Surah Saba’
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ وَلَهُ الْحَمْدُ فِى الْاٰخِرَةِۗ وَهُوَ الْحَكِيْمُ الْخَبِيْرُ١
Al-ḥamdu lillāhil-lażī lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi wa lahul-ḥamdu fil-ākhirah(ti), wa huwal-ḥakīmul-khabīr(u).
[1]
Sakabehing puji kagungane Allah, kang kagungan samu barang isining bumi lan langit lan besuk ana akhirat (Allah uga kagunga sakehing puji ana donya) Allah iku wicaksana tur waspada.
يَعْلَمُ مَا يَلِجُ فِى الْاَرْضِ وَمَا يَخْرُجُ مِنْهَا وَمَا يَنْزِلُ مِنَ السَّمَاۤءِ وَمَا يَعْرُجُ فِيْهَاۗ وَهُوَ الرَّحِيْمُ الْغَفُوْرُ٢
Ya‘lamu mā yaliju fil-arḍi wa mā yakhruju minhā wa mā yanzilu minas-samā'i wa mā ya‘ruju fīhā, wa huwar-raḥīmul-gafūr(u).
[2]
Allah iku nguningani samu barang kang malebu marang bumi sarana dipendhem utawa liyane, lan barang kang metu saka bumi sarana thukul utawa liyane.
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَا تَأْتِيْنَا السَّاعَةُ ۗقُلْ بَلٰى وَرَبِّيْ لَتَأْتِيَنَّكُمْۙ عٰلِمِ الْغَيْبِۙ لَا يَعْزُبُ عَنْهُ مِثْقَالُ ذَرَّةٍ فِى السَّمٰوٰتِ وَلَا فِى الْاَرْضِ وَلَآ اَصْغَرُ مِنْ ذٰلِكَ وَلَآ اَكْبَرُ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍۙ٣
Wa qālal-lażīna kafarū lā ta'tīnas-sā‘ah(tu), qul balā wa rabbī lata'tiyannakum, ‘ālimul-gaib(i), lā ya‘zubu ‘anhu miṡqālu żarratin fis-samāwāti wa lā fil-arḍi wa lā aṣgaru min żālika wa lā akbaru illā fī kitābim mubīn(in).
[3]
Wong kafir padha celathu, "Dina Qiyamat iku mangsa kelakona. (Muhammad) sira mangsulana, "Demi Pangeranku kang nguningani barang kang samar - samar ora pisan kasamaran saboboting semut kang cilik dhewe ana bumi lan langit. Apa dene barang kang luwih cilik utawa luwih gedhe tinimbang semut mahu. Kabeh wis tinulis ana Kitab kang cetha (Lauh Mahfudz).""
لِّيَجْزِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌ٤
Liyajziyal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāt(i), ulā'ika lahum magfiratuw wa rizqun karīm(un).
[4]
Allah bakal ganjar para mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik, kabeh padha diapura kaluputane lan diparingi rizki kang mulya.
وَالَّذِيْنَ سَعَوْ فِيْٓ اٰيٰتِنَا مُعٰجِزِيْنَ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ مِّنْ رِّجْزٍ اَلِيْمٌ٥
Wal-lażīna sa‘au fī āyātinā mu‘ājizīna ulā'ika lahum ‘ażābum mir rijzin alīm(un).
[5]
Sarupane wong kang hangarah jugaring al-Qur'an ayatingsung, ngira yen Ingsun iki apes. Wong mangkono mahu bakal Ingsun patrapi siksa kang hala tur ngelarani.
وَيَرَى الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ هُوَ الْحَقَّۙ وَيَهْدِيْٓ اِلٰى صِرَاطِ الْعَزِيْزِ الْحَمِيْدِ٦
Wa yaral-lażīna ūtul-‘ilmal-lażī unzila ilaika mir rabbika huwal-ḥaqq(a), wa yahdī ilā ṣirāṭil-‘azīzil-ḥamīd(i).
[6]
Wong kang padha diparingi kaweruh surasane itab kuna, weruh yen al-Qu'an kang didhawuhake dening Pangeranira marang sira iku nyata temen. Lan dadi pituduh marang dalaning Pangeran kang mulya tur pinuji.
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا هَلْ نَدُلُّكُمْ عَلٰى رَجُلٍ يُّنَبِّئُكُمْ اِذَا مُزِّقْتُمْ كُلَّ مُمَزَّقٍۙ اِنَّكُمْ لَفِيْ خَلْقٍ جَدِيْدٍۚ٧
Wa qālal-lażīna kafarū hal nadullukum ‘alā rajuliy yunabbi'ukum iżā muzziqtum kulla mumazzaq(in), innakum lafī khalqin jadīd(in).
[7]
Wong kafir padha celathu marang kancane, "Mara kowe tak tuduhake sawijining wong lanang (hiya iku nabi Muhammad) kang pitutur marang kowe, ing besuk yen kowe wis mati ajur dadi lemah, ing tembe kowe bakal diuripake maneh dadi titah anyar."
اَفْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اَمْ بِهٖ جِنَّةٌ ۗبَلِ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ فِى الْعَذَابِ وَالضَّلٰلِ الْبَعِيْدِ٨
Aftarā ‘alallāhi każiban am bihī jinnah(tun), balil-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati fil-‘ażābi waḍ-ḍalālil-ba‘īd(i).
[8]
Apa dheweke (Muhammad) pitutur mengkono mahu jaragan gawe - gawe celathu goroh diakokake terang saka Allah apa duwe lara howah ? (Ora) nanging wong kang padha ora ngandel bakal anane akherat iku wong kesasar banget ing tembe bakal padha dipatrapi siksa.
اَفَلَمْ يَرَوْا اِلٰى مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۗ اِنْ نَّشَأْ نَخْسِفْ بِهِمُ الْاَرْضَ اَوْ نُسْقِطْ عَلَيْهِمْ كِسَفًا مِّنَ السَّمَاۤءِۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّكُلِّ عَبْدٍ مُّنِيْبٍ ࣖ٩
Afalam yarau ilā mā baina aidīhim wa mā khalfahum minas-samā'i wal-arḍ(i), in nasya' nakhsif bihimul-arḍa au nusqiṭ ‘alaihim kisafam minas-samā'(i), inna fī żālika la'āyatal likulli ‘abdim munīb(in).
[9]
Ya gene wong kafir padha ora deleng bumi lan langitk kang ana ngarepe lan burine? Kabeh kagungane Ingsun. Menawa ana parenge Ingsun wong kafir mau diuntal bumi, utawa diudane gempalaning langti, mesthi kelakon. Kang kaya mangkono mahu tumrap kawulaningsun kang sumungkem, mesthi dadi tandha yekti kuwasaningsun.
۞ وَلَقَدْ اٰتَيْنَا دَاوٗدَ مِنَّا فَضْلًاۗ يٰجِبَالُ اَوِّبِيْ مَعَهٗ وَالطَّيْرَ ۚوَاَلَنَّا لَهُ الْحَدِيْدَۙ١٠
Wa laqad ātainā dāwūda minnā faḍlā(n), yā jibālu awwibī ma‘ahū waṭ-ṭair(a), wa alannā lahul-ḥadīd(a).
[10]
Ingsun maringi kaluwihan marang Dawud (Pangandikaningsun), "He gunung lan manuk kabeh sira melha Dawud padha nyebuta Maha Suci marang Ingsun." Lan anglemesake wesi ana ing tangane (Dawud).
اَنِ اعْمَلْ سٰبِغٰتٍ وَّقَدِّرْ فِى السَّرْدِ وَاعْمَلُوْا صَالِحًاۗ اِنِّيْ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ١١
Ani‘mal sābigātiw wa qaddir fis-sardi wa‘malū ṣāliḥā(n), innī bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[11]
Yaiku gawea kelambi wesi tranjangane kang rapet. Sira lan kancanira padha nglakonono penggawe becik. Ingsun iki mirsani samu barang kang padha sira lakoni.
وَلِسُلَيْمٰنَ الرِّيْحَ غُدُوُّهَا شَهْرٌ وَّرَوَاحُهَا شَهْرٌۚ وَاَسَلْنَا لَهٗ عَيْنَ الْقِطْرِۗ وَمِنَ الْجِنِّ مَنْ يَّعْمَلُ بَيْنَ يَدَيْهِ بِاِذْنِ رَبِّهٖۗ وَمَنْ يَّزِغْ مِنْهُمْ عَنْ اَمْرِنَا نُذِقْهُ مِنْ عَذَابِ السَّعِيْرِ١٢
Wa lisulaimānar-rīḥa guduwwuhā syahruw wa rawāḥuhā syahr(un), wa asalnā lahū ‘ainal-qiṭr(i), wa minal-jinni may ya‘malu baina yadaihi bi'iżni rabbih(ī), wa may yazig minhum ‘an amrinā nużiqhu min ‘ażābis-sa‘īr(i).
[12]
Ingsun maringi bala angin marang Sulaiman, lakune angin mau satengah dina wiwit esuk padha lelakon sesasi, awit tengahe tekan surup uga kelakon sesai. Lan maneh Ingsun ndhelikake tembaga mili saka ing pelikane kaya kali (kanggo butuhe Sulaiman) apa dene Sulaiman Ingsun wenangake marintah sarupaning Jin. Sawenehing jin mahu ana kang nyambut gawe ngelakoni perintahe Sulaiman kelawan izining Pangerane. Jin mau sing sapa hambangkan parintah Ingsun, banjur Ingsun weruhake siksane neraka Sa'ir.
يَعْمَلُوْنَ لَهٗ مَا يَشَاۤءُ مِنْ مَّحَارِيْبَ وَتَمَاثِيْلَ وَجِفَانٍ كَالْجَوَابِ وَقُدُوْرٍ رّٰسِيٰتٍۗ اِعْمَلُوْٓا اٰلَ دَاوٗدَ شُكْرًا ۗوَقَلِيْلٌ مِّنْ عِبَادِيَ الشَّكُوْرُ١٣
Ya‘malūna lahū mā yasyā'u mim maḥārība wa tamāṡīla wa jifānin kal-jawābi wa qudūrir-rāsiyāt(in), i‘malū āla dāwūda syukrā(n), wa qalīlum min ‘ibādiyasy-syakūr(u).
[13]
Jin mahu padha ngestokake dhawuhe SUlaiman, kang gawekake pirang - pirang masjid, reca, belumbang, kendhil gedhe banget, nganti ora kena dielih. He para kawula-wargane nabi Dawud sira padha ngelakonana syukur ing Allah. Para kawulaningsun kang syukur mung sethithik.
فَلَمَّا قَضَيْنَا عَلَيْهِ الْمَوْتَ مَا دَلَّهُمْ عَلٰى مَوْتِهٖٓ اِلَّا دَاۤبَّةُ الْاَرْضِ تَأْكُلُ مِنْسَاَتَهٗ ۚفَلَمَّا خَرَّ تَبَيَّنَتِ الْجِنُّ اَنْ لَّوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ الْغَيْبَ مَا لَبِثُوْا فِى الْعَذَابِ الْمُهِيْنِۗ١٤
Falammā qaḍainā ‘alaihil-mauta mā dallahum ‘alā mautihī illā dābbatul-arḍi ta'kulu minsa'atah(ū), falammā kharra tabayyanatil-jinnu allau kānū ya‘lamūnal-gaiba mā labiṡū fil-‘ażābil-muhīn(i).
[14]
Bareng Sulaiman wis Ingsun kersakake mati ora ana kang weruh yen wis mati, konangan awit tekne dipangan rayap. Bareng tekene tugel Sulaiman banjur ambruk, Ing kono jin kang ngaku weruh barang ghoib tetela goroh. Awit menawa jin weruh barang ghoib banjur ora gelem ngelakoni pegaweyan abot, prasasat ana sajeroning siksa kang ngremehake.
لَقَدْ كَانَ لِسَبَاٍ فِيْ مَسْكَنِهِمْ اٰيَةٌ ۚجَنَّتٰنِ عَنْ يَّمِيْنٍ وَّشِمَالٍ ەۗ كُلُوْا مِنْ رِّزْقِ رَبِّكُمْ وَاشْكُرُوْا لَهٗ ۗبَلْدَةٌ طَيِّبَةٌ وَّرَبٌّ غَفُوْرٌ١٥
Laqad kāna lisaba'in fī maskanihim āyah(tun), jannatāni ‘ay yamīniw wa syimāl(in), kulū mir rizqi rabbikum wasykurū lah(ū), baldatun ṭayyibatuw wa rabbun gafūr(un).
[15]
Palemahan ing tanah Saba' kang dienggoni, ana tandha yekti kuwasaning Allah, ing kono ana sisih tengen lan kiwa. Ing kono padha didhawuhi (dening Nabi terang saka Allah), "Kowe padha mangan rizki peparenging Allah Pangeranmu, lan padha syukura ing Pangeranmu." (Negaramu) mau negara kang becik, lan (Pangeranmu) iku Pangeran kang ngapura dosa.
فَاَعْرَضُوْا فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ سَيْلَ الْعَرِمِ وَبَدَّلْنٰهُمْ بِجَنَّتَيْهِمْ جَنَّتَيْنِ ذَوَاتَيْ اُكُلٍ خَمْطٍ وَّاَثْلٍ وَّشَيْءٍ مِّنْ سِدْرٍ قَلِيْلٍ١٦
Fa a‘raḍū fa arsalnā ‘alaihim sailal-‘arimi wa baddalnāhum bijannataihim jannataini żawātai ukulin khamṭiw wa aṡliw wa syai'im min sidrin qalīl(in).
[16]
Wong ing kono padha malengos, mulane banjur Ingsun tekani banjur gedhe. Palemahe kang loh rong panggonan mahu, Ingsun dadekake palemahan cengkar kang metokake woh - wohan pahit lan woh Atsl lan sethithik woh Sidr.
ذٰلِكَ جَزَيْنٰهُمْ بِمَا كَفَرُوْاۗ وَهَلْ نُجٰزِيْٓ اِلَّا الْكَفُوْرَ١٧
Żālika jazaināhum bimā kafarū, wa hal nujāzī illal-kafūr(a).
[17]
Kang mangkono mahu Ingsun anggo matrapi para turunane Saba'. Marga anggone kafir. Sapata kang Ingsun patrapi mangkono kajaba wong kafir.
وَجَعَلْنَا بَيْنَهُمْ وَبَيْنَ الْقُرَى الَّتِيْ بٰرَكْنَا فِيْهَا قُرًى ظَاهِرَةً وَّقَدَّرْنَا فِيْهَا السَّيْرَۗ سِيْرُوْا فِيْهَا لَيَالِيَ وَاَيَّامًا اٰمِنِيْنَ١٨
Wa ja‘alnā bainahum wa bainal-qural-latī bāraknā fīhā quran ẓāhirataw wa qaddarnā fihas-sair(a), sīrū fīhā layāliya wa ayyāman āminīn(a).
[18]
Ingsun ndokoki desa pirang - pirang kang urut - urutan. Apa antarane desa panggonane wong turun Saba' lan negara kang Ingsun berkahi (iku negara Syam). Adoh cedhake siji - sijine desa watara sapelerene wong mlaku. Sira padha melaku ana ing dalan iku pirang - pirang dina lan wengi kelawan tentrem.
فَقَالُوْا رَبَّنَا بٰعِدْ بَيْنَ اَسْفَارِنَا وَظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَجَعَلْنٰهُمْ اَحَادِيْثَ وَمَزَّقْنٰهُمْ كُلَّ مُمَزَّقٍۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍ١٩
Fa qālū rabbanā bā‘id baina asfārinā wa ẓalamū anfusahum fa ja‘alnāhum aḥādīṡa wa mazzaqnāhum kulla mumazzaq(in), inna fī żālika la'āyātil likulli ṣabbārin syakūr(in).
[19]
(Wong Saba') banjur padha munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, paduka mugi nebihna lelampahan kawula punika". (Wong Saba') mahu padha nganiaya awake dhewe. Mulane banjur Ingsun buyarake dadi pada pating blesar marang negara liya. Lelakone mahu Ingsun dadekake ceritera marang sapungkure, tumrap wong kang teguh atine sarta syukur ing Allah, mesthi dadi tandha yekti kuwasaningsun.
وَلَقَدْ صَدَّقَ عَلَيْهِمْ اِبْلِيْسُ ظَنَّهٗ فَاتَّبَعُوْهُ اِلَّا فَرِيْقًا مِّنَ الْمُؤْمِنِيْنَ٢٠
Wa laqad ṣaddaqa ‘alaihim iblīsu ẓannahū fattaba‘ūhu illā farīqam minal-mu'minīn(a).
[20]
Iblis wis gawe kanyataan, titis kaya panyanane wong Saba'. Wong Saba' banjur padha manut laku jantrane Iblis. Kajaba mung wong mukmin sathihik.
وَمَا كَانَ لَهٗ عَلَيْهِمْ مِّنْ سُلْطَانٍ اِلَّا لِنَعْلَمَ مَنْ يُّؤْمِنُ بِالْاٰخِرَةِ مِمَّنْ هُوَ مِنْهَا فِيْ شَكٍّ ۗوَرَبُّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ حَفِيْظٌ ࣖ٢١
Wa mā kāna lahū ‘alaihim min sulṭānin illā lina‘lama may yu'minu bil-ākhirati mimman huwa minhā fī syakk(in), wa rabbuka ‘alā kulli syai'in ḥafīẓ(un).
[21]
Iblis anggone INgsun gadhuhi panguawasa bisa anggoda manungsa, iku ora liya mung supaya Ingsun bisa nguningani kelawan gumelar sapa kang temen pracaya lan sapa kang mamang anane dina akherat mau, Allah Pangeranira iku nyatethi samu barang.
قُلِ ادْعُوا الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِۚ لَا يَمْلِكُوْنَ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ فِى السَّمٰوٰتِ وَلَا فِى الْاَرْضِ وَمَا لَهُمْ فِيْهِمَا مِنْ شِرْكٍ وَّمَا لَهٗ مِنْهُمْ مِّنْ ظَهِيْرٍ٢٢
Qulid‘ul-lażīna za‘amtum min dūnillāh(i), lā yamlikūna miṡqāla żarratin fis-samāwāti wa lā fil-arḍi wa mā lahum fīhimā min syirkiw wa mā lahū minhum min ẓahīr(in).
[22]
(Muhammad) Sira dhawuha marang wong kafir, mara padha njaluka marang brahala kang padha kok anggep pangeran liyane Allah. Brahala mau ora dhuwe isining bumi lan langit sabotoning semut. Melu duwe bae ora. Allah anggone yasa samubarang kang dumadi, tanpa pitulunganing brahala.
وَلَا تَنْفَعُ الشَّفَاعَةُ عِنْدَهٗٓ اِلَّا لِمَنْ اَذِنَ لَهٗ ۗحَتّٰىٓ اِذَا فُزِّعَ عَنْ قُلُوْبِهِمْ قَالُوْا مَاذَاۙ قَالَ رَبُّكُمْۗ قَالُوا الْحَقَّۚ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْكَبِيْرُ٢٣
Wa lā tanfa‘usy-syafā‘atu ‘indahū illā liman ażina lah(ū), ḥattā iżā fuzzi‘a ‘an qulūbihim qālū māżā, qāla rabbukum, qālul-ḥaqq(a), wa huwal-‘aliyyul-kabīr(u).
[23]
Lan ora ana gunane syafa'at ana ngarsane Allah, kacoba barang wong kang wis diaprengake oleh syafa'at mau, malah besuk yen wong kang arep duwe syafa'at wis ilang wedine lan girising atine banjur padha tinakon, "Allah Pangeran sampeyan, ngandika punapa?" Kang tinakonan mangsuli, "Allah ngandika kaliyan nyata", Allah punika Maha Luhur tur Agung.
۞ قُلْ مَنْ يَّرْزُقُكُمْ مِّنَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ قُلِ اللّٰهُ ۙوَاِنَّآ اَوْ اِيَّاكُمْ لَعَلٰى هُدًى اَوْ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٢٤
Qul may yarzuqukum minas-samāwāti wal-arḍ(i), qulillāh(u), wa innā au iyyākum la‘alā hudan au fī ḍalālim mubīn(in).
[24]
(Muhammad) Sira dhawuha, "Sapa kang aweh rizki marang kowe, rupa banyu udan saka langit, lan thetukulan saka bumi?" Dhawuha, "Allah". Dene aku lan kowe iki salah siji oleh pituduh bener, sijine kesasar temenenan.
قُلْ لَّا تُسْـَٔلُوْنَ عَمَّآ اَجْرَمْنَا وَلَا نُسْـَٔلُ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ٢٥
Qul lā tus'alūna ‘ammā ajramnā wa lā nus'alu ‘ammā ta‘malūn(a).
[25]
SIra dhawuha, "Kowe ora bakal diganggun (tanggung jawab) dening Allah bab kaluputanku. Aku hiya ora bakal didangu prakara kang wis padha kok lakoni".
قُلْ يَجْمَعُ بَيْنَنَا رَبُّنَا ثُمَّ يَفْتَحُ بَيْنَنَا بِالْحَقِّۗ وَهُوَ الْفَتَّاحُ الْعَلِيْمُ٢٦
Qul yajma‘u bainanā rabbunā ṡumma yaftaḥu bainanā bil-ḥaqq(i), wa huwal-fattāḥul-‘alīm(u).
[26]
Sira dhawuha, "Besuk dina qiyamat Pangeranku bakal ngelumpukake aku lan kowe banjur ngrampungi prakaraku lan kwe kelawan bener. Allah iku kang kawasa ngrampungi prakara tur Maha Pirsa".
قُلْ اَرُوْنِيَ الَّذِيْنَ اَلْحَقْتُمْ بِهٖ شُرَكَاۤءَ كَلَّا ۗبَلْ هُوَ اللّٰهُ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٢٧
Qul arūniyal-lażīna alḥaqtum bihī syurakā'a kallā, bal huwallāhul-‘azīzul-ḥakīm(u).
[27]
Sira dhawuha, "Mara aku tuduhna barang kang padha kok golongake ing Allah kanggo mangro-tingal. Ora ta, wis ora bae y en padha Allah. Sabenere Allah iku Maha Mulya tur wicaksana".
وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا كَاۤفَّةً لِّلنَّاسِ بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًا وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ٢٨
Wa mā arsalnāka illā kāffatal lin-nāsi basyīraw wa nażīraw wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[28]
Anggoningsun ngutus sira Muhammad, sumarambah marang manungsa sajagat hambebungah kelawan bakal holeh ganjaran suwarga, sarta gawe pepeling. Ewadene manungsa iku kang akeh padha ora weruh.
وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٩
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[29]
Wong kafir padha celathu, "Benjing punapa kelampahanipun (siksa neraka ingkang dipun ancamaken punika) manawi ngendika panjenengan leres?"
قُلْ لَّكُمْ مِّيْعَادُ يَوْمٍ لَّا تَسْتَأْخِرُوْنَ عَنْهُ سَاعَةً وَّلَا تَسْتَقْدِمُوْنَ ࣖ٣٠
Qul lakum mī‘ādu yaumil lā tasta'khirūna ‘anhu sā‘ataw wa lā tastaqdimūn(a).
[30]
Dhwuha, "Kowe wis padha diwangeni ing dina bakal matimu, ora bisa maju utawa mundur sak jam bae".
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَنْ نُّؤْمِنَ بِهٰذَا الْقُرْاٰنِ وَلَا بِالَّذِيْ بَيْنَ يَدَيْهِۗ وَلَوْ تَرٰىٓ اِذِ الظّٰلِمُوْنَ مَوْقُوْفُوْنَ عِنْدَ رَبِّهِمْۖ يَرْجِعُ بَعْضُهُمْ اِلٰى بَعْضِ ِۨالْقَوْلَۚ يَقُوْلُ الَّذِيْنَ اسْتُضْعِفُوْا لِلَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا لَوْلَآ اَنْتُمْ لَكُنَّا مُؤْمِنِيْنَ٣١
Wa qālal-lażīna kafarū lan nu'mina bihāżal-qur'āni wa lā bil-lażī baina yadaih(i), wa lau tarā iżiẓ-ẓālimūna mauqūfūna ‘inda rabbihim, yarji‘u ba‘ḍuhum ilā ba‘ḍinil-qaul(a), yaqūlul-lażīnastuḍ‘ifū lil-lażīnastakbarū lau lā antum lakunnā mu'minīn(a).
[31]
WOng kafir padha ngucap, "AKu ora ngandel hunine al-Qur'an lan kitab - kitab sadurunge". Besuk sira handeleng para wong kafir nalikane padha dijejer - jejer ana ngarsane Pangeran. Siji - sijining wong padha tutur tinutuh karo kancane; pitutuhe kang cilik marang panggehene, "AKu aja kok ajak kafir, mesthi ngandel Allah lan utusane".
قَالَ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا لِلَّذِيْنَ اسْتُضْعِفُوْٓا اَنَحْنُ صَدَدْنٰكُمْ عَنِ الْهُدٰى بَعْدَ اِذْ جَاۤءَكُمْ بَلْ كُنْتُمْ مُّجْرِمِيْنَ٣٢
Qālal-lażīnastakbarū lil-lażīnastuḍ‘ifū anaḥnu ṣadadnākum ‘anil-hudā ba‘da iż jā'akum bal kuntum mujrimīn(a).
[32]
Para panggehene mangsuli pinutuhing wong cilik, "Apa aku nyegah anggonmu arep hangelakoni pituduh bener sawise kowe didhawuhi ing Rasul". (aku ora rumangsa). Nanging kowe padha kafir saka karepmu dhewe.
وَقَالَ الَّذِيْنَ اسْتُضْعِفُوْا لِلَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا بَلْ مَكْرُ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ اِذْ تَأْمُرُوْنَنَآ اَنْ نَّكْفُرَ بِاللّٰهِ وَنَجْعَلَ لَهٗٓ اَنْدَادًا ۗوَاَسَرُّوا النَّدَامَةَ لَمَّا رَاَوُا الْعَذَابَۗ وَجَعَلْنَا الْاَغْلٰلَ فِيْٓ اَعْنَاقِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ هَلْ يُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٣٣
Wa qālal-lażīnastuḍ‘ifū lil-lażīnastakbarū bal makrul-laili wan-nahāri iż ta'murūnanā an nakfura billāhi wa naj‘ala lahū andādā(n), wa asarrun-nadāmata lammā ra'awul-‘ażāb(a), wa ja‘alnal-aglāla fī a‘nāqil-lażīna kafarū, hal yujzauna illā mā kānū ya‘malūn(a).
[33]
Celathune wong cilik marang panggedhene, "Kang nyegah anggonku arep ngelakoni pituduh bener, pambujukmu marang aku tanpa kendat, rina lan wengi. AKu tansah kok purih maido ing Allah, kok purih nyembah brahala Pangeran liyane Allah." Hewa dene wong kafir mau nalikane padha handeleng siksa padha nutupi kaduwunge. Gulune wong kafir padha Ingsun blenggu. Kang mangkono mahu mung tumanja patrapaning kaluputan kang wis padha dilakoni.
وَمَآ اَرْسَلْنَا فِيْ قَرْيَةٍ مِّنْ نَّذِيْرٍ اِلَّا قَالَ مُتْرَفُوْهَآ ۙاِنَّا بِمَآ اُرْسِلْتُمْ بِهٖ كٰفِرُوْنَ٣٤
Wa mā arsalnā min qaryatim min nażīrin illā qāla mutrafūhā, innā bimā ursiltum bihī kāfirūn(a).
[34]
Menawa Ingsun ngutus rasul ana sawijining desa, panggehdne desa kono mesthi celathu prentah ingkang sampyan dhawuhaken punika kula mahiben.
وَقَالُوْا نَحْنُ اَكْثَرُ اَمْوَالًا وَّاَوْلَادًاۙ وَّمَا نَحْنُ بِمُعَذَّبِيْنَ٣٥
Wa qālū naḥnu akṡaru amwālaw wa aulādā(n), wa mā naḥnu bimu‘ażżabīn(a).
[35]
Wong kafir padha ngucap, "Kula sugih bondho lan anak punika (tanda yen lampa kula punika sampun dipun parengaken dening Pangeran) lan kula boten padhe dipun siksa".
قُلْ اِنَّ رَبِّيْ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٣٦
Qul inna rabbī yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdiru wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[36]
Sira mangusalana, "Iku dudu tanda yekti, Satemene Allah Pangeranku iku paring rizki akeh marang owng kang dadi parenging karsane, lan ana uga kang diparingi mung cumpen, Hewa dene akeh wong kang padha ora weruh".
وَمَآ اَمْوَالُكُمْ وَلَآ اَوْلَادُكُمْ بِالَّتِيْ تُقَرِّبُكُمْ عِنْدَنَا زُلْفٰىٓ اِلَّا مَنْ اٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًاۙ فَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ جَزَاۤءُ الضِّعْفِ بِمَا عَمِلُوْا وَهُمْ فِى الْغُرُفٰتِ اٰمِنُوْنَ٣٧
Wa mā amwālukum wa lā aulādukum bil-latī tuqarribukum ‘indanā zulfā illā man āmana wa ‘amila ṣāliḥā(n), fa'ulā'ika lahum jazā'uḍ-ḍi‘fi bimā ‘amilū wa hum fil-gurufāti āminūn(a).
[37]
Kang nyedhakake sira marang Ingsun iku dudu bandhanira lan anakira, kejawa owng kang pracaya marang Ingsun lan hangelakoni panggawe becik, iku bakal paha oleh ganjaran tikel tinimbang murwating kabecikan kang wis padha dilakoni, wong mahu ana suwarga padha tentrem atine.
وَالَّذِيْنَ يَسْعَوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِنَا مُعٰجِزِيْنَ اُولٰۤىِٕكَ فِى الْعَذَابِ مُحْضَرُوْنَ٣٨
Wal-lażīna yas‘auna fī āyātinā mu‘ājizīna ulā'ika fil-‘ażābi muḥḍarūn(a).
[38]
Sarupane wong kang tumandang ngarah jugare al-Quran ayatingsun, ngira yen Ingsun iki apes ora bisa niksa marang wong mahu. WOng mahu ing tembe bakal dihajokake marang neraka, panggonane siksa.
قُلْ اِنَّ رَبِّيْ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ وَيَقْدِرُ لَهٗ ۗوَمَآ اَنْفَقْتُمْ مِّنْ شَيْءٍ فَهُوَ يُخْلِفُهٗ ۚوَهُوَ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ٣٩
Qul inna rabbī yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u min ‘ibādihī wa yaqdiru lah(ū), wa mā anfaqtum min syai'in fahuwa yukhlifuh(ū), wa huwa khairur-rāziqīn(a).
[39]
Sira dhawuha, "Satemene Allah Pangeranku paring rizki akeh marang para kawulane, hendi kang dadi parenging kersane, lan ana uga kang mung dicumpeni. Samu barang kang kok wehake marang wong, Allah bakal paring lirune barang mahu. Allah iku becik - becike paring rizki".
وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ جَمِيْعًا ثُمَّ يَقُوْلُ لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اَهٰٓؤُلَاۤءِ اِيَّاكُمْ كَانُوْا يَعْبُدُوْنَ٤٠
Wa yauma yaḥsyuruhum jamī‘an ṡumma yaqūlu lil-malā'ikati ahā'ulā'i iyyākum kānū ya‘budūn(a).
[40]
Lan sira nyaritakna dina qiyamat nalikane Ingsun ngimpun para wong kafir padha ngalumpuk dadi siji. Allah banjur handangu marang para malaikat, "Opo wong kafir iku padha bekti/nyembah marang Ingsun"?
قَالُوْا سُبْحٰنَكَ اَنْتَ وَلِيُّنَا مِنْ دُوْنِهِمْ ۚبَلْ كَانُوْا يَعْبُدُوْنَ الْجِنَّ اَكْثَرُهُمْ بِهِمْ مُّؤْمِنُوْنَ٤١
Qālū subḥānaka anta waliyyunā min dūnihim, bal kānū ya‘budūnal-jinna akṡaruhum bihim mu'minūn(a).
[41]
Para malaikat padha munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, Paduka punika Maha Suci, Tujuning manah kawula punika dhateng Paduka, boten dhateng tiyang kafir. Sahestunipun tiyang kafir punika ingkang kathah sami ngandel dhateng Jin(Syetan)"
فَالْيَوْمَ لَا يَمْلِكُ بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ نَّفْعًا وَّلَا ضَرًّا ۗوَنَقُوْلُ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ذُوْقُوْا عَذَابَ النَّارِ الَّتِيْ كُنْتُمْ بِهَا تُكَذِّبُوْنَ٤٢
Fal-yauma lā yamliku ba‘ḍukum liba‘ḍin naf‘aw wa ḍarrā(n), wa naqūlu lil-lażīna ẓalamū żūqū ‘ażāban-nāril-latī kuntum bihā tukażżibūn(a).
[42]
Ing dina iku ora ana wong bisa mekolehake utawa maheka marang liyane. Lan Ingsun dhawuh marang para wong kafir, "Padha ngrasakna siksa neraka, kang padha sira paido biyen".
وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ قَالُوْا مَا هٰذَآ اِلَّا رَجُلٌ يُّرِيْدُ اَنْ يَّصُدَّكُمْ عَمَّا كَانَ يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُكُمْ ۚوَقَالُوْا مَا هٰذَآ اِلَّآ اِفْكٌ مُّفْتَرًىۗ وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهُمْۙ اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ٤٣
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātin qālū mā hāżā illā rajuluy yurīdu ay yaṣuddakum ‘ammā kāna ya‘budu ābā'ukum, wa qālū mā hāżā illā ifkum muftarā(n), wa qālal-lażīna kafarū lil-ḥaqqi lammā jā'ahum, in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[43]
WOng kafir mau menawa diwacakne ayatingsun (al-Qur'an) kelawan cetha (terang) padha ngucap, "Wong iki (Muhammad) ora liwat mung wong lanang sumedya ngalang - alangi anggonmu nyembah brahala sesembahane para leluhurmu biyen. al-Qur'an iki ora liwat mung pangucap goroh," wong kafir mau nalikane didhawuhi al-Qur'an kang nayata bener padha ngucap, "Iki ora liwat mung sihir kang tetela".
وَمَآ اٰتَيْنٰهُمْ مِّنْ كُتُبٍ يَّدْرُسُوْنَهَا وَمَآ اَرْسَلْنَآ اِلَيْهِمْ قَبْلَكَ مِنْ نَّذِيْرٍۗ٤٤
Wa mā ātaināhum min kutubiy yadrusūnahā wa mā arsalnā ilaihim qablaka min nażīr(in).
[44]
Wong kafir ora Ingsun paringi Kitab wacan kang mratelakake yen mangro-tingal iku bener. Lan Ingsun ora ngutus nabi sadurunge sira, kang handhawuhake yen mangro-tingal iku bener.
وَكَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۙ وَمَا بَلَغُوْا مِعْشَارَ مَآ اٰتَيْنٰهُمْ فَكَذَّبُوْا رُسُلِيْۗ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيْرِ ࣖ٤٥
Wa każżabal-lażīna min qablihim, wa mā balagū mi‘syāra mā ātaināhum fakażżabū rusulī, fakaifa kāna nakīr(i).
[45]
Para ummat zman kuna iku hiya padha maido, lan wong kafir ing Mekkah durung madane saparo sepuluhe peparing Ingsun marang ummat sadurunge (kyata dawane ngumur, sugihe bandha lan anak) nanging para ummat mau padha maido marang utusaningsun. Kapriyeta dudukaningsun marang wong mahu. Mesthi Ingsun siksa kang banget.
۞ قُلْ اِنَّمَآ اَعِظُكُمْ بِوَاحِدَةٍۚ اَنْ تَقُوْمُوْا لِلّٰهِ مَثْنٰى وَفُرَادٰى ثُمَّ تَتَفَكَّرُوْاۗ مَا بِصَاحِبِكُمْ مِّنْ جِنَّةٍۗ اِنْ هُوَ اِلَّا نَذِيْرٌ لَّكُمْ بَيْنَ يَدَيْ عَذَابٍ شَدِيْدٍ٤٦
Qul innamā a‘iẓukum biwāḥidah(tin), an taqūmū lillāhi maṡnā wa furādā ṡumma tatafakkarū, mā biṣāḥibikum min jinnah(tin), in huwa illā nażīrul lakum baina yadai ‘ażābin syadīd(in).
[46]
Sira dhawuha, "Anggonku pitutur marang kowe mung saprakara bahe, hiya iku saiki mundura saka ing kene, nanging banjur padha marsudiya kang bener mungguhing Allah. Rembuka wong loro utawa mikira ijen. Sawise oleh panemu banjur padha kumpula mufakatan anggonmu ngarane yen Muhammad duwe lara owah, kapriye katerangane msthi ora nyata. Muhammad iku Nabi kang ngelengake marang kowe ana ngarepe siksa kang abot".
قُلْ مَا سَاَلْتُكُمْ مِّنْ اَجْرٍ فَهُوَ لَكُمْۗ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ ۚوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ٤٧
Qul mā sa'altukum min ajrin fahuwa lakum, in ajriya illā ‘alallāh(i), wa huwa ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[47]
Sira dhawuha, "Anggonku ngundangake dhawuhing Allah ora jajaluk pituwas apa - apa marang kowe, kang mesthi paring ganjarang marang aku mung Allah piyambak, Allah iku mirsani samu barang".
قُلْ اِنَّ رَبِّيْ يَقْذِفُ بِالْحَقِّۚ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ٤٨
Qul inna rabbī yaqżifu bil-ḥaqq(i), ‘allāmul-guyūb(i).
[48]
Sira dhawuha, "Satemene Allah pangeranku dhawuhake parintah kang bener tur nguningani samu barang kang samar - samar".
قُلْ جَاۤءَ الْحَقُّ وَمَا يُبْدِئُ الْبَاطِلُ وَمَا يُعِيْدُ٤٩
Qul jā'al-ḥaqqu wa mā yubdi'ul-bāṭilu wa mā yu‘īd(u).
[49]
Sira dhawuha, "Saiki kebeneran al-Quran kang hanggelarake Islam dhumawuh, Dene barang kang luput saiki sirna lan ora bakal thukul maneh".
قُلْ اِنْ ضَلَلْتُ فَاِنَّمَآ اَضِلُّ عَلٰى نَفْسِيْۚ وَاِنِ اهْتَدَيْتُ فَبِمَا يُوْحِيْٓ اِلَيَّ رَبِّيْۗ اِنَّهٗ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ٥٠
Qul in ḍalaltu fa'innamā aḍillu ‘alā nafsī, wa inihtadaitu fabimā yūḥī ilayya rabbī, innahū samī‘un qarīb(un).
[50]
Sira dhawuha, "Menawa aku nasar, sangsarane (madharate) marang awakku dhewe. Dene manawa aku netepi pituduh bener, iku marga saka al-Quran kang wis didhawuhake Allah Pangeranku marang aku. Satemene Allah iku miyarsa tur cedhak".
وَلَوْ تَرٰىٓ اِذْ فَزِعُوْا فَلَا فَوْتَ وَاُخِذُوْا مِنْ مَّكَانٍ قَرِيْبٍۙ٥١
Wa lau tarā iż fazi‘ū falā fauta wa ukhiżū mim makānin qarīb(in).
[51]
(Muhammad) Manawa sira handeleng nalikane wong kafir padha giris weruh siksa neraka, iku sira weruh perkara gedhe. Wong kafir wis ora bisa melayu nguncati siksa, padha kapikut saka panggonan cedhak.
وَّقَالُوْٓا اٰمَنَّا بِهٖۚ وَاَنّٰى لَهُمُ التَّنَاوُشُ مِنْ مَّكَانٍۢ بَعِيْدٍۚ٥٢
Wa qālū āmannā bih(ī), wa annā lahumut-tanāwusyu mim makānim ba‘īd(in).
[52]
Wong kafir padha ngucap, "Sapunika kula ngandel dhateng Allah, (Pangucape mangkono mahu tanpa gawe). Kapriye bisane katrimo tobate saka panggonan kanggo adoe tanpa wangena". (tegese katrimane tobat iku ana donya, kang mangka wong kafir mau wis ana ing akherat)
وَقَدْ كَفَرُوْا بِهٖ مِنْ قَبْلُۚ وَيَقْذِفُوْنَ بِالْغَيْبِ مِنْ مَّكَانٍۢ بَعِيْدٍۚ٥٣
Wa qad kafarū bihī min qabl(u), wa yaqżifūna bil-gaibi mim makānim ba‘īd(in).
[53]
Lan satemene wong kafir wis padha maido ing Allah sadurung handeleng siksa. Apa dene padha nandukake pangala - ala ngango barang kang ghoib. Celathune mangkono mau adoh banget.
وَحِيْلَ بَيْنَهُمْ وَبَيْنَ مَا يَشْتَهُوْنَۙ كَمَا فُعِلَ بِاَشْيَاعِهِمْ مِّنْ قَبْلُۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا فِيْ شَكٍّ مُّرِيْبٍ ࣖ٥٤
Wa ḥīla bainahum wa baina mā yasytahūn(a), kamā fu‘ila bi'asy-yā‘ihim min qabl(u), innahum fī syakkim murīb(in).
[54]
Wong kafir mahu padha dialing - alingi ora bisa kelakon samu - barang kang dikepingin, kaya kanca - kancane ing zaman kuna, awit padha mamang kang banget (mamang marang Rasul lan dina Qiyamat).