Surah Al-Buruj

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالسَّمَاۤءِ ذَاتِ الْبُرُوْجِۙ١
Was-samā'i żātil-burūj(i).
[1] Sekawit langit sing duwé kumpulan lintang,

وَالْيَوْمِ الْمَوْعُوْدِۙ٢
Wal-yaumil-mau‘ūd(i).
[2] lan sekawit dina sing déjanjékna.

وَشَاهِدٍ وَّمَشْهُوْدٍۗ٣
Wa syāhidiw wa masyhūd(in).
[3] Sekawit sing nyekséni lan sing désekséni.

قُتِلَ اَصْحٰبُ الْاُخْدُوْدِۙ٤
Qutila aṣḥābul-ukhdūd(i).
[4] Musnaha wong-wong sing padha gawé kalénan (yakuwé para penggedhé Najran neng Yaman),

النَّارِ ذَاتِ الْوَقُوْدِۙ٥
An-nāri żātil-waqūd(i).
[5] sing ana geniné (sing désogi) suluh,

اِذْ هُمْ عَلَيْهَا قُعُوْدٌۙ٦
Iż hum ‘alaihā qu‘ūd(un).
[6] rikala wong-wong kuwé padha njagong neng sekubengé,

وَّهُمْ عَلٰى مَا يَفْعَلُوْنَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ شُهُوْدٌ ۗ٧
Wa hum ‘alā mā yaf‘alūna bil-mu'minīna syuhūd(un).
[7] selaginé dhéwéké padha nyekséni apa sing dhéwéké pergawé maring wong-wong mukmin.

وَمَا نَقَمُوْا مِنْهُمْ اِلَّآ اَنْ يُّؤْمِنُوْا بِاللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْحَمِيْدِۙ٨
Wa mā naqamū minhum illā ay yu'minū billāhil-‘azīzil-ḥamīd(i).
[8] Lan dhéwéké nyiksa wong-wong mukmin kuwé mung jalaran (wong-wong mukmin mau) precaya maring Gusti Allah Sing Mahadigdaya, Maha Pinuji,

الَّذِيْ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ ۗوَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ ۗ٩
Allażī lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), wallāhu ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[9] sing kagungan praja langit lan bumi. Lan Gusti Allah Maha Mriksani samubarang kabéh.

اِنَّ الَّذِيْنَ فَتَنُوا الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ ثُمَّ لَمْ يَتُوْبُوْا فَلَهُمْ عَذَابُ جَهَنَّمَ وَلَهُمْ عَذَابُ الْحَرِيْقِۗ١٠
Innal-lażīna fatanul-mu'minīna wal-mu'mināti ṡumma lam yatūbū fa lahum ‘ażābu jahannama wa lahum ‘ażābul-ḥarīq(i).
[10] Temen, wong-wong sing nekakna coban (marabaya, maténi, nyiksa) maring wong-wong sing precaya lanang lan wadon banjur dhéwéké ora tobat mangka dhéwéké bakal olih siksa Jahanam lan dhéwéké bakal olih siksa (neraka) sing mbakar.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ەۗ ذٰلِكَ الْفَوْزُ الْكَبِيْرُۗ١١
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum jannātun tajrī min taḥtihal-anhār(u), żālikal-fauzul-kabīr(u).
[11] Temen, wong-wong sing precaya lan nglakoni kebecikan, dhéwéké bakal olih suwarga sing neng ngisoré mili bengawan-bengawan, sing mengkana kuwé wujud kemenangan sing agung.

اِنَّ بَطْشَ رَبِّكَ لَشَدِيْدٌ ۗ١٢
Inna baṭsya rabbika lasyadīd(un).
[12] Temen, siksané Pengéranmu banget kerasé.

اِنَّهٗ هُوَ يُبْدِئُ وَيُعِيْدُۚ١٣
Innahū huwa yubdi'u wa yu‘īd(u).
[13] Temen, Penjenengané sing miwiti nyipta (titah) lan sing nguripna (maning).

وَهُوَ الْغَفُوْرُ الْوَدُوْدُۙ١٤
Wa huwal-gafūrul-wadūd(u).
[14] Lan Panjenegané Sing Maha Ngampura, Mahaasih,

ذُو الْعَرْشِ الْمَجِيْدُۙ١٥
Żul-‘arsyil-majīd(i).
[15] sing kagungan ‘Arsy, tur Mahamulya,

فَعَّالٌ لِّمَا يُرِيْدُۗ١٦
Fa‘‘ālul limā yurīd(u).
[16] Mahakewasa temindak apa sing Penjenengané kersakna.

هَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ الْجُنُوْدِۙ١٧
Hal atāka ḥadīṡul-junūd(i).
[17] Apa wis butul maring sliramu werta ngenani wadya bala (sing nglawan),

فِرْعَوْنَ وَثَمُوْدَۗ١٨
Fir‘auna wa ṡamūd(a).
[18] (yakuwé) Fir’aun lan kaum Samud?

بَلِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فِيْ تَكْذِيْبٍۙ١٩
Balil-lażīna kafarū fī takżīb(in).
[19] Pancén wong-wong kapir (terus) padha nggorohna,

وَّاللّٰهُ مِنْ وَّرَاۤىِٕهِمْ مُّحِيْطٌۚ٢٠
Wallāhu miw warā'ihim muḥīṭ(un).
[20] mangkané Gusti Allah ngepung sekang mburiné dhéwéké (nganti ora bisa mrojol).

بَلْ هُوَ قُرْاٰنٌ مَّجِيْدٌۙ٢١
Bal huwa qur'ānum majīd(un).
[21] Malah (sing dégorohna) yakuwé Al-Qur’an sing mulya,

فِيْ لَوْحٍ مَّحْفُوْظٍ ࣖ٢٢
Fī lauḥim maḥfūẓ(in).
[22] sing (désimpen) sejeroné (panggonan) sing primpen (Lauh Mahfuz).