Surah Al-Haqqah

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَاۤقَّةُۙ١
Al-ḥāqqah(tu).
[1] Dina Kiyamat, 853
853) Al-Haqqah miturut basa tegesé “sing mesthi kedadén”. Dina Kiyamat déarani Al-Haqqah merga mesthi kelakoné.

مَا الْحَاۤقَّةُ ۚ٢
Mal-ḥāqqah(tu).
[2] apa dina Kiyamat kuwé?

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْحَاۤقَّةُ ۗ٣
Wa mā adrāka mal-ḥāqqah(tu).
[3] Lan apa ko ngerti apa dina Kiyamat kuwé?

كَذَّبَتْ ثَمُوْدُ وَعَادٌ ۢبِالْقَارِعَةِ٤
Każżabat ṡamūdu wa ‘ādum bil-qāri‘ah(ti).
[4] Kaum Samud lan ‘Ad wis padha nggorohna dina Kiyamat. 854
854) Al-qari’ah miturut basa tegesé “sing nggemeterna ati”. Dina Kiyamat déarani Al-Qari’ah merga nggemeterna ati.

فَاَمَّا ثَمُوْدُ فَاُهْلِكُوْا بِالطَّاغِيَةِ٥
Fa'ammā ṡamūdu fa uhlikū biṭ-ṭāgiyah(ti).
[5] Mangka anadéné kaum Samud, dhéwéké padha wis détumpes kanthi sewara sing banget rosané, 855
855) Bledhég sing banget rosané sing njalari sewara sing gemlendheng lan bisa gawé ajur.

وَاَمَّا عَادٌ فَاُهْلِكُوْا بِرِيْحٍ صَرْصَرٍ عَاتِيَةٍۙ٦
Wa ammā ‘ādun fa'uhlikū birīḥin ṣarṣarin ‘ātiyah(tin).
[6] anadéné kaum ‘Ad, dhéwéké wis padha détumpes kanthi angin lisus sing banget adhemé,

سَخَّرَهَا عَلَيْهِمْ سَبْعَ لَيَالٍ وَّثَمٰنِيَةَ اَيَّامٍۙ حُسُوْمًا فَتَرَى الْقَوْمَ فِيْهَا صَرْعٰىۙ كَاَنَّهُمْ اَعْجَازُ نَخْلٍ خَاوِيَةٍۚ٧
Sakhkharahā ‘alaihim sab‘a layāliw wa ṡamāniyata ayyām(in), ḥusūman fataral-qauma fīhā ṣar‘ā, ka'annahum a‘jāzu nakhlin khāwiyah(tin).
[7] Gusti Allah nimpahna angin kuwé maring dhéwéké kabéh sedawané pitung wengi wolung dina dhur-dhuran; mangka ko weruh kaum ‘Ad neng wektu kuwé padha mati pating glimpang kaya wit-wit korma sing wis kopong (kropos).

فَهَلْ تَرٰى لَهُمْ مِّنْۢ بَاقِيَةٍ٨
Fahal tarā lahum mim bāqiyah(tin).
[8] Mangka apa ko weruh sewiji wong baé sing ésih lewih neng antarané dhéwéké kabéh? 856
856) Dhéwéké padha ludhes deajurna lan babar blas ora duwé keturunan.

وَجَاۤءَ فِرْعَوْنُ وَمَنْ قَبْلَهٗ وَالْمُؤْتَفِكٰتُ بِالْخَاطِئَةِۚ٩
Wa jā'a fir‘aunu wa man qablahū wal-mu'tafikātu bil-khāṭi'ah(ti).
[9] Banjur teka Fir’aun lan wong-wong sing seurungé lan (warga) negari-negari sing padha dejungkir-walikna merga kesalahan sing gedhé. 857
857) Umat-umat gemiyén sing ngingkari nabi-nabi kayadéné kaum Saléh, kaum Syu’aib, lan liya-liyané lan negari sing dejungkir-walikna yakuwé negari-negari kaum Lut. Anadéné keluputan sing délakoni yakuwé ngapusi (ora precaya maring) para rasul.

فَعَصَوْا رَسُوْلَ رَبِّهِمْ فَاَخَذَهُمْ اَخْذَةً رَّابِيَةً١٠
Fa ‘aṣau rasūla rabbihim fa akhażahum akhżatar rābiyah(tan).
[10] Mangka wong-wong kuwé padha ndurakani utusan Pengérané, Gusti Allah sing nyiksa dhéwéké kabéh kanthi pesiksan sing banget kerasé.

اِنَّا لَمَّا طَغَا الْمَاۤءُ حَمَلْنٰكُمْ فِى الْجَارِيَةِۙ١١
Innā lammā ṭagal-mā'u ḥamalnākum fil-jāriyah(ti).
[11] Setemené rikala banyu munggah (nganti butul maring gunung), Ingsun ngangkut (kaki-nininé) ko kabéh 858 maring njero prahu,
858) Sing degawa neng prahuné Nabi Nuh nggo deslametna yakuwé kulawargané Nabi Nuh lan wong-wong sing padha precaya, ora klebu anaké sing duraka.

لِنَجْعَلَهَا لَكُمْ تَذْكِرَةً وَّتَعِيَهَآ اُذُنٌ وَّاعِيَةٌ١٢
Linaj‘alahā lakum tażkirataw wa ta‘iyahā użunuw wā‘iyah(tun).
[12] supaya Ingsun dadékna (kedadéan kuwé) nggo pengéling-éling tumrap ko kabéh lan supaya degatékna neng kuping sing padha gelem ngrungokena.

فَاِذَا نُفِخَ فِى الصُّوْرِ نَفْخَةٌ وَّاحِدَةٌ ۙ١٣
Fa iżā nufikha fiṣ-ṣūri nafkhatuw wāḥidah(tun).
[13] Mangka rikala slomprét desemprong sesemprongan, 859
859) Semprongan kawitan sing neng wektu kuwé sekabéhé ngalam dadi ajur.

وَّحُمِلَتِ الْاَرْضُ وَالْجِبَالُ فَدُكَّتَا دَكَّةً وَّاحِدَةًۙ١٤
Wa ḥumilatil-arḍu wal-jibālu fa dukkatā dakkataw wāḥidah(tan).
[14] lan dejunjung bumi lan gunung-gunung, banjur dejeblesna sekloroné sejeblésan.

فَيَوْمَىِٕذٍ وَّقَعَتِ الْوَاقِعَةُۙ١٥
Fayauma'iżiw waqa‘atil-wāqi‘ah(tu).
[15] Mangka neng dina kuwé demadiné dina Kiyamat,

وَانْشَقَّتِ السَّمَاۤءُ فَهِيَ يَوْمَىِٕذٍ وَّاهِيَةٌۙ١٦
Wansyaqqatis-samā'u fahiya yauma'iżiw wāhiyah(tun).
[16] lan sinigar langité, merga neng dina kuwé langit dadi ringkih.

وَّالْمَلَكُ عَلٰٓى اَرْجَاۤىِٕهَاۗ وَيَحْمِلُ عَرْشَ رَبِّكَ فَوْقَهُمْ يَوْمَىِٕذٍ ثَمٰنِيَةٌ ۗ١٧
Wal-malaku ‘alā arjā'ihā, wa yaḥmilu ‘arsya rabbika fauqahum yauma'iżin ṡamāniyah(tun).
[17] Lan para malaékat ana neng endi-endi paran langit. Neng dina kuwé malaékat wolu njunjung ‘Arsy (pelenggahan) Pengéranmu neng dhuwur (sirahé) dhéwéké kabéh.

يَوْمَىِٕذٍ تُعْرَضُوْنَ لَا تَخْفٰى مِنْكُمْ خَافِيَةٌ١٨
Yauma'iżin tu‘raḍūna lā takhfā minkum khāfiyah(tun).
[18] Neng dina kuwé ko padha déadhepna (maring Pengéranmu), ora nana sewiji-wiji sekang ko kabéh sing kumpetan (mungguhé Gusti Allah).

فَاَمَّا مَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِيَمِيْنِهٖ فَيَقُوْلُ هَاۤؤُمُ اقْرَءُوْا كِتٰبِيَهْۚ١٩
Fa ammā man ūtiya kitābahū biyamīnihī fa yaqūlu hā'umuqra'ū kitābiyah.
[19] Anadéné wong sing kitabé 860 déparingna neng tangan tengené, mangka dhéwéké ngucap, “Jikota, wacakna kitabku (kiyé).”
860) Cathetan lakon penggawéyan.

اِنِّيْ ظَنَنْتُ اَنِّيْ مُلٰقٍ حِسَابِيَهْۚ٢٠
Innī ẓanantu annī mulāqin ḥisābiyah.
[20] Setemené inyong precaya, lamon (sewijiné wektu) inyong bakal nampa prétungan ingatasé awakku.

فَهُوَ فِيْ عِيْشَةٍ رَّاضِيَةٍۚ٢١
Fa huwa fī ‘īsyatir rāḍiyah(tin).
[21] Mangka wong kuwé neng njeroné penguripan sing derenani,

فِيْ جَنَّةٍ عَالِيَةٍۙ٢٢
Fī jannatin ‘āliyah(tin).
[22] sejeroné suwarga sing dhuwur.

قُطُوْفُهَا دَانِيَةٌ٢٣
Quṭūfuhā dāniyah(tun).
[23] Woh-wohané endhép,

كُلُوْا وَاشْرَبُوْا هَنِيْۤـًٔا ۢبِمَآ اَسْلَفْتُمْ فِى الْاَيَّامِ الْخَالِيَةِ٢٤
Kulū wasyrabū hanī'am bimā aslaftum fil-ayyāmil-khāliyah(ti).
[24] (maring dhéwéké kabéh déucapna), “Padha mangan lan nginuma kanthi nékmat merga lakon sing wis ko padha pergawé neng dina-dina sing wis keliwat.”

وَاَمَّا مَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِشِمَالِهٖ ەۙ فَيَقُوْلُ يٰلَيْتَنِيْ لَمْ اُوْتَ كِتٰبِيَهْۚ٢٥
Wa ammā man ūtiya kitābahū bisyimālih(ī), fa yaqūlu yā laitanī lam ūta kitābiyah.
[25] Lan anadéné wong sing kitabé déparingna neng tangan kiwéné, mangka dhéwéké ngucap, “Banget apiké angger kitabku (kiyé) ora deparingena maring inyong.

وَلَمْ اَدْرِ مَا حِسَابِيَهْۚ٢٦
Wa lam adri mā ḥisābiyah.
[26] Saéngga inyong ora ngaweruhi kepriwé prétungané inyong.

يٰلَيْتَهَا كَانَتِ الْقَاضِيَةَۚ٢٧
Yā laitahā kānatil-qāḍiyah(ta).
[27] Dhuh, énggané (kematian) kuwé sing mungkasi samubarang kabéh.

مَآ اَغْنٰى عَنِّيْ مَالِيَهْۚ٢٨
Mā agnā ‘annī māliyah.
[28] Bandhané inyong babar pisan ora migunani tumrap inyong.

هَلَكَ عَنِّيْ سُلْطٰنِيَهْۚ٢٩
Halaka ‘annī sulṭāniyah.
[29] Kekuwasané inyong wis ilang sekang inyong.”

خُذُوْهُ فَغُلُّوْهُۙ٣٠
Khużūhu fagullūh(u).
[30] (Gusti Allah dhawuh), “Cekelen dhéwéké banjur bandanen tangané maring guluné.”

ثُمَّ الْجَحِيْمَ صَلُّوْهُۙ٣١
Ṡummal-jaḥīma ṣallūh(u).
[31] Banjur lebokna dhéwéké maring geni neraka sing mulab-mulab.

ثُمَّ فِيْ سِلْسِلَةٍ ذَرْعُهَا سَبْعُوْنَ ذِرَاعًا فَاسْلُكُوْهُۗ٣٢
Ṡumma fī silsilatin żar‘uhā sab‘ūna żirā‘an faslukūh(u).
[32] Banjur gubeda dhéwéké karo ranté sing dawané pitung puluh asta.

اِنَّهٗ كَانَ لَا يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ الْعَظِيْمِۙ٣٣
Innahū kāna lā yu'minu billāhil-‘aẓīm(i).
[33] Setemené dhéwéké wong sing ora precaya maring Gusti Allah Sing Mahaagung.

وَلَا يَحُضُّ عَلٰى طَعَامِ الْمِسْكِيْنِۗ٣٤
Wa lā yaḥuḍḍu ‘alā ṭa‘āmil-miskīn(i).
[34] Lan uga dhéwéké ora nyurung (wong liya) supaya awéh pangan maring wong miskin.

فَلَيْسَ لَهُ الْيَوْمَ هٰهُنَا حَمِيْمٌۙ٣٥
Fa laisa lahul-yauma hāhunā ḥamīm(un).
[35] Mangka neng dina kiyé neng kéné ora nana sijia batir nggo dhéwéké.

وَّلَا طَعَامٌ اِلَّا مِنْ غِسْلِيْنٍۙ٣٦
Wa lā ṭa‘āmun illā min gislīn(in).
[36] Lan ora nana panganan (nggo dhéwéké) kejaba sekang getih lan nanah.

لَّا يَأْكُلُهٗٓ اِلَّا الْخٰطِـُٔوْنَ ࣖ٣٧
Lā ya'kuluhū illal-khāṭi'ūn(a).
[37] Ora nana sing mangan kejaba wong-wong sing padha dosa.

فَلَآ اُقْسِمُ بِمَا تُبْصِرُوْنَۙ٣٨
Falā uqsimu bimā tubṣirūn(a).
[38] Mangka Ingsun sumpah sekawit (sekawit) apa sing ko padha weruhi,

وَمَا لَا تُبْصِرُوْنَۙ٣٩
Wa mā lā tubṣirūn(a).
[39] lan sekawit (sekawit) apa sing ko ora padha weruhi.

اِنَّهٗ لَقَوْلُ رَسُوْلٍ كَرِيْمٍۙ٤٠
Innahū laqaulu rasūlin karīm(in).
[40] Setemené kuwé (Al-Qur’an) nyata-nyata wahyu (sing déturunaken maring) Rasul sing mulya,

وَّمَا هُوَ بِقَوْلِ شَاعِرٍۗ قَلِيْلًا مَّا تُؤْمِنُوْنَۙ٤١
Wa mā huwa biqauli syā‘ir(in), qalīlam mā tu'minūn(a).
[41] lan kuwé (Al-Qur’an) udu pengucapé sewijiné tukang guritan (ahli singir). Semendhing pisan ko padha precaya maring kuwé (Al-Qur’an).

وَلَا بِقَوْلِ كَاهِنٍۗ قَلِيْلًا مَّا تَذَكَّرُوْنَۗ٤٢
Wa lā biqauli kāhin(in), qalīlam mā tażakkarūn(a).
[42] Lan uga udu pengucapé tukang tenung (santhét). Semendhing pisan ko padha ngalap piwulang sekang kuwé.

تَنْزِيْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَ٤٣
Tanzīlum mir rabbil-‘ālamīn(a).
[43] Kuwé (Al-Qur’an) wahyu sing déturunaken sekang Pengérané sekabéh ngalam.

وَلَوْ تَقَوَّلَ عَلَيْنَا بَعْضَ الْاَقَاوِيْلِۙ٤٤
Wa lau taqawwala ‘alainā ba‘ḍal-aqāwīl(i).
[44] Lan sekirané dhéwéké (Muhammad) gawé-gawé sebagéan pengucapan ingatasé (jeneng) Ingsun,

لَاَخَذْنَا مِنْهُ بِالْيَمِيْنِۙ٤٥
La'akhażnā minhu bil-yamīn(i).
[45] mesthi Ingsun cekel dhéwéké neng tangan tengené. 861
861) Ingsun paringi tindakan sekeras-kerasé.

ثُمَّ لَقَطَعْنَا مِنْهُ الْوَتِيْنَۖ٤٦
Ṡumma laqaṭa‘nā minhul-watīn(a).
[46] Banjur Ingsun potong saluran jantungé.

فَمَا مِنْكُمْ مِّنْ اَحَدٍ عَنْهُ حٰجِزِيْنَۙ٤٧
Famā minkum min aḥadin ‘anhu ḥājizīn(a).
[47] Mangka ora nana sijia wong sekang ko kabéh sing bisa ngalang-alangi (Ingsun ngukum dhéwéké).

وَاِنَّهٗ لَتَذْكِرَةٌ لِّلْمُتَّقِيْنَ٤٨
Wa innahū latażkiratul lil-muttaqīn(a).
[48] Lan temen, Al-Qur’an kuwé piwulang tumrap wong-wong sing padha semarah (takwa).

وَاِنَّا لَنَعْلَمُ اَنَّ مِنْكُمْ مُّكَذِّبِيْنَۗ٤٩
Wa innā lana‘lamu anna minkum mukażżibīn(a).
[49] Lan temen, Ingsun ngawuningani lamon neng antarané ko kabéh ana sing nggorohna.

وَاِنَّهٗ لَحَسْرَةٌ عَلَى الْكٰفِرِيْنَۚ٥٠
Wa innahū laḥasratun ‘alal-kāfirīn(a).
[50] Lan temen, Al-Qur’an kuwé bakal nuwuhna rasa ngajog tumrap wong-wong kapir (neng akhérat).

وَاِنَّهٗ لَحَقُّ الْيَقِيْنِ٥١
Wa innahū laḥaqqul-yaqīn(i).
[51] Lan temen, Al-Qur’an kuwé bebener sing mantep,

فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيْمِ ࣖ٥٢
Fa sabbiḥ bismi rabbikal-‘aẓīm(i).
[52] Mangka padha maha-nyucékna (maca tasbéh) kanthi (nyebut) asma Pengéranmu Sing Mahaagung.