Surah An-Naba’
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
عَمَّ يَتَسَاۤءَلُوْنَۚ١
‘Amma yatasā'alūn(a).
[1]
Ngenani prekara apa wong-wong kuwé padha takon-takonan?
عَنِ النَّبَاِ الْعَظِيْمِۙ٢
‘Anin naba'il-‘aẓīm(i).
[2]
Ngenani werta sing gedhé (wektu tanginé menungsa neng dina kiyamat),
الَّذِيْ هُمْ فِيْهِ مُخْتَلِفُوْنَۗ٣
Allażī hum fīhi mukhtalifūn(a).
[3]
sing neng prekara kiyé wong-wong mau padha pesulayan.
كَلَّا سَيَعْلَمُوْنَۙ٤
Kallā saya‘lamūn(a).
[4]
Ora! 891 Mbésuk dhéwéké arep padha ngaweruhi,
891) Bantahan maring wong-wong kapir Mekah sing ngingkari lamon menungsa padha tangi maning neng dina kiyamat.
ثُمَّ كَلَّا سَيَعْلَمُوْنَ٥
Ṡumma kallā saya‘lamūn(a).
[5]
sepisan maning ora! Mbésuk dhéwéké arep padha ngaweruhi.
اَلَمْ نَجْعَلِ الْاَرْضَ مِهٰدًاۙ٦
Alam naj‘alil-arḍa mihādā(n).
[6]
Mbok iya Ingsun wis ndadékna bumi minangka gelaran,
وَّالْجِبَالَ اَوْتَادًاۖ٧
Wal-jibāla autādā(n).
[7]
lan gunung-gunung sing dadi panték?
وَّخَلَقْنٰكُمْ اَزْوَاجًاۙ٨
Wa khalaqnākum azwājā(n).
[8]
Lan Ingsun nyiptakna ko kabéh pasang-pasangan,
وَّجَعَلْنَا نَوْمَكُمْ سُبَاتًاۙ٩
Wa ja‘alnā naumakum subātā(n).
[9]
lan Ingsun ndadékna turuné ko kabeh nggo ngaso,
وَّجَعَلْنَا الَّيْلَ لِبَاسًاۙ١٠
Wa ja‘alnal-laila libāsā(n).
[10]
lan Ingsun ndadékna wektu wengi nggo sandhangan, 892
892) Wektu wengi déarani “sandhangan” mergané wengi kuwé peteng nutupi jagat kaya sandhangan nutupi awaké menungsa.
وَّجَعَلْنَا النَّهَارَ مَعَاشًاۚ١١
Wa ja‘alnan-nahāra ma‘āsyā(n).
[11]
lan Ingsun ndadékna wektu awan nggo nggolét penguripan,
وَبَنَيْنَا فَوْقَكُمْ سَبْعًا شِدَادًاۙ١٢
Wa banainā fauqakum sab‘an syidādā(n).
[12]
lan Ingsun mbangun sendhuwurmu (langit) pitu sing sentosa,
وَّجَعَلْنَا سِرَاجًا وَّهَّاجًاۖ١٣
Wa ja‘alnā sirājaw wahhājā(n).
[13]
lan Ingsun ndadékna lampu sing padhang-jingglang (srengéngé),
وَّاَنْزَلْنَا مِنَ الْمُعْصِرٰتِ مَاۤءً ثَجَّاجًاۙ١٤
Wa anzalnā minal-mu‘ṣirāti mā'an ṡajjājā(n).
[14]
lan Ingsun turunaken sekang lamuk banyu udan sing gemrujug,
لِّنُخْرِجَ بِهٖ حَبًّا وَّنَبَاتًاۙ١٥
Linukhrija bihī ḥabbaw wa nabātā(n).
[15]
supaya Ingsun thukulna karo banyu kuwé wiji-wijén lan tanduran,
وَّجَنّٰتٍ اَلْفَافًاۗ١٦
Wa jannātin alfāfā(n).
[16]
lan kebon-kebon sing rungkud.
اِنَّ يَوْمَ الْفَصْلِ كَانَ مِيْقَاتًاۙ١٧
Inna yaumal-faṣli kāna mīqātā(n).
[17]
Temen, dina putusan kuwé sawijiné wektu sing wis détetepna,
يَّوْمَ يُنْفَخُ فِى الصُّوْرِ فَتَأْتُوْنَ اَفْوَاجًاۙ١٨
Yauma yunfakhu fiṣ-ṣūri fa ta'tūna afwājā(n).
[18]
(yakuwé) neng dina (rikala) slomprét désemprong, banjur ko padha teka gemridig,
وَّفُتِحَتِ السَّمَاۤءُ فَكَانَتْ اَبْوَابًاۙ١٩
Wa futiḥatis-samā'u fa kānat abwābā(n).
[19]
lan langit banjur débukak, mangka ana pirang-pirang lawang,
وَّسُيِّرَتِ الْجِبَالُ فَكَانَتْ سَرَابًاۗ٢٠
Wa suyyiratil-jibālu fa kānat sarābā(n).
[20]
lan gunung-gunung uga padha démlakokna nganti kaya wewayangan.
اِنَّ جَهَنَّمَ كَانَتْ مِرْصَادًاۙ٢١
Inna jahannama kānat mirṣādā(n).
[21]
Temen, (neraka) Jahanam kuwé (dadi) panggonan ngintip-intip (tumrap sing njaga isén-iséné neraka),
لِّلطّٰغِيْنَ مَاٰبًاۙ٢٢
Liṭ-ṭāgīna ma'ābā(n).
[22]
dadi panggonan baliné wong-wong sing padha ngliwati wates.
لّٰبِثِيْنَ فِيْهَآ اَحْقَابًاۚ٢٣
Lābiṡīna fīhā aḥqābā(n).
[23]
Wong-wong kuwé padha manggon neng kono sejeroné wektu sing suwé,
لَا يَذُوْقُوْنَ فِيْهَا بَرْدًا وَّلَا شَرَابًاۙ٢٤
Lā yażūqūna fīhā bardaw wa lā syarābā(n).
[24]
dhéwéké padha ora ngrasakna adem-adem neng njeroné lan (uga) ora (olih) inuman,
اِلَّا حَمِيْمًا وَّغَسَّاقًاۙ٢٥
Illā ḥamīmaw wa gassāqā(n).
[25]
kejaba banyu sing umeb karo nanah,
جَزَاۤءً وِّفَاقًاۗ٢٦
Jazā'aw wifāqā(n).
[26]
minangka piwales sing setimpal.
اِنَّهُمْ كَانُوْا لَا يَرْجُوْنَ حِسَابًاۙ٢٧
Innahum kānū lā yarjūna ḥisābā(n).
[27]
Setemené gemiyén dhéwéké padha ora nglakon ngarep-arep prétungan.
وَّكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا كِذَّابًاۗ٢٨
Wa każżabū bi'āyātinā kiżżābā(n).
[28]
Lan dhéwéké nyata-nyata padha nggorohna ayat-ayat Ingsun.
وَكُلَّ شَيْءٍ اَحْصَيْنٰهُ كِتٰبًاۙ٢٩
Wa kulla syai'in aḥṣaināhu kitābā(n).
[29]
Lan sekabéhané wis Ingsun cathet neng seje-roné Kitab (buku cathetan lakoné menungsa).
فَذُوْقُوْا فَلَنْ نَّزِيْدَكُمْ اِلَّا عَذَابًا ࣖ٣٠
Fa żūqū falan nazīdakum illā ‘ażābā(n)
[30]
Mangka merga kuwé ngonoh rasakna! Mangka Ingsun ora bakal imbuhna maring ko kabeh kejaba siksa.
اِنَّ لِلْمُتَّقِيْنَ مَفَازًاۙ٣١
Inna lil-muttaqīna mafāzā(n).
[31]
Temen, wong-wong sing padha manut-miturut bakal olih kebegjan,
حَدَاۤىِٕقَ وَاَعْنَابًاۙ٣٢
Ḥadā'iqa wa a‘nābā(n).
[32]
(yakuwé) kebon-kebon karo woh anggur,
وَّكَوَاعِبَ اَتْرَابًاۙ٣٣
Wa kawā‘iba atrābā(n).
[33]
lan prawan-prawan moblong sing umuré rampag,
وَّكَأْسًا دِهَاقًاۗ٣٤
Wa ka'san dihāqā(n).
[34]
lan gelas-gelas sing kebek (isi inuman).
لَا يَسْمَعُوْنَ فِيْهَا لَغْوًا وَّلَا كِذّٰبًا٣٥
Lā yasma‘ūna fīhā lagwaw wa lā kiżżābā(n).
[35]
Neng kana dhéwéké padha ora krungu pengucap sing muspra apadéné (pengucap) goroh.
جَزَاۤءً مِّنْ رَّبِّكَ عَطَاۤءً حِسَابًاۙ٣٦
Jazā'am mir rabbika ‘aṭā'an ḥisābā(n).
[36]
Minangka piwales lan paringan sing cukup akéh sekang Pengéranmu,
رَّبِّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا الرَّحْمٰنِ لَا يَمْلِكُوْنَ مِنْهُ خِطَابًاۚ٣٧
Rabbis-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumar-raḥmāni lā yamlikūna minhu khiṭābā(n).
[37]
Pengéran (sing ngreksa) langit lan bumi uga apa sing ana neng antarané sekloroné; Sing Mahaasih, wong-wong kuwé ora kewawa matur karo Penjenengané.
يَوْمَ يَقُوْمُ الرُّوْحُ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ صَفًّاۙ لَّا يَتَكَلَّمُوْنَ اِلَّا مَنْ اَذِنَ لَهُ الرَّحْمٰنُ وَقَالَ صَوَابًا٣٨
Yauma yaqūmur-rūḥu wal-malā'ikatu ṣaffā(n), lā yatakallamūna illā man ażina lahur-raḥmānu wa qāla ṣawābā(n).
[38]
Neng dina, rikalané roh 893 lan para malaékat padha ngadeg larik-larikan, dhéwéké kabéh ora ngucap, kejaba sapa sing wis déparingi idin déning Pengéran Sing Mahaasih lan dhéwéké mung ngucap sing bener.
893) Para juru tapsir duwé penemu sing beda-beda ngenani “roh” neng ayat kiyé. Ana sing ngarani “Jibril” ana sing ngarani tentarané Gusti Allah lan uga ana ngarani “rohé menungsa”.
ذٰلِكَ الْيَوْمُ الْحَقُّۚ فَمَنْ شَاۤءَ اتَّخَذَ اِلٰى رَبِّهٖ مَاٰبًا٣٩
Żālikal-yaumul-ḥaqq(u), faman syā'attakhaża ilā rabbihī ma'ābā(n).
[39]
Yakuwé dina sing mesthi kedadén. Mula sapa baé sing karep, mesthi dhéwéké ngambah dalan bali maring Pengérané.
اِنَّآ اَنْذَرْنٰكُمْ عَذَابًا قَرِيْبًا ەۙ يَّوْمَ يَنْظُرُ الْمَرْءُ مَا قَدَّمَتْ يَدَاهُ وَيَقُوْلُ الْكٰفِرُ يٰلَيْتَنِيْ كُنْتُ تُرٰبًا ࣖ٤٠
Innā anżarnākum ‘ażāban qarībā(n), yauma yanẓurul-mar'u mā qaddamat yadāhu wa yaqūlul-kāfiru yā laitanī kuntu turābā(n).
[40]
Setemené Ingsun wis ngélingna maring ko kabéh (wong kapir) siksa sing énggal neng dina sing menungsa weruh apa sing wis dépergawé déning tangané loro; lan wong kapir ngucap, ”Enggané inyong gemiyén padha dadi lemah bae“.