Surah Al-Lail
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالَّيْلِ اِذَا يَغْشٰىۙ١
Wal-laili iżā yagsyā.
[1]
Sekawit wengi rikala nutupi (cahyané awan),
وَالنَّهَارِ اِذَا تَجَلّٰىۙ٢
Wan-nahāri iżā tajallā.
[2]
sekawit awan rikala padhang-jingglang,
وَمَا خَلَقَ الذَّكَرَ وَالْاُنْثٰىٓ ۙ٣
Wa mā khalaqaż-żakara wal-unṡā.
[3]
sekawit penyiptanan lanang lan wadon,
اِنَّ سَعْيَكُمْ لَشَتّٰىۗ٤
Inna sa‘yakum lasyattā.
[4]
temen, lakonmu pancén werna-werna.
فَاَمَّا مَنْ اَعْطٰى وَاتَّقٰىۙ٥
Fa ammā man a‘ṭā wattaqā.
[5]
Mula sapa wongé wéwéh (bandhané neng dalané Gusti Allah) lan semarah (takwa),
وَصَدَّقَ بِالْحُسْنٰىۙ٦
Wa ṣaddaqa bil-ḥusnā.
[6]
lan mbenerna (anané ganjaran) sing paling apik (suwarga),
فَسَنُيَسِّرُهٗ لِلْيُسْرٰىۗ٧
Fa sanuyassiruhū lil-yusrā.
[7]
mangka arep Ingsun gampangna tumrap dhéwéké dalan maring sing gampang (kebegyan),
وَاَمَّا مَنْۢ بَخِلَ وَاسْتَغْنٰىۙ٨
Wa ammā man bakhila wastagnā.
[8]
lan anadéné wong sing medhit lan ngrasa dhéwéké wis cukup (ora butuh pitulungané Gusti Allah),
وَكَذَّبَ بِالْحُسْنٰىۙ٩
Wa każżaba bil-ḥusnā.
[9]
karo nggorohna (ganjaran) sing paling apik,
فَسَنُيَسِّرُهٗ لِلْعُسْرٰىۗ١٠
Fa sanuyassiruhū lil-‘usrā.
[10]
mangka bakal Ingsun gampangna tumrap dhéwéké dalan temuju maring kesusahan (kesengsaran),
وَمَا يُغْنِيْ عَنْهُ مَالُهٗٓ اِذَا تَرَدّٰىٓۙ١١
Wa mā yugnī ‘anhu māluhū iżā taraddā.
[11]
lan bandhané ora migunani tumrap dhéwéké angger dhéwéké wis sirna.
اِنَّ عَلَيْنَا لَلْهُدٰىۖ١٢
Inna ‘alainā lal-hudā.
[12]
Setemené Ingsun pribadi sing paring pituduh,
وَاِنَّ لَنَا لَلْاٰخِرَةَ وَالْاُوْلٰىۗ١٣
Wa inna lanā lal-ākhirata wal-ūlā.
[13]
lan setemené kagungane Ingsun akhérat lan dunya kiyé.
فَاَنْذَرْتُكُمْ نَارًا تَلَظّٰىۚ١٤
Fa anżartukum nāran talaẓẓā.
[14]
Mangka Ingsun ngélingna maring ko kabéh kanthi neraka sing geniné mulab-mulab,
لَا يَصْلٰىهَآ اِلَّا الْاَشْقَىۙ١٥
Lā yaṣlāhā illal-asyqā.
[15]
sing mung déleboni déning wong sing paling cilaka,
الَّذِيْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰىۗ١٦
Allażī każżaba wa tawallā.
[16]
sing nggorohna (bebener) lan mléngos (sekang iman).
وَسَيُجَنَّبُهَا الْاَتْقَىۙ١٧
Wa sayujannabuhal-atqā.
[17]
Lan bakal dédohna sekang dhéwéké (neraka), wong-wong sing paling semarah (miturut),
الَّذِيْ يُؤْتِيْ مَالَهٗ يَتَزَكّٰىۚ١٨
Allażī yu'tī mālahū yatazakkā.
[18]
sing awéh bandhané (neng dalané Gusti Allah) nggo ngresiki (awaké),
وَمَا لِاَحَدٍ عِنْدَهٗ مِنْ نِّعْمَةٍ تُجْزٰىٓۙ١٩
Wa mā li'aḥadin ‘indahū min ni‘matin tujzā.
[19]
lan ora nana wong sijia sing wéwéh sewijiné kenékmatan maring dhéwéké sing kudu dhéwéké wales.
اِلَّا ابْتِغَاۤءَ وَجْهِ رَبِّهِ الْاَعْلٰىۚ٢٠
Illabtigā'a wajhi rabbihil-a‘lā.
[20]
ning (dhéwéké wéwéh mung mligi) jalaran nggolét karenané Pengérané Sing Mahaluhur.
وَلَسَوْفَ يَرْضٰى ࣖ٢١
Wa lasaufa yarḍā.
[21]
Lan mesthi mbésuk dhéwéké bakal olih kesenengan (sing sempurna).