Surah Al-Gasyiyah

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
هَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ الْغَاشِيَةِۗ١
Hal atāka ḥadīṡul-gāsyiyah(ti).
[1] Apa wis butul maring ko werta ngenani (dina Kiyamat).

وُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍ خَاشِعَةٌ ۙ٢
Wujūhuy yauma'iżin khāsyi‘ah(tun).
[2] Neng dina kuwé akéh praupan (rai) sing temungkul rumangsa ina,

عَامِلَةٌ نَّاصِبَةٌ ۙ٣
‘Amilatun nāṣibah(tun).
[3] (merga) nyambut gawé abot tur kepayahen,

تَصْلٰى نَارًا حَامِيَةً ۙ٤
Taṣlā nāran ḥāmiyah(tan).
[4] dhéwéké padha mlebu maring geni sing banget panasé (neraka),

تُسْقٰى مِنْ عَيْنٍ اٰنِيَةٍ ۗ٥
Tusqā min ‘ainin āniyah(tin).
[5] déwéhi inuman sekang sumber banyu sing banget panasé.

لَيْسَ لَهُمْ طَعَامٌ اِلَّا مِنْ ضَرِيْعٍۙ٦
Laisa lahum ṭa‘āmun illā min ḍarī‘(in).
[6] Ora nana panganan tumrap dhéwéké seliyané sekang wit sing ana eriné,

لَّا يُسْمِنُ وَلَا يُغْنِيْ مِنْ جُوْعٍۗ٧
Lā yusminu wa lā yugnī min jū‘(in).
[7] sing ora gawé lemu lan ora ngilangna kencot.

وُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍ نَّاعِمَةٌ ۙ٨
Wujūhuy yauma'iżin nā‘imah(tun).
[8] Neng dina kuwé (uga) akéh praupan (rai) sing semringah,

لِّسَعْيِهَا رَاضِيَةٌ ۙ٩
Lisa‘yihā rāḍiyah(tun).
[9] ngrasa seneng merga usahané (dhéwék),

فِيْ جَنَّةٍ عَالِيَةٍۙ١٠
Fī jannatin ‘āliyah(tin).
[10] (dhéwéké) neng sejeroné suwarga sing dhuwur,

لَّا تَسْمَعُ فِيْهَا لَاغِيَةً ۗ١١
Lā tasama‘u fīhā lāgiyah(tan).
[11] neng kana (ko ) ora krungu ucapan sing ora migunani.

فِيْهَا عَيْنٌ جَارِيَةٌ ۘ١٢
Fīhā ‘ainun jāriyah(tun).
[12] Neng kana ana banyu tuk sing mili.

فِيْهَا سُرُرٌ مَّرْفُوْعَةٌ ۙ١٣
Fīhā sururum marfū‘ah(tun).
[13] Neng kana ana ambén-ambén sing dédhuwurna,

وَّاَكْوَابٌ مَّوْضُوْعَةٌ ۙ١٤
Wa akwābum mauḍū‘ah(tun).
[14] lan gelas-gelas sing cemawis (neng péreké),

وَّنَمَارِقُ مَصْفُوْفَةٌ ۙ١٥
Wa namāriqu maṣfūfah(tun).
[15] lan kampil-kampil séndhéhan sing wis désungsun,

وَّزَرَابِيُّ مَبْثُوْثَةٌ ۗ١٦
Wa zarābiyyu mabṡūṡah(tun).
[16] lan babut-babut sing dégelar.

اَفَلَا يَنْظُرُوْنَ اِلَى الْاِبِلِ كَيْفَ خُلِقَتْۗ١٧
Afalā yanẓurūna ilal-ibili kaifa khuliqat.
[17] Mangka apa dhéwéké padha ora nggatékna, kepriwé onta déciptakna?

وَاِلَى السَّمَاۤءِ كَيْفَ رُفِعَتْۗ١٨
Wa ilas-samā'i kaifa rufi‘at.
[18] lan langit, kepriwé olihé dédhuwurna?

وَاِلَى الْجِبَالِ كَيْفَ نُصِبَتْۗ١٩
Wa ilal-jibāli kaifa nuṣibat.
[19] Lan gunung-gunung kepriwé olihé dédegna?

وَاِلَى الْاَرْضِ كَيْفَ سُطِحَتْۗ٢٠
Wa ilal-arḍi kaifa suṭiḥat.
[20] Lan bumi kepriwé olihé dégelar?

فَذَكِّرْۗ اِنَّمَآ اَنْتَ مُذَكِّرٌۙ٢١
Fa żakkir, innamā anta mużakkir(un).
[21] Mangka paringana pengéling-éling, jalaran setemené sliramu (Muhammad) mung paring pengéling-éling.

لَّسْتَ عَلَيْهِمْ بِمُصَيْطِرٍۙ٢٢
Lasta ‘alaihim bimusaiṭir(in).
[22] Sliramu udu wong sing kewasa ingatasé wong-wong kuwé,

اِلَّا مَنْ تَوَلّٰى وَكَفَرَۙ٢٣
Illā man tawallā wa kafar(a).
[23] kejaba (angger ana) wong sing mléngos lan mbangkang (kapir),

فَيُعَذِّبُهُ اللّٰهُ الْعَذَابَ الْاَكْبَرَۗ٢٤
Fa yu‘ażżibuhullāhul-‘ażābal-akbar(a).
[24] mangka Gusti Allah bakal nyiksa dhéwéké kanthi siksa sing gedhé.

اِنَّ اِلَيْنَآ اِيَابَهُمْ٢٥
Inna ilainā iyābahum.
[25] Temen, mung maring Ingsun dhéwéké bali,

ثُمَّ اِنَّ عَلَيْنَا حِسَابَهُمْ ࣖ٢٦
Ṡumma inna ‘alainā ḥisābahum.
[26] banjur setemené (kewajiban) Ingsun pribadi sing gawé étungan ingatasé dhéwéké kabéh.