Surah Al-Infitar

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا السَّمَاۤءُ انْفَطَرَتْۙ١
Iżas-samā'unfaṭarat.
[1] Rikala langit wis kesigar,

وَاِذَا الْكَوَاكِبُ انْتَثَرَتْۙ٢
Wa iżal-kawākibuntaṡarat.
[2] lan rikala lintang-lintang ambrol pating plarah,

وَاِذَا الْبِحَارُ فُجِّرَتْۙ٣
Wa iżal-biḥāru fujjirat.
[3] lan rikala segara délubérna,

وَاِذَا الْقُبُوْرُ بُعْثِرَتْۙ٤
Wa iżal-qubūru bu‘ṡirat.
[4] lan rikala kuburan-kuburan déudhal-udhal,

عَلِمَتْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ وَاَخَّرَتْۗ٥
‘Alimat nafsum mā qaddamat wa akhkharat.
[5] (mangka) saben jiwa bakal weruh apa sing wis dépergawé lan sing dhéwéké kelalékna.

يٰٓاَيُّهَا الْاِنْسَانُ مَا غَرَّكَ بِرَبِّكَ الْكَرِيْمِۙ٦
Yā ayyuhal-insānu mā garraka birabbikal-karīm(i).
[6] Hé menungsa! Apa jané sing wis nggodha ko kabéh (nglakoni duraka) maring Pengéranmu Sing Mahamulya,

الَّذِيْ خَلَقَكَ فَسَوّٰىكَ فَعَدَلَكَۙ٧
Allażī khalaqaka fa sawwāka fa ‘adalak(a).
[7] sing wis nyipta ko banjur nyempurnakna kedadéanmu lan ndadékna (sungsunan awak) mu imbang,

فِيْٓ اَيِّ صُوْرَةٍ مَّا شَاۤءَ رَكَّبَكَۗ٨
Fī ayyi ṣūratim mā syā'a rakkabak(a).
[8] neng wujud apa baé sing dékersakna, Penjenengané nyungsun awakmu.

كَلَّا بَلْ تُكَذِّبُوْنَ بِالدِّيْنِۙ٩
Kallā bal tukażżibūna bid-dīn(i).
[9] Aja pisan-pisan kaya kuwé! Malah ko nggorohna dina piwales.

وَاِنَّ عَلَيْكُمْ لَحٰفِظِيْنَۙ١٠
Wa inna ‘alaikum laḥāfiẓīn(a).
[10] Lan setemené tumrapé ko kabéh ana (malaékat-malaékat) sing ngawasi (penggawéanmu),

كِرَامًا كٰتِبِيْنَۙ١١
Kirāman kātibīn(a).
[11] sing mulya (neng sisihé Gusti Allah) lan nyathet (penggawéanmu),

يَعْلَمُوْنَ مَا تَفْعَلُوْنَ١٢
Ya‘lamūna mā taf‘alūn(a).
[12] dhéwéké padha weruh apa sing ko kabéh pergawé.

اِنَّ الْاَبْرَارَ لَفِيْ نَعِيْمٍۙ١٣
Innal-abrāra lafī na‘īm(in).
[13] Setemené wong-wong sing ngabekti nyata-nyata manggon sejeroné (suwarga sing kebek) kenékmatan,

وَّاِنَّ الْفُجَّارَ لَفِيْ جَحِيْمٍ١٤
Wa innal-fujjāra lafī jaḥīm(in).
[14] lan setemené wong-wong sing duraka nyata-nyata manggon sejeroné neraka.

يَصْلَوْنَهَا يَوْمَ الدِّيْنِ١٥
Yaṣlaunahā yaumad-dīn(i).
[15] Wong-wong mau mlebu sejeroné (neraka) neng dina piwales.

وَمَا هُمْ عَنْهَا بِغَاۤىِٕبِيْنَۗ١٦
Wa mā hum ‘anhā bigā'ibīn(a).
[16] Lan dhéwéké padha ora bakal metu sekang neraka kuwé.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا يَوْمُ الدِّيْنِۙ١٧
Wa mā adrāka mā yaumud-dīn(i).
[17] Lan apa ko ngerti dina piwales kuwé?

ثُمَّ مَآ اَدْرٰىكَ مَا يَوْمُ الدِّيْنِۗ١٨
Ṡumma mā adrāka mā yaumud-dīn(i).
[18] Sepisan maning, apa ko ngerti dina piwales kuwé?

يَوْمَ لَا تَمْلِكُ نَفْسٌ لِّنَفْسٍ شَيْـًٔا ۗوَالْاَمْرُ يَوْمَىِٕذٍ لِّلّٰهِ ࣖ١٩
Yauma lā tamliku nafsul linafsin syai'ā(n), wal-amru yauma'iżil lillāh(i).
[19] (Yakuwé) neng dina (rikala) sewenéh wong babar pisan ora bisa (tulung) wong liya. Lan sekabéh urusan dina kuwé ana neng kewasané Gusti Allah.