Surah Al-`Ankabut
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۗ١
Alif lām mīm.
[1]
Alif Laam Miim.
اَحَسِبَ النَّاسُ اَنْ يُّتْرَكُوْٓا اَنْ يَّقُوْلُوْٓا اٰمَنَّا وَهُمْ لَا يُفْتَنُوْنَ٢
Aḥasiban-nāsu ay yutrakū ay yaqūlū āmannā wa hum lā yuftanūn(a).
[2]
Apa para manungsa duwe pangira menawa wis ngucap, "Ingsun percaya ing Allah lan marang rasul", iku banjur ditogake bae, tanpa diparingi coba, (dinyatakake keimanane kang wis diucapake mau?)
وَلَقَدْ فَتَنَّا الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَلَيَعْلَمَنَّ اللّٰهُ الَّذِيْنَ صَدَقُوْا وَلَيَعْلَمَنَّ الْكٰذِبِيْنَ٣
Wa laqad fatannal-lażīna min qablihim falaya‘lamannallāhul-lażīna ṣadaqū wa laya‘lamannal-kāżibīn(a).
[3]
Para ummat ing jaman kuna sadurunge umat MUhammad iki wis padha Ingsun paringi coba. Allah banjur wuningo marang wong kang padha temen anggone iman lan wong kang padha goroh anggone iman.
اَمْ حَسِبَ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ السَّيِّاٰتِ اَنْ يَّسْبِقُوْنَا ۗسَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ٤
Am ḥasibal-lażīna ya‘malūnas-sayyi'āti ay yasbiqūnā, sā'a mā yaḥkumūn(a).
[4]
Wong kang padha nindakake barang ala, musyrik utawa duraka liyane, apa padha duwe kira, bakal anglancangi marang Ingsun. (tegese ora bisa nglarani marang dheweke). Ala temen panemune wong - wong mau.
مَنْ كَانَ يَرْجُوْا لِقَاۤءَ اللّٰهِ فَاِنَّ اَجَلَ اللّٰهِ لَاٰتٍ ۗوَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٥
Man kāna yarjū liqā'allāhi fa'inna ajalallāhi la'āt(in), wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[5]
Sing sapa percaya sarta ngarep - arep menawa ing tembe bakal sowan ana ing ngarsane Allah, iku padha sedhiyaha bae awit satemene wewangene Allah mesthi bakal kaleksanan. Allah iku midhanget sarta Nguningani.
وَمَنْ جَاهَدَ فَاِنَّمَا يُجَاهِدُ لِنَفْسِهٖ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَغَنِيٌّ عَنِ الْعٰلَمِيْنَ٦
Wa man jāhada fa'innamā yujāhidu linafsih(ī), innallāha laganiyyun ‘anil-‘ālamīn(a).
[6]
Lan sing sapa kang temen - temen (perang lan berjuang) ana ing agamane Allah, ganjarane anggone tumindak kaa mangkono mau tumrap marang awake dhewe. Satemene Allah iku yekti Dzat Kang Maha Sugih (ora mbutuhake) marang 'alam saisine iki.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَنُكَفِّرَنَّ عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَحْسَنَ الَّذِيْ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٧
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lanukaffiranna ‘anhum sayyi'ātihim wa lanajziyannahum aḥsanal-lażī kānū ya‘malūn(a).
[7]
Dene wong - wong mukmin lan padha nindakake kebecikan, iku tindake kang ala padha Ingsun paringi pangapura, lan bakal Ingsun paringi ganjaran kang luwih becik tinimbang amal kang ditindakake.
وَوَصَّيْنَا الْاِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ حُسْنًا ۗوَاِنْ جَاهَدٰكَ لِتُشْرِكَ بِيْ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ فَلَا تُطِعْهُمَا ۗاِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَاُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٨
Wa waṣṣainal-insāna biwālidaihi ḥusnā(n), wa in jāhadāka litusyrika bī mā laisa laka bihī ‘ilmun falā tuṭi‘humā, ilayya marji‘ukum fa'unabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[8]
Parintah Ingsun marang para manungsa, padha ngajenana (gaweya kabecikan) lan ngabektiya marang wong tuwane loro. Dene menawa wong tuwanira loro mau meksa marang sira ngakon supaya sira musyrik anggonira Mangeran marang Ingsun, kang sira ora sumurup tandha yektine iku sira aja manut. Sira iku ora wurung bakal padha bali sowan marang ngarsaningsun. Ing kono Ingsun maringi keterangan kabeh barang kang wis padha sira tindakake.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَنُدْخِلَنَّهُمْ فِى الصّٰلِحِيْنَ٩
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lanudkhilannahum fiṣ-ṣāliḥīn(a).
[9]
Dene wong kang padha mukmin lan padha nindakake kebecikan, iku padha Ingsun lebokake (golongane) para wong becik.
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّقُوْلُ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ فَاِذَآ اُوْذِيَ فِى اللّٰهِ جَعَلَ فِتْنَةَ النَّاسِ كَعَذَابِ اللّٰهِ ۗوَلَىِٕنْ جَاۤءَ نَصْرٌ مِّنْ رَّبِّكَ لَيَقُوْلُنَّ اِنَّا كُنَّا مَعَكُمْۗ اَوَلَيْسَ اللّٰهُ بِاَعْلَمَ بِمَا فِيْ صُدُوْرِ الْعٰلَمِيْنَ١٠
Wa minan-nāsi may yaqūlu āmannā billāhi fa'iżā ūżiya fillāhi ja‘ala fitnatan-nāsi ka‘ażābillāh(i), wa la'in jā'a naṣrum mir rabbika layaqūlunna innā kunnā ma‘akum, awa laisallāhu bi'a‘lama bimā fī ṣudūril-‘ālamīn(a).
[10]
Sawenehe manungsa ana kang ngucap: "Kitra pracaya ing Allah". Nanging menawa dialani dening wong kafir, wedine marang brahalaning manungsa digawe padha karo wedine marang siksane Allah. Dene menawa ana pitulungane Pangeranira marang wong mukmin, banjur celathu, "Temen aku iki salawase bareng sira kabeh". "Allah iku apa ora wuninga marang sakrenteging atine sa-alam kabeh?"
وَلَيَعْلَمَنَّ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَلَيَعْلَمَنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ١١
Wa laya‘lamannallāhul-lażīna āmanū wa laya‘lamannal-munāfiqīn(a).
[11]
Lan yekti Allah mesthi wuninga wong kang temen - temen anggone nglakoni agma, sarta ngudaneni para wong lamis.
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّبِعُوْا سَبِيْلَنَا وَلْنَحْمِلْ خَطٰيٰكُمْۗ وَمَا هُمْ بِحٰمِلِيْنَ مِنْ خَطٰيٰهُمْ مِّنْ شَيْءٍۗ اِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ١٢
Wa qālal-lażīna kafarū lil-lażīna āmanuttabi‘ū sabīlanā walnaḥmil khaṭāyākum, wa mā hum biḥāmilīna min khaṭāyāhum min syai'(in), innahum lakāżibūn(a).
[12]
Wong - wong kafir padha ngucap marang para wong mukmin, "Sira padha manuta marang dalan (agama) ningsun iki, menawa sira keluputan anggonira manut marang Ingsun, Ingsun kang nanggung patrapane. Pangucape wong kafir kaduga nanggung iku goroh. Wong kafir ora bisa nanggung kaluputane wong kang manut ing dheweke sethithik - thithika".
وَلَيَحْمِلُنَّ اَثْقَالَهُمْ وَاَثْقَالًا مَّعَ اَثْقَالِهِمْ وَلَيُسْـَٔلُنَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ عَمَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ ࣖ١٣
Wa layaḥmilunna aṡqālahum wa aṡqālam ma‘a aṡqālihim wa layus'alunna yaumal-qiyāmati ‘ammā kānū yaftarūn(a).
[13]
Lan yekti wong kafir bakal mikul dosa kang ditindakake dhewe anggone kafir, lan dosa anggone nasarake dosa. Ing besuk dina Qiyamat, bakal padha didangu anggone padha gawe - gawe.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖ فَلَبِثَ فِيْهِمْ اَلْفَ سَنَةٍ اِلَّا خَمْسِيْنَ عَامًا ۗفَاَخَذَهُمُ الطُّوْفَانُ وَهُمْ ظٰلِمُوْنَ١٤
Wa laqad arsalnā nūḥan ilā qaumihī falabiṡa fīhim alfa sanatin illā khamsīna ‘āmā(n), fa'akhażahumuṭ-ṭūfānu wa hum ẓālimūn(a).
[14]
Lan yekti temen Ingsun wis ngutus Nuh, nuduhake manungsa para umate. Nuh anggone nerang - nerangake para ummate mau tansah dipadone bae. Bareng wis cetha para umate padha maido, banjur tinumpes sarana dikeleming banyu banjir Thufan, kabeh padha mati kafir.
فَاَنْجَيْنٰهُ وَاَصْحٰبَ السَّفِيْنَةِ وَجَعَلْنٰهَآ اٰيَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ١٥
Fa'anjaināhu wa aṣḥābas-safīnati wa ja‘alnāhā āyatal lil-‘ālamīn(a).
[15]
Nuh sakancane kang padha ana perahu, padha Ingsun paringi selamet, ora melu tumpes. Perahune Nuh Ingsun dadekake lupira lan tandha yekti dening wong sangalam kabeh. (Perahu mahu ngangrang ana pucuking gungung nganti pirang - pirang tahun lawase).
وَاِبْرٰهِيْمَ اِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ اعْبُدُوا اللّٰهَ وَاتَّقُوْهُ ۗذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ١٦
Wa ibrāhīma iż qāla liqaumihi‘budullāha wattaqūh(u), żālikum khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[16]
Lan maneh Ingsun ngutus Ibrahim, nalika samana Ibrahim maringi pitutur marang umate, "Sira padha manembaha ing Allah lan bektia ing Panjenengane. Kang kaya mengkono iku luwih becik tumrap ing sira menawa sira padha mangerti".
اِنَّمَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَوْثَانًا وَّتَخْلُقُوْنَ اِفْكًا ۗاِنَّ الَّذِيْنَ تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ لَا يَمْلِكُوْنَ لَكُمْ رِزْقًا فَابْتَغُوْا عِنْدَ اللّٰهِ الرِّزْقَ وَاعْبُدُوْهُ وَاشْكُرُوْا لَهٗ ۗاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ١٧
Innamā ta‘budūna min dūnillāhi auṡānaw wa takhluqūna ifkā(n), innal-lażīna ta‘budūna min dūnillāhi lā yamlikūna lakum rizqan fabtagū ‘indallāhir-rizqa wa‘budūhu wasykurū lah(ū), ilaihi turja‘ūn(a).
[17]
17. Sejatine sira iku padha manembah saliyane Allah, yaiku brahala, sarta padha gawe - gawe, ngucap goroh, ngarani menawa brahala iku Pangeran ngembari Allah. Bareng liyane Allah kang sira sembah iku ora kagungan rejeki kaya kang sira pangan iku (rejeki iku kagungane Allah). Mulane sira padha nyuwuna rejeki marang Allah, sarta gelema syukur ing Allah. Lan ing tembe sira bakal disowanake bali ana ing ngarsane Allah.
وَاِنْ تُكَذِّبُوْا فَقَدْ كَذَّبَ اُمَمٌ مِّنْ قَبْلِكُمْ ۗوَمَا عَلَى الرَّسُوْلِ اِلَّا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ١٨
Wa in tukażżibū faqad każżaba umamum min qablikum, wa mā ‘alar-rasūli illal-balāgul-mubīn(u).
[18]
(Pangandikane Allah), "WOng kafir apa ora sumurup anggone Allah miwitit nitahake barang kang dumadi. Besuk ana ing akherat banjur disowanake marang ngarsane Allah kang mengkono iku mungguhing Allah gampang bae".
اَوَلَمْ يَرَوْا كَيْفَ يُبْدِئُ اللّٰهُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ ۗاِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌ١٩
Awalam yarau kaifa yubdi'ullāhul-khalqa ṡumma yu‘īduh(ū), inna żālika ‘alallāhi yasīr(un).
[19]
قُلْ سِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَانْظُرُوْا كَيْفَ بَدَاَ الْخَلْقَ ثُمَّ اللّٰهُ يُنْشِئُ النَّشْاَةَ الْاٰخِرَةَ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ۚ٢٠
Qul sīrū fil-arḍi fanẓurū kaifa bada'al-khalqa ṡummallāhu yunsyi'un-nasy'atal-ākhirah(ta), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[20]
(Muhammad) Sira dhawuha marang wong kang padha maido bakal tangine wong kang wis padha mati, mara padha anjajaha ing bumi, andelenga kabeh patilasan, lan mikira. Allah anggone nganakake kabeh kang dumadi kang semono akeheh, sawise padha dirusak, ing tembe Allah nguripake barang kang wis padha mati, Satemene Allah iku kuwasa nganakake kabeh barang.
يُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَرْحَمُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚوَاِلَيْهِ تُقْلَبُوْنَ٢١
Yu‘ażżibu may yasyā'u wa yarḥamu may yasyā'(u), wa ilaihi tuqlabūn(a).
[21]
Panjenengane Allah paring siksa marang wong kang dadi kepareng kersane, lan sih marang wong kang dadi kepareng kersane, Kabeh mau padha dibalekake marang ngersane Allah.
وَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِى السَّمَاۤءِ ۖوَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ ࣖ٢٢
Wa mā antum bimu‘jizīna fil-arḍi wa lā fis-samā'(i), wa mā lakum min dūnillāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[22]
Sira kebh senadyan ana ing bumi utawa ing langit, padha ora bisa nguwasani pangadilane Allah, lan ora ana kang nguwasani marang sira utawa kang bisa menehi pitulungan marang sira, kajaba mung Allah.
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَلِقَاۤىِٕهٖٓ اُولٰۤىِٕكَ يَىِٕسُوْا مِنْ رَّحْمَتِيْ وَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٢٣
Wal-lażīna kafarū bi'āyātillāhi wa liqā'ihī ulā'ika ya'isū mir raḥmatī wa ulā'ika lahum ‘ażābun alīm(un).
[23]
(Pangandikane Allah) "Kabeh wong kang maido ing ayate Allah lan maido bakal tangine wong kang wis mati, iku kabeh padha adoh saka rahmatingsun, sarta padha diparingi patrapan siksa kang nglarani".
فَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهٖٓ اِلَّآ اَنْ قَالُوا اقْتُلُوْهُ اَوْ حَرِّقُوْهُ فَاَنْجٰىهُ اللّٰهُ مِنَ النَّارِۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٢٤
Famā kāna jawāba qaumihī illā an qaluqtulūhu au ḥarriqūhu fa anjāhullāhu minan-nār(i), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[24]
Para ummate Ibrahim tanpa mangsuli apa - apa, mung padha ngucap mangkene, "Ibrahim iku patenana bae, utawa obongen (wusana Ibrahim kelakon diobong)", nanging dheweke Ingsun paringi selamet saka ing geni, (geni mau tumrape Ibrahim dadi adhem), kang mangkono mau mesthi dadi tandha yekti tumrap wong kang padha mukmin.
وَقَالَ اِنَّمَا اتَّخَذْتُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَوْثَانًاۙ مَّوَدَّةَ بَيْنِكُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۚ ثُمَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ يَكْفُرُ بَعْضُكُمْ بِبَعْضٍ وَّيَلْعَنُ بَعْضُكُمْ بَعْضًا ۖوَّمَأْوٰىكُمُ النَّارُ وَمَا لَكُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَۖ٢٥
Wa qāla innamattakhażtum min dūnillāhi auṡānam mawaddata bainikum fil-ḥayātid-dun-yā, ṡumma yaumal-qiyāmati yakfuru ba‘ḍukum biba‘ḍiw wa yal‘anu ba‘ḍukum ba‘ḍā(n), wa ma'wākumun nāru wa mā lakum min nāṣirīn(a).
[25]
(Ibrahim) ngendika, "Sira padha mangeran marang brahala, kanggo lantaran anggonira sih sinisihan karo kancanira ana ing donya iki, nanging sira padha sumurupa besuk ing dina Qiyamat, wong kang dadi penuntun manembah braha iku bakal mungkin (nyelaki) marang kang dituntun, dheweke, iya bakal nyelaki marang wong kang menuntun. Ora wurung panggonanira bakal ana ing nereka, sarta ora ana kang bakal bisa nulungi marang sira".
۞ فَاٰمَنَ لَهٗ لُوْطٌۘ وَقَالَ اِنِّيْ مُهَاجِرٌ اِلٰى رَبِّيْ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٢٦
Fa āmana lahū lūṭ(un), wa qāla innī muhājirun ilā rabbī, innahū huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[26]
Luth banjur percaya marang Ibrahim, Pangucape, "Ingsun iki nglungani, ninggal para ummatingsun, dherek marang Allah Pangeraningsun. Satemene Allah iku Maha Mulya tur Maha Wicaksana".
وَوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَجَعَلْنَا فِيْ ذُرِّيَّتِهِ النُّبُوَّةَ وَالْكِتٰبَ وَاٰتَيْنٰهُ اَجْرَهٗ فِى الدُّنْيَا ۚوَاِنَّهٗ فِى الْاٰخِرَةِ لَمِنَ الصّٰلِحِيْنَ٢٧
Wa wahabnā lahū isḥāqa wa ya‘qūba wa ja‘alnā fī żurriyyatihin nubuwwata wal-kitāba wa ātaināhu ajrahū fid-dun-yā, wa innahū fil-ākhirati laminaṣ-ṣāliḥīn(a).
[27]
Ibrahim (sawise duwe putra Isma'il) Ingsun paringi putra maneh aran Ishaq, lan Ya'qub. Ingsun temtokake padha turune Ibrahim dhadhi Utusan lan padha Ingsun paringi kitab. Ibrahing Ingsun paringi ganjaran ana ing donya, (yaiku diaji - aji lan dialembana dening para wong agama). Dene ana ing akherat Ingsun golongake wong kang becik - becik.
وَلُوْطًا اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖٓ اِنَّكُمْ لَتَأْتُوْنَ الْفَاحِشَةَ ۖمَا سَبَقَكُمْ بِهَا مِنْ اَحَدٍ مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ٢٨
Wa lūṭan iż qāla liqaumihī innakum lata'tūnal-fāḥisyata mā sabaqakum bihā min aḥadim minal-‘ālamīn(a).
[28]
(Muhammad) Sira nyritakna lelakone Luth, nalikane paring pangandika marang para ummate, "Sira iku padha nindakake penggawe ala, (cumbana padha wong lanang). Wong - wong kuna ing jama iki durung nate kang nglakoni ala kaya mengkono iku".
اَىِٕنَّكُمْ لَتَأْتُوْنَ الرِّجَالَ وَتَقْطَعُوْنَ السَّبِيْلَ ەۙ وَتَأْتُوْنَ فِيْ نَادِيْكُمُ الْمُنْكَرَ ۗفَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهٖٓ اِلَّآ اَنْ قَالُوا ائْتِنَا بِعَذَابِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٢٩
A'innakum lata'tūnar-rijāla wa taqṭa‘ūnas-sabīl(a), wa ta'tūna fī nādīkumul-munkar(a), famā kāna jawāba qaumihī illā an qālu'tinā bi‘ażābillāhi in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[29]
"Ja gene sira teka cumbana padha wong lanang, sarta padha ambegal ana ing dalan, apa dene padha tumindak ala ana ing pakumpulanira". Para umate Luth wangsulane ora ana mung mengkene,"Dhuh Luth, manawi pangandika panjenengan punika leres, cobi panjenengan andhadhatengaken siksaning ALlah kajengipun dipun dhawahaken dhateng kita".
قَالَ رَبِّ انْصُرْنِيْ عَلَى الْقَوْمِ الْمُفْسِدِيْنَ ࣖ٣٠
Qāla rabbinṣurnī ‘alal-qaumil-mufsidīn(a).
[30]
Luth munjuk ing Allah, "Dhuh Allah Pangeran kawula, Panjenengan mugi maringi pitulungan dhumateng kawula, ngawonaken para tiyang ingkang sami damel kerisakan punika". (Para umate Nabi Luth banjur dituruni udan watu sarta diwalik bumine).
وَلَمَّا جَاۤءَتْ رُسُلُنَآ اِبْرٰهِيْمَ بِالْبُشْرٰىۙ قَالُوْٓا اِنَّا مُهْلِكُوْٓا اَهْلِ هٰذِهِ الْقَرْيَةِ ۚاِنَّ اَهْلَهَا كَانُوْا ظٰلِمِيْنَ ۚ٣١
Wa lammā jā'at rusulunā ibrāhīma bil-busyrā, qālū innā muhlikū ahli hāżihil-qaryah(ti), inna ahlahā kānū ẓālimīn(a).
[31]
Para malaikat utusaningsun (sadurunge numpes para umate Nabi Luth) teka ing daleme Ibrahim, paring khabar marang panjenengane, (menawa bakal kaparingan putra lanang). Kajaba iku para Malaikat matur mengkene, "Kita punika badhe numpes para tiyang ing Sadzum (Sodom), umatipun Luth, awit piyambake sami nganiaya, duraka kafir".
قَالَ اِنَّ فِيْهَا لُوْطًا ۗقَالُوْا نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَنْ فِيْهَا ۖ لَنُنَجِّيَنَّهٗ وَاَهْلَهٗٓ اِلَّا امْرَاَتَهٗ كَانَتْ مِنَ الْغٰبِرِيْنَ٣٢
Qāla inna fīhā lūṭā(n), qālū naḥnu a‘lamu biman fīhā, lanunajjiyannahū wa ahlahū illamra'atahū kānat minal-gābirīn(a).
[32]
Ibrahim matur marang Malaikat utusan mau, "Ing Sadzum(Sodom) punika wonten tiyangipun sae, inggih punika Luth". Malaikat mangsuli, "Kita sampun sumerap para tiyang sae ingkang sami wonten ing Sodom (Sadzum). Luth dalah para pendherekipun temtu kita wilujengaken, namung semahipun Luth, sarehne piyambakipun ngrojongi tiyang awon, mila pinasthi tumut katumpes".
وَلَمَّآ اَنْ جَاۤءَتْ رُسُلُنَا لُوْطًا سِيْۤءَ بِهِمْ وَضَاقَ بِهِمْ ذَرْعًا وَّقَالُوْا لَا تَخَفْ وَلَا تَحْزَنْ ۗاِنَّا مُنَجُّوْكَ وَاَهْلَكَ اِلَّا امْرَاَتَكَ كَانَتْ مِنَ الْغٰبِرِيْنَ٣٣
Wa lammā an jā'at rusulunā lūṭan sī'a bihim wa ḍāqa bihim żar‘aw wa qālū lā takhaf wa lā taḥzan, innā munajjūka wa ahlaka illamra'ataka kānat minal-gābirīn(a).
[33]
Para Malaikat utusaningsun mau bareng wis teka ing daleme Luth, dheweke sedhih lan bingung (amarga katemunan wong - wong bagus, kuwatir ora wurung digrejeg dicumbaana ing para umate). Ature, "Dhuhu Luth, panjenengan dalah pandherek panjenengan, kita wilujengaken, namung garwa panjenengan, punika pinasthi kantun, tumut katumpes". (awit piyambakipun ngrodjongi tiyang awon).
اِنَّا مُنْزِلُوْنَ عَلٰٓى اَهْلِ هٰذِهِ الْقَرْيَةِ رِجْزًا مِّنَ السَّمَاۤءِ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ٣٤
Innā munzilūna ‘alā ahli hāżihil-qaryati rijzam minas-samā'i bimā kānū yafsuqūn(a).
[34]
"(Sapunika panjenengan kula aturi sumingkir tebih saking mriki), kita lajeng nurunaken siksa (jawah sela) saking langit, dhateng para tiyang Sadzum (Sodom) punika (sarta lajeng kita walik buminipun), amargi anggenipun sami duraka".
وَلَقَدْ تَّرَكْنَا مِنْهَآ اٰيَةً ۢ بَيِّنَةً لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٣٥
Wa laqad taraknā minhā āyatam bayyinatal liqaumiy ya‘qilūn(a).
[35]
Dene patilasane (wong ing sadzum/sodom kang tinumpes mau), Ingsun lestarekake anane, minangka tandha yekti kang cetha tumrap wong kang padha gelem migunakake akale.
وَاِلٰى مَدْيَنَ اَخَاهُمْ شُعَيْبًاۙ فَقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ وَارْجُوا الْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ ۖ٣٦
Wa ilā madyana akhāhum syu‘aibā(n), faqāla yā qaumi‘budullāha warjul-yaumal-ākhira wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[36]
Ingsun wis ngutus Syu'aib, Ingsun kersakake nekakake lan nerang - nerangake marang para sedulure, yaiku wong - wong ing Madyan, Syu'aib ngendika mengkene, "Para seduluringsun kabeh, sira padha manembaha ing Allah, wediya bakal tekane dina Qiyamat. Lan aja padha gawe kerusakan ana ing bumi".
فَكَذَّبُوْهُ فَاَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دَارِهِمْ جٰثِمِيْنَ ۙ٣٧
Fa każżabūhu fa'akhażathumur-rajfatu fa'aṣbaḥū fī dārihim jāṡimīn(a).
[37]
Wong ing Madyan anggorohake marang Syu'aib, wusana padha tumpes dening lindu gedhe anempuh ingkono padha mati ing ngenggon, ana ing padunungane.
وَعَادًا وَّثَمُوْدَا۟ وَقَدْ تَّبَيَّنَ لَكُمْ مِّنْ مَّسٰكِنِهِمْۗ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ اَعْمَالَهُمْ فَصَدَّهُمْ عَنِ السَّبِيْلِ وَكَانُوْا مُسْتَبْصِرِيْنَ ۙ٣٨
Wa ‘ādaw wa ṡamūda wa qat tabayyana lakum mim masākinihim, wa zayyana lahumusy-syaiṭānu a‘mālahum faṣaddahum ‘anis-sabīli wa kānū mustabṣirīn(a).
[38]
Lan maneh Ingsun wis numpes wong 'Aad lan Tsamud, sira wis padha sumurup cetha patilasan panggonane. Syetan anggodha marang wong 'Aad lan Tsamud mau, padha dhemen marang tindake dhewe, anggone duraka lan nasarake banjur nyimpang sadalan keselametan, tur dheweke mau padha duwe akal kang waskitha.
وَقَارُوْنَ وَفِرْعَوْنَ وَهَامٰنَۗ وَلَقَدْ جَاۤءَهُمْ مُّوْسٰى بِالْبَيِّنٰتِ فَاسْتَكْبَرُوْا فِى الْاَرْضِ وَمَا كَانُوْا سٰبِقِيْنَ ۚ٣٩
Wa qārūna wa fir‘auna wa hāmān(a), wa laqad jā'ahum mūsā bil-bayyināti fastakbarū fil-arḍi wa mā kānū sābiqīn(a).
[39]
Lan maneh Ingsun wis numpes Qarun lan Fir'aun sarta Haman, kabeh mau sadurunge ingsun tumpes, wis ditekake dening Musa, kanthi tandha yekti pirang - pirang nanging meksa padha gumedhe ana ing bumi. Kabeh mau ora bisa ngoncati saka siksaningsun.
فَكُلًّا اَخَذْنَا بِذَنْۢبِهٖۙ فَمِنْهُمْ مَّنْ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِ حَاصِبًا ۚوَمِنْهُمْ مَّنْ اَخَذَتْهُ الصَّيْحَةُ ۚوَمِنْهُمْ مَّنْ خَسَفْنَا بِهِ الْاَرْضَۚ وَمِنْهُمْ مَّنْ اَغْرَقْنَاۚ وَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيَظْلِمَهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ٤٠
Fakullan akhażnā biżambih(ī), faminhum man arsalnā ‘alaihi ḥāṣibā(n), wa minhum man akhażathuṣ-ṣaiḥah(tu), wa minhum man khasafnā bihil-arḍ(a), wa minhum man agraqnā, wa mā kānallāhu liyaẓlimahum wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[40]
Siji - sijine wong kafir kasebut mau kabeh, padha Ingsun paringi patrapan siksa, amarga dosane. Saweneh ana Ingsun udani watu, lan ana kang diuntal ing bumi, lan ana kang Ingsun kelem ing banyu banjir. Lan Allah iku ora pisan - pisan nganiaya marang para wong kafir mau, nanging wong kafir mau sing nganiaya marang awake dhewe.
مَثَلُ الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَوْلِيَاۤءَ كَمَثَلِ الْعَنْكَبُوْتِۚ اِتَّخَذَتْ بَيْتًاۗ وَاِنَّ اَوْهَنَ الْبُيُوْتِ لَبَيْتُ الْعَنْكَبُوْتِۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ٤١
Maṡalul-lażīnattakhażū min dūnillāhi auliyā'a kamaṡalil-‘ankabūt(i), ittakhażat baitā(n), wa inna auhanal-buyūti labaitul-‘ankabūt(i), lau kānū ya‘lamūn(a).
[41]
Sanepane wong kang padha mangeran marang liyane Allah, iku kaya upamane khewan kemangga gawa omah. Sumurupa, omah kang kemangga, lamun-ta dheweke padha weruha.
اِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ مِنْ شَيْءٍۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٤٢
Innallāha ya‘lamu mā yad‘ūna min dūnihī min syai'(in), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[42]
Satemene Allah iku nguningani brahala kang padha disembah dening wong kafir. Dene Allah iku Maha Mulya tur Maha Wicaksana.
وَتِلْكَ الْاَمْثَالُ نَضْرِبُهَا لِلنَّاسِۚ وَمَا يَعْقِلُهَآ اِلَّا الْعٰلِمُوْنَ٤٣
Wa tilkal-amṡālu naḍribuhā lin-nās(i), wa mā ya‘qiluhā illal-‘ālimūn(a).
[43]
Lupiya utawa gegambaran kang padha kasebut ing al-QUr'an iki Ingsun terang - terangake marang para manungsa kabeh. Nanging ora ana kang bisa mangerti kajaba wong kang anduweni kaweruh saka Allah.
خَلَقَ اللّٰهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّلْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ ۔٤٤
Khalaqallāhus-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqq(i), inna fī żālika la'āyatal lil-mu'minīn(a).
[44]
Panjenengane Allah wis nitahake langit lan bumi iku klawan bener lan nyata, satemene kang mengkono iku, mesthi dadi tandha yekti kasampurnane Allah tumrap wong - wong mukmin.
اُتْلُ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتٰبِ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَۗ اِنَّ الصَّلٰوةَ تَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ ۗوَلَذِكْرُ اللّٰهِ اَكْبَرُ ۗوَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ٤٥
Utlu mā ūḥiya ilaika minal-kitābi wa aqimiṣ-ṣalāh(ta), innaṣ-ṣalāta tanhā ‘anil-faḥsyā'i wal-munkar(i), wa lażikrullāhi akbar(u), wallāhu ya‘lamu mā taṣna‘ūn(a).
[45]
(Muhammad) Sira macaa kang wis didhawuhake marang sira yaiku kitab sarta nglakonana shalat, awit sholat iku ngalang - alangi laku hala lan duraka. Eling ing Allah iku (luwih gedhe ganjarane) ngungkuli kabecikan liyane. Allah nguningani semu barang kang padha sira lakoni.
۞ وَلَا تُجَادِلُوْٓا اَهْلَ الْكِتٰبِ اِلَّا بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُۖ اِلَّا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْهُمْ وَقُوْلُوْٓا اٰمَنَّا بِالَّذِيْٓ اُنْزِلَ اِلَيْنَا وَاُنْزِلَ اِلَيْكُمْ وَاِلٰهُنَا وَاِلٰهُكُمْ وَاحِدٌ وَّنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ٤٦
Wa lā tujādilū ahlal-kitābi illā bil-latī hiya aḥsan(u), illal-lażīna ẓalamū minhum wa qūlū āmannā bil-lażī unzila ilainā wa unzila ilaikum wa ilāhunā wa ilāhukum wāḥiduw wa naḥnu lahū muslimūn(a).
[46]
Sira aja pasulayan (rembug) karo wong kang duwe cecekelan kitab, kajaba yen luwih becik, lan kitab, kajaba yen luwih becik, (hiya iku nganggo wewatin Al-Qur'an) kajoba ana kang ngelawan perang (banjur sira layanana). Lan ucapna mengkene, "Aku percaya marang al-Qur'an kang wis didhawuhake marang aku, lan uga percaya marang kitab kuna kang wis didhawuhake marang kowe, Pangeranku tunggal karo Pangeranmu, hiya iku Allah kang Esa. Aku kabeh padha ngabekti marang Allah".
وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَۗ فَالَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖۚ وَمِنْ هٰٓؤُلَاۤءِ مَنْ يُّؤْمِنُ بِهٖۗ وَمَا يَجْحَدُ بِاٰيٰتِنَآ اِلَّا الْكٰفِرُوْنَ٤٧
Wa każālika anzalnā ilaikal-kitāb(a), fal-lażīna ātaināhumul-kitāba yu'minūna bih(ī), wa min hā'ulā'i may yu'minu bih(ī), wa mā yajḥadu bi'āyātinā illal-kāfirūn(a).
[47]
Mangkono uga Ingsun nurunake Kitab Al-Quran marang sira (Muhammad) dene wong kang padha Ingsun paringi cecekelan Kitab Taurat padha ngestokake Al-Quran. Sawenehe wong Mekkah hiya ana kang ngestokake. Dene maido ayatingsun iku ora ana maneh kajaba wong kafir.
وَمَا كُنْتَ تَتْلُوْا مِنْ قَبْلِهٖ مِنْ كِتٰبٍ وَّلَا تَخُطُّهٗ بِيَمِيْنِكَ اِذًا لَّارْتَابَ الْمُبْطِلُوْنَ٤٨
Wa mā kunta tatlū min qablihī min kitābiw wa lā takhuṭṭuhū biyamīnika iżal lartābal-mubṭilūn(a).
[48]
Sira ora pisan maca Kitab kuna sadurunge Al-QUr'an, lan uga ora nulis al-Qur'an kelawan tanganira. Upama sira bisa maca lan nulis, patut wong yahudi kang padha maido iku mamang.
بَلْ هُوَ اٰيٰتٌۢ بَيِّنٰتٌ فِيْ صُدُوْرِ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَۗ وَمَا يَجْحَدُ بِاٰيٰتِنَآ اِلَّا الظّٰلِمُوْنَ٤٩
Bal huwa āyātum bayyinātun fī ṣudūril-lażīna ūtul-‘ilm(a), wa mā yajḥadu bi'āyātinā illaẓ-ẓālimūn(a).
[49]
Al-Qur'an iku tondha yekti kang terang, tumrap ana ing atine para wong. Mukmin kang padha pinaringan goroh. Dene wong kang maido al-Qur'an iku ora ana maneh kajaba wong kafir. Dheweke nganiaya awake dhewe.
وَقَالُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ اٰيٰتٌ مِّنْ رَّبِّهٖ ۗ قُلْ اِنَّمَا الْاٰيٰتُ عِنْدَ اللّٰهِ ۗوَاِنَّمَآ اَنَا۠ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ٥٠
Wa qālū lau lā unzila ‘alaihi āyātum mir rabbih(ī), qul innamal-āyātu ‘indallāh(i), wa innamā ana nażīrum mubīn(un).
[50]
Wong kafir padha ngucap, "Ya gene dheweke ora diparingi tandha yekti kahelokan dening Pangerane kaya Nabi kang kuna?". Sira dhawuha, "Kahelokan iku ana ngastane Allah. Diturunake miturut saka parenging Allah. Wajibku mung ngelingake".
اَوَلَمْ يَكْفِهِمْ اَنَّآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْكِتٰبَ يُتْلٰى عَلَيْهِمْ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَرَحْمَةً وَّذِكْرٰى لِقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ ࣖ٥١
Awalam yakfihim annā anzalnā ‘alaikal-kitāba yutlā ‘alaihim, inna fī żālika laraḥmataw wa żikrā liqaumiy yu'minūn(a).
[51]
Apa wis cukup Ingsun nurunake Kitab al-Qur'an marang sira sabanjure wong padha diwacakake. Satemene al-Qur'an mahu isi rohmat lan wulangan marang para wong mukmin.
قُلْ كَفٰى بِاللّٰهِ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْ شَهِيْدًاۚ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِالْبَاطِلِ وَكَفَرُوْا بِاللّٰهِ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ٥٢
Qul kafā billāhi bainī wa bainakum syahīdā(n), ya‘lamu mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wal-lażīna āmanū bil-bāṭili wa kafarū billāhi ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[52]
(Muhammad) Sira dhawuha mangkene, "Anggonku pasulayan marang kowe, cukup disekseni dening Allah piyambak". Allah nguningani isining barang ing langit lan bumi. Dene sarupane wong kang percaya marang barang kang luput, nyembah liyane Allah sarta maido, iku tetep wong kang kapitunan.
وَيَسْتَعْجِلُوْنَكَ بِالْعَذَابِۗ وَلَوْلَآ اَجَلٌ مُّسَمًّى لَّجَاۤءَهُمُ الْعَذَابُۗ وَلَيَأْتِيَنَّهُمْ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ٥٣
Wa yasta‘jilūnaka bil-‘ażāb(i), wa lau lā ajalum musammal lajā'ahumul-‘ażāb(u), wa laya'tiyannahum bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[53]
Wong kafir padha nantang marang sira (Muhammad) anggege tekane siksa. Upama ora wis tetep wewangene kang pinasthi, wong kafir mesthi katekan siksa, Sanalika sarta ngagetake. Nganti padha ora ngerti.
يَسْتَعْجِلُوْنَكَ بِالْعَذَابِۗ وَاِنَّ جَهَنَّمَ لَمُحِيْطَةٌ ۢبِالْكٰفِرِيْنَۙ٥٤
Yasta‘jilūnaka bil-‘ażāb(i), wa inna jahannama lamuḥīṭatum bil-kāfirīn(a).
[54]
Wong kafir padha nantang marang sira (Muhammad) anggege siksa ana ing donya, satemene besuk dina Qiyamat, neraka Jahanam nungkebi marang wong kafir.
يَوْمَ يَغْشٰىهُمُ الْعَذَابُ مِنْ فَوْقِهِمْ وَمِنْ تَحْتِ اَرْجُلِهِمْ وَيَقُوْلُ ذُوْقُوْا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٥٥
Yauma yagsyāhumul-‘ażābu min fauqihim wa min taḥti arjulihim wa yaqūlu żūqū mā kuntum ta‘malūn(a).
[55]
Ing dina Qiyamat iku, siksa neraka nempuh marang wong kafir saka dhuwur lan ngisore sikile. Allah ngandika, "Padha ngrasakna wewalese barang kang wis padha sira lakone biyen".
يٰعِبَادِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّ اَرْضِيْ وَاسِعَةٌ فَاِيَّايَ فَاعْبُدُوْنِ٥٦
Yā ‘ibādiyal-lażīna āmanū inna arḍī wāsi‘atun fa iyyāya fa‘budūn(i).
[56]
Para kawulaningsun kang padha mukmin, bumi iku jembar, mulane padha nembaha marang Ingsun.
كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ ثُمَّ اِلَيْنَا تُرْجَعُوْنَ٥٧
Kullu nafsin żā'iqatul-maut(i), ṡumma ilainā turja‘ūn(a).
[57]
Sarupane awak kang urip mesthi ngrasakake mati, tumuli banjur padha dibalekake marang ngarsaningsun.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَنُبَوِّئَنَّهُمْ مِّنَ الْجَنَّةِ غُرَفًا تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ نِعْمَ اَجْرُ الْعٰمِلِيْنَۖ٥٨
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lanubawwi'annahum minal-jannati gurafan tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, ni‘ma ajrul-‘āmilīn(a).
[58]
Wong mukmin kang padha ngelakoni penggawe becik, mesthi Ingsun panggonake ana ing panggonan kang luhur ing suwarga, kang ana banyune mili ana sangisore kekayon kang langgeng. Becik temen ganjaren wong kang padha ngelakoni bekti.
الَّذِيْنَ صَبَرُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَ٥٩
Al-lażīna ṣabarū wa ‘alā rabbihim yatawakkalūn(a).
[59]
Hiya iku wong kang teguh atine anggone ketaman pihalane wong kafir, sarta padha pasrah ing Allah.
وَكَاَيِّنْ مِّنْ دَاۤبَّةٍ لَّا تَحْمِلُ رِزْقَهَاۖ اللّٰهُ يَرْزُقُهَا وَاِيَّاكُمْ وَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٦٠
Wa ka'ayyim min dābbatil lā taḥmilu rizqahā, allāhu yarzuquhā wa iyyākum, wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[60]
Pira bahe hewan kang ora anggawa rizkine, nanging Allah paring rizki marang hewan mahu. Apa maneh marang sira. Allah Mirsa tur Nguningani.
وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ ۗفَاَنّٰى يُؤْفَكُوْنَ٦١
Wa la'in sa'altahum man khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa sakhkharasy-syamsa wal-qamara layaqūlunnallāh(u), fa'annā yu'fakūn(a).
[61]
Menawa sira takon marang wong kafir, "Sapa kang gawe bumi lan langit. Kang marentah srengenge lan rembulan. Padha mangsuli, "Inggih Allah". Yen mangkono apa kang makewuhi anggone arep percaya ing Allah?".
اَللّٰهُ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ وَيَقْدِرُ لَهٗ ۗاِنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ٦٢
Allāhu yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u min ‘ibādihī wa yaqdiru lah(ū), innallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[62]
Allah paringi rizki marang para kawulane kang dadi parenging kersane, lan ana uga kang diparingi rizki kurang, satemene Allah Nguningani samu barang.
وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ نَّزَّلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ مِنْۢ بَعْدِ مَوْتِهَا لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ ۙقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ ۗبَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ ࣖ٦٣
Wa la'in sa'altahum man nazzala minas-samā'i mā'an fa'aḥyā bihil-arḍa mim ba‘di mautihā layaqūlunnallāh(u), qulil-ḥamdu lillāh(i), bal akṡaruhum lā ya‘qilūn(a).
[63]
Menawa sira takon marang dheweke sapa kang nurunake banyu udan saka langit, banjur dianggo nguripake bumi kang wis mati? Padha mangsuli, "Inggih Allah". DHawuha, "Sakabehing puji iku konjuk Allah. (Aku bungah dene kowe padha weruh kuwasaning Allah). Hewa dene wong akeh padha ora duwe pikir".
وَمَا هٰذِهِ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا لَهْوٌ وَّلَعِبٌۗ وَاِنَّ الدَّارَ الْاٰخِرَةَ لَهِيَ الْحَيَوَانُۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ٦٤
Wa mā hāżihil-ḥayātud-dun-yā illā lahwuw wa la‘ib(un), wa innad-dāral-ākhirata lahiyal-ḥayawān(u), lau kānū ya‘lamūn(a).
[64]
Kahuripan donya iki kena dibasakake dholanan lan tanpa guna. Menawa padha weruh menawa pomahan akherat iku panguripan kang sejati, menawa padha ngerti.
فَاِذَا رَكِبُوْا فِى الْفُلْكِ دَعَوُا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۚ فَلَمَّا نَجّٰىهُمْ اِلَى الْبَرِّ اِذَا هُمْ يُشْرِكُوْنَۙ٦٥
Fa'iżā rakibū fil-fulki da‘awullāha mukhliṣīna lahud-dīn(a), falammā najjāhum ilal-barri iżā hum yusyrikūn(a).
[65]
Nalikane nunggang kapal (ana satengahing segara), banjur kuwatir kelem, banjur padha sumungkem nyuwun selamet ing Alah kaya wong kang suci atine, anggone ngelakoni agama konjen ing Allah. bareng wis selamet tekan dharatan, banjur bali kafir maneh.
لِيَكْفُرُوْا بِمَآ اٰتَيْنٰهُمْۙ وَلِيَتَمَتَّعُوْاۗ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ٦٦
Liyakfurū bimā ātaināhum wa liyatamatta‘ū, fasaufa ya‘lamūn(a).
[66]
Wusana wong kafir mahu tanpa panarima anggone diparingi kabungahan, Pahd bungah - bungah anggone pakumpulan nyembah brahala. Ing tembe bakal weruh kawusanane.
اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّا جَعَلْنَا حَرَمًا اٰمِنًا وَّيُتَخَطَّفُ النَّاسُ مِنْ حَوْلِهِمْۗ اَفَبِالْبَاطِلِ يُؤْمِنُوْنَ وَبِنِعْمَةِ اللّٰهِ يَكْفُرُوْنَ٦٧
Awalam yarau annā ja‘alnā ḥaraman āminaw wa yutakhaṭṭafun-nāsu min ḥaulihim, afabil-bāṭili yu'minūna wa bini‘matillāhi yakfurūn(a).
[67]
Apa padha ora weruh yen Ingsun dhadekake Tanah Suci Mekkah negara santosa lan tata tentrem. Lan negara kiwatengenen padha ngrebut ngrampas ? Apa dheweke percaya perkara kang batal lan maido marang kabungahan paringe Allah?
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اَوْ كَذَّبَ بِالْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهٗ ۗ اَلَيْسَ فِيْ جَهَنَّمَ مَثْوًى لِّلْكٰفِرِيْنَ٦٨
Wa man aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każiban au każżaba bil-ḥaqqi lammā jā'ah(ū), alaisa fī jahannama maṡwal lil-kāfirīn(a).
[68]
Ora ana wong kang luwih duraka katimbang wong kang gawe - gawe celathu goroh dikandhakake dhawuhing Allah. Lan maido marang kang bener sawuse didhawuhe (dening Muhammad) ? Apa ora ana panggonan neraka jahannam kanggo wong sing ora percaya ?
وَالَّذِيْنَ جَاهَدُوْا فِيْنَا لَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَاۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَمَعَ الْمُحْسِنِيْنَ ࣖ٦٩
Wal-lażīna jāhadū fīnā lanahdiyannahum subulanā, wa innallāha lama‘al-muḥsinīn(a).
[69]
Sarupane wong kang padha berjuang karana ngelakoni parintah Ingsun, mesthi padha dituduhake dalan marang keselametan. Satemene Allah iku hanjungkung wong kang padha ngelakoni kabecikan.