Surah Asy-Syura
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1]
Haa Miim.
عۤسۤقۤ ۗ٢
‘Ain sīn qāf.
[2]
'Ain, Siin, Qoof.
كَذٰلِكَ يُوْحِيْٓ اِلَيْكَ وَاِلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكَۙ اللّٰهُ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٣
Każālika yūḥī ilaika wa ilal-lażīna min qablik(a), allāhul-‘azīzul-ḥakīm(u).
[3]
Mangkono uga Allah kang Maha Mulya tur wicaksana paring dhawuh marang sira lan marang para rasul sadurunge sira.
لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْعَظِيْمُ٤
Lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa huwal-‘aliyyul-‘aẓīm(u).
[4]
Allah iku kagungan sahisining langit lan bumi, Allah iku Maha Luhur tur Maha Agung.
تَكَادُ السَّمٰوٰتُ يَتَفَطَّرْنَ مِنْ فَوْقِهِنَّ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ يُسَبِّحُوْنَ بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَيَسْتَغْفِرُوْنَ لِمَنْ فِى الْاَرْضِۗ اَلَآ اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ٥
Takādus-samāwātu yatafaṭṭarna min fauqihinna wal-malā'ikatu yusabbiḥūna biḥamdi rabbihim wa yastagfirūna liman fil-arḍ(i), alā innallāha huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[5]
Meh wae langit ngebruki bumi (saking agunge Allah) lan para Malaikat padha nyebut Maha Suci memuji ing Allah Pangerane, padha nyuwunake pangapura kaluputane para wong mukmin kang ana ing bumi. Allah iku Agung Pangapurane lan Maha Asih.
وَالَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَ اللّٰهُ حَفِيْظٌ عَلَيْهِمْۖ وَمَآ اَنْتَ عَلَيْهِمْ بِوَكِيْلٍ٦
Wal-lażīnattakhażū min dūnihī auliyā'allāhu ḥafīẓun ‘alaihim, wa mā anta ‘alaihim biwakīl(in).
[6]
Sarupane wong kang ngedekake Pangayom (Brahala) dudu Allah, tetep wong kesasar. Allah ngawasi laku - lakune wong kafir mau sira mung wajib ngelingake wae, ora wajig nanggung marang wong mangkono mau.
وَكَذٰلِكَ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا لِّتُنْذِرَ اُمَّ الْقُرٰى وَمَنْ حَوْلَهَا وَتُنْذِرَ يَوْمَ الْجَمْعِ لَا رَيْبَ فِيْهِ ۗفَرِيْقٌ فِى الْجَنَّةِ وَفَرِيْقٌ فِى السَّعِيْرِ٧
Wa każālika auḥainā ilaika qur'ānan ‘arabiyyal litunżira ummal-qurā wa man ḥaulahā wa tunżira yaumal-jam‘i lā raiba fīh(i), farīqun fil-jannati wa farīqun fis-sa‘īr(i).
[7]
Mangkono uga Ingsun paring dhawuh al-Quran tembung Arab marang sira supaya dianggo ngelingake marang wong Mekkah lan sakiwa tengen (sak donya) sira elingna bakal kelakon dina Qiyamat nalikane wong padha dihimpun marang ngarsane Allah. Kelakone ora sumelang. Manungsa kena diperang dadi loro, saperangan ana suwarga saperangan ana neraka.
وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَعَلَهُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلٰكِنْ يُّدْخِلُ مَنْ يَّشَاۤءُ فِيْ رَحْمَتِهٖۗ وَالظّٰلِمُوْنَ مَا لَهُمْ مِّنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ٨
Wa lau syā'allāhu laja‘alahum ummataw wāḥidataw wa lākiy yudkhilu may yasyā'u fī raḥmatih(ī), waẓ-ẓālimūna mā lahum miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[8]
Upama ana kersane Allah manungsa iki dikersakake guyub dadi ummat siji (ngelakoni agama Islam thok iya kelakon). Naning kersane Allah, ngunggahake ing suwarga marang wong kang dikersakake (para mukmin), dene para kafir dicemplungake neraka ora duwe handel - handel sarta ora bisa ana kang nulungi.
اَمِ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَۚ فَاللّٰهُ هُوَ الْوَلِيُّ وَهُوَ يُحْيِ الْمَوْتٰى ۖوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ٩
Amittakhażū min dūnihī auliyā'(a), fallāhu huwal-waliyyu wa huwa yuḥyil-mautā, wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[9]
Ya gene padha ngedekake brahala. Kang mangka Allah iku tetulung marang para mukmin, nguripake wong kang wis mati, nguwasani samu barang.
وَمَا اخْتَلَفْتُمْ فِيْهِ مِنْ شَيْءٍ فَحُكْمُهٗٓ اِلَى اللّٰهِ ۗذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبِّيْ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُۖ وَاِلَيْهِ اُنِيْبُ١٠
Wa makhtalaftum fīhi min syai'in faḥukmuhū ilallāh(i), żālikumullāhu rabbī ‘alaihi tawakkaltu wa ilaihi unīb(u).
[10]
Anggonira pasulayan sadhengah perkara pancasan ana ngastane Allah (sira dhawuha), "Hiya iku Allah Pangeranku" Samu barang prakara tak sumanggakake ing Allah ing tembe aku bakal bali marang ngarsane.
فَاطِرُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ جَعَلَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا وَّمِنَ الْاَنْعَامِ اَزْوَاجًاۚ يَذْرَؤُكُمْ فِيْهِۗ لَيْسَ كَمِثْلِهٖ شَيْءٌ ۚوَهُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ١١
Fāṭirus-samāwāti wal-arḍ(i), ja‘ala lakum min anfusikum azwājaw wa minal-an‘āmi azwājā(n), yażra'ukum fīh(i), laisa kamiṡlihī syai'(un), wa huwas-samī‘ul-baṣīr(u).
[11]
Allah iku kang gawe bumi lan langit, gawe jodhonira saka ing awakira dhewe. Raja kaya iku iya digawe jejodhon. Kowe didadekake bebrayan marga anggonira jejodho. Samubarang ora ana kang madhani Allah. Allah iku miyarsa tur mirsani samu barang.
لَهٗ مَقَالِيْدُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ ۗاِنَّهٗ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ١٢
Lahū maqālīdus-samāwāti wal-arḍ(i), yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), innahū bikulli syai'in ‘alīm(un).
[12]
Allah iku ngasta kuncine bumi lan langit, paring rizki akeh marang owng kang diparangeke, lan nyumpeni rizki marang wong kang diparengkae kersane Allah iku nguningani samu barang.
۞ شَرَعَ لَكُمْ مِّنَ الدِّيْنِ مَا وَصّٰى بِهٖ نُوْحًا وَّالَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ وَمَا وَصَّيْنَا بِهٖٓ اِبْرٰهِيْمَ وَمُوْسٰى وَعِيْسٰٓى اَنْ اَقِيْمُوا الدِّيْنَ وَلَا تَتَفَرَّقُوْا فِيْهِۗ كَبُرَ عَلَى الْمُشْرِكِيْنَ مَا تَدْعُوْهُمْ اِلَيْهِۗ اَللّٰهُ يَجْتَبِيْٓ اِلَيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْٓ اِلَيْهِ مَنْ يُّنِيْبُۗ١٣
Syara‘a lakum minad-dīni mā waṣṣā bihī nūḥaw wal-lażī auḥainā ilaika wa mā waṣṣā bihī ibrāhīma wa mūsā wa ‘īsā an aqīmud-dīna wa lā tatafarraqū fīh(i), kabura ‘alal-musyrikīna mā tad‘ūhum ilaih(i), allāhu yajtabī ilaihi may yasyā'u wa yahdī ilaihi may yunīb(u).
[13]
(Ummate Muhammad) Allah handhawuhake nglakoni agama Islam marang sira, hiya iku kang uga didhawuhake marang Nuh biyen. Dene kang Ingsun dhawuhake marang sira (Muhammad) lan marang Ibrahim apa dene marang Musa lan Isa, cekake, "Sira padha ngedekna Agama Islam, aja padha pasulayan perkara agama". Dhawuh kang mangkono mau tumrap wong kang mangro tingal abot banget anggonra ngajak marang wong nglakoni agama Islam, Allah milih wong kang dadi parenge kersane gelem ngelakoni sarta nuduhake dalan bener hiya iku wong kang maju ngabekti ing Allah.
وَمَا تَفَرَّقُوْٓا اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًاۢ بَيْنَهُمْۗ وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى لَّقُضِيَ بَيْنَهُمْۗ وَاِنَّ الَّذِيْنَ اُوْرِثُوا الْكِتٰبَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيْبٍ١٤
Wa mā tafarraqū illā mim ba‘di mā jā'ahumul-‘ilmu bagyam bainahum, wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika ilā ajalim musammal laquḍiya bainahum, wa innal-lażīna ūriṡul-kitāba mim ba‘dihim lafī syakkim minhu murīb(in).
[14]
Wong mau (ahli kitab) anggone kelakon pasulayan perkara agama, sawise katekan kaweruh agama wulangane nabine banjur padha rebut unggul umpama durung ana dhawuhing Pangeranira. Patrapane dosa disratekake tekan qiyamat mesthi dituruni siksa sanalika, dene wong kang padha nyekel kitab kuna sapungkure nabine padha mamang (marang Muhammad).
فَلِذٰلِكَ فَادْعُ ۚوَاسْتَقِمْ كَمَآ اُمِرْتَۚ وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَهُمْۚ وَقُلْ اٰمَنْتُ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنْ كِتٰبٍۚ وَاُمِرْتُ لِاَعْدِلَ بَيْنَكُمْ ۗ اَللّٰهُ رَبُّنَا وَرَبُّكُمْ ۗ لَنَآ اَعْمَالُنَا وَلَكُمْ اَعْمَالُكُمْ ۗ لَاحُجَّةَ بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمْ ۗ اَللّٰهُ يَجْمَعُ بَيْنَنَا ۚوَاِلَيْهِ الْمَصِيْرُ ۗ١٥
Fa liżālika fad‘(u), wastaqim kamā umirt(a), wa lā tattabi‘ ahwā'ahum, wa qul āmantu bimā anzalallāhu min kitāb(in), wa umirtu li'a‘dila bainakum, allāhu rabbunā wa rabbukum, lanā a‘mālunā wa lakum a‘mālukum, lā ḥujjata bainanā wa bainakum, allāhu yajma‘u bainanā,wa ilaihil-maṣīr(u).
[15]
(Muhammad) Awit saka iku sira ajak - ajak manungsa dhewe tetep anggonira ngelakoni kaya kang wis didhawuhak, aja padha ngelakoni sakarep - karepe dhewe. Lan sira dhawuha, "Aku percaya marang al-Quran kang wis dhidawuhake dening Allah sarta aku didhawuhi adil anggonku nindakake hukum marang kowe kabeh." Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu. Pituwase lakuku tumrap ing aku dhewe, mangkono uga pituwase lakumu hiya tumraping kowe. Aku lan kowe ora kena padu. Aku lan kowe ora ing tembe bakal dihimpun marang ngarsaning Allah.
وَالَّذِيْنَ يُحَاۤجُّوْنَ فِى اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا اسْتُجِيْبَ لَهٗ حُجَّتُهُمْ دَاحِضَةٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَعَلَيْهِمْ غَضَبٌ وَّلَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ١٦
Wal-lażīna yuḥājjūna fillāhi mim ba‘di mastujība lahū ḥujjatuhum dāḥiḍatun ‘inda rabbihim wa ‘alaihim gaḍabuw wa lahum ‘ażābun syadīd(un).
[16]
Sarupane wong kang madoni ing sira prakara agamane Allah sawise nyanggemi agama mau, padune wong mau ana ngarsane Pangerane luput. Wong mau padha kena bendune Allah, sarta padha diptrapi siksa kang abot.
اَللّٰهُ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ وَالْمِيْزَانَ ۗوَمَا يُدْرِيْكَ لَعَلَّ السَّاعَةَ قَرِيْبٌ١٧
Allāhul-lażī anzalal-kitāba bil-ḥaqqi wal-mīzān(a), wa mā yudrīka la‘allas-sā‘ata qarīb(un).
[17]
Allah iku kang handhawuhake kitab al-Quran kelawan nyata sarta handhawuhake huku adil. Ora ana kang bisa nerangake adoh cedhake dina Qiyamat.
يَسْتَعْجِلُ بِهَا الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِهَاۚ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مُشْفِقُوْنَ مِنْهَاۙ وَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهَا الْحَقُّ ۗ اَلَآ اِنَّ الَّذِيْنَ يُمَارُوْنَ فِى السَّاعَةِ لَفِيْ ضَلٰلٍۢ بَعِيْدٍ١٨
Yasta‘jilu bihal-lażīna lā yu'minūna bihā, wal-lażīna āmanū musyfiqūna minhā, wa ya‘lamūna annahal-ḥaqq(u), alā innal-lażīna yumārūna fis-sā‘ati lafī ḍalālim ba‘īd(in).
[18]
Wong kang padha ora percaya marang dina Qiyamat padha anggege kelakone qiyamat, batine geguyu. Dhene wong kang padha ngandel bakal kelakone qiyamat banget wedine. Batine padha weruh yen qiyamat mesthi kelakon. sarupane wong kang padhamadoni kelakone qiyamat iku kesasar banget.
اَللّٰهُ لَطِيْفٌۢ بِعِبَادِهٖ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚوَهُوَ الْقَوِيُّ الْعَزِيْزُ ࣖ١٩
Allāhu laṭīfum bi‘ibādihī yarzuqu may yasyā'(u), wa huwal-qawiyyul-‘azīz(u).
[19]
Allah iku welas asih marang para kawulane sarta paring rizki akeh marang wong kang dadi parenge kersane, Allah iku santosa tur Maha Mulya.
مَنْ كَانَ يُرِيْدُ حَرْثَ الْاٰخِرَةِ نَزِدْ لَهٗ فِيْ حَرْثِهٖۚ وَمَنْ كَانَ يُرِيْدُ حَرْثَ الدُّنْيَا نُؤْتِهٖ مِنْهَاۙ وَمَا لَهٗ فِى الْاٰخِرَةِ مِنْ نَّصِيْبٍ٢٠
Man kāna yurīdu ḥarṡal-ākhirati nazid lahū fī ḥarṡih(ī), wa man kāna yurīdu ḥarṡad-dun-yā nu'tihī minhā, wa mā lahū fil-ākhirati min naṣīb(in).
[20]
Sing sapa ngelakoni kebecikan karepe supaya panen ganjaran akherat, iku panene ganjaran bakal Ingsun paringi tikel - matikel. Mangkono uga sing sapa ngelakoni kabecikan karepe supaya panen ing donya hiya Ingsun paringi pituwase ana ing donya, nanging besuk ing akherat ora oleh apa - apa.
اَمْ لَهُمْ شُرَكٰۤؤُا شَرَعُوْا لَهُمْ مِّنَ الدِّيْنِ مَا لَمْ يَأْذَنْۢ بِهِ اللّٰهُ ۗوَلَوْلَا كَلِمَةُ الْفَصْلِ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۗوَاِنَّ الظّٰلِمِيْنَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٢١
Am lahum syurakā'u syara‘ū lahum minad-dīni mā lam ya'żam bihillāh(u), wa lau lā kalimatul-faṣli laquḍiya bainahum, wa innaẓ-ẓālimīna lahum ‘ażābun alīm(un).
[21]
Apa wong kafir duwe seembahan liyane Allah kang padha ngelakoni syareat atur agama kang ora diparengake dening Allah? Upama durung ana dhawuhing Allah (Pamisah kang ngetokake ganjaran lan siksa iku disrantekake besuk ana akherat). Mesti wong dholim mau wis dituruni siksa, lan bakal padha diptrapi siksa kang nglarani.
تَرَى الظّٰلِمِيْنَ مُشْفِقِيْنَ مِمَّا كَسَبُوْا وَهُوَ وَاقِعٌۢ بِهِمْ ۗوَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فِيْ رَوْضَاتِ الْجَنَّاتِۚ لَهُمْ مَّا يَشَاۤءُوْنَ عِنْدَ رَبِّهِمْ ۗذٰلِكَ هُوَ الْفَضْلُ الْكَبِيْرُ٢٢
Taraẓ-ẓālimīna musyfiqīna mimmā kasabū wa huwa wāqi‘um bihim, wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fī rauḍātil-jannāt(i), lahum mā yasyā'ūna ‘inda rabbihim, żālika huwal-faḍlul-kabīr(u).
[22]
Besuk qiyamat sira handeleng wong wong dholim padha kuatir anggone wis padha ngelakoni penggawe hala (ing donya). Patrapane panggawe hala mau wis mesthi tumiba marang kang nglakoni. Dene wong mukmin nglakoni panggawe becik padha ana suwarga panggonan kang mulya dhewe. Ana ngarsane Pangerane katurutan kang dikarepake. Mangkono iku kanugrahan Agung saka Allah.
ذٰلِكَ الَّذِيْ يُبَشِّرُ اللّٰهُ عِبَادَهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۗ قُلْ لَّآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ اَجْرًا اِلَّا الْمَوَدَّةَ فِى الْقُرْبٰىۗ وَمَنْ يَّقْتَرِفْ حَسَنَةً نَّزِدْ لَهٗ فِيْهَا حُسْنًا ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ٢٣
Żālikal-lażī yubasysyirullāhu ‘ibādahul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāt(i), qul lā as'alukum ‘alaihi ajran illal-mawaddata fil-qurbā, wa may yaqtarif ḥasanatan nazid lahū fīhā ḥusnā(n), innallāha gafūrun syakūr(un).
[23]
Mankono iku anggone bungah marang para kawulane mukmin kang padha nglakoni panggawe becik. (Muhammad) dhawuha, "Anggonku dhawuhake pangandikane Allah iki, aku ora jaluk pituwas apa - apa marang kowe. Mung ngajak sih - sinasihan marga isih padha sanak." (Pangandikaning Allah) sing sapa nglakoni panggawe becik ganjarane bakal Ingsun paringi tikel - matikel pirang - pirang. Satemene Allah iku ngapira dosa tur ngajeni pangabektining wong.
اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۚ فَاِنْ يَّشَاِ اللّٰهُ يَخْتِمْ عَلٰى قَلْبِكَ ۗوَيَمْحُ اللّٰهُ الْبَاطِلَ وَيُحِقُّ الْحَقَّ بِكَلِمٰتِهٖ ۗاِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٢٤
Am yaqūlūnaftarā ‘alallāhi każibā(n), fa'iy yasya'illāhu yakhtim ‘alā qalbik(a), wa yamḥullāhul-bāṭila wa yuḥiqqul-ḥaqqa bikalimātih(ī), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[24]
Wong kafir iku malah padha ngucap, "Al-Quran iku goroh, gawe-gawenane (Muhammad) dikandhakake pangandikaning Allah". Manawa ana parenge karsaning Allah, Allah ngunci atinira. Sabar marang pihalane wong kafir. Lan luput kang diucapake wong kafir mau. Sarta netepake barang kang bener kelawan pangandikaning Allah. Satemene Allah nguningani sakrenteging ati.
وَهُوَ الَّذِيْ يَقْبَلُ التَّوْبَةَ عَنْ عِبَادِهٖ وَيَعْفُوْا عَنِ السَّيِّاٰتِ وَيَعْلَمُ مَا تَفْعَلُوْنَۙ٢٥
Wa huwal-lażī yaqbalut-taubata ‘an ‘ibādihī wa ya‘fū ‘anis-sayyi'āti wa ya‘lamu mā taf‘alūn(a).
[25]
Allah iku kang nampani tobate para kawulane, sarta ngapura halane para kawulane mau, lan nguningani samu barang kang padha sira lakoni.
وَيَسْتَجِيْبُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَيَزِيْدُهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖ ۗوَالْكٰفِرُوْنَ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ٢٦
Wa yastajībul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa yazīduhum min faḍlih(ī), wal-kāfirūna lahum ‘ażābun syadīd(un).
[26]
Lan marengake panyuwune para mukmin kang padha nglakoni penggawe becik, malah maringi luwih saka panyuwunel tuwuh saka sih kanugrahane. Dene sarupane wong kafir mesthi padha diptrapi siksa kang abot.
۞ وَلَوْ بَسَطَ اللّٰهُ الرِّزْقَ لِعِبَادِهٖ لَبَغَوْا فِى الْاَرْضِ وَلٰكِنْ يُّنَزِّلُ بِقَدَرٍ مَّا يَشَاۤءُ ۗاِنَّهٗ بِعِبَادِهٖ خَبِيْرٌۢ بَصِيْرٌ٢٧
Wa lau basaṭallāhur rizqa li‘ibādihī labagau fil-arḍi wa lākiy yunazzilu biqadarim mā yasyā'(u), innahū bi‘ibādihī khabīrum baṣīr(un).
[27]
Upama Allah paring rizki akeh marang kawulane kabeh tanpa beda, kawula mau mesthi padha leluwihan ana bumi. Mulane Allah anggone paring rizku nganggo dipangkat - pangkat, sakarsaning Allah. Satemene Allah iku mirsani tur waspada marang para kawulane.
وَهُوَ الَّذِيْ يُنَزِّلُ الْغَيْثَ مِنْۢ بَعْدِ مَا قَنَطُوْا وَيَنْشُرُ رَحْمَتَهٗ ۗوَهُوَ الْوَلِيُّ الْحَمِيْدُ٢٨
Wa huwal-lażī yunazzilul-gaiṡa mim ba‘di mā qanaṭū wa yansyuru raḥmatah(ū), wa huwal-waliyyul-ḥamīd(u).
[28]
Allah iku kang nurunake banyu udan sawise entek ngarep - arepe, sarta anggelar rahmate anurunake udan akeh. Allah iku kang gawe becik marang para wong mukmin tur pantes hangalembana.
وَمِنْ اٰيٰتِهٖ خَلْقُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَثَّ فِيْهِمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ ۗوَهُوَ عَلٰى جَمْعِهِمْ اِذَا يَشَاۤءُ قَدِيْرٌ ࣖ٢٩
Wa min āyātihī khalqus-samāwāti wal-arḍi wa mā baṡṡa fīhimā min dābbah(tin), wa huwa ‘alā jam‘ihim iżā yasyā'u qadīr(un).
[29]
Allah anggone gawe bumi lan langit lan samu barang kang gumelar kayata hewan - hewan iku klebu tandha yekti kang martandhani kuasaning Allah, samongsa ana parenging Allah kuasa ngimpun hisen - hisening bumi lan langit mau.
وَمَآ اَصَابَكُمْ مِّنْ مُّصِيْبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ اَيْدِيْكُمْ وَيَعْفُوْا عَنْ كَثِيْرٍۗ٣٠
Wa mā aṣābakum mim muṣībatin fabimā kasabat aidīkum wa ya‘fū ‘an kaṡīr(in).
[30]
Manawa Allah paring musibah (karuwetan) marang sira ora liwat marga saka anggonira padha nglakoni kaluputan. Hewadene Allah ngapura kaluputanira kang akeh.
وَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِۚ وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ٣١
Wa mā antum bimu‘jizīna fil-arḍ(i), wa mā lakum min dūnillāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[31]
Sira kabeh padha ora bisa melayu nguncati siksaning Allah ana bumi ngapesake Allah. Sira padha ora duwe handel - handel kang bisa nulak siksaning Allah nulungi sira saliyane Allah piyambak.
وَمِنْ اٰيٰتِهِ الْجَوَارِ فِى الْبَحْرِ كَالْاَعْلَامِ ۗ٣٢
Wa min āyātihil-jawāri fil-baḥri kal-a‘lām(i).
[32]
Perahu ana segara kang gedhene prasasat gunung iku hiya hewone tandha yekti kuasaning Allah.
اِنْ يَّشَأْ يُسْكِنِ الرِّيْحَ فَيَظْلَلْنَ رَوَاكِدَ عَلٰى ظَهْرِهٖۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍۙ٣٣
Iy yasya' yuskinir-rīḥa fa yaẓlalna rawākida ‘alā ẓahrih(ī), inna fī żālika la'āyātil likulli ṣabbārin syakūr(in).
[33]
Manwa ana kersane Allah ngendhek angin perahu mau leren mung kumambang ana banyu. Kang mangkono mau tumrap wong kang sabar sarta syukur ing Allah dadi tandha yekti gedhe.
اَوْ يُوْبِقْهُنَّ بِمَا كَسَبُوْا وَيَعْفُ عَنْ كَثِيْرٍۙ٣٤
Au yūbiqhunna bimā kasabū wa ya‘fu ‘an kaṡīr(in).
[34]
Utawa manawa Allah kersa ngrusakake perahu mau marga saka kalupunae kang padha nunggang, hiya mesthi kelakon. Utawa manawa Allah kersa ngapura sakehe kaluputan kang nunggang hiya kelakon selamet.
وَّيَعْلَمَ الَّذِيْنَ يُجَادِلُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِنَاۗ مَا لَهُمْ مِّنْ مَّحِيْصٍ٣٥
Wa ya‘lamal-lażīna yujādilūna fī āyātinā, mā lahum mim maḥīṣ(in).
[35]
Wong kang padha madoni al-Quran ayatingsun, banjur padha weruh anggone padha ora bisa ngunceni siksaningsun.
فَمَآ اُوْتِيْتُمْ مِّنْ شَيْءٍ فَمَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۚوَمَا عِنْدَ اللّٰهِ خَيْرٌ وَّاَبْقٰى لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَۚ٣٦
Famā ūtītum min syai'in fa matā‘ul-ḥayātid-dun-yā, wa mā ‘indallāhi khairuw wa abqā lil-lażīna āmanū wa ‘alā rabbihim yatawakkalūn(a).
[36]
Dadi samu barang kang diparingake dening Allah marang sira iku kabeh kabungahan ing donya (kang bakal rusak) dene ganjaran ana ngarsane Allah iku luwih becik sarta langgeng selawase tumrap para mukmin, kang padha nyumanggakake awake ing Allah.
وَالَّذِيْنَ يَجْتَنِبُوْنَ كَبٰۤىِٕرَ الْاِثْمِ وَالْفَوَاحِشَ وَاِذَا مَا غَضِبُوْا هُمْ يَغْفِرُوْنَ ۚ٣٧
Wal-lażīna yajtanibūna kabā'iral-iṡmi wal-fawāḥisya wa iżā mā gaḍibū hum yagfirūn(a).
[37]
Lan para wong kang nyingkiri dosa gedhe lan panggawe nista nalikane ditanduki nesu banjur ngapura.
وَالَّذِيْنَ اسْتَجَابُوْا لِرَبِّهِمْ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَۖ وَاَمْرُهُمْ شُوْرٰى بَيْنَهُمْۖ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ ۚ٣٨
Wal-lażīnastajābū lirabbihim wa aqāmuṣ-ṣalāta wa amruhum syūrā bainahum, wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[38]
Lan para wong kang padha ngestokake parentahing Allah Pangerane lan nglakoni sholat, apa dene ing samu barang lelakone padha rerembugan kancane lan mewehake rizki kang Ingsun paringi.
وَالَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَهُمُ الْبَغْيُ هُمْ يَنْتَصِرُوْنَ٣٩
Wal-lażīna iżā aṣābahumul-bagyu hum yantaṣirūn(a).
[39]
Lan para wong kang manawa ditanduki panganihaya banjur males samurwate pihala mau.
وَجَزٰۤؤُا سَيِّئَةٍ سَيِّئَةٌ مِّثْلُهَا ۚفَمَنْ عَفَا وَاَصْلَحَ فَاَجْرُهٗ عَلَى اللّٰهِ ۗاِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الظّٰلِمِيْنَ٤٠
Wa jazā'u sayyi'atin sayyi'atum miṡluhā, faman ‘afā wa aṣlaḥa fa ajruhū ‘alallāh(i), innahū lā yuḥibbuẓ-ẓālimīn(a).
[40]
Dene wewalese pihala hiya pidana samurwate, nanging sing sapa ora males pihala mung ngapura lan ngajak becik iku ganjarane Allah piyambak kang maringi. Satemene Allah iku ora remen wong kang padha nganiaya.
وَلَمَنِ انْتَصَرَ بَعْدَ ظُلْمِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ مَا عَلَيْهِمْ مِّنْ سَبِيْلٍۗ٤١
Wa lamanintaṣara ba‘da ẓulmihī fa ulā'ika mā ‘alaihim min sabīl(in).
[41]
Wong kang sawise ditanduki pihala banjur males samuwarte pihalane, iku wis benere. Ora kena diwales pihalane maneh.
اِنَّمَا السَّبِيْلُ عَلَى الَّذِيْنَ يَظْلِمُوْنَ النَّاسَ وَيَبْغُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٤٢
Innamas-sabīlu ‘alal-lażīna yaẓlimūnan-nāsa wa yabgūna fil-arḍi bigairil-ḥaqq(i), ulā'ika lahum ‘ażābun alīm(un).
[42]
Kanane males hala mung marang wong kang ngambaya manungsa lan won gkang balela ana ing bumi nglakoni kang ora bener. Wong mangkono mau bakal diptrapi siksa kang nglarani.
وَلَمَنْ صَبَرَ وَغَفَرَ اِنَّ ذٰلِكَ لَمِنْ عَزْمِ الْاُمُوْرِ ࣖ٤٣
Wa laman ṣabara wa gafara inna żālika lamin ‘azmil-umūr(i).
[43]
Wong kang tetep sabar (ditanduki hala ora males hala), mung ngapura bahe, kang mangkono mau kalebu prakara kang utama.
وَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ وَّلِيٍّ مِّنْۢ بَعْدِهٖ ۗوَتَرَى الظّٰلِمِيْنَ لَمَّا رَاَوُا الْعَذَابَ يَقُوْلُوْنَ هَلْ اِلٰى مَرَدٍّ مِّنْ سَبِيْلٍۚ٤٤
Wa may yuḍlilillāhu famā lahū miw waliyyim mim ba‘dih(ī), wa taraẓ-ẓālimīna lammā ra'awul-‘ażāba yaqūlūna hal ilā maraddim min sabīl(in).
[44]
Dene sing sapa disasarake dening Allah sawise kelakone kesasar hora duwe handel - handel kang bisa nuduhake dalan keslametan. Ing besuk qiyamat sira handeleng wong kang padh nganihaya. Nalikane padha handeleng siksa neraka padha ngucap, "Apa ana dalane aku bisa bali (marang donya maneh)?"
وَتَرٰىهُمْ يُعْرَضُوْنَ عَلَيْهَا خٰشِعِيْنَ مِنَ الذُّلِّ يَنْظُرُوْنَ مِنْ طَرْفٍ خَفِيٍّۗ وَقَالَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّ الْخٰسِرِيْنَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَاَهْلِيْهِمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ اَلَآ اِنَّ الظّٰلِمِيْنَ فِيْ عَذَابٍ مُّقِيْمٍ٤٥
Wa tarāhum yu‘raḍūna ‘alaihā khāsyi‘īna minaż żulli yanẓurūna min ṭarfin khafiyy(in), wa qālal-lażīna āmanū innal-khāsirīnal-lażīna khasirū anfusahum wa ahlīhim yaumal-qiyāmah(ti), alā innaẓ-ẓālimīna fī ‘ażābim muqīm(in).
[45]
Lan sira handeleng para wong nganihaya padha digiring marang neraka sarehne banget asore mulane wong nganihaya mau wedi banget, sarta padha nglerek marang neraka. Wong mukmin padha ngucap, "Satemene kang tetep wong kapitunan iku wong kang gawe kapitunaning awake dhewe, sarta kapitunane para sanake ana ing dina Qiyamat. Wong kafir apa ora manggon ing neraka. Siksa kang langgeng salawas - lawase".
وَمَا كَانَ لَهُمْ مِّنْ اَوْلِيَاۤءَ يَنْصُرُوْنَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗوَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ سَبِيْلٍ ۗ٤٦
Wa mā kāna lahum min auliyā'a yanṣurūnahum min dūnillāh(i), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min sabīl(in).
[46]
Wong kafir mau padha ora duwe pangayom kang bisa tetulung marang awake, liyane Allah piyambak. Dene sing sapa dikersakake kesasar dening Allah, ora duwe dalan bener.
اِسْتَجِيْبُوْا لِرَبِّكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا مَرَدَّ لَهٗ مِنَ اللّٰهِ ۗمَا لَكُمْ مِّنْ مَّلْجَاٍ يَّوْمَىِٕذٍ وَّمَا لَكُمْ مِّنْ نَّكِيْرٍ٤٧
Istajībū lirabbikum min qabli ay ya'tiya yaumul lā maradda lahū minallāh(i), mā lakum mim malja'iy yauma'iżiw wa mā lakum min nakīr(in).
[47]
Sira padha ngestokake dhawuhing Pangeranira mumpung durung tekan dina Qiyamat. Hiya iku dina kang ora ana wong bisa hambalekake. Ing dina iku sira padha ora duwe pangungsen, lan ora bisa ngelaki kaluputanira.
فَاِنْ اَعْرَضُوْا فَمَآ اَرْسَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ حَفِيْظًا ۗاِنْ عَلَيْكَ اِلَّا الْبَلٰغُ ۗوَاِنَّآ اِذَآ اَذَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنَّا رَحْمَةً فَرِحَ بِهَا ۚوَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ ۢبِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ فَاِنَّ الْاِنْسَانَ كَفُوْرٌ٤٨
Fa in a‘raḍū famā arsalnāka ‘alaihim ḥafīẓā(n), in ‘alaika illal-balāg(u), wa innā iżā ażaqnal-insāna minnā raḥmatan fariḥa bihā, wa in tuṣibhum sayyi'atum bimā qaddamat aidīhim fa'innal-insāna kafūr(un).
[48]
Manawa dheweke (wong Mekkah) padha malengos ora gelem ngestokake, sira sumurupa anggoningsun ngutus iki ora Ingsun wajibake rumeksa utawa nanggung. Kuwajibanira mung mratakake dhawuh. Lan maneh manawa Ingsun paring weruh rasaning rahmat marang manungsa mesthi bungah. Nanging manungsa mau kabeh kambah reribed marga saka kaluputane kang wis dilakoni. Banget anggone ora ngunjukake panuwun.
لِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُ ۗيَهَبُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ اِنَاثًا وَّيَهَبُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ الذُّكُوْرَ ۙ٤٩
Lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), yakhluqu mā yasyā'(u), yahabu limay yasyā'u ināṡaw wa yahabu limay yasyā'uż-żukūr(a).
[49]
Kraton bumi lan lnagit kagungane Allah kang gawe samu barang kang dadi parenge kersane. Paring anak wadon thok marang wong kang dadi parenge kersane. Lan paring anak lanang thok marang wong kang dadi parenging kersane.
اَوْ يُزَوِّجُهُمْ ذُكْرَانًا وَّاِنَاثًا ۚوَيَجْعَلُ مَنْ يَّشَاۤءُ عَقِيْمًا ۗاِنَّهٗ عَلِيْمٌ قَدِيْرٌ٥٠
Au yuzawwijuhum żukrānaw wa ināṡā(n), wa yaj‘alu may yasyā'u ‘aqīmā(n), innahū ‘alīmun qadīr(un).
[50]
Utawa Allah maringi para kawulane banjur padha duwe anak lanang lan wadon. Sawayahing won gkang dadi parenging kersane, ana uga kang dikersakake gabug. Satemene Allah iku nguningani samu barang tur kuasa.
۞ وَمَا كَانَ لِبَشَرٍ اَنْ يُّكَلِّمَهُ اللّٰهُ اِلَّا وَحْيًا اَوْ مِنْ وَّرَاۤئِ حِجَابٍ اَوْ يُرْسِلَ رَسُوْلًا فَيُوْحِيَ بِاِذْنِهٖ مَا يَشَاۤءُ ۗاِنَّهٗ عَلِيٌّ حَكِيْمٌ٥١
Wa mā kāna libasyarin ay yukallimahullāhu illā waḥyan au miw warā'i ḥijābin au yursila rasūlan fa yūḥiya bi'iżnihī mā yasyā'(u), innahū ‘aliyyun ḥakīm(un).
[51]
Manungsa iku ora ana kang dikarsakake himbal pangandikane Allah. Kajaba diparingi wahyu. Utawa himbal pangadikan kang mawa haling - haling, utawa Allah ngutus malaikat, banjur handhawuhake apa karsaning Allah. Kelawan keparenging Allah. Satemene Allah iku Maha Luhur tur wicaksana.
وَكَذٰلِكَ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ رُوْحًا مِّنْ اَمْرِنَا ۗمَا كُنْتَ تَدْرِيْ مَا الْكِتٰبُ وَلَا الْاِيْمَانُ وَلٰكِنْ جَعَلْنٰهُ نُوْرًا نَّهْدِيْ بِهٖ مَنْ نَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِنَا ۗوَاِنَّكَ لَتَهْدِيْٓ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍۙ٥٢
Wa każālika auḥainā ilaika rūḥam min amrinā, mā kunta tadrī mal-kitābu wa lal-īmānu wa lākin ja‘alnāhu nūran nahdī bihī man nasyā'u min ‘ibādinā, wa innaka latahdī ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[52]
(Muhammad) Mankono uga Ingsun paring wahyu al-Quran marang sira. Hiya iku parentahingsun sadurunge sira, sira Ingsun paringi wahyu. Sadurunge sira ora weruh al-Quran iku apa, lan laku - lakuning percaya iku kepriye? Hewa dene al-Quran iku Ingsun dadekake pepadhang. Ingsun anggone nuduhake dalan selamet marang pawa kawula kang dadi parenging kersaningsun lan sira uga nuduhake dalan bener sarana al-Quran.
صِرَاطِ اللّٰهِ الَّذِيْ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ اَلَآ اِلَى اللّٰهِ تَصِيْرُ الْاُمُوْرُ ࣖ٥٣
Ṣirāṭillāhil-lażī lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), alā ilallāhi taṣīrul-umūr(u).
[53]
Hiya iku dalaning Allah kang kagungan sahisining bumi lan langit samu barang prakara ing wekasane apa ora bali konjuk ing Allah.