Surah Az-Zalzalah

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا زُلْزِلَتِ الْاَرْضُ زِلْزَالَهَاۙ١
Iżā zulzilatil-arḍu zilzālahā.
[1] Rikala bumi déoreg kanthi oregan sing nggilani,

وَاَخْرَجَتِ الْاَرْضُ اَثْقَالَهَاۙ٢
Wa akhrajatil-arḍu aṡqālahā.
[2] lan bumi wis ngetokna momotan-momotan abot (sing dékandhut),

وَقَالَ الْاِنْسَانُ مَا لَهَاۚ٣
Wa qālal-insānu mā lahā.
[3] lan menungsa takon, “Apa sing lagi kedadéan neng bumi kiyé?”

يَوْمَىِٕذٍ تُحَدِّثُ اَخْبَارَهَاۙ٤
Yauma'iżin tuḥaddiṡu akhbārahā.
[4] Neng dina kuwé bumi ngandharna wertané,

بِاَنَّ رَبَّكَ اَوْحٰى لَهَاۗ٥
Bi'anna rabbaka auḥā lahā.
[5] merga setemené Pengéranmu wis ndhawuhna (sing mengkana kuwé) maring dhéwéké.

يَوْمَىِٕذٍ يَّصْدُرُ النَّاسُ اَشْتَاتًا ەۙ لِّيُرَوْا اَعْمَالَهُمْۗ٦
Yauma'iżiy yaṣdurun-nāsu asytātā(n), liyurau a‘mālahum.
[6] Neng dina kuwé menungsa metu sekang kuburané kanthi kahanan sing panthan-panthan, 921 nggo déketokna maring dhéwéké (piwales) sekabéh penggawéané.
921) Ana sing begya lan ana sing cilaka.

فَمَنْ يَّعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَّرَهٗۚ٧
Famay ya‘mal miṡqāla żarratin khairay yarah(ū).
[7] Mangka sapa wongé nglakoni kebecikan sebobot lebu, mesthi dhéwéké arep meruhi piwales(é)

وَمَنْ يَّعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَّرَهٗ ࣖ٨
Wa may ya‘mal miṡqāla żarratin syarray yarah(ū).
[8] Lan sapa wongé nglakoni ala sebobot lebu, mesthi dhéwéké arep weruh (piwales)é.