Surah Al-Balad

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
لَآ اُقْسِمُ بِهٰذَا الْبَلَدِۙ١
Lā uqsimu bihāżal-balad(i).
[1] Ingsun sumpah kanthi negari kiyé (Mekah),

وَاَنْتَ حِلٌّۢ بِهٰذَا الْبَلَدِۙ٢
Wa anta ḥillum bihāżal-balad(i).
[2] lan sliramu (Muhammad) manggon neng negari, (Mekah) kiyé,

وَوَالِدٍ وَّمَا وَلَدَۙ٣
Wa wālidiw wa mā walad(a).
[3] lan sekawit (sesambungan) rama lan anaké.

لَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ فِيْ كَبَدٍۗ٤
Laqad khalaqnal-insāna fī kabad(in).
[4] Temen, Ingsun wis nyipta menungsa ana neng sejeroné rekasa,

اَيَحْسَبُ اَنْ لَّنْ يَّقْدِرَ عَلَيْهِ اَحَدٌ ۘ٥
Ayaḥsabu allay yaqdira ‘alaihi aḥad(un).
[5] Apa dhéwéké (menungsa) kuwé ngira lamon ora nana sing kewasa ingatasé dhéwéké?

يَقُوْلُ اَهْلَكْتُ مَالًا لُّبَدًاۗ٦
Yaqūlu ahlaktu mālal lubadā(n).
[6] Dhéwéké ngucap, “Inyong wis ngentongna bandha sing pirang-pirang.”

اَيَحْسَبُ اَنْ لَّمْ يَرَهٗٓ اَحَدٌۗ٧
Ayaḥsabu allam yarahū aḥad(un).
[7] Apa dhéwéké ngira lamon ora nana sewiji-wiji sing ngaweruhi?

اَلَمْ نَجْعَلْ لَّهٗ عَيْنَيْنِۙ٨
Alam naj‘al lahū ‘ainain(i).
[8] Mbok ya Ingsun wis ndadékna nggo awakmu mripat sekloron,

وَلِسَانًا وَّشَفَتَيْنِۙ٩
Wa lisānaw wa syafatain(i).
[9] lan ilat karo lambé loro?

وَهَدَيْنٰهُ النَّجْدَيْنِۙ١٠
Wa hadaināhun-najdain(i).
[10] Lan Ingsun wis nidhokna maring dhéwéké dalan loro (becik karo ala).

فَلَا اقْتَحَمَ الْعَقَبَةَ ۖ١١
Falaqtaḥamal-‘aqabah(ta).
[11] ning dhéwéké ora ngambah dalan sing manjat tur angél?

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْعَقَبَةُ ۗ١٢
Wa mā adrāka mal-‘aqabah(tu).
[12] Lan apa ko ngerti dalan sing manjat tur angél kuwé?

فَكُّ رَقَبَةٍۙ١٣
Fakku raqabah(tin).
[13] (yakuwé) ngesotna budhak-budhak (batur-tukon),

اَوْ اِطْعَامٌ فِيْ يَوْمٍ ذِيْ مَسْغَبَةٍۙ١٤
Au iṭ‘āmun fī yaumin żī masgabah(tin).
[14] utawa wéwéh pangan neng dinané wong padha kencoten,

يَّتِيْمًا ذَا مَقْرَبَةٍۙ١٥
Yatīman żā maqrabah(tin).
[15] (maring) bocah yatim sing ana gandhéng peseduluran,

اَوْ مِسْكِيْنًا ذَا مَتْرَبَةٍۗ١٦
Au miskīnan żā matrabah(tin).
[16] utawa wong miskin sing bangét mbutuhna.

ثُمَّ كَانَ مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ وَتَوَاصَوْا بِالْمَرْحَمَةِۗ١٧
Ṡumma kāna minal-lażīna āmanū wa tawāṣau biṣ-ṣabri wa tawāṣau bil-marḥamah(ti).
[17] Banjur dhéwéké klebu wong-wong sing precaya, lan padha wéling-wélingan kon padha sabar lan padha wéling-wélingan kon padha andum tresna.

اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْمَيْمَنَةِۗ١٨
Ulā'ika aṣḥābul-maimanah(ti).
[18] Dhéwéké (wong-wong sing precaya lan padha éling kinélingan kuwé) klebu golongan sisih tengen.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِنَا هُمْ اَصْحٰبُ الْمَشْـَٔمَةِۗ١٩
Wal-lażīna kafarū bi'āyātinā hum aṣḥābul-masy'amah(ti).
[19] Lan wong-wong sing mbangkang (kapir) maring ayat-ayat Ingsun, dhéwéké kuwé klebu golongan kiwé.

عَلَيْهِمْ نَارٌ مُّؤْصَدَةٌ ࣖ٢٠
‘Alaihim nārum mu'ṣadah(tun).
[20] Dhéwéké manggon neng neraka sing détutup rapet.