Surah Al-Insyiqaq

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا السَّمَاۤءُ انْشَقَّتْۙ١
Iżas-samā'unsyaqqat.
[1] Rikala langit kesigar,

وَاَذِنَتْ لِرَبِّهَا وَحُقَّتْۙ٢
Wa ażinat lirabbihā wa ḥuqqat.
[2] lan nurut maring Pengérané, lan kuduné nurut,

وَاِذَا الْاَرْضُ مُدَّتْۙ٣
Wa iẓal-arḍu muddat.
[3] lan rikala bumi dératakna,

وَاَلْقَتْ مَا فِيْهَا وَتَخَلَّتْۙ٤
Wa alqat mā fīhā wa takhallat.
[4] lan mlunthahna apa sing neng njeroné lan dadi suwung,

وَاَذِنَتْ لِرَبِّهَا وَحُقَّتْۗ٥
Wa ażinat lirabbihā wa ḥuqqat.
[5] lan nurut maring Pengérané, lan wis semesthiné nurut,

يٰٓاَيُّهَا الْاِنْسَانُ اِنَّكَ كَادِحٌ اِلٰى رَبِّكَ كَدْحًا فَمُلٰقِيْهِۚ٦
Yā ayyuhal-insānu innaka kādiḥun ilā rabbika kadḥan fa mulāqīh(i).
[6] Hé menungsa! Setemené ko wis sengkud nyambut gawé nggo Pengéranmu, mangka ko bakal sowan maring ngarsa Penjenengané. 902
902) Menungsa neng dunya kiyé, mbuh krasa mbuh ora jané lagi padha mlaku nuju maring Pengérané. Lan mesthi dhéwéké bakal ketemu Pengérané seprelu nampani piwales sekang Gustiné ingatasé penggawéan sing apik utawa penggawéan sing ala.

فَاَمَّا مَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِيَمِيْنِهٖۙ٧
Fa ammā man ūtiya kitābahū biyamīnih(ī).
[7] Mangka anadéné wong sing cathetané déwéhna sekang sisih tengené,

فَسَوْفَ يُحَاسَبُ حِسَابًا يَّسِيْرًاۙ٨
Fa saufa yuḥāsabu ḥisābay yasīrā(n).
[8] mangka dhéwéké arep dépriksa kanthi priksan sing gampang,

وَّيَنْقَلِبُ اِلٰٓى اَهْلِهٖ مَسْرُوْرًاۗ٩
Wa yanqalibu ilā ahlihī masrūrā(n).
[9] lan dhéwéké arep mbalik maring kulawargané (sing padha déné precaya) kanthi bombong.

وَاَمَّا مَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ وَرَاۤءَ ظَهْرِهٖۙ١٠
Wa ammā man ūtiya kitābahū warā'a ẓahrih(ī).
[10] Lan anadéné wong sing cathetané déwéhna sekang mburi,

فَسَوْفَ يَدْعُوْا ثُبُوْرًاۙ١١
Fa saufa yad‘ū ṡubūrā(n).
[11] mangka dhéwéké arep nggembor, “Cilaka temen inyong!”

وَّيَصْلٰى سَعِيْرًاۗ١٢
Wa yaṣlā sa‘īrā(n).
[12] Lan dhéwéké arep mlebu neng sejeroné geni sing mulab-mulab (neraka).

اِنَّهٗ كَانَ فِيْٓ اَهْلِهٖ مَسْرُوْرًاۗ١٣
Innahū kāna fī ahlihī masrūrā(n).
[13] Temen, dhéwéké gemiyén (neng dunya) padha seneng-seneng neng kalangan kulawargané (sing padha déné kapir).

اِنَّهٗ ظَنَّ اَنْ لَّنْ يَّحُوْرَ ۛ١٤
Innahū ẓanna allay yaḥūr(a).
[14] Setemené dhéwéké ngira lamon dhéwéké ora bakal bali (maring Pengérané).

بَلٰىۛ اِنَّ رَبَّهٗ كَانَ بِهٖ بَصِيْرًاۗ١٥
Balā, inna rabbahū kāna bihī baṣīrā(n).
[15] Ora mengkana kuwé, setemené Pengérané terus mriksani dhéwéké.

فَلَآ اُقْسِمُ بِالشَّفَقِۙ١٦
Falā uqsimu bisy-syafaq(i).
[16] Mangka Ingsun sumpah sekawit sunar abang neng wayah soré,

وَالَّيْلِ وَمَا وَسَقَۙ١٧
Wal-laili wa mā wasaq(a).
[17] sekawit wengi lan apa sing dékemuli déning dhéwéké,

وَالْقَمَرِ اِذَا اتَّسَقَۙ١٨
Wal-qamari iżattasaq(a).
[18] sekawit wulan rikala wis bunder kempleng,

لَتَرْكَبُنَّ طَبَقًا عَنْ طَبَقٍۗ١٩
Latarkabunna ṭabaqan ‘an ṭabaq(in).
[19] Temen, ko arep nglakoni tingkat-mbaka-tingkat (sejeroné urip). 903
903) Sekang setétés winih lanang tekan délairna, nglakoni mangsa bocah, nonoman lan gedhé. Sekang urip dadi mati lan nganti détangékna maning.

فَمَا لَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَۙ٢٠
Famā lahum lā yu'minūn(a).
[20] Mangka kenangapa dhéwéké padha ora gelem precaya?

وَاِذَا قُرِئَ عَلَيْهِمُ الْقُرْاٰنُ لَا يَسْجُدُوْنَ ۗ ۩٢١
Wa iżā quri'a ‘alaihimul-qur'ānu lā yasjudūn(a).
[21] Lan rikala Al-Qur’an déwacakna maring dhéwéké, wong-wong mau padha ora (gelem) sujud,

بَلِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُكَذِّبُوْنَۖ٢٢
Balil-lażīna kafarū yukażżibūn(a).
[22] malah wong-wong kapir kuwé nggorohna (Al-Qur’an).

وَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا يُوْعُوْنَۖ٢٣
Wallāhu a‘lamu bimā yū‘ūn(a).
[23] Lan Gusti Allah lewih ngawuningani apa sing padha déumpetna dhéwéké (neng sejeroné ati).

فَبَشِّرْهُمْ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍۙ٢٤
Fa basysyirhum bi‘ażābin alīm(in).
[24] Mangka butulna maring dhéwéké (ancaman) siksa sing banget perihé,

اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ اَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُوْنٍ ࣖ٢٥
Illal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum ajrun gairu mamnūn(in).
[25] kejaba wong-wong sing padha precaya lan mergawé kebecikan, dhéwéké arep padha olih ganjaran sing ora nana pedhot-pedhoté.