né. Lan mung maring Penjenengané ko padha (bali sewisé) détangékna.
ءَاَمِنْتُمْ مَّنْ فِى السَّمَاۤءِ اَنْ يَّخْسِفَ بِكُمُ الْاَرْضَ فَاِذَا هِيَ تَمُوْرُۙ١٦
A'amintum man fis-samā'i ay yakhsifa bikumul-arḍa fa'iżā hiya tamūr(u).
[16]
Apa ko wis padha ngrasa aman, lamon Penjenengané sing milenggah neng langit ora bakal gawé ko kabéh keuntal déning bumi rikala dadakan dhéwéké gonjang-ganjing?
اَمْ اَمِنْتُمْ مَّنْ فِى السَّمَاۤءِ اَنْ يُّرْسِلَ عَلَيْكُمْ حَاصِبًاۗ فَسَتَعْلَمُوْنَ كَيْفَ نَذِيْرِ١٧
Am amintum man fis-samā'i ay yursila ‘alaikum ḥāṣibā(n), fa sata‘lamūna kaifa nażīr(i).
[17]
Utawa apa ko wis padha ngrasa aman, lamon Penjenengané sing milenggah neng langit ora bakal ngirimna lisus sing nggawa (udan) watu maring ko kabéh? Ning mbésuk ko bakal padha ngaweruhi kepriwé (akibaté nggorohna) pengéling-élingé Ingsun.
وَلَقَدْ كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيْرِ١٨
Wa laqad każżabal-lażīna min qablihim fakaifa kāna nakīr(i).
[18]
Lan temen, wong-wong sing seurungé dhéwéké uga wis padha nggorohna (utusan-utusan-É) mangka banget nggilaniné benduné Ingsun!
اَوَلَمْ يَرَوْا اِلَى الطَّيْرِ فَوْقَهُمْ صٰۤفّٰتٍ وَّيَقْبِضْنَۘ مَا يُمْسِكُهُنَّ اِلَّا الرَّحْمٰنُۗ اِنَّهٗ بِكُلِّ شَيْءٍۢ بَصِيْرٌ١٩
Awalam yarau ilaṭ-ṭairi fauqahum ṣāffātiw wa yaqbiḍn(a), mā yumsikuhunna illar-raḥmān(u), innahū bikulli syai'im baṣīr(un).
[19]
Apa wong-wong kuwé ora padha nggatékna manuk-manuk sing njembreng lan ngingkupna kipliké neng ndhuwuré dhéwéké? Ora nana sing nahan (neng awang-awang) seliyané Sing Mahaasih. Temen, Penjenengané Maha Mriksani samubarang kabéh.
اَمَّنْ هٰذَا الَّذِيْ هُوَ جُنْدٌ لَّكُمْ يَنْصُرُكُمْ مِّنْ دُوْنِ الرَّحْمٰنِۗ اِنِ الْكٰفِرُوْنَ اِلَّا فِيْ غُرُوْرٍۚ٢٠
Am man hāżal-lażī huwa jundul lakum yanṣurukum min dūnir-raḥmān(i), inil-kāfirūna illā fī gurūr(in).
[20]
Utawa sapa sing bakal dadi wadya bala tumrap ko kabéh sing bakal mbélani ko kabéh seliyané (Gusti Allah) Sing Mahaasih? Wong-wong kapir kuwé mung neng sejeroné kapusan.
اَمَّنْ هٰذَا الَّذِيْ يَرْزُقُكُمْ اِنْ اَمْسَكَ رِزْقَهٗ ۚ بَلْ لَّجُّوْا فِيْ عُتُوٍّ وَّنُفُوْرٍ٢١
Am man hāżal-lażī yarzuqukum in amsaka rizqah(ū), bal lajjū fī ‘utuwwiw wa nufūr(in).
[21]
Utawa sapa sing bisa awéh maring ko kabéh rejeki angger Penjenengané ngendheg rejeki-Né? Malah dhéwéké padha terus-terusan gemedhé lan ngedohna awaké (sekang bebener).
اَفَمَنْ يَّمْشِيْ مُكِبًّا عَلٰى وَجْهِهٖٓ اَهْدٰىٓ اَمَّنْ يَّمْشِيْ سَوِيًّا عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٢٢
Afamay yamsyī mukibban ‘alā wajhihī ahdā ammay yamsyī sawiyyan ‘alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[22]
Apa wong sing mbrangkang kanthi rai kemureb sing lewih kepimpin (neng sejeroné bebener) utawa wong sing mlakuné gagah neng dalan sing jejeg?
قُلْ هُوَ الَّذِيْٓ اَنْشَاَكُمْ وَجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَالْاَفْـِٕدَةَۗ قَلِيْلًا مَّا تَشْكُرُوْنَ٢٣
Qul huwal-lażī ansya'akum wa ja‘ala lakumus-sam‘a wal-abṣāra wal-af'idah(ta), qalīlam mā tasykurūn(a).
[23]
Ucapna, “Penjenengané sing nyiptakna ko kabéh lan ndadékna pengrungu, pendeleng, lan ati wening nggo ko kabéh. (Ning) semendhing pisan ko padha gelem kesuwun (sukur).”
قُلْ هُوَ الَّذِيْ ذَرَاَكُمْ فِى الْاَرْضِ وَاِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٢٤
Qul huwal-lażī żara'akum fil-arḍi wa ilaihi tuḥsyarūn(a).
[24]
Ucapna, “Penjenengané sing ndadékna ko padha manak-pinak neng lumahé bumi, lan mung maring Penjenengané ko bakal padha dékumpulna.”
وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٥
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[25]
Lan wong-wong kuwé padha ngucap, “Kapan (tekané) ancaman kuwé angger ko wong sing bener?”
قُلْ اِنَّمَا الْعِلْمُ عِنْدَ اللّٰهِ ۖوَاِنَّمَآ اَنَا۠ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ٢٦
Qul innamal-‘ilmu ‘indallāh(i), wa innamā ana nażīrum mubīn(un).
[26]
Dhawuha (Muhammad), “Setemené kawruh (ngenani dina Kiyamat kuwé) mung ana neng (astané) Gusti Allah. Lan inyong mung sewiji wong tukang awéh pengéling-éling sing mertélakna.”
فَلَمَّا رَاَوْهُ زُلْفَةً سِيْۤـَٔتْ وُجُوْهُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَقِيْلَ هٰذَا الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تَدَّعُوْنَ٢٧
Falammā ra'auhu zulfatan sī'at wujūhul-lażīna kafarū wa qīla hāżal-lażī kuntum bihī tadda‘ūn(a).
[27]
Mangka rikala dhéwéké padha weruh siksa (neng dina Kiyamat) wis pérek, rainé wong-wong kapir kuwé padha dadi burem. Lan déucapna (maring dhéwéké), “Kiyé (siksa) sing gemiyén ko padha jaluk.”
قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ اَهْلَكَنِيَ اللّٰهُ وَمَنْ مَّعِيَ اَوْ رَحِمَنَاۙ فَمَنْ يُّجِيْرُ الْكٰفِرِيْنَ مِنْ عَذَابٍ اَلِيْمٍ٢٨
Qul ara'aitum in ahlakaniyallāhu wa mam ma‘iya au raḥimanā, famay yujīrul-kāfirīna min ‘ażābin alīm(in).
[28]
Dhawuha (Muhammad), “Apa ko padha ngerti angger Gusti Allah mundhut (matékna) inyong lan wong-wong sing bareng karo inyong utawa paring kewelasan (rahmat) maring inyong kabéh, (mangka inyong padha bakal mlebu suwarga), banjur sapa sing bisa ngayomi wong-wong kapir sekang siksa sing perih?”
قُلْ هُوَ الرَّحْمٰنُ اٰمَنَّا بِهٖ وَعَلَيْهِ تَوَكَّلْنَاۚ فَسَتَعْلَمُوْنَ مَنْ هُوَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٢٩
Qul huwar-raḥmānu āmannā bihī wa ‘alaihi tawakkalnā, fasata‘lamūna man huwa fī ḍalālim mubīn(in).
[29]
Dhawuha, “Penjenengané Sing Mahaasih, inyong kabéh padha precaya maring Penjenengané lan maring Penjenengané inyong padha pasrah. Mangka mbésuk ko bakal padha ngerti sapa sing neng sejeroné kesasar sing nyata.”
قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ اَصْبَحَ مَاۤؤُكُمْ غَوْرًا فَمَنْ يَّأْتِيْكُمْ بِمَاۤءٍ مَّعِيْنٍ ࣖ٣٠
Qul ara'aitum in aṣbaḥa mā'ukum gauran famay ya'tīkum bimā'im ma‘īn(in).
[30]
Dhawuha (Muhammad), “Terangna maring inyong angger sumber banyumu dadi garing, mangka sapa sing bakal paring maring ko kabéh banyu sing mili?”