Surah Al-Insan
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
هَلْ اَتٰى عَلَى الْاِنْسَانِ حِيْنٌ مِّنَ الدَّهْرِ لَمْ يَكُنْ شَيْـًٔا مَّذْكُوْرًا١
Hal atāka ‘alal-insāni ḥīnum minad-dahri lam yakun syai'am mażkūrā(n).
[1]
Mbok iya nglakon teka maring menungsa wektu sekang mangsa, sing rikala semana urung demadi sewiji-wiji sing bisa dearani?
اِنَّا خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنْ نُّطْفَةٍ اَمْشَاجٍۖ نَّبْتَلِيْهِ فَجَعَلْنٰهُ سَمِيْعًاۢ بَصِيْرًا٢
Innā khalaqnal-insāna min nuṭfatin amsyājin nabtalīhi fa ja‘alnāhu samī‘am baṣīrā(n).
[2]
Temen, Ingsun wis nyipta menungsa sekang mani setétés sing campur 881 sing Ingsun bakal nguji (kanthi préntah lan larangan), mula kuwé Ingsun dadékna dhéwéké krungu lan weruh.
881) Campur antarané winih lanang karo winih wadon.
اِنَّا هَدَيْنٰهُ السَّبِيْلَ اِمَّا شَاكِرًا وَّاِمَّا كَفُوْرًا٣
Innā hadaināhus-sabīla immā syākiraw wa immā kafūrā(n).
[3]
Temen, Ingsun wis nidhokna dalan jejeg, ana sing padha kesuwun ana uga sing sulaya (kufur).
اِنَّآ اَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ سَلٰسِلَا۟ وَاَغْلٰلًا وَّسَعِيْرًا٤
Innā a‘tadnā lil-kāfirīna salāsila wa aglālaw wa sa‘īrā(n).
[4]
Temen, Ingsun wis nyedhiani nggo wong-wong mbangkang (kapir) ranté, blenggu lan geni neraka sing mulab-mulab.
اِنَّ الْاَبْرَارَ يَشْرَبُوْنَ مِنْ كَأْسٍ كَانَ مِزَاجُهَا كَافُوْرًاۚ٥
Innal-abrāra yasyrabūna min ka'sin kāna mizājuhā kāfūrā(n).
[5]
Temen, wong-wong sing temindak becik arep nginum sekang gelas (isi inuman) sing campurané yakuwé banyu kafur, 882
882) Aran sewijiné tuk neng suwarga sing banyuné putih tur ambuné enak lan rasané nékmat pisan.
عَيْنًا يَّشْرَبُ بِهَا عِبَادُ اللّٰهِ يُفَجِّرُوْنَهَا تَفْجِيْرًا٦
‘Ainay yasyrabu bihā ‘ibādullāhi yufajjirūnahā tafjīrā(n).
[6]
(yakuwé) tuk (neng jero suwarga) sing deinum neng kewula-kewulané Gusti Allah lan dhéwéké padha bisa mancurna kanthi apik temen.
يُوْفُوْنَ بِالنَّذْرِ وَيَخَافُوْنَ يَوْمًا كَانَ شَرُّهٗ مُسْتَطِيْرًا٧
Yūfūna bin-nażri wa yakhāfūna yauman kāna syarruhū mustaṭīrā(n).
[7]
Wong-wong mau netepi kaul 883 lan wedi maring sewijiné dina sing siksané mrata neng ngendi-ora.
883) Yakuwé niat lan janji arep nindakna sewijining laku sing degandhéngna karo barang sing dégayuh. Contoné, angger wis mari goli mriyang utawa bisa lulus ujian sewenéh wong arep puasa 3 dina utawa arep awéh sedhekah,
وَيُطْعِمُوْنَ الطَّعَامَ عَلٰى حُبِّهٖ مِسْكِيْنًا وَّيَتِيْمًا وَّاَسِيْرًا٨
Wa yuṭ‘imūnaṭ-ṭa‘āma ‘alā ḥubbihī miskīnaw wa yatīmaw wa asīrā(n).
[8]
Lan dhéwéké padha awéh panganan sing désenengi maring wong miskin, bocah yatim karo wong sing detawan,
اِنَّمَا نُطْعِمُكُمْ لِوَجْهِ اللّٰهِ لَا نُرِيْدُ مِنْكُمْ جَزَاۤءً وَّلَا شُكُوْرًا٩
Innamā nuṭ‘imukum liwajhillāhi lā nurīdu minkum jazā'aw wa lā syukūrā(n).
[9]
(nyambi ngucap), “Setemené inyong awéh panganan maring ko mung krana ngarep-arep keparengé Gusti Allah, inyong ora ngarep-arep piwales lan imbal penrima sekang ko.
اِنَّا نَخَافُ مِنْ رَّبِّنَا يَوْمًا عَبُوْسًا قَمْطَرِيْرًا١٠
Innā nakhāfu mir rabbinā yauman ‘abūsan qamṭarīrā(n).
[10]
Temen, inyong kabéh wedi maring (siksa) Pengéran neng dina (rikala) wong-wong rainé padha surem kebek reribed.”
فَوَقٰىهُمُ اللّٰهُ شَرَّ ذٰلِكَ الْيَوْمِ وَلَقّٰىهُمْ نَضْرَةً وَّسُرُوْرًاۚ١١
Fa waqāhumullāhu syarra żālikal-yaumi wa laqqāhum naḍrataw wa surūrā(n).
[11]
Mangka Gusti Allah ngayomi wong-wong mau sekang kesusahan neng dina kuwé, lan paring kesenengan lan kebungahan maring dhéwéké.
وَجَزٰىهُمْ بِمَا صَبَرُوْا جَنَّةً وَّحَرِيْرًاۙ١٢
Wa jazāhum bimā ṣabarū jannataw wa ḥarīrā(n).
[12]
Lan Penjenengané paring piwales maring dhéwéké kabéh merga kesabarané (rupa) suwarga lan anggon-anggon (sing dégawé sekang) sutra.
مُّتَّكِـِٕيْنَ فِيْهَا عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِۚ لَا يَرَوْنَ فِيْهَا شَمْسًا وَّلَا زَمْهَرِيْرًاۚ١٣
Muttaki'īna fīhā ‘alal-arā'ik(i), lā yarauna fīhā syamsaw wa lā zamharīrā(n).
[13]
Neng kana (suwarga) dhéwéké padha jagongan séndhéhan neng amben, neng kana dhéwéké padha ora weruh (ngrasakna panasé) srengengé lan uga ora (ngrasakna) atis sing keliwat.
وَدَانِيَةً عَلَيْهِمْ ظِلٰلُهَا وَذُلِّلَتْ قُطُوْفُهَا تَذْلِيْلًا١٤
Wa dāniyatan ‘alaihim ẓilāluhā wa żullilat quṭūfuhā tażlīlā(n).
[14]
Lan aub-aub (wit-witan)é pérek neng sendhuwuré dhéwéké lan dégampangna pisan nggo methik (woh-wohan)é.
وَيُطَافُ عَلَيْهِمْ بِاٰنِيَةٍ مِّنْ فِضَّةٍ وَّاَكْوَابٍ كَانَتْ قَوَارِيْرَا۠١٥
Wa yuṭāfu ‘alaihim bi'āniyatim min fiḍḍatiw wa akwābin kānat qawārīrā.
[15]
Lan maring dhéwéké deiderna bokor-bokor (sing dégawé) sekang pérak, lan cawik-cawik sing bening kaya kaca.
قَوَارِيْرَا۟ مِنْ فِضَّةٍ قَدَّرُوْهَا تَقْدِيْرًا١٦
Qawārīra min fiḍḍatin qaddarūhā taqdīrā(n).
[16]
kaca sing bening dégawé sekang pérak, dhéwéké padha nemtokna ukurané sing cocog (karo karepé dhéwéké).
وَيُسْقَوْنَ فِيْهَا كَأْسًا كَانَ مِزَاجُهَا زَنْجَبِيْلًاۚ١٧
Wa yusqauna fīhā ka'san kāna mizājuhā zanjabīlā(n).
[17]
Lan neng kana dhéwéké padha déparingi inuman segelas sing decampur jahé.
عَيْنًا فِيْهَا تُسَمّٰى سَلْسَبِيْلًا١٨
‘Ainan fīhā tusammā salsabīlā(n).
[18]
(Sing detekakna sekang) sewijiné tuk (neng suwarga) sing dejenengi Salsabil.
۞ وَيَطُوْفُ عَلَيْهِمْ وِلْدَانٌ مُّخَلَّدُوْنَۚ اِذَا رَاَيْتَهُمْ حَسِبْتَهُمْ لُؤْلُؤًا مَّنْثُوْرًا١٩
Wa yaṭūfu ‘alaihim wildānum mukhalladūn(a), iżā ra'aitahum ḥasibtahum lu'lu'am manṡūrā(n).
[19]
Lan wong-wong mau dékubengi neng para nonoman sing tetep nom. Angger ko nyawang dhéwéké, ko bakal ngarani para nonoman mau mutiara sing ambyor.
وَاِذَا رَاَيْتَ ثَمَّ رَاَيْتَ نَعِيْمًا وَّمُلْكًا كَبِيْرًا٢٠
Wa iżā ra'aita ṡamma ra'aita na‘īmaw wa mulkan kabīrā(n).
[20]
Lan umpamané ko weruh (kahanan) neng kana (suwarga), mesthi ko bakal weruh sewernané kenékmatan lan kraton sing jembar.
عٰلِيَهُمْ ثِيَابُ سُنْدُسٍ خُضْرٌ وَّاِسْتَبْرَقٌۖ وَّحُلُّوْٓا اَسَاوِرَ مِنْ فِضَّةٍۚ وَسَقٰىهُمْ رَبُّهُمْ شَرَابًا طَهُوْرًا٢١
‘Āliyahum ṡiyābu sundusin khuḍruw wa istabraq(un), wa ḥullū asāwira min fiḍḍah(tin), wa saqāhum rabbuhum syarāban ṭahūrā(n).
[21]
Wong-wong padha nganggo (klambi) sutra alus sing ijo lan sutra kandel karo nganggo gelang sing dégawé sekang pérak lan Pengéran maringi dhéwéké inuman sing brésih (lan suci).
اِنَّ هٰذَا كَانَ لَكُمْ جَزَاۤءً وَّكَانَ سَعْيُكُمْ مَّشْكُوْرًا ࣖ٢٢
Inna hāżā kāna lakum jazā'aw wa kāna sa‘yukum masykūrā(n).
[22]
Kiyé piwales nggo ko kabéh, lan kabéh usahané ko détampa lan deanggep (déning Gusti Allah).
اِنَّا نَحْنُ نَزَّلْنَا عَلَيْكَ الْقُرْاٰنَ تَنْزِيْلًاۚ٢٣
Innā naḥnu nazzalnā ‘alaikal-qur'āna tanzīlā(n).
[23]
Setemené Ingsun pribadi sing nurunaken Al-Qur’an maring sliramu (Muhammad) nganggo cara depipil.
فَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ وَلَا تُطِعْ مِنْهُمْ اٰثِمًا اَوْ كَفُوْرًاۚ٢٤
Faṣbir liḥukmi rabbika wa lā tuṭi‘ minhum āṡiman au kafūrā(n).
[24]
Mangka padha sing sabar nggo (nglakoni) pesthéné Pengéranmu, lan aja padha mélu wong sing dosa lan wong kapir neng antarané dhéwéké.
وَاذْكُرِ اسْمَ رَبِّكَ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًاۚ٢٥
Ważkurisma rabbika bukrataw wa aṣīlā(n).
[25]
Lan nyebuta asmané Pengéranmu neng (wektu) ésuk lan soré.
وَمِنَ الَّيْلِ فَاسْجُدْ لَهٗ وَسَبِّحْهُ لَيْلًا طَوِيْلًا٢٦
Wa minal-laili fasjud lahū wa sabbiḥhu lailan ṭawīlā(n).
[26]
Lan neng seperangan wengi, mangka padha nyembaha maring Penjenengané padha maha-nyucékna (maca tasbeh) maring Panjenegané neng perangan sing suwé neng wektu wengi.
اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ يُحِبُّوْنَ الْعَاجِلَةَ وَيَذَرُوْنَ وَرَاۤءَهُمْ يَوْمًا ثَقِيْلًا٢٧
Inna hā'ulā'i yuḥibbūnal-‘ājilata wa yażarūna warā'ahum yauman ṡaqīlā(n)
[27]
Setemené dhéwéké (wong-wong kapir) kuwé padha dhemen maring panguripan (dunya) lan ninggalna dina sing abot (dina akhérat) neng semburiné.
نَحْنُ خَلَقْنٰهُمْ وَشَدَدْنَآ اَسْرَهُمْۚ وَاِذَا شِئْنَا بَدَّلْنَآ اَمْثَالَهُمْ تَبْدِيْلًا٢٨
Naḥnu khalaqnāhum wa syadadnā asrahum, wa iżā syi'nā baddalnā amṡālahum tabdīlā(n).
[28]
Ingsun wis nyipta dhéwéké kabéh lan nguwatna ros-rosan awaké dhéwéké. Ning, lamon Ingsun ngersakna, Ingsun bisa ngganti karo sing padha rupa karo dhéwéké.
اِنَّ هٰذِهٖ تَذْكِرَةٌ ۚ فَمَنْ شَاۤءَ اتَّخَذَ اِلٰى رَبِّهٖ سَبِيْلًا٢٩
Inna hāżihī tażkirah(tun), faman syā'attakhaża ilā rabbihī sabīlā(n).
[29]
Temen, (ayat-ayat) kiyé dadi pengéling-éling, mangka sapa sing ngarepna (kebecikan nggo awaké) mesthi dhéwéké ngambah dalan sing temuju maring Pengérané.
وَمَا تَشَاۤءُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًاۖ٣٠
Wa mā tasyā'ūna illā ay yasyā'allāh(u), innallāha kāna ‘alīman ḥakīmā(n).
[30]
Ning ko ora kuwung (ngambah dalan kuwé), kejaba angger dékersakna déning Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Maha Mriksani, Mahawicaksana.
يُّدْخِلُ مَنْ يَّشَاۤءُ فِيْ رَحْمَتِهٖۗ وَالظّٰلِمِيْنَ اَعَدَّ لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا ࣖ٣١
Yudkhilu may yasyā'u fī raḥmatih(ī), waẓ-ẓālimīna a‘adda lahum ‘ażāban alīmā(n).
[31]
Penjenengané nglebokna sapa-sapa sing Penjenengané kersakna maring asihé (suwarga). Anadéné tumrap wong-wong sing aniaya atiné deancengi (déning Pengéran) siksa sing perih.