Surah At-Tariq
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالسَّمَاۤءِ وَالطَّارِقِۙ١
Was-samā'i waṭ-ṭāriq(i).
[1]
Sekawit langit lan sing teka neng wayah wengi.
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الطَّارِقُۙ٢
Wa mā adrāka maṭ-ṭāriq(u).
[2]
Lan apa ko ngerti sing teka neng wayah wengi kuwé?
النَّجْمُ الثَّاقِبُۙ٣
An-najmuṡ-ṡāqib(u).
[3]
(yakuwé) lintang sing semunar mencorong,
اِنْ كُلُّ نَفْسٍ لَّمَّا عَلَيْهَا حَافِظٌۗ٤
In kullu nafsil lammā ‘alaihā ḥāfiẓ(un).
[4]
saben wong mesthi ana sing njagani dhéwéké.
فَلْيَنْظُرِ الْاِنْسَانُ مِمَّ خُلِقَ٥
Falyanẓuril-insānu mimma khuliq(a).
[5]
Mangka preyogané menungsa padha nggatékna sekang apa dhéwéké décipta.
خُلِقَ مِنْ مَّاۤءٍ دَافِقٍۙ٦
Khuliqa mim mā'in dāfiq(in).
[6]
Dhéwéké décipta sekang banyu (mani) sing muncrat,
يَّخْرُجُ مِنْۢ بَيْنِ الصُّلْبِ وَالتَّرَاۤىِٕبِۗ٧
Yakhruju mim bainiṣ-ṣulbi wat-tarā'ib(i).
[7]
sing metu sekang antarané balung ula-ula (sulbi) lan balung iga.
اِنَّهٗ عَلٰى رَجْعِهٖ لَقَادِرٌۗ٨
Innahū ‘alā raj‘ihī laqādir(un).
[8]
Temen, Gusti Allah nyata-nyata kewasa mbalékna dhéwéké (urip sewisé mati).
يَوْمَ تُبْلَى السَّرَاۤىِٕرُۙ٩
Yauma tublas-sarā'ir(u).
[9]
Neng dina déketonané kabéh wewadi,
فَمَا لَهٗ مِنْ قُوَّةٍ وَّلَا نَاصِرٍۗ١٠
Famā lahū min quwwatiw wa lā nāṣir(in).
[10]
mangka menungsa ora duwé maning sewijiné daya lan (uga) ora nana sing tulung.
وَالسَّمَاۤءِ ذَاتِ الرَّجْعِۙ١١
Was-samā'i żātir-raj‘(i).
[11]
Sekawit langit sing ngemu udan, 904
904) Raj’i tegesé mubeng maning. Udan déjenengi raj’i neng Ayat kiyé merga udan kuwé asal sekang uwab sing mumbul sekang bumi maring langit banjur temurun maning maring bumi, terus balik dadi uwab maning lan mumbul maring langit, lan seterusé.
وَالْاَرْضِ ذَاتِ الصَّدْعِۙ١٢
Wal-arḍi żātiṣ-ṣad‘(i).
[12]
lan bumi sing duwé thethukulan,
اِنَّهٗ لَقَوْلٌ فَصْلٌۙ١٣
Innahū laqaulun faṣl(un).
[13]
Temen, (Al-Qur’an) kuwé nyata-nyata pengendikan sing misahna (antarané sing bener karo sing luput),
وَّمَا هُوَ بِالْهَزْلِۗ١٤
Wa mā huwa bil-hazl(i).
[14]
lan (Al-Qur’an) kuwé udu guyonan.
اِنَّهُمْ يَكِيْدُوْنَ كَيْدًاۙ١٥
Innahum yakīdūna kaidā(n).
[15]
Temen, dhéwéké (wong-wong kapir) ngrancang réka daya sing jahat,
وَّاَكِيْدُ كَيْدًاۖ١٦
Wa akīdu kaidā(n).
[16]
lan Ingsun uga gawé rancangan (réka daya) sing pas.
فَمَهِّلِ الْكٰفِرِيْنَ اَمْهِلْهُمْ رُوَيْدًا ࣖ١٧
Fa mahhilil-kāfirīna amhilhum ruwaidā(n).
[17]
Merga kuwé wéhna angkilan maring wong-wong kapir. Wéhna maring dhéwéké kabéh kelodhan nggo sewetara wektu.