Surah An-Nazi’at

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالنّٰزِعٰتِ غَرْقًاۙ١
Wan-nāzi‘āti garqā(n).
[1] Sekawit (malaékat) sing njabud (nyawa) kanthi kasar.

وَّالنّٰشِطٰتِ نَشْطًاۙ٢
Wan-nāsyiṭāti nasyṭā(n).
[2] Sekawit (malaékat) sing nglolor (nyawa) kanthi alon-alon.

وَّالسّٰبِحٰتِ سَبْحًاۙ٣
Was-sābiḥāti sabḥā(n).
[3] Sekawit (malaékat) sing medhun sekang langit kanthi temlarap,

فَالسّٰبِقٰتِ سَبْقًاۙ٤
Fas-sābiqāti sabqā(n).
[4] lan (malaékat) sing nglancangi kanthi kebat,

فَالْمُدَبِّرٰتِ اَمْرًاۘ٥
Fal-mudabbirāti amrā(n).
[5] lan (malaékat) sing ngatur urusan (ngalam dunya). 894
894) Neng ayat 1–5 Gusti Allah sumpah kanthi malaékat-malaékat sing werna-werna sipaté lan urusané lemon menungsa bakal dényatna neng dina Kiyamat. Seperangan juru tapsir duwé penemu, lamon neng ayat kiyé, kejaba ayat 5, Gusti Allah sumpah kanthi lintang-lintang.

يَوْمَ تَرْجُفُ الرَّاجِفَةُۙ٦
Yauma tarjufur-rājifah(tu).
[6] (Temen, sliramu arep détangékna) neng dina rikala semprongan sing kawitan nggoncangna ngalam,

تَتْبَعُهَا الرَّادِفَةُ ۗ٧
Tatba‘uhar-rādifah(tu).
[7] (semprongan kawitan) kuwé détututi semprongan sing kepindho.

قُلُوْبٌ يَّوْمَىِٕذٍ وَّاجِفَةٌۙ٨
Qulūbuy yauma'iżiw wājifah(tun).
[8] Atiné menungsa neng wektu kuwé krasa banget wediné,

اَبْصَارُهَا خَاشِعَةٌ ۘ٩
Abṣāruhā khāsyi‘ah(tun).
[9] penyawangé padha ndhengkul.

يَقُوْلُوْنَ ءَاِنَّا لَمَرْدُوْدُوْنَ فِى الْحَافِرَةِۗ١٠
Yaqūlūna a'innā lamardūdūna fil-ḥāfirah(ti).
[10] (Wong-wong kapir) ngucap: “Apa inyong temen arep padha débalékna maring penguripan sing asal? 895
895) Seuwisé wong-wong kapir krungu anané dina tangi seuwisé mati wong-wong mau gumun lan padha ngécé merga miturut piandelé dhéwéké ora ana dina tangi kuwé. Mulané wong-wong kapir mau padha takon.

ءَاِذَا كُنَّا عِظَامًا نَّخِرَةً ۗ١١
A'iżā kunnā ‘iẓāman nakhirah(tan).
[11] Apa (arep détangékna uga) angger inyong padha wis dadi balung-klunthung sing ajur?”

قَالُوْا تِلْكَ اِذًا كَرَّةٌ خَاسِرَةٌ ۘ١٢
Qālū tilka iżan karratun khāsirah(tun).
[12] Wong-wong kuwé padha ngucap, “Angger kaya kuwé, mujudna sewijiné paribalén sing gawé kapitunan.”

فَاِنَّمَا هِيَ زَجْرَةٌ وَّاحِدَةٌۙ١٣
Fa innamā hiya zajratuw wāḥidah(tun).
[13] Mangka paribalén kuwé mung karo semprongan sepisan baé.

فَاِذَا هُمْ بِالسَّاهِرَةِۗ١٤
Fa iżā hum bis-sāhirah(ti).
[14] Mangka serikala kuwé wong-wong mau padha urip maning neng bumi (sing anyar).

هَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ مُوْسٰىۘ١٥
Hal atāka ḥadīṡu mūsā.
[15] Apa wis butul maring sliramu (Muhammad) critané Musa?

اِذْ نَادٰىهُ رَبُّهٗ بِالْوَادِ الْمُقَدَّسِ طُوًىۚ١٦
Iż nādāhu rabbuhū bil-wādil-muqaddasi ṭuwā(n).
[16] Rikala Pengéran nimbali kiyambeké (Musa) neng lebak suci yakuwé Lebak Tuwa?

اِذْهَبْ اِلٰى فِرْعَوْنَ اِنَّهٗ طَغٰىۖ١٧
Iżhab ilā fir‘auna innahū ṭagā.
[17] Mangkata sliramu maring Fir’aun! Setemené dhéwéké wis ngliwati wates.

فَقُلْ هَلْ لَّكَ اِلٰٓى اَنْ تَزَكّٰىۙ١٨
Fa qul hal laka ilā an tazakkā.
[18] Mangka takokna (maring Fir’aun), “Apa ana kepénginanmu nggo mbresihna awakmu (sekang laku sasar),

وَاَهْدِيَكَ اِلٰى رَبِّكَ فَتَخْشٰىۚ١٩
Wa ahdiyaka ilā rabbika fa takhsyā.
[19] lan ko arep tek tuntun maring dalané Pengéranmu kon supaya ko wedi maring Penjenengané?”

فَاَرٰىهُ الْاٰيَةَ الْكُبْرٰىۖ٢٠
Fa arāhul-āyatal-kubrā.
[20] Banjur (Musa) ngedhéngna maring dhéwéké kesektén (mukjijat) sing gedhé.

فَكَذَّبَ وَعَصٰىۖ٢١
Fa każżaba wa ‘aṣā.
[21] Ning dhéwéké (Fir’aun) nggorohi lan nyidrani.

ثُمَّ اَدْبَرَ يَسْعٰىۖ٢٢
Ṡumma adbara yas‘ā.
[22] Banjur dhéwéké mléngos karo nyoba nantang (maring Musa).

فَحَشَرَ فَنَادٰىۖ٢٣
Fa ḥasyara fanādā.
[23] Banjur dhéwéké ngumpulna (penggedhé-penggedhéné) terus sambat-sambat (nyeluk wargané).

فَقَالَ اَنَا۠ رَبُّكُمُ الْاَعْلٰىۖ٢٤
Fa qāla ana rabbukumul-a‘lā.
[24] (Karo) ngucap, “Kiyé inyong pengéranmu sing paling luhur.”

فَاَخَذَهُ اللّٰهُ نَكَالَ الْاٰخِرَةِ وَالْاُوْلٰىۗ٢٥
Fa akhażahullāhu nakālal-ākhirati wal-ūlā.
[25] Mangka Gusti Allah ngukum dhéwéké karo siksa neng akhérat lan siksa neng dunya.

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَعِبْرَةً لِّمَنْ يَّخْشٰى ۗ ࣖ٢٦
Inna fī żālika la‘ibratal limay yakhsyā.
[26] Temen, sing mengkana kuwé ngemu wulangan tumrap wong sing padha wedi (maring Gusti Allah).

ءَاَنْتُمْ اَشَدُّ خَلْقًا اَمِ السَّمَاۤءُ ۚ بَنٰىهَاۗ٢٧
A'antum asyaddu khalqan amis-samā'u banāhā.
[27] Apa nyipta awake ko kabeh lewih angél apa langit sing wis débangun déning Penjenengané?

رَفَعَ سَمْكَهَا فَسَوّٰىهَاۙ٢٨
Rafa‘a samkahā fa sawwāhā.
[28] Penjenengané wis dhuwurna bangunané banjur nyempurnakna,

وَاَغْطَشَ لَيْلَهَا وَاَخْرَجَ ضُحٰىهَاۖ٢٩
Wa agṭasya lailahā wa akhraja ḍuḥāhā.
[29] lan Penjenengané ndadékna wenginé (peteng dhédhet) lan ndadékna awané (padhang njingglang).

وَالْاَرْضَ بَعْدَ ذٰلِكَ دَحٰىهَاۗ٣٠
Wal-arḍa ba‘da żālika daḥāhā.
[30] Lan sewisé kuwé bumi Penjenengané gelar.

اَخْرَجَ مِنْهَا مَاۤءَهَا وَمَرْعٰىهَاۖ٣١
Akhraja minhā mā'ahā wa mar‘āhā.
[31] Sekang bumi Penjenengané panthurna tuk, lan (déthukulna) tanduran-tandurané.

وَالْجِبَالَ اَرْسٰىهَاۙ٣٢
Wal-jibāla arsāhā.
[32] Lan gunung-gunung Penjenengan tancebna kanthi sentosa.

مَتَاعًا لَّكُمْ وَلِاَنْعَامِكُمْۗ٣٣
Matā‘al lakum wa li'an‘āmikum.
[33] (Kabéh mau) nggo kesenenganmu lan nggo kéwan-kéwan ingonmu.

فَاِذَا جَاۤءَتِ الطَّاۤمَّةُ الْكُبْرٰىۖ٣٤
Fa iżā jā'atiṭ-ṭāmmatul-kubrā.
[34] Mangka rikala marabaya gedhé (dina Kiyamat) wis teka,

يَوْمَ يَتَذَكَّرُ الْاِنْسَانُ مَا سَعٰىۙ٣٥
Yauma yatażakkarul-insānu mā sa‘ā.
[35] yakuwé neng dina (rikala) menungsa kémutan maring apa sing wis dhéwéké padha pergawé,

وَبُرِّزَتِ الْجَحِيْمُ لِمَنْ يَّرٰى٣٦
Wa burrizatil-jaḥīmu limay yarā.
[36] lan neraka déweruhna kanthi cetha wéla-wéla maring saben wong sing weruh.

فَاَمَّا مَنْ طَغٰىۖ٣٧
Fa ammā man ṭagā.
[37] Mangka anadéné wong sing padha ngliwati wates,

وَاٰثَرَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَاۙ٣٨
Wa āṡaral-ḥayātad-dun-yā.
[38] lan lewih ngutamakna penguripan dunya,

فَاِنَّ الْجَحِيْمَ هِيَ الْمَأْوٰىۗ٣٩
Fa innal-jaḥīma hiyal-ma'wā.
[39] mangka temen, neng neraka kuwé papan panggonané.

وَاَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهٖ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوٰىۙ٤٠
Wa ammā man khāfa maqāma rabbihī wa nahan-nafsa ‘anil-hawā.
[40] Lan anadéné wong-wong sing padha wedi maring agungé Pengérané lan nyugag sekang (kepénginané) hawa nepsune,

فَاِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوٰىۗ٤١
Fa innal-jannata hiyal-ma'wā.
[41] Mangka temen, mung suwarga papan panggonan(né)

يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ السَّاعَةِ اَيَّانَ مُرْسٰىهَاۗ٤٢
Yas'alūnaka ‘anis-sā‘ati ayyāna mursāhā.
[42] Dhéwéké kabéh (wong-wong kapir) padha takon maring sliramu (Muhammad) ngenani dina Kiyamat, “Kapan kedadiané?”

فِيْمَ اَنْتَ مِنْ ذِكْرٰىهَاۗ٤٣
Fīma anta min żikrāhā.
[43] Nggo ngapa sliramu perlu nyebutna (wektuné)?

اِلٰى رَبِّكَ مُنْتَهٰىهَاۗ٤٤
Ilā rabbika muntahāhā.
[44] Maring Pengéranmu (débalékna) wekasané (tetepan wektuné).

اِنَّمَآ اَنْتَ مُنْذِرُ مَنْ يَّخْشٰىهَاۗ٤٥
Innamā anta munżiru may yakhsyāhā.
[45] Sliramu (Muhammad) mung sadrema aweh pengéling-éling nggo sapa sing wedi maring kuwé (dina Kiyamat).

كَاَنَّهُمْ يَوْمَ يَرَوْنَهَا لَمْ يَلْبَثُوْٓا اِلَّا عَشِيَّةً اَوْ ضُحٰىهَا ࣖ٤٦
Ka'annahum yauma yaraunahā lam yalbaṡū illā ‘asyiyyatan au ḍuḥāhā.
[46] Neng dina rikala dhéwéké padha weruh dina Kiyamat kuwé (jalaran kahanané nggilani), dhéwéké padha krasa kaya-kaya mung (sedhéla baé) manggon (neng dunya) neng wektu soré utawa ésuk.