Surah Asy-Syams

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالشَّمْسِ وَضُحٰىهَاۖ١
Wasy-syamsi wa ḍuḥāhā.
[1] Sekawit srengéngé lan soroté neng wektu esuk,

وَالْقَمَرِ اِذَا تَلٰىهَاۖ٢
Wal-qamari iżā talāhā.
[2] sekawit wulan rikala ngetutna (srengéngé),

وَالنَّهَارِ اِذَا جَلّٰىهَاۖ٣
Wan-nahāri iżā jallāhā.
[3] sekawit wektu awan sing ngetonaken (srengéngé),

وَالَّيْلِ اِذَا يَغْشٰىهَاۖ٤
Wal-laili iżā yagsyāhā.
[4] sekawit wektu wengi sing nutupi dhéwéké (peteng dhédhet).

وَالسَّمَاۤءِ وَمَا بَنٰىهَاۖ٥
Was-samā'i wa mā banāhā.
[5] sekawit langit lan pengupakarané (sing nggumunaken),

وَالْاَرْضِ وَمَا طَحٰىهَاۖ٦
Wal-arḍi wa mā ṭaḥāhā.
[6] sekawit bumi sarta penggelarané,

وَنَفْسٍ وَّمَا سَوّٰىهَاۖ٧
Wa nafsiw wa mā sawwāhā.
[7] sekawit jiwa sarta penyempurnanané (ciptanan)-é,

فَاَلْهَمَهَا فُجُوْرَهَا وَتَقْوٰىهَاۖ٨
Fa alhamahā fujūrahā wa taqwāhā.
[8] mangka Penjenengané paring wisik (ilham) maring dhéwéké (dalan) jahat lan (dalan) setiyané.

قَدْ اَفْلَحَ مَنْ زَكّٰىهَاۖ٩
Qad aflaḥa man zakkāhā.
[9] Temen begya wong sing nyucékna (jiwa mau),

وَقَدْ خَابَ مَنْ دَسّٰىهَاۗ١٠
Wa qad khāba man dassāhā.
[10] lan temen tuna wong sing ngotori jiwané.

كَذَّبَتْ ثَمُوْدُ بِطَغْوٰىهَآ ۖ١١
Każżabat ṡamūdu biṭagwāhā.
[11] (Kaum) Samud wis nggorohna (utusané) merga dhéwéké ngliwati wates (dolim),

اِذِ انْۢبَعَثَ اَشْقٰىهَاۖ١٢
Iżimba‘aṡa asyqāhā.
[12] rikala tangi wong sing paling apes neng antarané dhéwéké,

فَقَالَ لَهُمْ رَسُوْلُ اللّٰهِ نَاقَةَ اللّٰهِ وَسُقْيٰهَاۗ١٣
Fa qāla lahum rasūlullāhi nāqatallāhi wa suqyāhā.
[13] banjur Utusané Gusti Allah (Saléh) ngendika maring dhéwéké kabéh, “(Jorna baé) onta wadon paringané Gusti Allah kiyé karo inumané.”

فَكَذَّبُوْهُ فَعَقَرُوْهَاۖ فَدَمْدَمَ عَلَيْهِمْ رَبُّهُمْ بِذَنْۢبِهِمْ فَسَوّٰىهَاۖ١٤
Fa każżabūhu fa ‘aqarūhā fa damdama ‘alaihim rabbuhum biżambihim fa sawwāhā.
[14] Ning dhéwéké padha nggorohna lan nyembeléh onta mau, merga kuwé Pengéran numpes dhéwéké merga dosané, banjur dératakna déning Pengéran (karo lemah).

وَلَا يَخَافُ عُقْبٰهَا ࣖ١٥
Wa lā yakhāfu ‘uqbāhā.
[15] Lan Penjenengané ora wedi maring wis-wisané.